Rabu, 12 Desember 2012

Serikat mbambung anti korupsi

"S'lamlekum mbah, mampir kene".

"Lekumsalam, ndengaren koen esuk2 ngresiki gerdu?".

"Iki persiapan gae sekretariat".

"Wuik, koen iku mbambung ae gae sekretariat?".

"Mesthi to ngece... Awak2 iki masiyo mbambung, kate nggae organisasi, jenenge 'sembako', singkatane, 'serikat mbambung anti korupsi'".

"Hadoh2... Apane sing dikorupsi, wong koen mbambung ngunu?".

"Lo nyepelekno sampeyan iki, mbambung iku propesi sing paling aduoh teko korupsi...  Tapi masiyo ngunu kudu tetep dilatih mulai saiki,.. Dadi ngko upamane nek dadi mentri, opo elek2e bupati, wis terlatih gak mbujuk'an, gak korupsi.... Korupsi iku gak polahe mbambung opo nggak. Korupsi iku urusan kebiasaan, urusane akhlak... Huu... Yok opo sampeyan iku, pirang taun melok pengajian, ngunu ae gak eruh?".

"Jiah... Esuk2 kenek dicramahi mbambungan sitok iki, yo wis terus yok opo?".

"Ngene ae sampeyan katene ndukung gak kegiatane awak2 iki?".

"Hmm... Nek pancene koen iki kegiatanmu gae anti korupsi, yo wis tak dukung ful...".

"Sip... Nek ngunu saiki mumpung wayahe pengumpulan dana, ayok aku saiki njaluk dukungane dana sampeyan".

"Hadoh... Dhuwet ae koen iku.... Gak... gak duwe dhuwet...".

"Ah mbujuk... Berarti nek ngunu sampeyan ndukung korupsi, dadi ngko termasuk sing tak demo".

"Hanciiik....]<*%$$@#$)(*".

Kamis, 01 November 2012

Demokrasi wak pindhang

"Le moco opo koen kok nggethu nang pojok'an, wes mari ta urusan iwak gae mangan iki?".
"Mpun tenang mawon... Niki penting... Mosok meh separo parte seng ndaptar niku mboten lolos, nopo mboten ndrawasi?".
"Koen iku koyok ya' ya'o ae, padahal seng mbok woco mung koran sak suwek".
"Woo njenengan niku nek ngoten saged diarani nglanggar ham... Masiyo kulo moco sak suwek, tapi pikiran kulo sak lembar".
"Wadoh nyandhak ham barang, wong nyandhak empal ae gurung nate... Iku ngunu gak ndrawasi, tapi iku bukti nek parte2 iku akeh seng gak beres".
"Sanes kulo lho sing matur ngoten... Atos2 lho nek ngendikan... Nek partene kurang lak pilihane kurang, berarti kan menghambat demokrasi, sanjange teng tipi".
"Haiyah menghambat apane? Iku lak polahe wong2 iku gak kebagean? Karepe ngunu mben gang iku onok partene, dadi kiro2 ngko onok 5 ewu ta 10 ewu parte...".
"Wee.. Lha eskrem njenengan niku...".
"Eskrem?... Ekstrem...".
"Pun ganti po? Nggeh pokok'e ngoten".
"Parte iku yo koyok wong mancing, dadi gak penting jumlahe, sing penting ngolah umpane ce'e rakyat iki gelem moro trus katut".
"Lho kok cocok kaleh koran niki?".
"Cocok apane? Ndi ndelok koranmu... Kok mambu wak pindhang ngene?".
"Nggeh niku, kulo wau lak teng pasar, trus cedhak pasar niku lak enten pancingan anyar, lha pikir kulo,  timbangane tumbas angsale mung alit2, mendhing mancing... Dos 5ewu ngge karcis, 3ewu ngge umpan kaleh njajan... Tapi sak uwen2 kok iwak'e mboten enten seng nyanthol? Akhire kulo teng pasar, tapi nggeh mung angsal wak pindhang 2ewu ngge njenengan...".
"Hadoh2 demokrasi wak pindhang...".

Kamis, 11 Oktober 2012

Solusi ojok dodolan

"Mas, tulung isikno pulsaku".
"Piro nomere?".
"Lha iku nomere aku lali".
"Yo wis, gak isok ngisi?".
"Hu mbok sampeyan, sekali2 iku menehi solusi, ojok dodolan thok".
"Hadoh2... Wis ngene ae takok'o sopo sing eruh nomer sampeyan".
"Lha ngunu lak enak... Yo wis tulung telponen anakku".
"Enak'e... Yo sampeyan telpuno dhewe ae".
"Huu mbok sampeyan nek menehi solusi iku sing tuntas, langsung, ojok koyok presiden, ngenteni digrenengi".
"Presiden meneh... Ruwet2... Wis gak katene nyalon dadi presiden nek rakyate koyok ngene... Wis nyoh iki gae en hapeku, telpunen dhewe".
"Sip... Kene... (tut...tut...tut... Ya halo...bla...bla...)... Wis... (nyoh) suwun".
"Yo wis sampeyan saiki kate ngisi piro?".
"Wis gak sido".
"Lho yok opo sampeyan iki, jare kate ngisi pulsa?".
"Gak perlu wong wis mari urusane".
"Kapan mari?".
Iku mau ambek anakku... Kan jektas wis mari tak telpun".
"Hadoh2 ampun pemerentah..."

Rabu, 03 Oktober 2012

Demo iku yo termasuk ikhtiar

"Halo cak, yok opo jare rame demo yo?".
"Yo, iki aku yo wis siap2 katene demo meneh".
"Lho sampeyan melok ta?".
"Yo rek, yok opo meneh wong awak2 iki lak mung buruh nyambut gawe nang bos".
"Lho sampeyan iku nek demo opo gak dipotong bayarane ta?".
"Yo gak rek, demo iki lak bageane teko gaweyanku".
"Berarti sampeyan demo iki dibayar ngunu?".
"Yo iyo rek, mosok demo thok gak athik mangan gak butuh bengsin?".
"Woo... Berarti bener jare wong2 iku nek demo saiki ngunu bayaran... Pantes ae hasile mung rebutan jatah...".
"Hus ngawut ae... Yo gak sampek rebutan jatah ngunu... Kan wis onok jatahe demo dhewe2, tur nglakoni demo iku yo termasuk ikhtiyar, ce'e penghasilane isok nambah, dadi uripe luweh enak...".
"Ngunu yo... Gak kesel ta sampeyan demo nang ndalan panasan ngunu?".
"Olaopo nang ndalan? Nang gedung rek... Nang mol opo nang omah... Gak mungkin nang ndalan, isok semburat kabeh barang2ku".
"Sik... sik... Demo opo sampeyan iki?".
"Demo panci...".
"*($);*&>;@".

Kamis, 20 September 2012

Njaluk dhewe bengung dhewe

"Nang endi ae tak telp kok gak isok?".
"Lho iyo sepurane, nomere genti".
"Woo opo'o genti? Koyok buron ae".
"Hapeku ilang".
"Ilang ta digadhekno?".
"Ilang temenan rek...". "Mari diselang anakku digae dolen terus ilang".
"Ngunu yo... Endi nomere?".
"Catheten yo".
"Waa angele, miskol ae mrene".
"Kosong iki pulsaku".
"Wo yo'opo hape anyar pulsane kosong... Yo wis kene tak cathete".
"Lha jare angel, opo'o gak sampeyan ae sing miskol?".
"Awak2 iki lak pulsa dijatah, dadi yo wis entek jatahe".
"Lha podho ae, wis hapene lawas, pulsane entek pisan... Wis iki catheten...".
"Yo wis iki nomere hape sampeyan yo?".
"Lho guduk, iki hapene anakku".
"Waa mbulet, dadi hape sampeyan sing endi?".
"Yo gak onok..".
"Hadoh lha trus laopo aku nyathet nomer iki mau?".
"Mbuh lo? Lha wong sampeyan iku njaluk dhewe... Bengung dhewe... Untung gak dadi gubenur".
";->;-(...".

Minggu, 16 September 2012

Mbok sing rodo pinter


 "Ndhuk opoo koen kok cangkruk ae? Gak korah2 opo umbah2 ta yok opo?".
"Mboten saged wong pam e pejah".
"La, yok opo, wong kene tagihane mili terus, kono banyune gak mili blas? Trus opo jare alasane?".
"Biyasa, jare sak niki ketigo, sumbere kurang, nggeh kados abene niku lah".
"Hu alasan mben taun kok podho... Trus laopo ae selawase iki? Nek jenenge banyu iku lak sumbere gak cumak kali opo mbelik? Wong kari madhep ngalor iku lak laut sak mono ombone, lak banyu thok? Kan kari tuku alate... Mbok sing rodo pinter ngunu lo...".
"Alate awis sanjange".
"Hu alasan meneh... Wis kono masak ta nggawe wedang ta yok opo...".
"Nggeh mboten saged wong toyane mboten enten".
"La trus dadi gak mangan iki?".
"Wo aneh... Mosok sumbere panganan mung kulo thok, njenengan niku mbok sing rodo nganu ngoten... La ngajeng sebelah lor niku lak warung jejer2...".
"Asssyeemm...".

Minggu, 19 Agustus 2012

Guduk Riyoyo


"Cak, tangi cak katene sholat id gak?".

"Hwadoh (grobyag)... Kesirep rek... Ayo rek sholat id, mosok wis angel2 poso gak ditutup ambek sholat id, lak guduk riyoyo jenenge...".

"Tapi sampeyan lak gurung sholat subuh?".

"Hiyo yo... Sik enteni tak shubuhan sedhelok".

"Yo wis tenang ae gak usah kesusu, wong iko abane imam e yo isih khotbah".

"Jiiiyahh... Iku ngunu wis mari...".

"@?;<*{%\!?".

Sabtu, 18 Agustus 2012

Nyuwun ngapunten


"Mbah teng dinten riyadin niki, kulo nyuwun ngapunten sedoyo kalepatan".

"Yo le, masiyo koen gak njaluk ngapuro yo wis tak sepurani, polahe koen jelas duwe salah...  Sing penting koen saiki njaluk ngapuro nang dulur sing sok moco omonganmu sing mblakrak iki".

"Wo ngoten nggeh.. Dherek2 teng dinten riyadin niki, kulo nyuwun ngapunten nek upamane enten omongan2 kulo sing mboten tepak, terus nyuwun ngapunten ugi nek upamane enten ngendikane simbah sing mboten leres, nggeh maklum mawon wong jenenge umure luweh tuwek timbangane kulo, berarti mestine lepate nggeh luweh kathah".

"Semprul...".

Selasa, 14 Agustus 2012

Dijamak

"Mbah ajeng teng pundi?".
"Teraweh nang mejid".
"Lo tesih enten to terawehe, wong mejide sepi niku?".
"Wo kebacut koen iku, yo isih lo, wong poso yo gurung mari....Ayok wis adan iko lo".
"Lo pun adan? La kulo mahrib mawon dereng".
"Koen iku yo, wis ngko nang mejid ae sisan dijamak".
"Mosok angsal ta?".
"La timbangane sholatmu mbok ringkes seminggu pisan mung jumatan?".
"Njenengan saged njamin nopo, kok mutusi ngoten?".
"Enakmu dhewe, yo nggak, iku mung ikhtiar, polahe sholat iku nek gak dilakoni gak isok digenti, bedo ambek poso.... Wis ayok ndang budhal".
"Pun njenengan budhal mawon riyen, kulo tak njamak riyen".
"Wo sholate kate mbok jamak nang ngomah?".
"Sanes... Niki lo njamak rokok'ane riyen".
"Semprul".

Kamis, 26 Juli 2012

Mbatalno poso

"Cak yok opo iki wis maghrib, sampeyan nggowo ngombe?".
"Nggak"
"Jajan?".
"Nggak".
"Rokok?".
"Nggak".
"La yok opo iki gak nggowo opo2".
"Sampeyan dhewe nggowo opo?".
"Yo gak nggowo, mangkane aku takok sampeyan... Trus yok opo carane mbatalno poso iki?".
"Ndungo Allahuma lakasumtu ae".
"Yo gak isok, wong dungo iku diwoco nek mari mangan takjil... La awakke dhewe iki gak mangan opo2".
"Yo wis diterusno sik ae posone sampek nemu panganan".
"Ngawut ae, tambah gak oleh, poso iku nek mahrib kudu dibatalno".
"Wis gampang nek mung katene mbatalno poso... Ayok mesoh bareng ae... Ji ro lu...".
"Mesoooohh...".

Selasa, 24 Juli 2012

Sing manis2

"Le kate nang endi koen, wis katene magrib?".

"Niki ajenge buko kaleh sing manis2".

"La iki lak wis onok sing manis2, onok kurmo, kolek?".

"Niku lak mung jajanan... Niku lo lare sing manis2 teng ngajeng mriko".

"Semprul!".

Jumat, 20 Juli 2012

Perbedaan iku jare rohmat


"Cak, sampeyan wis poso ta?".

"Gurung, mene... Sampeyan poso gak?".

"Poso rek, mosok setaun sepisan ae gak melok?".

"Yo syukur nek ngono, tak kiro sampeyan wis poso ndhisik'i".

"Ah yo nggak, poso iku lak rukun islam, berarti iku lak identitase wong islam, polahe nek gak poso lak gak dianggep islam? Trus kate dadi opo wong islam nek bedo2 ngono identitase?".

"Luk2 ciek dhuwure omonganmu, ati2 ceblok... Mosok gak oleh bedo? Perbedaan iku jare rohmat".

"Iku lak jare rohmat, nek jareku yo gak oleh...".

":#$(;)*&(@/?$%["

Jumat, 13 Juli 2012

Dhuwik'e rakyat

"Opo'o koen esuk2 moco koran karo godhek2?".

"Niki lo, kok hebate endonesa ajenge nyilihi i em ef dhuwek?".

"Hu... Hebat apane, kaet ndhisik sampek saiki nek karo i em ef, monthak manthuk ae...
Mbok manthuk iku karo rakyate dhewe...
Trus opo yo barokah ngutangi rentenir, iku lak podho ae dadi bageane rentenir?".

"La njenengan kok malah protes, wong niku sanes dhuwik'e njenengan?".

"Ngawut ae, p'rosomu iki negorone rakyat opo negorone pemerentah?
Dhuwik negoro iku yo dhuwik'e rakyat, pemerentah mung ngatur gae kesejahteraanne rakyat".

"Ah ngapusi, nek niku dhuwik'e rakyat kok kulo mboten gadhah dhuwek?".

"Koen iku yo cepete nek urusan dhuwek...
La dhuwek sing tak silihi wingi ndik endi?".

"Wo cepete nek urusan utang2an, padahal njenengan nggeh kagungan utang, malah luweh gedhe...
Nek kulo utang sing nageh mung menungso... Nek njenengan sing nageh malekat...".

"Enakmu dhewe, kok isok?".

"La niku utang poso taun wingi sing mergo kariban, lak dereng disaur?".

"L*mb*m*...".

Jumat, 15 Juni 2012

Mbok bersyukur


"Mbah ajeng dahar sak niki?".

"Yo koyok biasane ae, opo'o? Awas yo ojok ngomong nek duwek blonjone wis mbok gae totowan balbalan".

"Wo mpun kesusu nuduh ngoten, saged dados pitnah niku... Njenengan kerso nopo mlebet neroko mergo urusan mangan? Gak mutu... Mbok nek mlebet neroko niku urusane sing gedhe2".

"Hus, ngawut ae koen iku, endi onok wong kepengen mlebu neroko?".

"Pancen ngoten biyasane... Nek ngendikane Kanjeng Nabi, tiyang niku enak2 mawon mangan, padahal nopo sing dipangan saged dados lantaran sing paling cepet mlebet neroko".

"Koen iku katene mangan malah diden deni neroko... Endi panganane?".

"Niki entene mung gedhang sak ler, ngge njenengan, kulo mangke mawon".

"Wah gedhang thok? Sepo rek...".

"Ajeng ngalahke sinten to njenengan?"

"Opo hubungane?".

"Wong brayate anoman niku mung mangan gedhang mawon saged ngalahke ngalengko dirojo... La njenengan nopo?... Mbok bersyukur...".

"Wuasem...".

Rabu, 06 Juni 2012

Serius iki

"Halo cak, yok opo sampeyan ndhik kantor ta?".
"Khiyo...lon2 khae...".
"Opo'o, lagi rapat ta?".
"Lagkhi.,seriuss...ikhi...".
"Yo wis limang menit ngkas tekan... Sampeyan njaluk digawakno opo?".
"Tulungkh...tisyuuu kharo banyu..".
"Sip.. Ngko tak kontek meneh".
"Kh...yo...".
[ceklek]
[mari 5 menit]

"Halo cak aku wis tekan iki... Ndhik endi sampeyan?".
"Aku ndhik lantai ngisor, wis nggowo tisu karo banyu".
"Wis tak gawakno tisyu karo teh botol...".
"Banyu ae, ojok teh... serius iki".
"Seriuse rek, urusan banyu karo tisu ae katene moreng... Tenang cak, awak2 iki serius, makane tak tukokna teh botol sing luweh enak, mumpung isik urip iso mileh... Polahe nek matek wis gak isok serius meneh... Dadi masiyo ngeseng iku yo serius...".
"Hadoh2, tulung cepetan golekno banyu, terus gowoen nang toilet, mumpung sepi iki...".
"Lha sampeyan ndhik toilet ta?".
"Hiyo, aku ndhik njero kene gak isok metu... Polahe banyune sat, tisune entek...".
"Jiah*@/<;$^[".


Rabu, 23 Mei 2012

Komunikasi gagal

"Halo cak ndik endi ae sampeyan kok wuangel temen golekane?".
"Gak nang ndi2, yo ndik kene2 ae, opo'o?".
"Sampeyan duwe bebe ta?".
"Onok bebe' ndik omah, kate pesen opo?".
"Sip, wis cocok nek ngunu, ngko nek perlu tak pesen nang bebe sampeyan, piro nomer pin bebe ne?".
"Ola opo, bebe' ku gak duwe wong nang omah ae, kate gae opo pin?".
"La nek gak eruh pin ne, yok opo,lak gak isok pesen2? Macet komunikasi sampeyan... Jaman saiki ngunu kuncine nang komunikasi, kuabeh iku komunikasi, mulai ngobrol, pidato, iklan sampek ndungo, termasuk nyanyi, iku yo komunikasi, dadi nek bebe sampeyan gak digae yo ilang komunikasi sampeyan".

"Angele sampeyan iki, mbok nek kate pesen nang bebe' ku, opo'o gak langsung telpun, ngko tak wenehi nomere".
"Sik2 iku bebe ne sopo?".
"Yo bebe' ku".
"Gak nate sampeyan gowo ta?".
"Olaopo digowo2 wong wis tuwek ngunu? Yok opo se karepmu?".
"Bebe...bebe...b-lek-beri...".
"La bebe'iki dulure bapakku, dudu le'e beri...".
"Hadoh2, iki jenenge komunikasi gagal... Sampeyan mesti kakeyan jajan yo?".
"Kok eruh?".
"Mangkane ta, ojok jajan ae, tukuo kurek'an kupeng".
"Asem...".

Kamis, 10 Mei 2012

Elmu pesawat

"Mbah nang endi ae sampeyan suwe gak ketok, moro2 nang kene?".
"Koen iku yo, mbok kiro aku jin ta yok opo? Sibuk ngurusi garapan iki lo".
"Wo yo sukur nek ngunu, tak kiro sampeyan melok pesawat sing nabrak iku".
"Ngawut ae, olaopo melok pesawat iku?".
"Be'e sampeyan lak akeh kenalan, trus dijak ngunu".
"Hu nek aku paling2 dijak cangkruk, gak katene dijak numpak pesawat".
"Yo mesti ae wong sampeyan mabuk'an, durung numpak ae wis mumet".
"La timbangane koen iku numpak pesawat nggak, mben bengi mabuk".

"Ah sampeyan isok ae, tapi yo heran juga, opo'o pesawat nyar gres ngunu isok nabrak gunung? Pilote mabuk kesambet jin ta yok opo?".
"Yo mbuh lo, tapi nek jenenge musibah iku yo mesti wis dadi kersane Gusti Alloh".
"La tapi iku le ngrancang pesawat kan gak sembarangan, mosok Gusti Alloh gak ngregani hasil karyane menungso sing pinter2 iku?".
"Wo mabuk koen iku... Yo gak ngunu, malah kualik... Nek jaremu pesawat iku isok muluk mergo opo?".
"Yo mergo onok swiwine, onok mesine".
"Yo gak, polahe nek gak isok muluk iku jenenge pesawat radio".

"Wo guyon ae sampeyan iki... Ayok seriyus aku iki".
"Nek jare arek sekolahan, pesawat isok muluk iku mergo onok'e gaya resultan teko playune pesawat, ambek tarikan munggah teko miline angin ngliwati swiwine".
"Trus apane sing kwalik?".
"Sing kwalik iku coro mandenge, dadi isok'e muluk iku gak mung teko gaya tarike, tapi mergo kepasrahane pesawat mau nang sunatulloh. Dadi ilmu pesawat iku mau jane sanepo teko Gusti Alloh, nek koen nuruti tarikan ndunyo, koen isok ndlosor nubruk2, tapi nek mung nuruti tarikan akhirat, koen isok nggeblag gak iso tangi".
"Hu angele, tapi ruh aku, dadi gak oleh kan mikiri dhuwik ae?".
"Yo kiro2 ngunu".
"Yo wis nek ngunu aku tak leren mikiri utangku nang sampeyan yo".
"Halah, semprul...."

Rabu, 25 April 2012

Totowan ikhlas

"Mbah mbenjing lak kemis, siyam nggeh?".
"Yo Insya Alloh, ndengaren koen takon?".
"Nggeh mboten nopo2 to, wong ngelingke sing sae2 lak saged kebagean ganjarane".
"Koen melok poso gak?".
"Nggeh poso, mosok mung ngelingke thok".
"Kuwat ta, wong gak poso ae koen lemes ngunu?".
"Nggeh lemes wong wau dalu melek'an ningali bal2an".
"Mesti kalah yo totowanmu?".
"Kok ngertos?".
"Potonganmu iku wis kewoco, angger raine nglumpuk mesti kentek'an dhuwek... Mulane ta gak usah totowan wong yo gak oleh... Iyo sing maen oleh bayaran, la koen iku melek'an gak oleh dhuwek malah kelangan dhuwek".
"La trus yok nopo niki wong jenenge hiburan, tapi dhuwek'e pripun nggeh?".
"Hu, hiburan kok ngrugekno... Yo wis kadung, yo gak usah bengung, diikhlasno ae".
"Ngoten nggeh, njenengan nggeh ikhlas?".
"Ola opo, aku yo ikhlas ae, wong sing totowan dudu aku, opo'o?".
"Alhamdulilah, slamet, pas cocok kaleh siyam njenengan".
"Sek, sek, opo hubungane karo posoku?".
"Nggeh niku, polahe sing ngge totowan niku dhuwek ngge blonjo mbenjeng".
"@^*&(#^{.[;->"

Jumat, 20 April 2012

Ujiyan

"Mbah ayo nang mejid wis adan iko lo".
"Ndengaren koen ngajak nang mejid, biasane lak ngajak cangkruk?".
"Yo gak ngunu mbah, jenenge wong tuwo iku lak kudu duwe tanggung jawab ndungakno anak'e?".
"Opo'o anakmu?".
"Iki lo katene ujiyan nasiyonal... Hu ruwet, gak ujian ae dongane wis bengung opo meneh ujiyan, nasiyonal pisan?".
"Wo ngunu ta, yo nek ngunu mugo2 ae ujiyan terus2an ce'e koen rajin nang mejid terus".
"Ngawut ae... Seneng ta ndelok sirahku benthet?".
"Gak ngunu, tapi sirahmu iku masiyo gak benthet, tapi peyang, mangkane nek nggae kopyah gak isok jejeg".
"Wo sampeyan iku nyemoni ae... Wis saiki kate ngewangi opo sampeyan?".
"Ngewangi opo, la wong koen sing duwe anak, aku mbok koen melok miker... Ngene kabeh kedadeyan nang ndunyo iku ujyian... Seneng yo ujiyan, susah yo ujian... Ngko nek isok lulus utowo kuwat ngliwati ujiyan iku, isok mundhak derajatmu dadi menungso, isok diakoni kepinteranmu...".

"Yo gak podho sekolah iku... Saiki coba yok opo nek gak lulus? Bayangno nek arek SD gak lulus, dikon kerjo gak isok, sekolah meneh isin... Iki program wajib belajar ta program wajib lulus... Huu, program kok onok'e mung ngrepoti ae...".
"Koen iku mulane sinau, moco bukune, takon gurune, dadi isok ngajari anakmu, ojok sambatan ae..".
"Hu... Sinoa sinau, nek aku sinau terus kapan golek dhuwike? Wong anakku sing sekolah ae gak isok nggarap... Wis saiki coba, sampeyan lak ketoke wis sinau, ayo tak badhe'i... 1 tambah 1 piro?".
"Wo nantang... 1 tambah 1 yo 2".
"Nek gak 2?".
"Mbuh lo etungen dhewe".
"Temenan iki, wis katog?".
"Ayo opo coba?".
"Hu ngunu jare sinau... 1 tambah 1, nek gak 2... Yo salah...".
"Wo benthet temenan...".

Rabu, 11 April 2012

Ya ndak...

"Apa bapak tahu 6 cagub jakarta sekarang?.
"Setau saya cagub cuma 5, yg satu lagi kan gubernur".
"Ya tapi kan nyalon lagi?".
"Ya ndak mesti, yg jelas beliau harus siap jadi calon bukan gubernur".
:-(

"Bapak pendukung partai besar atau kecil?"."Saya mendukung partai besar, karena lebih banyak lebih untung, tapi ndak jelas".
"Kenapa begitu pak?".
"Ya ndak eksklusip, jadi murah meriah, kan kodian".
:-|

"Bagaimana kira2 menyelesaikan masalah banjir?".
"Gampang saja, nanti abis banjir, nyatakan aja banjir selesai".
"Tapikan rumahnya sudah pada kerendem?".
"Ya ndak ada hubungannya to, itukan masalah rumahnya bukan banjirnya".
;-/

"Apa perlu dibikin kereta bawah tanah?".
"La emang buron apa ya, kok pake lewat bawah tanah?".
"Kan diatas sudah penuh jalannya?".
"Ya ndak begitu, mosok gak bisa oper2an? Wong yg naek aja bisa dioper2".
;-(

"Menurut bapak perlu gak nambah jalur busway?".
"Ya ndak perlulah, wong motor wae susah, apalagi bus wae".
:-@

"Bapak kan sudah mengamati para calon, berarti sudah punya pilihan ya?".
"Ndak ada yg saya pilih".
"Apa calonnya kurang bagus atau memang ingin golput?".
"Ya ndak lah, wong saya ndak punya katepe sini".
>:-[

Kamis, 05 April 2012

Pengamat keuangan

"Mau kerja ya mbak?".
"Ya, mas juga?".
"Ya, sama kita, kerja dimana?".
"Di kota, mas kerja dimana, setelannya rapi bener?".
"Ah, swasta saja, jadi pengamat".
"Pengamat apa?".
"Pengamat keuangan".
"Wah hebat bener pengamat keuangan mau naik kereta ekonomi?".
"Memang harus begitu mbak, supaya bisa mengamati lebih banyak".
"O, apa mas ini praktisi juga?".
"Ya jelas, karena percuma kalo cuma mengamati".
"Apa sih yang diamati?".
"Segala urusan keuangan, dimana, berapa, bagaimana begitulah".

"Terus kira2 gimana kondisi keuangan sekarang?".
"Dari pengamatan di kereta ini, sepertinya kondisi sudah berubah, jadi semakin sulit, karena kebiasaan bawa uang sekarang berbeda dengan yang dulu".
"Wo apa keuangan jadi menurun?".
"Ya kalo begini terus ya jelas berpengaruh buat keuangan saya, mungkin perlu pengamatan di tempat lain".
"Maksudnya gimana?".
"Ya seperti mbak aja sekarang gak banyak bawa uang, banyakan kartu".
"Kok tau?".
"La kan sudah saya amati... Ni dompetnya coba saja liat, tapi maaf sudah kena biaya pengamatan... Sampe ketemu lagi...".
"Lo kok? Wo asem... Copet to?".
:-O

Jumat, 30 Maret 2012

Sof ngarep

"Mbah mampir kene sik gak usah kesusu".
"Gak ah ngko jumatanku kaco meneh".
"Ah sampeyan iku sumbunge, katene jumatan ae gak isok dijak mampir".
"Ngawur ae, iki ngono gak polahe sumbung, tapi pengen isok oleh sof ngarep".
"Opo'o sof ngarep, padhakno nontok ludruk ae".
"Koen iku yok opo, sof ngarep manut dhawuhe kanjeng nabi, tur oleh afdole cidhek imam dadi nambah barokahe". "Ah sampeyan wanine nang ngarep mung nek sholat, mbok cobak nang ngarep nek wayahe nulungi wong, langsung tandang nek onok seng soro uripe".

"Wo koen iku senengane nyemoni ae... La koen dhewe yok opo lo?".
"Ah nek aku saiki wis gak wani nang sof ngarep cidhek imam".
"Opo'o gak wani, wong gak mbayar ae lo?".
"Hu sampeyan iku dhuwik ae... Gak polahe ngunu, ndhisik aku nate sholat jamaah nang sof ngarep dhewe persis mburine imam... Tepak tengah2e sujud ujug2 imame kebelet, trus aku ditarik mengarep... Yo wis aku mengarep nerusno sujud".
"Bagus iku berarti koen dipercoyo dadi imam".
"Wo bagus apane? Bagus iku lak nek eruh? La iki imame langsung nyengkre? Aku bengung iki dikon njogo sujude ta yok opo?".
"Koen iku jare sekolah madrasah kok gak eruh? Koen iku sekolah ta cangkruk'an?".
"Ah sampeyan iku ngenyek ae... Trus aku yo sujud ae terus, sampek makmum iku grenengan bolak balik subhanaloh... Suwe2 tak lirek makmume ketoke gak krasan trus nyengkre kabeh... Mari ngono aku sisan cepet2 nyengkre muleh".

"Sempel koen iku... Nggenteni dadi imam iku berarti yo nerusno mimpin sholat, gak cumak manggoni sejadahe".
"Yo iku lak termasuk tugase imam juga, gak cuma pengen mimpin ae, tapi kudu ngajari makmume juga, nek perlu nyepakno gentine... Mangkane saiki aku mendhing ndelek sof mburi, ce'e gak ngganggu jama'ah tur gak didadekno imam".
"Ah koen iku ngeles ae... Eruh aku, koen nek jumatan mesti ndelek sof mburi iku ce'e isok cepet nyengkre, polahe katene nariki dhuwek parkir".
"La timbangane sampeyan... Suwe gak metu2 sampek mejide kosong latare sepi, polahe ce'e gak ditarik parkir".
"Semprul...".

Rabu, 28 Maret 2012

Melok ae

"Cak ayo mangan sik, ojok kerjo ae... Bakso ta?".
"Gak ah bosen".
"Yo wis soto".
"Ah wis bolak balek".
"La terus opo sing gurung nate?".
"Sing gurung nate iku jajan mbok bayari".
"Wo kenemenen cak, wong sampeyan sing nyambut gawe... Iku jenenge lak nguyahi segoro".
"Yo gak popo, saiki lak jaman wolak walik, koyo pemerentah sing njaluk perhatian rakyate, njaluk maklum salahe, njaluk paham kelakuane".
"As mbuh gak melok2 aku, saiki ngene ae sampeyan pengin njajan opo, aku melok ae".
"Ayok nang warung nang cidhek pasar".

(mari mangan)
"Cak wis mari tak moleh sik yo?".
"La gak mbok bayari ta?".
"Lo aku mau lak wis ngomong nek melok ae".
"Adoh aku yo gak nggowo dhuwek... Trus yok opo iki ninggal ka te pe ta?".
"Ojok ngko jeneng sampeyan kecathet, saiki melok aku ae yo, wis jam sampeyan ae".
"Wah yok opo iki mosok jam ku rek?".
"La yok opo, mosok sampeyan gelem ta diarani pegawe pabrik 'rantang', jare bayaran tibane ngutang?... Karo meneh jam sampeyan lak murahan tur wis lawas pisan".
"Yo wis melok opo jaremu".
"Temenan yo ikhlas?".
"Wis gak popo jam murah ae, nyoh".
"Sip saiki sampeyan ngenteni nang ngarep warung ae".

(mari diurus)
"Wis beres iki gae sampeyan."
"Opo iki?".
"Iku jajanan gae sampeyan, jare njaluk tak bayari?".
"Oleh duwek teko endi koen?".
"Iku mau jam sampeyan tak gowo nang tukang jam, payu 75 ewu, sing 50 digae mbayar warung, sing 15 gae nukokno jajan sampeyan, sing 10 tak gae tuku rokok, beres."
"La iku lak dhuwekku?".
"Jare melok ae?".
";[*)&^<^#>}@*?"

Rabu, 21 Maret 2012

Terancam

"Maap mas, situ turun mana?".
"Stasiun kota, knapa mbak?".
"Masih lama ya?".
"Ya kira2 setengah jam lagilah".
"Penuh bener ya, sampek mpet2an berdiri begini".
"Ya beginilah mbak nasib kereta ekonomi, malah sampek padha duduk diatas gerbong... Mbaknya baru naek ini?".
"Ndak juga sih, cumak ya kok pada kuat gitu?".
"Ya dikuwat2in mbak, karena percuma, wong puluan taun sambatan ya gak pernah ditanggepi, malah presiden yg cuma lima taun aja, tapi fasilitasnya lengkap, sambatan takut terancam, itu kan kalo orang jawa bilang kebo nusu gudel.... Yang mestinya ngasih perlindungan malah minta dilindungi terus?... La gimana to?... Kalo yg terancam itu ya kayak saya ini... Terancam bengsin naek, terancam sangunya kurang, terancam ndak bisa mbayar cicilan, wis macem2 pokoke serba ndak jelas...".
"Wah, tapi kalo saya sekarang ini sudah ndak kuat mas, kayaknya terancam bener, mungkin mau turun aja".
"Emang terancam knapa mbak, sakit?".
"Ndak... Cuma saya terancam pingsan, ndak kuat ini, kalo berdiri mepet ke ketek nya situ
terus..".
"*@!?><^?^;-"

.

Rabu, 14 Maret 2012

Daripada tinimbang

"Monggo bu, mriki didaptar riyen trus ditimbang".
"Kok mboten enten timbangan bayine?".
"Nggeh sepuntene, timbangane nembe risak, ngangge timbangan dewasa mawon".
"Nopo saged?".
"Nggeh saged, kados ibuk2 sanese wau... Mangke ibuk'e kaleh putrane timbang sareng2, trus mantun ngoten putrane dideleh mriki, trus ibuk'e timbang... Nek mpun mangke lak saged kepanggeh bobot putrane".
"Nggeh, tapi nek ngge kulo mboten cocok".
"Wah njenengan mboten percoyo kaleh petugas nggeh? Pun mboten bakale kulo ngowahi
timbangan... Kulo niki lak pun dilatih trus nggeh tesih gadhah tanggung jawab, nanggung resikone njawab gaweyane...".

"Wah mpun tersinggung ngoten, niku bener, nopo meleh urusan timbangan, mboten slamet dunyo akherat... Paribasane daripada tinimbang lebih baik aluwung".
"Wo malah guyon, serius niki... Pun monggo, ibuk kaleh putrane timbang mriki".
"Percuma, masiyo nimbang ping pinten mawon, mesti tetep mboten cocok".
"Haduh2... Bengung kulo, kenging nopo mboten cocok?".
"La jelas mboten cocok, wong niki sanes lare kulo...".
"*&$^%}^?*@<>(*!".

Jumat, 02 Maret 2012

Harmonisasi hak

"Halo cak ndhik ndi sampeyan, kok gak isok dihubungi?".
"Sori cak, sibuk dines luar iki, biasa garapan gak mari2".
"Dines luar ndhik endi?".
"Gak nang endi2, yo kene2 ae".
"Bagean endi sampeyan?".
"Iki lo bagean lobi".
"Hebat sampeyan yo, tapi ati2 sampeyan ojo sampek kenek kasus koyok wong2 sing mlebu tivi iku".
"Ah yo gak lah, awak2 iki lak wis eruh, endi sing dadi hak'e, endi sing gudu".

"Wah repot nek bagean lobi ngomong hak, lak kudu bener terus, iso dadi koyok robot, kapan bathine?".
"Yo nggak lah, sampeyan bayangno ae hak sepatu, yok opo nek hak'e cepot, lak mlakune gloyoran... Hak iku gak cumak urusan benere thok, tapi kudu isok nyonggo mlakune sampeyan cek'e enak... Enak dilakoni, enak disawang... Nek jare arek sekolahan, harmonisasi...".
"Wis cocok, tambah pinter ae sampeyan... Oleh opo ae teko lobi, bagi2 opo'o rek".
"Biasa ae, tapi nek sampeyan gelem, onok iku sek lobi bagean kidul ketok'e kurang tenaga".
"Sek2 lobi opo iki, kok bagean kidul?".
"Yo lobi gedung iki cak".
"La jane sampeyan bagean opo se?".
"Klining serpis".

Rabu, 29 Februari 2012

Dadi lakon

"Mbah mbok nek maos koran mboten usah sampek nglangut ngoten".
"Yo iki moco berota kok isine marai ambek'an dowo ae... Kapan lereme?".
"Ah, mesti urusan negoro... mBok pun kersane wong paling negoro niki nggeh mboten ngerti nek njenengan tesih ambek'an nopo mboten... Pun maos berita hiburan mawon...".
"Hiburan ae eruhmu, isih kurang ta koen madhep tipi mben dino sampek belek'en?".
"Ah nek niku sanjange pun mboten dados hiburan meleh, tapi kebutuhan...".

"Ah onok ae, nyoh iki wocoen...".
"Niki lo maos sing niki... Wah niki ngawur tenan... Lo niki sanjange Anjelina ajeng maen pilem meleh kaleh bojone? Wo pancene tiyang niki gawene mbujuk nopo pripun, wong jelas bojone pun pejah ngoten lo?".
"Ndi ndelok... Ngawur ae koen iku... wocoen sing temenan... Iki ngono Anjelina Joli, artis amerika iki... Dudu Anjeline iku... Wis moco liyane...".

"Wo... pun ganti to? La niki berita nyemoni nopo pripun... Juarane pilem sak ndunyo kok malah pilem bisu? Wah niki ojo2 malah sanepo seking Gusti Alloh, nek sak niki sing mboten kakeyan omong, kakeyan sesumbar, kakeyan pendapat, sing anteng, tapi terus makaryo saged menang?".
"Nek urusan sing menang ki yo salah sijine pancen kudune sing gak kakeyan petingsing, tapi yo tetep nek dhawuhe Gusti Alloh, nek gak pengin rugi, yo kudu terus dho nglakoni sing bener tur kudu sabar.... Yo koyok pilem... Pertama koen kudu duwe lakon trus dadi lakon sik, ojok sampek koen wis rumangsane nglakoni, tapi tibak'e durung dadi lakon, aliyas keyakinanmu kudu diasah trus dinggo mujudno keputusan2 pilihanmu sing manfaat, gak koyok bathukmu sing diasah nang sajadah thok sampek jamuren ngono....".

"Ah niku lak njenengan dhewe... Pun nggo ningali biskop mawon, niki pileme...".
"Lakone sopo iku?".
"Niki lakone si 'syow'".
"Trus critane opo?".
"Wa critane kadose mboten rame niki, wong judule mawon mung 'matine syow'...".
"Koplak...".

Sabtu, 25 Februari 2012

Milih sing paham

"Le opo'o koen mau gak sholat nang mejid?".


"Males sholat teng mriku meleh, imame mbujuk'an".


"Ojo ngawur koen, mbujuk'an yok opo?".


"La wingi pas sholat, mantun alpatehah, trus langsung moco "Yaasin", wah kulo langsung minggir medal seking jamaah... Ee tibak'e mantun "wal quranul hakim" langsung "allohu akbar"... Wah langsung kulo ajeng nggabung meleh, tapi malah kepentut... Ah nggeh pun wangsul mawon".


"Trus sholat nang ngomah?".


"Nggeh niku karepe ngoten, tapi pas tekan ngomah nonton tipi malah keturon, sampek subuh".


"Wo koen iku ncene males".


"Ah nggeh mboten, niku wau lak goro2 imame wau".


"Kok enak nyalahke imam?".


"Nggeh ben to, rumangsane enak nopo enak dadi jamaah, tapi mboten ngerti karepe imame... Mulo mbenjing nek mileh imam, poting riyen, sing pundi sing paham jamaahe, mboten mung paham dungane".


"Semprul...".


Rabu, 22 Februari 2012

Gak meyakinkan

"Karcis2... Karcisnya pak? Pak ini karcisnya salah".
"Salah apanya wong harganya sama kereta sama, trus belum kepake dan tanggalnya hari ini to?".
"Ya pak, tapi ini jurusan sebaliknya pak, jadi bapak salah jurusan".
"Gimana to? Yang harus bener jurusannya apa karcisnya?".
"Ya dua2nya pak, jadi karcis ini cuma berlaku untuk sekali perjalanan, satu tujuan".
"Aneh ini... Lo ini tulisannya, untuk satu kali perjalanan... La ini baru sekarang dipake, tujuan saya juga jelas... Ati2 bab tujuan, jangan sampek kayak negoro ini... Sudah jelas tujuan ada, keretanya ada, tapi masinis sama anggotanya mbulet ae, taunan sampek aku tuwek ngene... Koyok gak tau tujuannya, sampek karcisnya lungset hampir dhedhel, goro2 yg bolak-balek diprikso penumpangnya terus, negoro kok gak meyakinkan gini".

"Wah, pak jangan bawa2 negara kesini pak, sekarang bapak saya denda saja".
"Hu... La kok enak maen dendho... Ini lak tulisannya yang gak punya karcis yang didenda... Mbok gak usah ngarang, wong adanya karcis itu kan karena negara..".
"Bapak didenda karena merugikan".
"Tambah ruwet to? Yang merugikan tu ya situ, kalo terus udur2an sama saya disini, ya gak bisa mriksa karcis yang laen... Trus misale didendho apa ya masuk kas negara? Gimana kalo masuk kasnya sendiri, wong gak pernah ada laporan denda".
"Sudah begini aja, bapak nanti sama saya ketemu kepala stasiun".
"Wo ngrepoti saja, kepala kok ngurusi yang prethilan begini, opo gunane anggota sak mono akehe? Mbok sing yakin".
"Sudah terserah bapak, cuma besok lagi mending bapak naek kereta yang gak pake karcis aja".
"Opo iku?".
"Kereta jenazah".

Jumat, 17 Februari 2012

Istimewa

"Mbah ajeng teng pundi kok sibuk ngoten?".
"Katene adus mari ngono budhal jumatan, ngono ae takok, opo'o?".
"Mung ajeng jumatan mawon mosok kudu adus? Niki lak meh sami kaleh sholat biasa, wudlu biasa mawon lak nggeh angsal to?".
"Koen iku yok opo? Yo oleh ae, tapi jumatan iku lak kesempatane bedo, isok silaturhmi karo wong akeh, trus sholate yo bedo, malah Kanjeng Nabi ngendiko nek iso nggae pakaian sing apik, nggae wangi2an, mulo isok diarani dino istimewa".

"La njenengan dereng siram to enjing wau?".
"Yo gurung, polahe nanggung, tur saiki nembe kebelet nang mburi, sisan katene ngresiki jedhing."
"Wa nek ngoten nggeh mboten istimewa... Nek istimewa niku lak mestine enten luwihe, upamane njenengan wau subuh pun siram, trus sak niki siram meleh khusus ngge jumatan, ngoten... Tur nek kanggone kulo istimewane jumatan lak mboten mung perkoro resik'e awak kaleh wangi2, tapi saking niku kesempatane sing istimewa, mergo saged silaturahmi, srawung kaleh tiyang kathah, seng biasane mboten nate kenal dados kenal, sing biasane mboten nate kepanggeh dados kepanggeh... Tambah meleh niku kesempatan ngleremke pikiran, mergo mirengke pesenne Kanjeng Nabi kaleh dhawuhe Gusti Alloh...".

"Wo wis waras koen yo, mugo2 ae gak kesambed meneh... Wis opo jaremu sing penting tak adus sik, wetengku wis slemet2 tur wis jam sewelas iki".
"Wah kadose njengenan mboten saged siram sak niki, polahe niku listrikke pejah".
"La... kolahe gurung mbok isi?"
"Nggeh dereng wong niku wau pas kulo kebelet trus pejah, dos nggeh dereng disiram barang..."
"Hasemmm....".

Rabu, 15 Februari 2012

Jelas mbantu

"Silakan mas diliat-liat dulu, gak papa jangan sungkan2, daripada bengong disitu".
"Eh ya mbak, maap jadi nggak enak, ngganggu".
"Ya nggak ganggu lah, wong namanya jualan ya nawarin".
"Nganu, ini bekas semua?".
"Iya mas".
"Apa ya laku to bekas gini?".
"Kalo gak laku ya gak saya jual mas... Apa to yg gak laku disini, wong sampah aja laku".

"Gitu mbak ya, tapi kan itu bekas, apa dijamin?".
"Tenang aja mas, mosok gak paham, paling ya jaminan dari toko".
"La tapi lak terbatas jaminane?".
"Ya jelas kalo jaminan ful ya gak ada, semua ada batasnya... Wong negara ini yang sudah puluhan taun juga gak bisa njamin apa2... Kecuali jaminan Gusti Alloh, tapi kan gak mungkin, mosok Gusti Alloh disuruh njamin semuanya termasuk ha pe, lha terus mana tanggung jawabnya manusia? Keblinger itu...".

"Pinter mbaknya ini... Kalo ini berapa?".
"Itu 5 ratus".
"Kalo itu?".
"8 ratus".
"Kalo yg sebelah situ?".
"Sak juta".
"Lah kok aneh? Wong gak ada pencetannya kok lebih mahal? Kalo yg itu kan memper,
pencetannya 12 murah, yg 24 lebih mahal... Kan kalo upamanya beli nasi pecel, kalo nambah harga lak nambah peyek opo nambah baceman? Gak malah ngilangin gitu".

"Wah gimana masnya ini? Ini model baru, mencetnya langsung di layarnya, jadi praktis dan ndak pegel jempole".
"Wah ya malah tambah repot, la kalok abis makan nasi sambel, lak bisa bau trasi semua?".
"Wo ya jangan dibandingkan sama makanan, wong katanya teknologi tu makin maju makin mbantu".
"Tapi kalo tambah maju, tapi tambah susah makannya, apa ya mbantu?".

"Ya dicoba saja kalo mau bukti".
"Coba pinjem, tak nyobak es em es".
"Ya silakan, gini caranya".
"Wah bener mbak, alus, gak trasa ceklek2 kaya biasane..".
"Ya, tapi yang alus itu tanganku tadi yang dielus...".
"Eh, maap kliru... Coba tak nelpon ya?".
"Boleh silakan, biar yakin".

"Ya mbak... (Halo... Nggeh...bla...bla...bla...)".
"Gimana cocok to? Jadi beli yg ini aja ya?".
"Wah ya nggak cocok, wong tadi kan saya mau liat2 thok".
"Tapi kan sudah nyoba trus terbukti jelas mbantu to?".
"He'eh bener itu, jelas mbantu banget... La tadi lak pulsaku abis, jadi saya bisa ngabari ndoro kakung kalo saya sudah nunggu".
"Wo slompret...".

Jumat, 10 Februari 2012

Ngibadah opone sing dijogo

"Mbah pados nopo kok tolah toleh?".
"Gak popo, iki katene jumatan nang mesjid gedhe".
"Wo... Nggehpun numpak bemo kulo mawon".
"Ah gak, suwe ngeteme tur mari ngono mogok".
"Hu ngece, pun diserpis sakniki... Monggo mlebet mawon".
"Sempit iki gak isok meneh".
"Lah tesih saged niku, wong kudune kiwo 7 tengen 5... Geser meleh".
"Gak ah... Iku lak akeh ibuk2... Wis wudhu aku iki, ngko batal nek nyenggol2...".

"Halah mbah2 ngke lak saged wudlu meleh... Wong kesenggol sithik lak mboten nopo2? Wong niku nggeh dho klamben wutuh kabeh... Pun mlebet mawon gek ndang budhal".
"Nek ngko nang njero seseg trus nemplek ae nang ibu2 iku yok opo?".
"Halah anggere njenengan mboten trus nggoser2 awak'e teng ibuk2 niku nggeh mboten nopo2... Mbok sing lumrah mawon... Jane ngibadah niku nopo to sing dijogo?... Nek mung batal, mboten usah sampek nyenggol2, njenengan nglirik trus ser2 greng mawon sejatine nggeh pun batal... Ngibadah niku lak utamane njogo niyate trus didukung ikhtiyare angsal barokahe... Sanes malah ruwet ngoten... Salah2 malah keblondrok dhewe".

"Hu omonganmu kelincipen, wong sholatmu ae gak beres ngono, nyeramahi wong tuwek".
"Lo masiyo bolong2 ngoten tapi kulo mboten nate ngrepoti kados njenengan, tur terus melu njogo sedoyo sing apik2... Nggeh pun njenengan teng ngajeng mawon... (Bu ngapunten lenggah teng wingking nggeh)... Pun mriku, niku pun meh adan".
"Yo wis tak lungguh ngarep... Opo'o jokmu kok dilungguhi anyep ngene?".
"Wo niku wau pun kulo lap, duko bekas toyo nopo...".
"Sik2 la kok pesing?".
"Wo nggeh niku wau lare kulo ngompol".
"Wa...!".

Rabu, 08 Februari 2012

Amalan sing dibuang-buang

"He... la opo iku grsek2 nang kono?".
"Biasa mbah aktivis lingkungan hidup".
"Wo... Lingkungan hidup apane... wong golek rosok ngono".
"Lho gak eruh sampeyan ta? Iki kerjaan sing paling propesional, gak perlu kakean ngomong sing penting gresek terus".

"Koen isok ngomong ngunu polahe hasile akeh".
"Hasil iku lak cumak efek, tapi sampeyan kudu ndelok prosese... Sampeyan gelem ta ngganteni kene golek rosok'an?".
"Enak ae.. Yo nggak lah... Trus golek opo koen iku?".
"Iki pipo2 digae gak?".
"Hus... Isik digae iku".
"Ah mbojok wong kaet kapan iko nang kene terus".
"Wo katene mbok colong yo?".
"Hu... Ngawur, ojok nuduh sembarangan...".

"Lha koen iku yo ngono, nek wes kepengen ambek iku, terus ae diincer... Nek ilang tenan trus tak laporno yok opo?".
"Hu... Nek sampeyan lapor pulisi aku tak ndungo lapor nang Gusti Alloh, polahe sampeyan sentimen karo wong sing wis usaha sampek soro ngene".
"Sak karepmu gak bakale diijabahi, rumongsomu Gusti Alloh iku dinas gangguan ta yok opo? Wong njalukmu mekso tur koen soro polahe usahane kurang istiqomah".

"La... Yok opo sampeyan iki? Gak eruh ta sampeyan nek kabeh wong iku bakale ngko suwe2 dadi tukang rosok kabeh."
"Ngarang ae koen iku... Kok iso?".
"Sampeyan gak kroso ta, nek wong tambah tuwek iku kan mulai wedi mati... Mulo mulai nggolek'i amalan opo sing gurung dilakoni, opo amalan opo sing ndhisik dibuang-buang gak dilakoni, upamane sing gampang, koyok nek ketemu salaman, ndungo mari adan, mesem nek ketemu, ngewangi nduduhne dalan, wis macem2, pokok'e sampeyan ngko suwe2 koyok tukang rosok... Gedhe cilik, sithik akeh terus ae digolek'i sampek angel turu".

"Wo... Dengaren koen omonge nggenah... Tapi awas yo nek potku sampek onok sing ilang".
"Ah percuma njaluk nang sampeyan, opo meneh mung pot bekas, nek sandal sik mendhing".
"Wo... Koen yo sing kapan iko nyolong sandalku sing tak peme nang pager?".
"Ngawur ae sampeyan... Sendal iku pas aku gresek nang larahan, wis nang kono sitok... Terus tak delok nang pager onok sitok... Yo wis tak jupuk sisan, lha mosok sendal mung seseh... Sampeyan lali be'e mbuang karo2ne".
"Wo... Lali gundhulmu".

Jumat, 03 Februari 2012

Aji-aji

"Mbah kerso dhahar ulam meleh mboten?".
"Iwak opo iku? Awas yo nek teko got koyok kapan iko".(*)
"Wo mboten nek niki saking mancing kulo wingi kaleh konco2".
"Mancing nang endi koen?".
"Nggeh teng kolam to, mosok teng got?".
"Gak ngunu, mancing iki nek nang kolam iku gak rame, gak greget, mergo nang kono lak wis jelas onok iwak'e".

"Ah nggeh nek kulo pokok'e kan hiburan, timbangane ngelamun mboten karuan, mending teng mriku kaleh mbayangke, iwak niki upamane kados kampanye niko... Nyebar-nyebar panganan terus dho nglumpuk".
"Nek kampanye ngunu ki yo jane dudu kampanye temenan, wong kampanye kok nang wong sing wis ngumpul tur wis kenal... Yo gak enek ajine... Mulo nek katene kampanye sing temenan coba latihan mancing nang kali, dadi isok ngrasakno nang endi iwak iku morone, opo senengane, terus kapan ngumpule sampek yok opo coro mancinge... Suwe2 koen ngko isok ngolah roso lan pikirmu terus sampek titi mangsane koen isok duwe aji2... Aji2 mergo koen isok tambah tatag tur prigel ngadhepi tantangan, dadi kapan perlune isok matak aji".

"Nggeh pun niki didhahar, eco niki wong iwak mas".
"Yo iki luweh enak timbangane mujaer, masiyo ri ne luweh akeh... Yo jenenge luweh enak usahane mestine yo kudu luweh akeh, tapi temenan ta koen iki teko mancing kabeh, kok iso oleh akeh ngene?".
"Ah ngerti kulo mesti njenengan niki ajenge ngece... Mulo kulo pun nyiapke aji-ajine... Mbok cobak niku ulame sing nembe didhahar dipirsani riyin endhase mpun digrogoti sedoyo... Lha niku cangkeme lak teseh enten bekase... Malah kadose teseh enten tilas cacinge...".
"He... Pfuh2... Asem".


(*) woco -> http://komik-simbah.blogspot.com/2011/12/bener-tur-pener.html

Rabu, 01 Februari 2012

Anteng sing ikhlas

"Mbah sakniki nek sanjange tiyang cinten, taunne nogo tapi nogone teng toyo dadose anteng".
"Iku nogone klenger mergo klelep opo klenger mari digepuki?".
"Ah ngece... Lo nogo niku jare simbole kekuasaan lan kekuatan... Nggeh be'e nogo niku nembe ngatur siyasat".
"Wo nek siyasat ki berarti kapan titi mangsane mesti wujud lakune, mergo siyasat tanpo laku yo mung angen2 jenenge".
"Nek kados tiyang2 sing kenging perkoro, tapi dereng ketanggor niku lak sakniki anteng2 mawon".
"Nek aku ngarani yo antenge iku anteng kitiran, ketoke wae anteng, tapi jane sibuk nutupi salahe".
"Trus anteng saene niku pripun?".
"Jane anteng temenan iku gak enek... Nek Kanjeng Nabi ngendiko, upamane menungso eruh opo sejatine sing bakal disuwun tanggung jawabe karo Gusti Alloh, gak mungkin iso anteng, mergo bakale sibuk ngurus ibadahe... Tapi yo Gusti Alloh ki lak yo ngersakke nek ndunyo ki ojok sampek gak manpaat, dadi yo kudu diatur wae... Tetep ngupoyo sing kuat, tapi kudu sabar tur tawakal... Anteng sing ikhlas, supoyo akalmu tetep madhep tur manteb nang Gusti Alloh... Ojok koyok koen iku antenge nek wis wareg, terus thenger2 koyok ulo nang pojok'an".
"Hu... Timbangane njenengan, antenge kados boyo".
"Ngawut ae, apane sing koyok boyo".
"Lha niku nek ndalu biasane lenggah teng ngajeng tipi, kadose anteng tibak'e merem tur en we ha".
"Opo iku en we ha?".
"Ngowoh...".
"Asem...".

Jumat, 27 Januari 2012

Ngasih tau tu penting

"Maaf pak satpam... Nganu... Kalo mau ke atas pake apa?".
"Bapak mau ke lantai berapa?".
"Ini lantai 17, ke pe te suwal".
"O bapak langsung aja pake lif yang itu".
"Pake lif? Boleh ya?".
"Ya boleh, nanti masuk situ, terus pilih ke 17".
"Wo gitu nggeh, matur nuwun".
"Ya silakan... Eh pak2 sandalnya gak usah dilepas, pake aja".
"Lha ini basah ki gimana? Nanti sampeyan mesti ngepel?".
"Gak papa2 nanti ada klining serpis yg mbersihin".
"Klining serpis apa to?".
"Itu yg tugasnya bersih2".
"Wo jongos...".
"Bukan itu namanya klining serpis."
"Wah ngasih tau mbok yang gampang aja... jongos gitu lo".
"Hu... Ya sudah silakan bapak ke lif".
"Nggeh, permisi".

(...)
"Pak2 kok diem aja di lif? Pilih yg ke 17."
"Yang mana, wong ini tak etung tombole gak sampek 17?".
"Woo... Sebentar tak kesitu... Yang ini pak, memang ini jumlah tombolnya gak sampek 17, karena lif nya ada dua, yang ini gak brenti di semua lantai... Ayo saya temenin aja ke atas biar gak nyasar".
"Ha mbok gitu kan enak".
"Bapak mau apa sih kok ke atas?".
"Mau ngasih tau juragan saya, ndoro kakung, kalo saya ada di bawah... Saya itu sebagai rewangnya kan mesti koordinasi, kalo katanya orang kantoran, yo to... Sampeyan mesti juga tau, apalagi wong keamanan, setiap kejadian apapun kan mesti kasih tau to? Supoyo bisa antisipasi, jadi gak cuma nunggu jadi ruwet dulu baru ngasih tau, yo to?... Jadi ngasih tau tu penting".
"Betul itu pak... Tapi kan bisa lewat es em es ato telpon langsung?".
"Lha pulsa saya abis je, mulo saya mau minta uang buat beli pulsa".
"Buat apa beli pulsa lagi wong sudah ketemu".
"Wo gimana to, yo buat nanti ngasih tau kalau saya ada di bawah... Kan ngasih tau tu penting".
"Wo... Koplak...".

Rabu, 25 Januari 2012

Ngirit sing padhang

"Le bengsin iki kok cepetmen entek'e, mbok gae terus yo sepeda'e?".
"Ah nggeh biasa mawon, wong isine nggeh sithik".
"Koen iku kudu eruh, bengsin iku jare katene mundhak, dadi koen nek gak perlu nemen gak usah numpak sepedah montor, numpak'o sepedah pancal, opo mlaku ngunu".
"Niku sing mundhak lak mung ngge mobil pribadi thok, sepedah mboten sanjange".
"Jane sing penting dudu mundhak'e, tapi koen eruh bengsin nang ndunyo iki nek disedot terus sedhelok ngkas entek".
"La niku lak urusane pemerentah, kersane mikir nopo gantine bengsin".
"Yo iku pancen urusane, tapi koen eruh nek bengsin disedot terus, ndunyo iki gak bakale dadi anteng, tapi malah tambah sering ribut?".
"Wo anyar niki, trus kenging nopo kok ribut".
"Bengsin iku nek jare buku2 iku, asale lak teko fosil... La fosil iku lak balunge kewan... Nek ngendikane Kanjeng Nabi, balunge kewan iku pakanane bongso jin... Dadi nek disedot terus, yo jin ne suwe2 isok moreng nek gak kebagean".
"Ah njenengan niku meden2i mawon, terus yok nopo carane?".
"Yo paleng gampang yo ngirit bengsin, terus nggolek bahan bakar liyane sing gak nyilakani, mergo kapak2no ae nek jenenge wis ngentekno bageane liyan masiyo iku jin, yo tetep ae nglanggar hak... Dadi dunyomu mung padhang tapi gak iso madhangi".
"Wah angel niku... Nek kulo sing gampang mawon... Kersane ngirit, nek tumbas teng kiyos eceran esuk2 pas nembe bukak, nyandhak udud sak ler kaleh bensin sak leter, terus dibayare ngangge seket ewonan, ngke lak piyambak'e mboten gadhah susuk, terus alasan sesuk mbayare... Niku ngirit sing padhang, bengsin angsal udud lancar".
"Semprul".

Jumat, 20 Januari 2012

Hiih

(*Bruk*)
(Hiih) "Aduh... Gimana sih kok nubruk dari belakang?".
"Mbak ini jalannya kan searah, kalo nobrok ya dari belakang".
"Kan udah tau saya berhenti, kok ditubruk juga, ya situ yang salah."
"La kok enak, situ yang salah, wong jelas saya lagi jalan enak2, mbaknya malah brenti."

(Hiih) "Situ punya sim gak sih, naek motor kok bisa nubruk?".
"Halah mbak2 mertua saya saja gak pernah nanya sim, padahal berkali2 saya gonceng anaknya?".
"Ya tapi kan bahaya kalo jalannya meleng?".
"Yo gak mungkin wong saya gak mabuk, bahaya tu ya kalo nyetir sambil merem, ato ngegas ndak pake ngerem."

(Hiih) "Pokoknya saya mau situ harus bayar, buat lampu ni retak."
"Yo gak mau, itu kan belum tentu saya yg mecahin, siapa tau mbaknya mbojok, pas sebelumnya sudah benthet duluan?".
"Nggak mungkin lah, ngapain saya bohong cuma karena lampu."
"Ah ya mungkin saja, wong sekarang ini orang sengaja bohong supoyo ngetop... Apalagi mbaknya bukan orang sini to?".

(Hiih) "Ya, saya dari luar kota, emang kenapa?".
"Lha itu, jelasnya mbaknya yang salah kalo gitu".
"Enak saja... Nyalahin lagi, apa salahnya?".
"Yo jelas, gara2 mbaknya kesini, saya jadi nubruk kan... Coba kasih tau dulu kalo mau kesini".

(Hiih) "Ah gak mau tau, saya mau lapor polisi, karena situ nubruk nggak pake sim, nggak pake helem".
"Angele mbak2, nggak pake helem ini kan mau jumatan, lah pulisi itu juga tau, mosok sholat pake helem... Mending mbaknya laporin tu pejabat2 yg abisin duit negoro, tanpo ijin, tanpo woro2, tau2 abis aja.... Sudah ah tak jumatan dulu, ati2 dijalan mbak".
(Hiih)

Rabu, 18 Januari 2012

Huuh

"Halo selamat siang, maaf boleh mengganggu sebentar?".
"Halo, kalo mau ganggu biar sebentar ya gak boleh".
"Bukan, maksud kami, ada yang mau kami sampaikan ke bapak".
"Mbok dikirim langsung aja wong bapak saya di kampung".
(Huuh) "Bukan bapaknya bapak, tapi situ sendiri..".

"Wo maksudnya saya? Nggak ngomong dari tadi, mbak siapa?".
"Saya **** dari agen investasi."
"Ada agen baru to? Setau saya agen tu ya cuma agen karcis apa agen koran ato agen rahasia."
"Bukan pak, kami ada produk investasi masa depan yang murah dan terpercaya".
"Investasi opo to?".
"Jadi begini, uang bapak yang disimpan di kami akan kami kembangkan, sehingga bapak dapat hasil lebih dari uang tadi".
"Lha itukan kata pak kiyai riba to mbak? Nganakkan uang tanpa kerja?".
(Huuh) "Bukan ah... Wong banyak juga pak haji yg ikut, trus malah pak kyai juga ada".

"Lo ha tapi kan aneh, knapa kok mesti begitu?".
"Jangan kuatir pak, selain uangnya berkembang, bapak juga dapat santunan kematian kalau meninggal".
"Wah mbak ini ngancem saya biar cepet mati?".
"Ya nggak pak, malah saya rugi kalo bapak cepet meninggal, jadi bapak saya selalu mendoakan bapak supaya tetep sehat."
"Wo jadi meninggal gaknya saya itu diitung untung rugi ya?".
(Huuh) "Bukan begitu, tapi dana bapak hasilnya lebih banyak kalau bapak tetep sehat".

"Wah ya terimakasih kalau uang saya bisa nambah, wong selama ini ya segini2 aja."
"Tenang saja pak yang penting uang bapak aman... Jadi gimana saya daftar ya?".
"Apanya yg didaftar? Maksudnya supaya dapat santunan?".
(Huuh) "Bukan maksudnya nanti tiap bulan uang dari rekening bapak otomatis akan didebet ke dana investasi tadi".

"Sip, berarti mbaknya mau kasih saya rekening yg ada uangnya to?".
(Huuh) "Bukan... Bapak kan sekarang punya rekening di bank to?".

"Wo ngarang... Kata siapa? Ati2 mbak dosa dua kali, nganakkan duit trus mitnah saya punya rekening".
"Lha kan bapak punya rekening atas nama bapak *****?".
"Wo itu punya juragan saya."
"Lo bapak ini siapa? Ini kan nomer telpon bapak *****?".
"Ya bener ini telponnya, tapi ini saya rewangnya, bapak lagi nyobain toilet baru, katanya biar kayak anggota de pe er."
(Huuh) (Ceklek)

Jumat, 13 Januari 2012

Ngamal tanpo ngutang

"Cak ijol dhuwik onok?".
"Ijol karo opo? Gedhang ta?".
"Lha yok opo, wong ijol malah dikon tuku gedhang".
"Gurung oleh dhuwik iki lo... Mangkane nek gak tuku yo gak enek".
"Yo wis, piro gedhangmu iku?".
"5 ewu oleh 3, kate tuku piro?".
"Wadoh lak dadi kurang dhuwikku? Yo wis 3 iji ae, kene susuk 5 ewu".
"Hu... Sampeyan iki yok opo, dikandhani gurung oleh dhuwek malah dikon nyusuk'i?".
"Lha yok opo? Aku yo gak enek dhuwek pas?".
"Yo sampeyan urubno dhisik dhuwike nang warung ngarep iko...".
"Hadoh2... Aku mau wis mari rono, tuku sarapan, tapi nang kono yo gak duwe susuk, mangkane dikon mrene..".
"Sampeyan iku esuk2 wis ngganggu wong dagangan.... Sampeyan nang warung iku utang piro se?".
"7 ewu, dhuwikku 10 ewu iki".
"Halah mek utang 7 ewu ae bengung?".
"Yo gak ngono rek, awak2 iki lak gak pengen utang".

"Angele pikirane, utang kan gak popo wong kepepet, tur sampeyan gak niyat mbujuki".
"Yok opok nek aku gak sempet mbayar? Lak isok keselek aku polahe dirasani?".
"Wis ngene ae, ndi dhuwik sampeyan... Iki tak diskon gedhang 2 gae sampeyan, 3 ewu ae, ngko nang warung iku aku seng ngatur".
"Lha trus aku lak dadi gak nyekel dhuwek?".
"Dhuwek gae opo meneh?".
"Ssst... Gae jumatan".
"Oalah, nyumbang ae ngenteni receh... Nyoh iki onok sewu gowoen".
"Hadoh lak utang meneh aku?".
"Sampeyan pengin ngamal tanpo ngutang?".
"Wis gampang, dhuwek iki ngko lebokno kencleng, tapi maturo nang Gusti Alloh nek iku ngamalku... Enak to, sampeyan gak ngutang malah oleh gedhang karo pahala ndungakno aku".
"Wo kampr**...".

Rabu, 11 Januari 2012

Nyambung urip

"Mbah jajan mboten, mumpung tesih pepak niki?".
"Yo wis kene yuk, opo ae iku?".
"Niki enten gethuk, thiwul, cenil, jongkong, cothot... Pokok'e mesti cocok kaleh njenengan wong niki jajanane empuk kabeh".
"Wo ngece sampeyan, masiyo tuwek ngene awak2 iki yo isih duwe untu".
"Tapi kan eman2 nek upamane mantun dhahar trus wojone mrotholi".

"Ah yo gak nemen ngono... Opo'o sampeyan wit ndhisik dodolane ngene ae?".
"Nggeh niki pun pesene mbok kulo, supados neruske usahane".
"Tapi lak gak berkembang, wit mbokmu ndhisik sampek saiki, keleleng ae nggowo tenong, opo isok nyukupi uripmu?".
"Nek mung pados cukupe ngge urip thok, mendhing ngemis, timbangane ngeten... Nggeh niki pesene mbok kulo, nek urip niku mboten mung nyukupi urip, tapi kudu iso nyambung urip".

"Urip kok disambung, kan gak isok? Wong kabeh kan mesti mati?".
"Mati lak mung awak'e, tapi ajarane, elmu2ne, jasa2ne, niku lak trus dieling2 kaleh sing tesih urip... Mulo sakniki kulo ngajari anak kulo wit cilik sedoyo bab jajanan niki, mboten mung diomongi thok, tapi dijak trus diduduhi, mulai ngoncek'i sampek marut, nguleni, nggendhong tenong kleleng.... Nggeh niku jenenge nyambung urip...".

"O ngono... Yo bener iku, nek diistilahke pak kiyai kuwi jenenge amal jariyah".
"Wa nek niku mboten ngertos kulo, wong ngajine riyin mung alipbata, terus mothol ngewangi dagangan niki... Pun dipundhut mawon niki mumpung tesih anget".
"Hm... Pancen enak iki, empuk legi kenyil2, asli kabeh bahanne ki?".
"Lho asli sedoyo, pohonge, gendhise, pokok'e mboten usah kuatir...".

"Yo polahe nek bahan2mu iki gak asli, dicampuri bahan2 sing aneh2, iku podho karo gak nyambung uripmu, mergo mari ngono sampeyan wis gak dipercoyo...".
"Wo ngertos kulo... Anu dhahare mboten usah kesusu mengke ndhak trus kloloden?".
"Yo nek kloloden trus yok opo?".
"Kulo tak nyeluk lare kulo".
"Lha anakmu lak iseh cilek?".
"Nggeh niku ajenge kulo jak mriki, mergo piyambak'e dereng nate ningali tiyang kloloden".
"Asem...".

Jumat, 06 Januari 2012

Moco kesempatan

"Mbah njenengan mboten pesen mobil esemka sisan?".
"Oalah le2 sepeda sitok ae gak entek2, kon tuku mobil, aneh2 ae".
"Senes mobile sing penting tapi niki hasil karyane lare2 esemka, hebat to".
"Yo iku eruh tapi opo'o nembe saiki katene rame2 ngajeni garapane arek2 iku? Coba kurang hebat opo arek2 ndesomu iko wit ndhisik nggawe kloso, nggawe grabah sampek tuwek?".
"Wo nggeh bedo jamane, kan pun maju, tur niki jare mboten larang".
"Hebat iku gak polahe maju opo larange, mergo kabeh arek iku hebat, asal onok kesempatan digae ngetokno kehebatane... Mulo sing larang iku jane kesempatane...".

"Lha nek kesempatan niku lak mboten jelas wujude, trus kapan angsale?".
"Ngene, Gusti Alloh wis dhawuh nek kesempatan iku onok terus sampek kiyamat, dadi menungso sing kudu usaha moco kesempatan iku, mangkane koen nek ndungo gak usah nyuwun macem2, nyuwuno ae supoyo tetep diparingi kesempatan tur iso moco kesempatan...".
"Wo tambah mboten jelas, trus yok nopo?".
"Lha koen iku yok opo? Coro sing paling gampang yo dawakno silaturahmi, kuatno paseduluranmu, ngko lak ketok dhewe".

"Nek ngoten pun cocok kaleh kulo niku...".
"Apane sing cocok?".
"Sakniki kulo kaleh rencang2 nek jumat pun saged moco kesempatan niku, nek jare lare sakniki,
nopo istilahe...angel jawane...--saling menjaga--... Kulo njogo sendal, sanese njogo sepedah".
"Wo ko'en iku kesempatan dipadhakno dhuwek ae...".

"Lha jane nek dhuwek kulo niku mboten enten masalah, tapi masalah niku nek kulo mboten enten dhuwek...".
"Tapi opo'o sandal isih pancet onok sing ilang?".
"Lha niku berarti enten meleh sing saged moco kesempatan, tapi jane mboten kan mboten ilang wong biasane ditinggali sandal tilas malinge, masiyo luweh elek... Nggeh paling niku Gusti Alloh maringi kesempatan supados tiyang niku mboten ngrasakke sandal apik terus...".
"Semprul...".

Rabu, 04 Januari 2012

Just do it

"Helo ser, we mit egen, haw a yu?".
"Uh you... I'm fine... I still remember you, last time when you gave me cigarette..." [*]
"Wah ya, las taim is rili not oke... A yu in holide?".
"O yes, but this my last day in here...".
"No...no...no... Don wori, is not las de, is not kiyamat you no, is onli filem...".
"Uh... You watched the movie too... But I have to go to my country today, tomorrow I have to start business again".
"O yu bisnismen, haw is yur bisnis tumoro?".
"Business is just usual, but we still have to work hard... Ok please find me a taxi...".
"Wah is difikul wen holide, bat ai ken tek yu go to airpot, aim ojek...".
"No...no...no... Jack... Just take me anywhere I can find taxi".
"Oke sit hir, wi go to taksi...".
[reng2x... sampek setopan]
"Stop...stop...stop here, there is a taxi... ".
[langsung numpak taksi]
"Lo ser wer is mone?".
"Yes you have to work to know where the money is...".
"Wak wok wak wok... Wis iki... Dhuwite endi?...".
"You're right... Dont just wish, just do it indeed... Ok bye... Goodluck... [ngung langsung budhal...]
"Hu... Gudlak apane?... Somplak yo...".

[*]Woco "O Yes O No" > http://komik-simbah.blogspot.com/2011/05/o-yes-o-no.html