Rabu, 29 Februari 2012

Dadi lakon

"Mbah mbok nek maos koran mboten usah sampek nglangut ngoten".
"Yo iki moco berota kok isine marai ambek'an dowo ae... Kapan lereme?".
"Ah, mesti urusan negoro... mBok pun kersane wong paling negoro niki nggeh mboten ngerti nek njenengan tesih ambek'an nopo mboten... Pun maos berita hiburan mawon...".
"Hiburan ae eruhmu, isih kurang ta koen madhep tipi mben dino sampek belek'en?".
"Ah nek niku sanjange pun mboten dados hiburan meleh, tapi kebutuhan...".

"Ah onok ae, nyoh iki wocoen...".
"Niki lo maos sing niki... Wah niki ngawur tenan... Lo niki sanjange Anjelina ajeng maen pilem meleh kaleh bojone? Wo pancene tiyang niki gawene mbujuk nopo pripun, wong jelas bojone pun pejah ngoten lo?".
"Ndi ndelok... Ngawur ae koen iku... wocoen sing temenan... Iki ngono Anjelina Joli, artis amerika iki... Dudu Anjeline iku... Wis moco liyane...".

"Wo... pun ganti to? La niki berita nyemoni nopo pripun... Juarane pilem sak ndunyo kok malah pilem bisu? Wah niki ojo2 malah sanepo seking Gusti Alloh, nek sak niki sing mboten kakeyan omong, kakeyan sesumbar, kakeyan pendapat, sing anteng, tapi terus makaryo saged menang?".
"Nek urusan sing menang ki yo salah sijine pancen kudune sing gak kakeyan petingsing, tapi yo tetep nek dhawuhe Gusti Alloh, nek gak pengin rugi, yo kudu terus dho nglakoni sing bener tur kudu sabar.... Yo koyok pilem... Pertama koen kudu duwe lakon trus dadi lakon sik, ojok sampek koen wis rumangsane nglakoni, tapi tibak'e durung dadi lakon, aliyas keyakinanmu kudu diasah trus dinggo mujudno keputusan2 pilihanmu sing manfaat, gak koyok bathukmu sing diasah nang sajadah thok sampek jamuren ngono....".

"Ah niku lak njenengan dhewe... Pun nggo ningali biskop mawon, niki pileme...".
"Lakone sopo iku?".
"Niki lakone si 'syow'".
"Trus critane opo?".
"Wa critane kadose mboten rame niki, wong judule mawon mung 'matine syow'...".
"Koplak...".

Sabtu, 25 Februari 2012

Milih sing paham

"Le opo'o koen mau gak sholat nang mejid?".


"Males sholat teng mriku meleh, imame mbujuk'an".


"Ojo ngawur koen, mbujuk'an yok opo?".


"La wingi pas sholat, mantun alpatehah, trus langsung moco "Yaasin", wah kulo langsung minggir medal seking jamaah... Ee tibak'e mantun "wal quranul hakim" langsung "allohu akbar"... Wah langsung kulo ajeng nggabung meleh, tapi malah kepentut... Ah nggeh pun wangsul mawon".


"Trus sholat nang ngomah?".


"Nggeh niku karepe ngoten, tapi pas tekan ngomah nonton tipi malah keturon, sampek subuh".


"Wo koen iku ncene males".


"Ah nggeh mboten, niku wau lak goro2 imame wau".


"Kok enak nyalahke imam?".


"Nggeh ben to, rumangsane enak nopo enak dadi jamaah, tapi mboten ngerti karepe imame... Mulo mbenjing nek mileh imam, poting riyen, sing pundi sing paham jamaahe, mboten mung paham dungane".


"Semprul...".


Rabu, 22 Februari 2012

Gak meyakinkan

"Karcis2... Karcisnya pak? Pak ini karcisnya salah".
"Salah apanya wong harganya sama kereta sama, trus belum kepake dan tanggalnya hari ini to?".
"Ya pak, tapi ini jurusan sebaliknya pak, jadi bapak salah jurusan".
"Gimana to? Yang harus bener jurusannya apa karcisnya?".
"Ya dua2nya pak, jadi karcis ini cuma berlaku untuk sekali perjalanan, satu tujuan".
"Aneh ini... Lo ini tulisannya, untuk satu kali perjalanan... La ini baru sekarang dipake, tujuan saya juga jelas... Ati2 bab tujuan, jangan sampek kayak negoro ini... Sudah jelas tujuan ada, keretanya ada, tapi masinis sama anggotanya mbulet ae, taunan sampek aku tuwek ngene... Koyok gak tau tujuannya, sampek karcisnya lungset hampir dhedhel, goro2 yg bolak-balek diprikso penumpangnya terus, negoro kok gak meyakinkan gini".

"Wah, pak jangan bawa2 negara kesini pak, sekarang bapak saya denda saja".
"Hu... La kok enak maen dendho... Ini lak tulisannya yang gak punya karcis yang didenda... Mbok gak usah ngarang, wong adanya karcis itu kan karena negara..".
"Bapak didenda karena merugikan".
"Tambah ruwet to? Yang merugikan tu ya situ, kalo terus udur2an sama saya disini, ya gak bisa mriksa karcis yang laen... Trus misale didendho apa ya masuk kas negara? Gimana kalo masuk kasnya sendiri, wong gak pernah ada laporan denda".
"Sudah begini aja, bapak nanti sama saya ketemu kepala stasiun".
"Wo ngrepoti saja, kepala kok ngurusi yang prethilan begini, opo gunane anggota sak mono akehe? Mbok sing yakin".
"Sudah terserah bapak, cuma besok lagi mending bapak naek kereta yang gak pake karcis aja".
"Opo iku?".
"Kereta jenazah".

Jumat, 17 Februari 2012

Istimewa

"Mbah ajeng teng pundi kok sibuk ngoten?".
"Katene adus mari ngono budhal jumatan, ngono ae takok, opo'o?".
"Mung ajeng jumatan mawon mosok kudu adus? Niki lak meh sami kaleh sholat biasa, wudlu biasa mawon lak nggeh angsal to?".
"Koen iku yok opo? Yo oleh ae, tapi jumatan iku lak kesempatane bedo, isok silaturhmi karo wong akeh, trus sholate yo bedo, malah Kanjeng Nabi ngendiko nek iso nggae pakaian sing apik, nggae wangi2an, mulo isok diarani dino istimewa".

"La njenengan dereng siram to enjing wau?".
"Yo gurung, polahe nanggung, tur saiki nembe kebelet nang mburi, sisan katene ngresiki jedhing."
"Wa nek ngoten nggeh mboten istimewa... Nek istimewa niku lak mestine enten luwihe, upamane njenengan wau subuh pun siram, trus sak niki siram meleh khusus ngge jumatan, ngoten... Tur nek kanggone kulo istimewane jumatan lak mboten mung perkoro resik'e awak kaleh wangi2, tapi saking niku kesempatane sing istimewa, mergo saged silaturahmi, srawung kaleh tiyang kathah, seng biasane mboten nate kenal dados kenal, sing biasane mboten nate kepanggeh dados kepanggeh... Tambah meleh niku kesempatan ngleremke pikiran, mergo mirengke pesenne Kanjeng Nabi kaleh dhawuhe Gusti Alloh...".

"Wo wis waras koen yo, mugo2 ae gak kesambed meneh... Wis opo jaremu sing penting tak adus sik, wetengku wis slemet2 tur wis jam sewelas iki".
"Wah kadose njengenan mboten saged siram sak niki, polahe niku listrikke pejah".
"La... kolahe gurung mbok isi?"
"Nggeh dereng wong niku wau pas kulo kebelet trus pejah, dos nggeh dereng disiram barang..."
"Hasemmm....".

Rabu, 15 Februari 2012

Jelas mbantu

"Silakan mas diliat-liat dulu, gak papa jangan sungkan2, daripada bengong disitu".
"Eh ya mbak, maap jadi nggak enak, ngganggu".
"Ya nggak ganggu lah, wong namanya jualan ya nawarin".
"Nganu, ini bekas semua?".
"Iya mas".
"Apa ya laku to bekas gini?".
"Kalo gak laku ya gak saya jual mas... Apa to yg gak laku disini, wong sampah aja laku".

"Gitu mbak ya, tapi kan itu bekas, apa dijamin?".
"Tenang aja mas, mosok gak paham, paling ya jaminan dari toko".
"La tapi lak terbatas jaminane?".
"Ya jelas kalo jaminan ful ya gak ada, semua ada batasnya... Wong negara ini yang sudah puluhan taun juga gak bisa njamin apa2... Kecuali jaminan Gusti Alloh, tapi kan gak mungkin, mosok Gusti Alloh disuruh njamin semuanya termasuk ha pe, lha terus mana tanggung jawabnya manusia? Keblinger itu...".

"Pinter mbaknya ini... Kalo ini berapa?".
"Itu 5 ratus".
"Kalo itu?".
"8 ratus".
"Kalo yg sebelah situ?".
"Sak juta".
"Lah kok aneh? Wong gak ada pencetannya kok lebih mahal? Kalo yg itu kan memper,
pencetannya 12 murah, yg 24 lebih mahal... Kan kalo upamanya beli nasi pecel, kalo nambah harga lak nambah peyek opo nambah baceman? Gak malah ngilangin gitu".

"Wah gimana masnya ini? Ini model baru, mencetnya langsung di layarnya, jadi praktis dan ndak pegel jempole".
"Wah ya malah tambah repot, la kalok abis makan nasi sambel, lak bisa bau trasi semua?".
"Wo ya jangan dibandingkan sama makanan, wong katanya teknologi tu makin maju makin mbantu".
"Tapi kalo tambah maju, tapi tambah susah makannya, apa ya mbantu?".

"Ya dicoba saja kalo mau bukti".
"Coba pinjem, tak nyobak es em es".
"Ya silakan, gini caranya".
"Wah bener mbak, alus, gak trasa ceklek2 kaya biasane..".
"Ya, tapi yang alus itu tanganku tadi yang dielus...".
"Eh, maap kliru... Coba tak nelpon ya?".
"Boleh silakan, biar yakin".

"Ya mbak... (Halo... Nggeh...bla...bla...bla...)".
"Gimana cocok to? Jadi beli yg ini aja ya?".
"Wah ya nggak cocok, wong tadi kan saya mau liat2 thok".
"Tapi kan sudah nyoba trus terbukti jelas mbantu to?".
"He'eh bener itu, jelas mbantu banget... La tadi lak pulsaku abis, jadi saya bisa ngabari ndoro kakung kalo saya sudah nunggu".
"Wo slompret...".

Jumat, 10 Februari 2012

Ngibadah opone sing dijogo

"Mbah pados nopo kok tolah toleh?".
"Gak popo, iki katene jumatan nang mesjid gedhe".
"Wo... Nggehpun numpak bemo kulo mawon".
"Ah gak, suwe ngeteme tur mari ngono mogok".
"Hu ngece, pun diserpis sakniki... Monggo mlebet mawon".
"Sempit iki gak isok meneh".
"Lah tesih saged niku, wong kudune kiwo 7 tengen 5... Geser meleh".
"Gak ah... Iku lak akeh ibuk2... Wis wudhu aku iki, ngko batal nek nyenggol2...".

"Halah mbah2 ngke lak saged wudlu meleh... Wong kesenggol sithik lak mboten nopo2? Wong niku nggeh dho klamben wutuh kabeh... Pun mlebet mawon gek ndang budhal".
"Nek ngko nang njero seseg trus nemplek ae nang ibu2 iku yok opo?".
"Halah anggere njenengan mboten trus nggoser2 awak'e teng ibuk2 niku nggeh mboten nopo2... Mbok sing lumrah mawon... Jane ngibadah niku nopo to sing dijogo?... Nek mung batal, mboten usah sampek nyenggol2, njenengan nglirik trus ser2 greng mawon sejatine nggeh pun batal... Ngibadah niku lak utamane njogo niyate trus didukung ikhtiyare angsal barokahe... Sanes malah ruwet ngoten... Salah2 malah keblondrok dhewe".

"Hu omonganmu kelincipen, wong sholatmu ae gak beres ngono, nyeramahi wong tuwek".
"Lo masiyo bolong2 ngoten tapi kulo mboten nate ngrepoti kados njenengan, tur terus melu njogo sedoyo sing apik2... Nggeh pun njenengan teng ngajeng mawon... (Bu ngapunten lenggah teng wingking nggeh)... Pun mriku, niku pun meh adan".
"Yo wis tak lungguh ngarep... Opo'o jokmu kok dilungguhi anyep ngene?".
"Wo niku wau pun kulo lap, duko bekas toyo nopo...".
"Sik2 la kok pesing?".
"Wo nggeh niku wau lare kulo ngompol".
"Wa...!".

Rabu, 08 Februari 2012

Amalan sing dibuang-buang

"He... la opo iku grsek2 nang kono?".
"Biasa mbah aktivis lingkungan hidup".
"Wo... Lingkungan hidup apane... wong golek rosok ngono".
"Lho gak eruh sampeyan ta? Iki kerjaan sing paling propesional, gak perlu kakean ngomong sing penting gresek terus".

"Koen isok ngomong ngunu polahe hasile akeh".
"Hasil iku lak cumak efek, tapi sampeyan kudu ndelok prosese... Sampeyan gelem ta ngganteni kene golek rosok'an?".
"Enak ae.. Yo nggak lah... Trus golek opo koen iku?".
"Iki pipo2 digae gak?".
"Hus... Isik digae iku".
"Ah mbojok wong kaet kapan iko nang kene terus".
"Wo katene mbok colong yo?".
"Hu... Ngawur, ojok nuduh sembarangan...".

"Lha koen iku yo ngono, nek wes kepengen ambek iku, terus ae diincer... Nek ilang tenan trus tak laporno yok opo?".
"Hu... Nek sampeyan lapor pulisi aku tak ndungo lapor nang Gusti Alloh, polahe sampeyan sentimen karo wong sing wis usaha sampek soro ngene".
"Sak karepmu gak bakale diijabahi, rumongsomu Gusti Alloh iku dinas gangguan ta yok opo? Wong njalukmu mekso tur koen soro polahe usahane kurang istiqomah".

"La... Yok opo sampeyan iki? Gak eruh ta sampeyan nek kabeh wong iku bakale ngko suwe2 dadi tukang rosok kabeh."
"Ngarang ae koen iku... Kok iso?".
"Sampeyan gak kroso ta, nek wong tambah tuwek iku kan mulai wedi mati... Mulo mulai nggolek'i amalan opo sing gurung dilakoni, opo amalan opo sing ndhisik dibuang-buang gak dilakoni, upamane sing gampang, koyok nek ketemu salaman, ndungo mari adan, mesem nek ketemu, ngewangi nduduhne dalan, wis macem2, pokok'e sampeyan ngko suwe2 koyok tukang rosok... Gedhe cilik, sithik akeh terus ae digolek'i sampek angel turu".

"Wo... Dengaren koen omonge nggenah... Tapi awas yo nek potku sampek onok sing ilang".
"Ah percuma njaluk nang sampeyan, opo meneh mung pot bekas, nek sandal sik mendhing".
"Wo... Koen yo sing kapan iko nyolong sandalku sing tak peme nang pager?".
"Ngawur ae sampeyan... Sendal iku pas aku gresek nang larahan, wis nang kono sitok... Terus tak delok nang pager onok sitok... Yo wis tak jupuk sisan, lha mosok sendal mung seseh... Sampeyan lali be'e mbuang karo2ne".
"Wo... Lali gundhulmu".

Jumat, 03 Februari 2012

Aji-aji

"Mbah kerso dhahar ulam meleh mboten?".
"Iwak opo iku? Awas yo nek teko got koyok kapan iko".(*)
"Wo mboten nek niki saking mancing kulo wingi kaleh konco2".
"Mancing nang endi koen?".
"Nggeh teng kolam to, mosok teng got?".
"Gak ngunu, mancing iki nek nang kolam iku gak rame, gak greget, mergo nang kono lak wis jelas onok iwak'e".

"Ah nggeh nek kulo pokok'e kan hiburan, timbangane ngelamun mboten karuan, mending teng mriku kaleh mbayangke, iwak niki upamane kados kampanye niko... Nyebar-nyebar panganan terus dho nglumpuk".
"Nek kampanye ngunu ki yo jane dudu kampanye temenan, wong kampanye kok nang wong sing wis ngumpul tur wis kenal... Yo gak enek ajine... Mulo nek katene kampanye sing temenan coba latihan mancing nang kali, dadi isok ngrasakno nang endi iwak iku morone, opo senengane, terus kapan ngumpule sampek yok opo coro mancinge... Suwe2 koen ngko isok ngolah roso lan pikirmu terus sampek titi mangsane koen isok duwe aji2... Aji2 mergo koen isok tambah tatag tur prigel ngadhepi tantangan, dadi kapan perlune isok matak aji".

"Nggeh pun niki didhahar, eco niki wong iwak mas".
"Yo iki luweh enak timbangane mujaer, masiyo ri ne luweh akeh... Yo jenenge luweh enak usahane mestine yo kudu luweh akeh, tapi temenan ta koen iki teko mancing kabeh, kok iso oleh akeh ngene?".
"Ah ngerti kulo mesti njenengan niki ajenge ngece... Mulo kulo pun nyiapke aji-ajine... Mbok cobak niku ulame sing nembe didhahar dipirsani riyin endhase mpun digrogoti sedoyo... Lha niku cangkeme lak teseh enten bekase... Malah kadose teseh enten tilas cacinge...".
"He... Pfuh2... Asem".


(*) woco -> http://komik-simbah.blogspot.com/2011/12/bener-tur-pener.html

Rabu, 01 Februari 2012

Anteng sing ikhlas

"Mbah sakniki nek sanjange tiyang cinten, taunne nogo tapi nogone teng toyo dadose anteng".
"Iku nogone klenger mergo klelep opo klenger mari digepuki?".
"Ah ngece... Lo nogo niku jare simbole kekuasaan lan kekuatan... Nggeh be'e nogo niku nembe ngatur siyasat".
"Wo nek siyasat ki berarti kapan titi mangsane mesti wujud lakune, mergo siyasat tanpo laku yo mung angen2 jenenge".
"Nek kados tiyang2 sing kenging perkoro, tapi dereng ketanggor niku lak sakniki anteng2 mawon".
"Nek aku ngarani yo antenge iku anteng kitiran, ketoke wae anteng, tapi jane sibuk nutupi salahe".
"Trus anteng saene niku pripun?".
"Jane anteng temenan iku gak enek... Nek Kanjeng Nabi ngendiko, upamane menungso eruh opo sejatine sing bakal disuwun tanggung jawabe karo Gusti Alloh, gak mungkin iso anteng, mergo bakale sibuk ngurus ibadahe... Tapi yo Gusti Alloh ki lak yo ngersakke nek ndunyo ki ojok sampek gak manpaat, dadi yo kudu diatur wae... Tetep ngupoyo sing kuat, tapi kudu sabar tur tawakal... Anteng sing ikhlas, supoyo akalmu tetep madhep tur manteb nang Gusti Alloh... Ojok koyok koen iku antenge nek wis wareg, terus thenger2 koyok ulo nang pojok'an".
"Hu... Timbangane njenengan, antenge kados boyo".
"Ngawut ae, apane sing koyok boyo".
"Lha niku nek ndalu biasane lenggah teng ngajeng tipi, kadose anteng tibak'e merem tur en we ha".
"Opo iku en we ha?".
"Ngowoh...".
"Asem...".