Senin, 21 Juli 2014

Kwik kown ne poso

"Le laopo koen menthelengi kalender?".
"Mbah sak niki posone nek corone kwik kown pun 80 persen, sekedap melih pun rampung".
"Koen iku ketularan tipi ae, sithik2 kwik kown... Terus riel kown ne piro?". 
"Jane riel kown ne poso niku mboten nate cocok kaleh kwik kown ne?". 
"Kok isok?".
"Nggeh jelas, wong kwik kown ne poso niku etungane menungso, riel kown ne poso niku kagungane Gusti Alloh, buktine taun ngajeng poso meleh, berarti lak riel kown ne niku mboten nate enten, ngantos mangke jaman kelanggengan....".
"Wooo dadi karepmu riyoyo iku gak enek ngunu?".
"Nggeh ngoten niku, riyoyo seng mantun poso niku mung Gusti Alloh maringi kelonggaran kaleh menungso ben rumongso menang rumongso diwongke... Cobak nek upamane Gusti Alloh mboten trimo, terus nggugat menungso dikengken poso trus, lak ruwet... Mulo gantine nggugat niku Gusti Alloh mung ngelingke menungsa supados poso mben taun...".
"Kok pinter koen yo... Padahal saurmu mung ndhog ceplok...  Yo wis cocok iku, berarti koen gak perlu te ha er to... Kan durung tekan jaman kelanggengan?".
"Huu mbelingan njenengan niku... Nggeh tapi awas ngke kulo laporke pak lurah nek njenengan nate nyileh kas mejid ngge nraktir rondo ngajeng niko...".
"Haseem...".