Rabu, 30 November 2011

Biaya siluman

"Koen ono gaweyan gak?".

"Gaweyan akeh, dhuwike sing gak enek, opo'o?"

"Nggarap omahku, gelem gak?".

"Yok opo, omahe sampeyan kate dibrukno ta?".

"Ngawur ae koen iku, omahku masiyo tuwek tapi isih apik".

"Yo omah sampeyan jane apik, tapi saking apike sampek gak eruh sebelah endi apike".

"Wo ngenyak koe'n yo, omah mek sitok gak tambah gedhe ngene..".

"Ojok nggedhekno omahe dhewe ae, gak ilok iku nek jare wong2 ndhisik, ndadekno ati sampeyan koyo gunung, kaku, gak nganggep tanggane, gak isok diowahi..".

"Hadoh2... Wis ngene ae koen gelem gak nggarap iki?".

"Gelem ae, kate borongan opo harian?".

"Ah nek borongan koen ngko ngenthit material, nek harian koen ngko nggarape lon2..".

"Nek katene mbangun iku lak kudu onok bestekke, yo gambare yo biaya material, tukang, termasuk biaya laen2 sing gak jelas, biaya siluman jare."

"Halah iki lak cumak nembok nggae kamar sitok ae, gak athik digambar, biayane yo gak akeh kudune."

"Sampeyan iku ambek awak2 sing jelas2 jungker walek ngene gak percoyo, tapi percoyo ambek sing gedhe2, sing ketoke bonapid, padahal nyolonge juga gedhe..".

"Ojok ngarang, kok isok koen ngomong ngono?".

"Wo sampeyan iku, duwe koran ojok cepet2 dikilo, coba diwoco temenan... Kabeh proyek sing rubuh pemboronge gedhe2 kabeh, tapi gak jelas tanggung jawabe, padahal awak2 iki masiyo dudu insinyur ae ruh, nek iku mesti garapane gak manut bestek".

"Wadah esuk2 diceramahi tukang batu..".

"Wis ngene ae mene tak garape tapi tulung bayarno utangku nang warung ngarep".

"Lha durung kerja kok wis njaluk dhuwek?".

"Wis anggepen ae biaya laen2."

"Wo ncene koen iku tunggale siluman"

"Yo sampeyan iku bose siluman."

Jumat, 25 November 2011

Gak oleh itung2an

"Sugeng enjang mbah, salamlekum".

"Walekumsalam, koen ta, teko ndi esuk uthuk2 nang kene?".

"Nggeh seking langgar mriku... Ajeng matur kulo pun mantun subuhan lo..".

"Oalah ngono ae lapor? Yo wis sukur nek koen isok subuhan, tapi opo'o kok ndengaren rajin?".

"Halah mesti ngece... Kulo niku lapor njenengan, polahe njenengan niku lak kados asistene malekat, senengane ngopyak2 ken sholat...
Wau dalu mantun nontok bal, kulo lak kancilen, trus langsung mawon teng langgar, mboten pindah turu thok niku, tapi nggeh sholat barang, itung2 sholat lael, trus glethak'an sampe subuh".

"Koen iku yo kualat ngkok, gak usah nggowo2 malekat...
Sholat ko polahe kancilen? Sholat opo ae iku yo teko keyakinanmu, trus yo ojok sampek mung nggo ngisi wektu opo timbangane nganggur, dadi gak oleh itung2an, cek'e uripmu isok kajen....
Tapi opo'o gak sholat nang mejid ngarep?".

"Ah teng mriko mboten iso glangsaran, primpen banget, sithik2 digembok, dos mboten krasan".

"Yo iku ngono lak supoyo tertib tur gak enek sing ilang".

"Lha tenan to mulo njenengan mboten nate sholat teng langgar mriku, polahe kuatir sandale ilang to? Sandal ngoten mawon kok itung2an, wong padahal kelangen sandal niku nek kulo nggeh biasa mawon".

"Wo gundhulmu... Yo mesti ae wong sing bolak-balik mbok ilangno iku sandalku..".

Rabu, 23 November 2011

Uripe diremot

"Le opo'o koen kaet mau ngumeki remot ae?".

"Niki lho ngrasakke remot kok hebat tenan, angger dipencet langsung maleh... Ndaniyo urip isok ngoten?".

"Koen iku yo onok ae seng dibayangno... Gelem ta uripmu diremot molah maleh gak karu2an?".

"Nggeh mboten, nek karep kulo, nek pas wayahe mboten seneng mawon trus dipencet ganti".

"Lha temenan kan? Aku wis ngiro koen paleng pengine seng enak terus...
Padahal Gusti Alloh ki nek upamane kerso, kari mencet langsung kun fayakun, langsung maleh, tapi kan nggak, mergo Gusti Alloh ngajari nek menungso kudu usaha.
Mulo koen iku usahakno nyidheki Gusti Alloh, supoyo nek wayahe koen ngrasakno wis enak, uripmu gak keremot dadi gak enak, terus nek wayahe gak enak yo nyuwuno supoyo maleh dadi enak...".

"Jane sanes masalah kulo, tapi niki lho masalah negoro kok gonta ganti mawon, sinten seng nyekel remot niki? Nopo'o mboten dipencet acara seng seneng2 mawon?".

"Yo iku, koen nate nang pasar malem, dadi koyo numpak ombak banyu, munggah mudhun, mumet, sing gak kuat yo muntah2".

"Tapi nek niku masiyo muntah tapi lak seneng, lha niki, senenge mboten, senepe terus".

"Wis ta lah, koen kudu ajar isok ngrasakno enak wayahe gak enak, koyok koen ngrokok iku... Trus ae disedhot masiyo gak jelas enake sebelah endi..".

"Ah nek ngrokok niku nggone kulo nggeh enak terus."

"Wis tuku sarapane?".

"Lha niku jane sing pengin kulo remot, soale dereng tumbas".

"Yo'opo, kan wingi wis tak wenehi dhuwek?".

"Nggeh niku ngge nebus remot".

"Onok ae, opo hubungane remot karo sarapan?".

"Wingi lak kulo jogo griyo dhewekan, nyekel remot, pencat pencet, tapi acarane tipi mboseni, padahal pas mboten nggowo dhuwek, trus kelingan remot, nggeh kulo teng warung titip remot, ijol rokok".

"Halah... cek nemeni koen iku remot ae digadhekno?".

"Lha timbangane kulo wingi ngge dhuwike njenengan? Pun sakniki nek ajenge sarapan kulo titipke meleh remote?".

"Hu koen iku pancene njaluk disawat remot..".

Jumat, 18 November 2011

Ngemis perlu promosi

"Nyuwun paring2, nyuwun sak kawelasane..".

"Ah koen meneh, kapan iko kan wis nate tak wenehi?".

"Nggeh, tapi niki mumpung promosi, menehi pindo gratis sepisan... Njenengan lak pun nate maringi kulo sepisan, nek njenengan maringi kulo meleh sakniki, mene kulo mboten mriki".

"Halah... Ngemis ae nggae promosi".

"Lho sakniki pancen kudu ngoten, nek mboten? Wo kalah saingan. Macem2 niki promosine".

"Luk2... Opo ae promosine?".

"Macem2... Menehi pisan dongane pindo... Tambah menehi tambah rejeki... Menehi saiki langsung barokah... Menehi sepisan mesti kelingan... Sip to? Pengin nopo meleh? Mangke kulo damelke".

"Wis2 gak usah diterusno, tambah sempel koen iku ngko".

"Nggeh mboten, serius niki, mosok selawase mung dadi alat promosi?".

"Onok ae koen iku... Kok iso?".

"Lha niku biasane nek pemerentah pas butuh bantuan nopo utangan, teng negoro2 liyane... Niku lak kulo dicatet, dipoto2, trus sampek rodsow, konggres, konperensi, trus pidato2 thethek mbengek... ketoke mentereng jas2an, manthuk2, mesam-mesem, tapi nek wayahe acara, kulo digaruki ken nyengkre.. padahal jane podho ngemise".

"Koen ngono iku yo jane cuma dadi obyekane wong2 iku".

"Lha nggeh niku mulo mending kulo tak promosi dewe, cek'e duwike langsung mriki".

"Potonganmu gak jelas ngono yo gak mungkin isok... Sing jenenge promosi iku gak cuma bondo yakin thok, tapi kudu onok promotore sing ngatur".

"Nek ngoten njenengan mawon mromotori kulo? Ketokke njenengan lak istiqomah, tur mboten mbujuk'an?".

"Hadah... Gak wis mromotori kok wong ngemis...".

"Nek ngoten nggeh mboten usah protes nek kulo ngemis... Pundi paring2e?".

"Nyoh iki... Mene ojok njaluk meneh yo, kan jaremu saiki isih promosi?".

"Ah nggeh mboten janji, wong mene promosine bedo meleh..".

"Wo... watu".

Rabu, 16 November 2011

Elmu oplosan

"Mampir mbah..".
"La opo mampir?"
"Kene lo... Sampeyan gak tuku ember ta? Saiki lak usum udan?".
"Opo hubungane?".
"Wa gak pinter2 sampeyan iki, omah sampeyan lak mestine bocor, makane tukuwo ember gae tadah udan".
"Wo ngece koen yo, masiyo omahku lawas, tapi gak nemen ngono..".
"Wis ta lah saiki gak jamane ngeles2 ngono, wong aku yo nate ruh sampeyan ngresiki mester nek mari udan".
"Wo gak sopan, urusane wong digae dagangan".

"Saiki ngono mbah, jamane wujud, kuabeh gak enek sing disingetno...
Delokken ae, gak de pe er gak pejabat gak bos, podho ae, blong kabeh...
Sing sugeh nek esuk nggae sedan, mbengi nggae jip...
Sing ayu nek esuk ngeler kelek'e, mbengi ngeler pupune...
Sing pinter nek esuk ngumbar kupinge, mbengi ngumbar cangkeme...
Sing korupsi nek esuk mbagi dhuwike, mbengi mbagi perkarane...
Makane nek omah sampeyan bocor gak usah isin2...".

"Koen iku yo ncen gak isok ndelok wong meneng gak tuku barangmu...
Ngono iku dudu elmu wujud, tapi elmu oplosan teko ujub ambek takabur. Nek elmu wujud iku ngenani ananing awakmu sing wujud teko kersane Gusti Alloh, bener gak oleh singetan kudu bloko, tapi opo ae sing mbok lakoni lan sing mbok hasilno teko wujudmu, tetep kudu mathuk karo kersane Gusti Alloh mau...".

"Wis ta lah, ayo meleh sing endi?".
"Yo wis sing iko ae sing ijo".
"Iki ta?".
"Dudu, etane..".
"Ndi? Iki yo?".
"Yo iku ijo".
"La iki nek jare mbokku iki biru...biru deun".

"Wo aneh... Piro iku?".
"Nek gae sampeyan 10 ewu ae".
"Larange? 5 ewu ae".
"Gak oleh mbah, kulak'e ae gak oleh sakmono, wes 8 ewu, gowoen".
"Gak wis dhuwiku mek 5 ewu".
"Ojok ngono ta, iku jenenge gak sumbut ambek elmune".
"Ngarang ae koen iku, nyoh ki delok'en aku cumak nggowo 15 ewu, sing 10 kate tak gae tuku mangan".
"Mangan lak wis biasa tur gak tahan suwe, dadi 7 ewu ae, sing 8 ewu gae ember iki awet tahan suwe".
"Yo embermu tahan suwe, tapi wetengku gak tahan luwe".
"Gak popo anggep ae sampeyan ngamalno elmu".
"Hu... lambemu...".

Jumat, 11 November 2011

Gak isin karo kuceng

"Le laopo koen ngewasno kuceng ae?".

"Ningali kuceng niki lho kok elok tenan nggeh, sanjange kewan tapi kok uripe anteng ngoten, padahal pados mangane nggeh angel?".

"Yo iku Gusti Alloh wis ngatur kabeh, malah ngono iku sisan dadi conto nggo menungso".

"Lha tapi menungso niku lak gadah akal, mosok malah biyayak'an, mboten iso anteng olehe golek mangan?".

"Jane nek mung mangan yo be'e gak sampek biyayak'an jungkir walek gak karu2an, tapi polahe kepenginane menungso iku gak cumak mangan, mulo dadine yo ngono".

"Kepengin nopo to wong paleng seng utama nek sanese pangan nggeh mung sandang?".

"Lha saiki koen iku duwe penginan liyane gak?".

"Nggeh kathah tapi wong mboten gadhah duwek yok nopo?".

"Yo iku bedane, isok nahan opo gak... Iku sing diarani napsu.
Mulo kamulyane menungso duwe akal iku gak polahe mung iso gae mikir itung2an, tapi iso gak digae ngatur lan ngolah napsune?
Napsu iku dowone sak dowone ambeg'anmu, gedhene sak gedhene angen2mu".

"Nek ngoten upamane sinten sing kalah kaleh napsune niku meh podho kaleh kewan ngoten?".

"Yo kiro2 ngono, malah be'e iso2 luweh endhek timbangane kewan, mergo kewan lak gak duwe angen2 lan penginan opo2".

"Ah serius niki, pun ah tak teng wingkeng riyen".

"Yo wis kono., Sisan aku gawekno mi".

"Lha lak nembe dhahar wau?".

"Ah wong sik luwe ki?".

"Nganu... mboten isin kaleh kucenge ta?".

"Kok iso?".

"Lha kucenge mawon dereng dipakani".

"Asem..".

Rabu, 09 November 2011

Diangkremi opo nggae bolam

"Mbah kate tuku ndhog ta?".

"Iki ndhogmu dhewe ta?".

"Yo'opo sampeyan iku, yo ndhog'e petek".

"Tak pilihane sek yo?".

"Opo'o kok dipilihi?".

"Be'e onok sing elek".

"Halah mbah2, ndhog iku wit ndhisik yo ngono, masiyo sampeyan nyeluk pak bupati yo pancet gak eruh endi sing elek".

"Koen iku dodolan katene payu ta nggak? Lak sak karepku meleh, nek gak oleh gak sido lo iki?".

"Hu... ngunu ae mutung, yo wis gek ndang dipilihi, iki kanthonge".

"Sek ya tak troponge situk2".

"Hadah...sampeyan iki meleh ndhog ta kate meleh presiden?".

"Meleh opo ae iku kudu ati2, opo meneh presiden, ojok sampek kedluduk".

'Yo tapi nek presiden lak wes onok bageane sing nyeleksi".

"Lha terus koen iku manut ae karo hasil seleksi iku? Yo'opo nek seng kepeleh maleng?".

"Yo mbuh lo? Tapi nek kanggoku yo upamakno ae calon presiden iku koyo endhog... Supoyo netes kan kudu diangkremi... Yo deloken ae sopo sing ngangkremi, mbok'e dhewe opo nggae bolam? Nek mbok'e dhewe, upamane gak seneng karo ndhog'e opo mbok'e, gak iso sembarangan ngganti, kudu eker2an dhisik, tapi nek nggae bolam yo berarti kodiyan, mergo nek katene ngganti gampang ae gak enek sing rebut".

"Kok pinter koen, mangan ndhog terus yo?".

"Yo nggak, nek dipangan dhewe kapan oleh dhuwike? Wis sampeyan kate tuku pirang kilo?".

"Gak, cumak 3 iji ae".

"Wo sampeyan iku yo mek tuku sakmono ae ngrepoti wong... Wis tak pelehno iki ae, ojok dibongkari kabeh...".

"Nek mbok pelehno berarti mbok jamin mesthi kudu apek yo?".

"Sampeyan iku enak'e dhewe, tuku 3 njaluk jaminan... Aku kulak'an sakkranjang iki gak enek seng njamin".

"Hu... bakul ndhog kedonyan".

"Sampeyan iku sing payah... wis tuwek meleh ndhog ae gak iso, opo meneh meleh presiden."

"Sont*****"

Jumat, 04 November 2011

Kurban ki akhlak

"Lagi opo koen kok milang-mileng neng kono karo ngewasno lapangan?".

"Niku lho ningali wedhus... Njenengan badhe kurban mboten?".

"Pengine kurban, tapi mbuh dhuwike sik kurang, opo'o se?".

"Lho nggeh ngelengke mawon, wong ngelengke perkoro ibadah lak sae ta?".

"Yo bener, tapi mari ngono koen mesti ngongkon aku tuku liwat awakmu?".

"Ah nggeh mboten terus njuk ngoten, nek kulo nawani njenengan niku nggeh sakdermo ngewangi njenengan kersane mboten repot".

"Ah gak wes nek lewat koen regane larang".

"Lho nek kulo niku ono rego ono rupo... Tur nek luweh larang luweh apek niku mestine angsal ganjarane lak saged luweh gampang luweh gedhe?".

"Ngarang ae, rumangsamu kurban iku padhakno karo nyogok proyek ta yo' opo? Kurban iku gak cuma mergo duwe dhuwek, tapi iku pancen Gusti Alloh dhawuhe ngono tur yo napak tilasi kedadeyane jaman kanjeng nabi Ibrohim".

"Napak tilas pripun to? Nek riyen niku lak jane putrane, trus nabi pun kadung pasrah tur nekat malah diganti wedhus, niku Gusti Alloh guyon nopo?".

"Hus... Gusti Alloh ki yo memang nyenengke, tapi gak guyon koyok koen ngunu. Nek aku ngarani yo iku dadi pelajarane menungso, nek masiyo pikirane wis cupet tur gak ruh opo sing kate dilakoni, ojok sampek ngurbanke menungso".

"Wah elok tenan crito njenengan niki, ngurbanke niku termasuk mboten nyukani panganan sampe keluwen ngoten?".

"Yo jelas, nek keluwen lak suwe2 bongko. Mulo ono dhawuhe Gusti Alloh sing nyambungke kurban karo sholat... Dadi kiro2 kurban ki nyambung bab akhlak".

"Sek2 nek ngoten kadose akhlak njenengan mestine kurang komplit nek mboten kurban? Nggeh pun kulo pesenke wedhus, nggeh?".

"Koen iku cepete nek urusan kate oleh dhuwek... Gak wis, gak usah ngko tak golek dhewe..".

"Wah kurang akhlake ki..".

"Asem..".

Selasa, 01 November 2011

Ngamal sik sakdurunge dagangan

"Halo nang endi?".

"Halo bos, nembe medal sakeng kastemer".

"Bas bos bas bus, koyo entut... Yok opo beres pesenane? Oleh piro?".

"Beres bos, cumak nggeh biasa dereng saged mastekne ajeng pesen pinten".

"Ngunu ta? Nek ngono tulung diusahakno sing liyane yo...ojok kesusu moleh".

"Siap bos...awak2 niki pekerja keras rek...mboten gampang molehan".

"Yo bagus... Yo nek pegel ngopi2 sik nambah meneh yo oleh, ketanne njupuk'o meneh yo".

"Lha teng pundi njenengan?".

"Aku nang warung sebrang dalan dul! Kaet mau tak wasno sak jam rong jam, kok gak budhal2, la opo ae?".

"Sori bos, siap... Kalem bos mantun ngeten budhal, nembe nglobi niki..".

"Koen iku yo adol ote2 kleleng ae athek lobi?".

"Lha njenengan niku yok nopo? Niki lak carane nyonto tiyang2 niku, jare bisnise ce'e lancar".

"Halah koen iku pesenan gae arisan ae jare order kastemer..."

"Lho niku jenenge optimis, mulai seking nyebute..".

"Nyebut iku yo nang Gusti Alloh nek ndungo..".

"Wis kono budhal ojok ngecewes ae, wis modalku durung mbalek, ngko nek ntek pulsane aku nempuhi sisan..".

"Pun tenang mawon, sanjange pak kyai nek dhuwek saged seking pundi mawon, tapi nek rejeki seking Gusti Alloh... Mulo nek dagang niku kudu ngejak Gusti Alloh..".

"Wo dikandani malah genti nyeramahi..".

"Lho niki hiburan kulo, elek2 taseh usaha terus, timbangane pemerentah niku isone mung adol mawon, mulai lemahe, alase, iwak'e, pun kabeh mawon, tapi ndandani got mawon mboten iso beres2".

"Hus...wis awan iki selak gareng daganganmu".

"Nggeh, niki tulung bayarke sisan nggeh? Ngamal riyen kersane Gusti Alloh kerso mangestuni dagangan njenengan".

"Semprul..".