Jumat, 17 Februari 2012

Istimewa

"Mbah ajeng teng pundi kok sibuk ngoten?".
"Katene adus mari ngono budhal jumatan, ngono ae takok, opo'o?".
"Mung ajeng jumatan mawon mosok kudu adus? Niki lak meh sami kaleh sholat biasa, wudlu biasa mawon lak nggeh angsal to?".
"Koen iku yok opo? Yo oleh ae, tapi jumatan iku lak kesempatane bedo, isok silaturhmi karo wong akeh, trus sholate yo bedo, malah Kanjeng Nabi ngendiko nek iso nggae pakaian sing apik, nggae wangi2an, mulo isok diarani dino istimewa".

"La njenengan dereng siram to enjing wau?".
"Yo gurung, polahe nanggung, tur saiki nembe kebelet nang mburi, sisan katene ngresiki jedhing."
"Wa nek ngoten nggeh mboten istimewa... Nek istimewa niku lak mestine enten luwihe, upamane njenengan wau subuh pun siram, trus sak niki siram meleh khusus ngge jumatan, ngoten... Tur nek kanggone kulo istimewane jumatan lak mboten mung perkoro resik'e awak kaleh wangi2, tapi saking niku kesempatane sing istimewa, mergo saged silaturahmi, srawung kaleh tiyang kathah, seng biasane mboten nate kenal dados kenal, sing biasane mboten nate kepanggeh dados kepanggeh... Tambah meleh niku kesempatan ngleremke pikiran, mergo mirengke pesenne Kanjeng Nabi kaleh dhawuhe Gusti Alloh...".

"Wo wis waras koen yo, mugo2 ae gak kesambed meneh... Wis opo jaremu sing penting tak adus sik, wetengku wis slemet2 tur wis jam sewelas iki".
"Wah kadose njengenan mboten saged siram sak niki, polahe niku listrikke pejah".
"La... kolahe gurung mbok isi?"
"Nggeh dereng wong niku wau pas kulo kebelet trus pejah, dos nggeh dereng disiram barang..."
"Hasemmm....".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar