Jumat, 03 Februari 2012

Aji-aji

"Mbah kerso dhahar ulam meleh mboten?".
"Iwak opo iku? Awas yo nek teko got koyok kapan iko".(*)
"Wo mboten nek niki saking mancing kulo wingi kaleh konco2".
"Mancing nang endi koen?".
"Nggeh teng kolam to, mosok teng got?".
"Gak ngunu, mancing iki nek nang kolam iku gak rame, gak greget, mergo nang kono lak wis jelas onok iwak'e".

"Ah nggeh nek kulo pokok'e kan hiburan, timbangane ngelamun mboten karuan, mending teng mriku kaleh mbayangke, iwak niki upamane kados kampanye niko... Nyebar-nyebar panganan terus dho nglumpuk".
"Nek kampanye ngunu ki yo jane dudu kampanye temenan, wong kampanye kok nang wong sing wis ngumpul tur wis kenal... Yo gak enek ajine... Mulo nek katene kampanye sing temenan coba latihan mancing nang kali, dadi isok ngrasakno nang endi iwak iku morone, opo senengane, terus kapan ngumpule sampek yok opo coro mancinge... Suwe2 koen ngko isok ngolah roso lan pikirmu terus sampek titi mangsane koen isok duwe aji2... Aji2 mergo koen isok tambah tatag tur prigel ngadhepi tantangan, dadi kapan perlune isok matak aji".

"Nggeh pun niki didhahar, eco niki wong iwak mas".
"Yo iki luweh enak timbangane mujaer, masiyo ri ne luweh akeh... Yo jenenge luweh enak usahane mestine yo kudu luweh akeh, tapi temenan ta koen iki teko mancing kabeh, kok iso oleh akeh ngene?".
"Ah ngerti kulo mesti njenengan niki ajenge ngece... Mulo kulo pun nyiapke aji-ajine... Mbok cobak niku ulame sing nembe didhahar dipirsani riyin endhase mpun digrogoti sedoyo... Lha niku cangkeme lak teseh enten bekase... Malah kadose teseh enten tilas cacinge...".
"He... Pfuh2... Asem".


(*) woco -> http://komik-simbah.blogspot.com/2011/12/bener-tur-pener.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar