Jumat, 21 Agustus 2015

Bhinneka akeh tunggale

"Le lapo koen kok plonga plongo ngewasno koran?".
"Niki lo kulo kok tesih bengung, jane bhineka tunggal ika niku pripun to? Wong entene kok mung bhineka terus, udur2an terus, mulai tukang ojek sampek mentri... ".
"Koen iku yo tak kandani... Bhinneka tunggal ika iku lengkape bhineka tunggal ika tan hana darma mangroa...
Dadi sing tunggal iku darma utowo kebecikan... Nang paran ndi ae kebecikan iku mesti podo kedadeyane...
Mulane gak usah bengung moco koran mergo koran dudu sumber kabecikan...".
"Sek2 anyar niki... Kok saget kebecikan podo kedadeyane?".
"Payah koen iku... Ngene ae koen eruh soto? Soto iku mulai wong jowo sampek sumatra, kalimantan, kabeh duwe soto, kabeh seneng soto, masiyo bumbune gak plek podo, tapi arane soto, mergo soto iku nang roso... Roso iku tunggal... Kebecikan iku nang roso...
Mulane aku seneng soto... Mergo aku seneng kabecikan...".
"Huu... Mboten nyambung... Wong njenengan nek nyoto mesti sekule dicampur to, trus tanpo ndog tanpo ceker, polosan thok... Becike teng pundi?
Niku sanes bhinneka tunggal ika tapi bhinneka akeh tunggale, alias ngirit...".
"Lambemu semprul...".