Minggu, 19 Agustus 2012

Guduk Riyoyo


"Cak, tangi cak katene sholat id gak?".

"Hwadoh (grobyag)... Kesirep rek... Ayo rek sholat id, mosok wis angel2 poso gak ditutup ambek sholat id, lak guduk riyoyo jenenge...".

"Tapi sampeyan lak gurung sholat subuh?".

"Hiyo yo... Sik enteni tak shubuhan sedhelok".

"Yo wis tenang ae gak usah kesusu, wong iko abane imam e yo isih khotbah".

"Jiiiyahh... Iku ngunu wis mari...".

"@?;<*{%\!?".

Sabtu, 18 Agustus 2012

Nyuwun ngapunten


"Mbah teng dinten riyadin niki, kulo nyuwun ngapunten sedoyo kalepatan".

"Yo le, masiyo koen gak njaluk ngapuro yo wis tak sepurani, polahe koen jelas duwe salah...  Sing penting koen saiki njaluk ngapuro nang dulur sing sok moco omonganmu sing mblakrak iki".

"Wo ngoten nggeh.. Dherek2 teng dinten riyadin niki, kulo nyuwun ngapunten nek upamane enten omongan2 kulo sing mboten tepak, terus nyuwun ngapunten ugi nek upamane enten ngendikane simbah sing mboten leres, nggeh maklum mawon wong jenenge umure luweh tuwek timbangane kulo, berarti mestine lepate nggeh luweh kathah".

"Semprul...".

Selasa, 14 Agustus 2012

Dijamak

"Mbah ajeng teng pundi?".
"Teraweh nang mejid".
"Lo tesih enten to terawehe, wong mejide sepi niku?".
"Wo kebacut koen iku, yo isih lo, wong poso yo gurung mari....Ayok wis adan iko lo".
"Lo pun adan? La kulo mahrib mawon dereng".
"Koen iku yo, wis ngko nang mejid ae sisan dijamak".
"Mosok angsal ta?".
"La timbangane sholatmu mbok ringkes seminggu pisan mung jumatan?".
"Njenengan saged njamin nopo, kok mutusi ngoten?".
"Enakmu dhewe, yo nggak, iku mung ikhtiar, polahe sholat iku nek gak dilakoni gak isok digenti, bedo ambek poso.... Wis ayok ndang budhal".
"Pun njenengan budhal mawon riyen, kulo tak njamak riyen".
"Wo sholate kate mbok jamak nang ngomah?".
"Sanes... Niki lo njamak rokok'ane riyen".
"Semprul".