Rabu, 01 Februari 2012

Anteng sing ikhlas

"Mbah sakniki nek sanjange tiyang cinten, taunne nogo tapi nogone teng toyo dadose anteng".
"Iku nogone klenger mergo klelep opo klenger mari digepuki?".
"Ah ngece... Lo nogo niku jare simbole kekuasaan lan kekuatan... Nggeh be'e nogo niku nembe ngatur siyasat".
"Wo nek siyasat ki berarti kapan titi mangsane mesti wujud lakune, mergo siyasat tanpo laku yo mung angen2 jenenge".
"Nek kados tiyang2 sing kenging perkoro, tapi dereng ketanggor niku lak sakniki anteng2 mawon".
"Nek aku ngarani yo antenge iku anteng kitiran, ketoke wae anteng, tapi jane sibuk nutupi salahe".
"Trus anteng saene niku pripun?".
"Jane anteng temenan iku gak enek... Nek Kanjeng Nabi ngendiko, upamane menungso eruh opo sejatine sing bakal disuwun tanggung jawabe karo Gusti Alloh, gak mungkin iso anteng, mergo bakale sibuk ngurus ibadahe... Tapi yo Gusti Alloh ki lak yo ngersakke nek ndunyo ki ojok sampek gak manpaat, dadi yo kudu diatur wae... Tetep ngupoyo sing kuat, tapi kudu sabar tur tawakal... Anteng sing ikhlas, supoyo akalmu tetep madhep tur manteb nang Gusti Alloh... Ojok koyok koen iku antenge nek wis wareg, terus thenger2 koyok ulo nang pojok'an".
"Hu... Timbangane njenengan, antenge kados boyo".
"Ngawut ae, apane sing koyok boyo".
"Lha niku nek ndalu biasane lenggah teng ngajeng tipi, kadose anteng tibak'e merem tur en we ha".
"Opo iku en we ha?".
"Ngowoh...".
"Asem...".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar