Jumat, 30 Desember 2011

Ngolah pikir

"Mbah yok opo iki taun baruan gak mangan2 ta opo ngono?".
"Koen iku taun baruan opo, wong cumak ganti kalender?".
"Yo untung ae onok kalender, nek gak cobak ae itungan wis pirang dino sampeyan urip?".
"Onok ae... Taun baruan iku sing penting kudu iso mawas diri, yok opo uripmu, sing luweh penting meneh yok opo sekolahe anakmu...".
"Anakku yo sekolah mbah, cek'e luweh pinter...".
"Yo sukur nek ngono, tapi nek iso gak cumak pinter sekolahe, tapi iso ngolah pikirane...".
"La nek pinter iku yo mestine isok olah pikir?".
"Yo gak mesti, buktine akeh arek sekolah, tapi mari ngono gak kabeh sukses uripe... Ngolah pikir iku gunane supoyo ngko anakmu iku isok ngrasakno dadi menungso temenan, gak dadi mesin etung... Mulo nek ngandhani anakmu ojok ngoyak2 dikon sekolah thok, tapi oyak'en supoyo sinau terus, yok opo carane, kudu diusahakno...".

"Yo nek anakku mestine pinter, wong wingi rapote ae gak enek sing abang".
"Tapi nek jare putuku anakmu jare nyontoan nek ulangan?".
"Ngarang ae iku putu sampeyan ae sing nyonto anakku, wong lungguhe jejeran".
"Kok eruh koen?".
"Nek jare anakku, kapan iko pas anakku ulangan, kan onok soal seng gak eruh jawabanne, terus timbangane gak diisi, yo ditules ae nang kertas ulangane --gak tau--... E mari diprikso tibak'e putu sampeyan pas soal seng iku, ngisi opo cobak?. Arek iku nules --gak tau juga--...".
"Tapi nek aku takon putuku jare anakmu seng konangan gurune tepak kate nyonto?".
"Ah gak mungkin, wong anakku yo isok ngolah pikirane... Nek jare anakku, iku gak katene nyonto, tapi arek iku katene mrikso garapane putu sampeyan, podho po gak...".
"Hu..."

Rabu, 28 Desember 2011

Isok nglindungi tur wasis

"Le klambi sing biasane tak gae nang endi?".
"Klambi sing bathik niko? Kok mboten bosen to ngagem niku terus".
"Yo modele cocok ae...".
"Ah nopo se klambi niku, nek cocok lak jane nggeh enten sanese seng cocok?".
"Klambi iku lak digae supoyo awak iki gak cumak ketutup, tapi kudu isok nglindungi tur disawang wasis...".

"Wah nek ngoten pemerentah niki kadose mboten cocok nek dadi klambi, wong nglindungi wargane dhewe mawon mboten saged, ndaniyo wasis, wong nutupi omongane dhewe mawon mboten jegos...".
"Hus koen iku, macem2 ae...".
"Wo ngerti kulo, klambine njenengan niku mesti angsal seking pembagean pas coblosan riyin to?".
"Yo gak ngono, kabeh iku onok riwayate, tapi yo ketoke pemerentah saiki koyok klambi rombeng, dho suwek kabeh...".

"Sip... Berarti cocok nek klambine suwek".
"Sip apane? Koen gelem ta klambi iku?".
"Mboten ah, wong pun suwek".
"Heh... Opo'o suwek?".
"Lha wingi pas enak2 setriko, diutus njenengan ngeterke surat teng pak lurah jare penting urusan pemerentah...".
"Hadoh2... Ampun pemerentah...".

Jumat, 23 Desember 2011

Sing sabar

"Koen laopo bolak balik mbukak'i buku telpon? Kate mbok apalno ta?".
"Wo nggeh mboten, tapi kulo niki mung mbayangke repote Gusti Alloh ngadhepi catetane wong sak ndonya? Padahal nek buku telpon niku lak sing abonemen thok, la nek sing ngge hape lak mboten kecathet?".
"Yo gak ngono, bukune Gusti Alloh ki gak koyok buku telpon, tapi isine amalane menungso, opo ae amalanmu sithik akeh mesti kecathet, upamane itung2an, apik iku nambahi, nek elek iku ngurangi".

"Wah tambah ruwet banget bukune, nek amalan sing sithik mawon kecathet, nopo termasuk uthik2 upel, ngentut, glegek'en?".
"Ngawut ae, yo mungkin kecathet, tapi gak kabeh mlebu buku utama amalan, kecuali nek polahmu iku dadi jalaran metune napsu... Dadi upamane koen ngentut, nggarahi wong liyo mureng gak? Nek gak yo gak dianggep amalan opo2, dianggep polah lumrahe menungso".

"Wa angel tenan niki, ketokke nek njenengan dadi khotib jumatan, langsung dho ndomblong kabeh...".
"Opo'o kok ndomblong kabeh?".
"Nggeh jelas to, dho nggumun, ki wong oleh teko endi elmune, kuliyah nggak, nyantri nggak...".
"Ngenyek ae koen iku...".

"Tapi enten amalan sing mboten jelas nambah nopo ngurangi".
"Opo iku?".
"Niku lo sabar... La sabare tukang becak lak benten kaleh sabare maling...".
"Bedane opo?".
"Nek tukang becak, turu ngenteni penumpange, nek maling, ngenteni penumpange turu...".

"Pinter koen yo, pancen sabar iku iso nambah bobote amalanmu... Wis ayo jumatan...".
"Nggeh tapi njenengan sing sabar nggeh?"
"Kate jumatan kok nggae sabar barang, opo'o?".
"Niki lampune lak teseh mati, dados niku wau adane mboten ngge speker...".
"Hadoh... Wis budhal aku".
"Wah moreng... Kecathet niki".
"As mboh...".

Rabu, 21 Desember 2011

Ekonomi kreatip

"Opo'o sepedah sampeyan kok dituntun?'.
"Kempes ngono lo...".
"Sampeyan iku yok opo, nek pengen numpak sepedah yo banne ojok sampek kempes."
"Koen iku yo, wis iki delok'en opo'o?".
"Yo wis tak priksone sik".
"Lo opo'o dibukak? Opo'o gak langsung dikumpo ae?".
"La nang ndokter ae sampeyan sakdurunge ditambani yo diprikso dhisik".
"Nambah ongkos lak'an nek dibukak sek?".
"Sampeyan iku ngewangi ekonomine wong ae gak gelem... Yok opo diterusno gak?".
"Wo urusan ekonomi kok mutungan."
"Lo... Ekonomi iki penting."

"Koen wis suwe ta nambal ban ngene?".
"Wis suwe mbah, kaet ndhisik, yok opo meneh jenenge kebutuhan ekonomi".
"Ekonomi iku lak macem2, gak cumak ngene, kan isok usaha liyane, koyo arek2 iku, nggarap opo ta opo, sing jare ekonomi kreatip".
"Ah awak2 iki yo eruh, tapi corone kan gak kudu podho... Sampeyan kate nang endi se?".
"Kate nang kecamatan ngurusi ekonomine warga."
"Wis bener ta ekonomi sampeyan kok isok ngurusi ekonomine wong liyo?".
"Ekonomi iku gak enek bener opo salah, onok'e hasil opo nggak?".
"Wo nek ngono mesti sampeyan oleh hasil teko ngurus iki yo?".
"Yo, tapi kan kudu kreatip..."

"Wis iki mari".
"Piro ongkose?".
"Prikso 2 ewu, nembel 5 ewu, dadi 7 ewu".
"Cik akehe... Opo'o gak 5 ewu?".
"Sampeyan eruh, dokter gigi ae, ongkos prikso bedo karo nembel".
"Hu... Senengane dipadhak2no".

"Ngko ojok lewat kono yo, akeh pakune".
"Wo... koen yo sing nyebar paku?".
"Ngawur ae sampeyan... Nek sebelah kono duduk aku".
"Mbelingan koen yo... Berarti sing sebelah kene sing jektas tak liwati, koen yo sing nyebar?".
"Yok opo sampeyan iki? Jare ekonomi kreatip".
"Semprul..."

Jumat, 16 Desember 2011

Sing mbejaji

"Le iki krupukmu tak pangane yo?".
"Sing puteh nopo sing kuneng?".
"Sing kuneng".
"Ampun sing kuneng, jare ngangge wenter".
"Yo wis sing puteh ae".
"Ampun sing puteh, niku pun mlempem".
"Trus aku mbok wenehi krupuk sing endi?".
"Nggeh mboten enten".

"La trus gae opo koen majang krupuk nang kene?".
"Mboten ngge njenengan, tapi ngge sanese".
"Koen iku jenenge gak jujur".
"Lha niku wau kulo lak pun jujur kaleh njenengan?".
"Iku jenenge koen jujur tapi peleh2, nek jenenge jujur yo gak oleh ngono, Kanjeng Nabi wae ngendiko nek kuncine keslametan iku yo jujur, opo meneh nek jujure isok temoto, supoyo dadi dalane uripmu".

"Ngeten ngke nek njenengan trus gerah mergo wenter, kan mboten mbejaji?".
"Onok ae, endi onok loro sing mbejaji?".
"Lo enten, la niku sing jare korupsi, nek kecepeng niku lak trus loro jantung, infeksi, sampek pikun".
"Ah iku lak akal2ane wong ae supoyo gak dibui".
"Tapi pulisi niku lak pinter2, wong bolak balik nyekel teroris mawon mboten nate loro, mosok
niki sing dicekel pasien sedoyo?".
"Yo iku tantangane, podho karo koen oyak2an nang jero dremolen, nek sing ngoyak ambek sing dioyak podho numpak'e, yo kenak'en, gak kenek2, carane kudu metu teko dremolen trus di ndhegno".

"Wo niku lak kados njenengan nek wayahe kerja bakti, bolak-balek mesti mboten melok, sambatan loro boyok".
"La nek loro temenan yok opo?".
"Ah mboten percoyo, wong loro kok enten jadwale, sing ketok niku njenengan loro boyok, tapi senes urate, tapi panuen".
"Ah mbuh... krupuk'e tak pangane, selak jumatan." *krauk2*
"Lo2 kok didahar to? Niku ngge sanese".
"Sanese sopo?".
"Kuceng... Niku wau lak pun dho ceblok dirayah kuceng, trus kulo singkirke riyen ngge pakan mengke... Wo gak mbejaji..."
"Semprul.. kenek meneh...".

Selasa, 13 Desember 2011

Bener tur pener

"Mbah mboten dahar, pun dicepakke niku...".
"Yo sek, lawuhe opo?".
"Niki enten jaer".
"Dengaren koen biasane nukokno tahu?".
"Njenengan pengin sing murah nopo sing enak? Nek murah nggeh tahu, nek enak nggeh iwak niki".
"Lha aku mbok seneni? Yo gak ngono, mangan iku yo gak oleh asal mangan, mergo Gusti Alloh kan dhawuh nek mangan iku onok aturane".
"Nek niku kulo eruh pokoke mboten mangan babi, bathang, dideh to?".
"Kok pinter koen? Ngene Gusti Alloh ki nek jareku, dhawuh bab iku, tujuane gak cumak mung ngatur mangan opo, asal panganane, sampek coro oleh mangane thok, termasuk gak oleh nyiyo2 panganan utowo mubadzir... Nek jare arek sekolahan, jenenge parameter... Tujuan utamane tetep akhlak, dadi gak cumak bener tapi juga pener, gak oglag agleg, tapi iso ajeg benere...".

"Wo dadi angel banget critane, pun sambi didahar mawon".
"Yo wis tak pangane... Enak iki... *nyam2*... Oleh teko ndi koen?".
"Niku wau dalu kulo lak jalan2 teng alun2, trus wangsule lewat sawah... La pas niku weteng kulo mules, timbangane mrojol teng ndalan, nggeh pun langsung mawon ndhodhok teng sawah... Kebeneran pas kulo enak2 ngoten, enten mujaer moro, nggeh langsung mawon kulo cepeng...".
"Wis2...huek2...".
"Lo kok malah diutahke? Nyiyo2 panganan... Wo kapan penere?".
"Asem...".

Jumat, 09 Desember 2011

Mbulet

"Mbah mampir kene sik, kate nang endi?"
"Nang mejid kate jumatan."
"Yok opo kabare? Waras?"
"Yo waras rek, nek gak waras yo gak isok jumatan, malah gak wajib jumatan..."

"Lungguh2 kene dhisik wong durung adan."
"Koen la opo cangkruk'an ae nang gerdu? Gak kerjo ta?".
"Gak, gae opo kerjo?".
"La yok opo, yo cek'e oleh duwek".
"Terus opo'o?".
"Duwek iku iso mbok klumpukno, dadi koen mari ngono ngko gak usah kerjo".
"Walah mbulet sampeyan... Nek cumak katene gak kerjo ae, saiki aku wis gak kerjo...".

"Wo sempel arek iki... Wis tak nang warung ngarep sik".
"Melok aku, mumpung luwe".
"Laopo luwe kok nang warung?".
"Katene mangan".
"Percuma mangan wong mari ngono koen luwe meneh".
"Sampeyan iki mbulet opo peret".

"Ayok aku melok jumatan sisan."
"Lha iku lak sarungku sing mbok selang kapan iko, tapi durung mbok balekno to?".
"Laopo dibalekno kan mben minggu jumatan meneh? Sampeyan ngongkon aku gak jumatan ta?"
"Hadoh... wis sempel mbulet pisan".

Selasa, 06 Desember 2011

Nyekel buntute ulo

"Mbah njenengan nembe nopo to, kok asik dolenan banyu?".
"Ngawur ae, lagi mbenekno kran iki lo... Laopo takon2?".
"Waduh mbok mpun galak2 ngoten, mengke tambah cepet ketingal top...".
"Top apane?".
"Tuwek ompong peyot...".

"Wo koen iku yo senengane ngganggu ae, kate njaluk opo se?".
"Mbok kulo ditulungi...".
"Kenek opo koen?".
"Mboten, niki lho mbok kulo ditulungi ngisi te te es...".
"Hadoh2 ngisi te te es ae njaluk tulung? Athuk nulungi aku ae kene...".
"Lha njenengan niki lak pinter, tapi kan dereng meyakinkan....".

"Opo'o koen kok moro2 rajin ngisi te te es?".
"Nek kulo pikir2, jane macem2 perkoro teng negoro niki kok kados ngisi te te es...
Kothak'e pun enten, arahe pun jelas, tapi kok mboten iso ngisi?".
"Masalahe sering kedadeyan sing ngerti gak ngisi, sing gak ngerti wani ngisi,.."

"Yok nopo saged ngisi wong mboten ngerti?".
"Yo koyok koen iku, modale mung tokan takon thok, mari ngono rampung, terus ingah-ingih rumangsane sing ngerti dhewe".
"Niku lak salahe sing ngerti, tapi mboten ngisi".
"Koen isok ngomong ngono, tapi ati2 ae nek gak diterusno ambek sinau, opo meneh coro takok'e kurang unggah ungguh, podho karo nyekel buntute ulo, salah2 isok kepathok dhewe".

"Wo ngenyek kulo niku, nggehpun tak ngaku, niki ngisi te te es ngke hadiyahe ha pe, tapi jane seng ingah ingih nggaya niku njenengan."
"Ojok ngawur koen, kapan aku ngono?".
"Wingenane niko pas njenengan takon bolak balik carane ngangge kamera ha pe, kan trus mantun saged langsung nggaya fota foto teng arisan er te?".
"Ah koen iku ngaku aku ae senenge, ben dianggep...".
"Ngge biasa to, tapi ati2 nek kepathok".
"Kok iso?
"Teng ha pe ngriku enten fotone rondo ngajeng ngriko to? Tapi njenengan dereng ngerti coro mbusek'e to, wong dereng kulo ajari...".
"Asem...."

Jumat, 02 Desember 2011

Ngisor ndhuwur kenek kabeh

"Mbah ajeng teng pundi? Monggo numpak bemo kulo?".

"Kate nang mesjid agung, koen mrono ta?".

"Nggeh monggo, mumpung tesih kosong, pun lenggah mawon sing sekeco".

"Yo wis, tak lungguh ngarep... Ojok kesuwen budhale, kate jumatan iki".

"Nggeh mbah, tenang mawon kulo lak nggeh jumatan, tesik dangu niki, kulo tak ndelek penumpang riyin".
*greng2*

"Ayo kapan budhale, wis seprapat jam iki?".

"Sekedhap 5 menit meleh, wong tesih kosong ngeten lo..".

"Hadah kesuwen, ayo wis budhal, ngko tak imbuhi ongkose".

"Hu... Nggeh pun... Ate jumatan ae ngrepoti..".

"Koen iku yo, wong jumatan malah dipaido?".

"Mbok jumatan teng cidhek2 ngriki mawon, kan ngramekke sing luweh cidhek mestine lak luweh sae to?".

"Yo iki jenenge ikhtiar... Jumatan iku kan gak cumak semata2 sholat thok, jenenge sholat jamaah iku onok ibadah mahdohe onok muamalahe... Trus yo onok bageane nambah elmu, pas khotbahe, mulo Kanjeng Nabi dhawuh supoyo nyemak khotbahe... Trus iso dadi ajange silaturahmi, nambah sesrawungan, jane yo komplit jumatan ki... Sayang neng gak dimanpaatno, polahe ngisor ndhuwur kenek kabeh...

"Tapi yok nopo nek khotbahe marai ngantuk?".

"Ah yo gak onok khotbah marai ngantuk, pancen niyate ae pindah turu... Tapi yo apike khotib iku, kudu ngisi elmu dhisik sakdurunge khotbah, gak usah sing gedhe2, dadi omongane ki dirungokke, gak perlu berok2 nang mimbar...
Wis ayo gage ngebut, mosok amben gang diinguk, kapan tekane? Wis adan iku lo...".

"Nggeh sik to, niki digas kok mbrebet..". *bret2*

"Wa mogok tenan..".

"Wadah cotho tenan... Wis tak mudhun golek mesjid...".

"Mbok kulo ditulungi riyen... Njenengan nyetir, ngke kulo surunge, trus dioper nggeh? Muamalah niki...".

"Halah... Wis ayo surungen...".

"Pun gek ndang dioper trus digas...".
*greng2*
*bruk*

"Wadoh malah nubruk bok... Mboten direm nopo?".

"Lha koen iku mau nyurunge kebanteren, dadi gupuh gak sempet mancal rem..."

"Wah... lampune benthet... Njenengan kudu nempuhi niki".

"Kok enak? Bemo iki lak tanggungjawabmu?".

"Sing nyetir lak njenengan?".

"Gak wis tak golek mesjid...".

"Percuma pun niko abane pun meh salam?".

"Wo goro2 koen iku dadi gak jumatan...".

"Pun mboten nopo2 mangke sholat biasa mawon, sing penting wau lak pun muamalah, ngewangi nyetir, neng pengin komplit meleh nggeh niki mahdohe... Nempuhi lampune bemo...".

"Sontoloyo...".