tag:blogger.com,1999:blog-14888779592687640072024-03-13T09:29:34.255+07:00komik-simbahmasmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.comBlogger190125tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-27089308086174241452016-07-07T10:50:00.002+07:002016-07-07T10:55:26.736+07:00Hasile mung ngirit"Mbah ngenjang sawal kulo tak poso meleh nggeh".

"Temenan ta koen iku, atene poso mung meloki aku opo mung ngirit?".

"Temenan niki, wong sawal lak sanjange peningkatan, niki peningkatan saking ngirit dados ngibadah, mboten meloki njenengan, kadose poso tapi hasile mung ngirit".

"Semprul...".masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-16584782489736391732016-07-06T09:05:00.001+07:002016-07-06T09:15:32.444+07:00Pun ngertos"Mbah nyuwun ngapunten nggeh sedoyo kalepatan kulo".

"Yo le podho2, sepurone jugak yo aku gak isok menehi opo2".

"Nggeh mbah, nek mung niku kaet taun wingi kulo nggeh pun ngertos".

"Semprul....". masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-64587574581200088442016-07-05T16:15:00.001+07:002016-07-05T16:17:42.446+07:00Eman"Le koen sesuk sholat id nggae opo?".

"Nggeh biyasa mawon... njenengan ajenge mbagi sarung nopo?".

"Enakmu dewe... aku ae gak oleh bagian sarung".

"Nek ngoten njenengan ngagem sarung kulo mawon tesih anyar niki, angsal seking pembagian riyen..".

"Kok awetmen... opo'o gak mbok gae sholat?".

"La eman... soale njenengan mesti mboten maringi meleh... mulo kulo nek sholat biyasane nempil sarunge njenengan seng numpuk teng stlikaan...".

"Jiaah..".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-23629324591476886332016-07-05T16:04:00.001+07:002016-07-05T16:04:29.678+07:00Bukoan terakhir"Mbah ngke niki lak bukoan terakhir, mboten mundhut jajanan seng istimewa nopo?".

"Olaopo istimewa, opo bedane karo buko seng wingi2?".

"Nggeh jane mboten enten bedane, tapi kulo mung ngilengke njenengan, sinten ngertos taun ngajeng njenengan mboten menangi poso meleh".

"Hanciiik...".masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-9633083626975526332016-01-29T14:02:00.000+07:002016-01-29T14:02:00.548+07:00Jumatane gak tepak"Halo cak, lagi lapo sampeyan?".

"Halo, sek iki moleh mari jumatan, opo'o?".

"Alhamdulilah... isik kober jumatan...".

"Wooo nyepelekno... Awak2 iki masiyo uripe gak jelas, tapi nek jumatan yo mesti budal".

"Yo ngunu iku seng bener gak koyok arek2 nggonku iku, wes jelas2 jumat malah dolen gak karu2an... Mulane mesti nek jumatan tak kelilingi dhisik kampung iki ngabsen arek2 iku...".

"Yo, tapi sampeyan yo kudu nepakno ambek kondisine arek2 iku...".

"Apane seng ditepakno kan wes jelas jumatan?".

"Huu... sampeyan lak pengurus mejid, mbok nek nggolek khotib iku seng tepak.... Mosok khotbah nggarai jengkel, polahe critane mung nyalah2no thok... Trus mari ngunu nek ndungo seng didungakno seng adoh2, suriyah, irak, afganistan... Wes adoh2 gak kenal pisan.... Mosok tonggone seng cedhak2 gak nate didungakno, mosok arek2 gak didungakno, mosok seng gak duwe blonjo gak didungakno... Mulane sering nek pas khutbah tak tinggal merem ae, trus nek wayahe ndungo gak tak amini... Tak akehi istighfar ae... Lha yok opo wong gak tepak?".

"Huu... Nek ngunu iku batal jumatan sampeyan".

"Apane seng batal?... Yo sampeyan iku seng batal, wong wayahe khotbah malah tolah-toleh ae ambek pringisan ngabsen sopo seng gak jumatan...".

"Haseemm...".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-72665038636486861152016-01-01T23:03:00.000+07:002016-01-01T23:03:17.429+07:00Pengin bersaing"Halo cak, ndik ndi sampeyan?".

"Halo, sek otewe cak".

"Opo iku otewe?".

"Hadoh payah... otewe iku boso enggris, singkatane teko on the wei... artine nang ndalan...".

"Halah gayane nggae boso enggris... koyok yak yak' o ae...".

"Lha yok opo... gak eruh ta sampeyan, pemerentah iki lak wes melok perjanjian bebas, dadi mari ngene sembarang wong asing oleh usaha nang kene sak karep2e... nek peyan gak duwe persiapan dewe, ate dadi opo peyan... nek njagakno pemerentah, mbok sampek bodo koceng gak atene siyap, wong ngurusi got ae gak nate beres...?.

"Jiah... iku yo wes eruh... trus opo saiki usaha sampeyan?".

"Awak dewe iki saiki sibuk onlen rek...".

"Onlen apane wong hape sampeyan mik isok digae telpon ambek sms thok ngunu...".

"Nyepelekno... onlen iku artine nang len, dadi awak dewe sibuk ngurusi len, yo kadang len S, kadang len O...".

"Hadoh makelar bemo ae nggaya... Nek pengin bersaing ambek wong asing iku gizine yo diowahi... lha sampeyan sarapane mik pecel semanggi ngunu".

"Huu... timbangane peyan wes isoke ngriwuki wong, gayane ae sarapan roti tapi rotine tuku ngenteni diskonan, pantes ae dijak omong gak nyandhak trus, wong pintere didiskon".

"Hasruu...".masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-52911675099289292772015-12-09T19:05:00.000+07:002015-12-09T19:05:06.191+07:00Sedino ae gak ndukung"Halo cak, yok opo bose kok kalah iki..?".

"Halo... yo yok opo lo sampeyan? Kan wes tak titip nang sampeyan supoyo kuabeh ndukung bose?...".

"Yo uwes cak... Kuabeh wes tak bage i... Malah aku yo nombok pisan...".

"La terus opo'o kok isok kalah ngene...?".

"Yo iku cak, jare arek2, kaet sak durunge kampanye sampek mari kampanye, kabeh lak wes ndukung bose terus dadi kesel, mulane sedino iki mau pas coblosan njaluk leren dhisik... Yo wes tak olehi, mosok sedino gak ndukung ae gak oleh...?".

"Hanciiikkk...".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-71519340008547424412015-09-24T11:55:00.000+07:002015-09-24T11:58:11.681+07:00Dalile korban

"Halo cak, korban opo sampeyan?".

"Wah sepurane gak isok korban saiki".

"Lah opo'o... kan sampeyan lak duwe dhuwek?".

"Dhuwek onok tapi ate digae yok opo?..".

"Sampeyan dhewe korban gak?...".

"Nek aku yo korban rek...".

"Lo pas aku wingi nageh sampeyan jare gak duwe dhuwek?".

"La kan dalile lak sholat trus korban guduk nyaur utang...".

"Hanciiik...".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-72827859927931041102015-08-21T23:30:00.000+07:002015-08-21T23:30:37.991+07:00Bhinneka akeh tunggale"Le lapo koen kok plonga plongo ngewasno koran?".

"Niki lo kulo kok tesih bengung, jane bhineka tunggal ika niku
pripun to? Wong entene kok mung bhineka terus, udur2an terus, mulai
tukang ojek sampek mentri... ".

"Koen iku yo tak kandani... Bhinneka tunggal ika iku lengkape bhineka tunggal ika tan hana darma mangroa...

Dadi sing tunggal iku darma utowo kebecikan... Nang paran ndi ae kebecikan iku mesti podo kedadeyane...

Mulane gak usah bengung moco koran mergo koran dudu sumber kabecikan...".

"Sek2 anyar niki... Kok saget kebecikan podo kedadeyane?".

"Payah koen iku... Ngene ae koen eruh soto? Soto iku mulai wong
jowo sampek sumatra, kalimantan, kabeh duwe soto, kabeh seneng soto,
masiyo bumbune gak plek podo, tapi arane soto, mergo soto iku nang
roso... Roso iku tunggal... Kebecikan iku nang roso...

Mulane aku seneng soto... Mergo aku seneng kabecikan...".

"Huu... Mboten nyambung... Wong njenengan nek nyoto mesti sekule
dicampur to, trus tanpo ndog tanpo ceker, polosan thok... Becike teng
pundi?

Niku sanes bhinneka tunggal ika tapi bhinneka akeh tunggale, alias ngirit...".

"Lambemu semprul...". masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-91508479815385899682015-07-14T07:56:00.000+07:002015-07-14T07:56:52.794+07:00Zakat 'mall'"Le koen saiki lak wes oleh te ha er, ojok lali zakat...".

"Mpun, kulo titipke mejid pitrahe...".

"Mbelingan mung pitrah thok, dhuwitmu lak isik turah, mbayaro zakat mal...".

"Niku nggeh pun kulo niyati, tapi pripun wong dhuwite pun ngge blonjo teng mall...".

"Koen iku yo apike kudu zakat mal, ojok mung niyate zakat, tapi dientekno nang mall...

Piro2 usahakno, polahe iku yo nggo awakmu dhewe supoyo isok ngajeni opok ae seng wes mbok hasilno selawase iki..".

"Kulo nggeh ngertos, tapi mangke njengenan grenengan?...".

"Olaopo, opo hubungane karo aku?".

"Jatah terakhir lo niki, pun njengenan ikhlas?".

"Yo jelas ikhlas, malah kudu...".

"Nggeh pun... Niki wau kulo jange teng mall mundhutke njengenan sarung kaleh kopyah, tapi njengenan ngersakke kulo ken zakat, nggeh pun jatah ngge njengenan mboten sido kulo pundhutke sarung kaleh kopyah enggal ... Mboten nopo2 to, wong sarung kaleh kopyah njengenan pun turah2...".

"Haseemm....".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-29088018857462790322015-06-26T10:49:00.000+07:002015-06-27T10:50:02.926+07:00Nyunah cap sego"Ndhuk tangi... Saur...".
"Halah... Nopo to mbah, mbok biasa mawon, kok koyok mboten nate saur ngoten...".
"Wes meh imsak iki lo...".
"La sanjange njengenan ajeng nyunah saure, dahare diakhirke?..".
"Enakmu dewe, yok opo carane nyunah wong segone ae gak enek...".
"Huu... Nyunah cap opo niku, nyunah kok tergantung sego...".
"Semprul...". masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-25312145851337270222015-06-24T08:27:00.000+07:002015-06-25T08:27:42.755+07:00Buko ambek sing manis2"Halo cak, ndik ndi peyan, ayok bukber...".

"Hadoh bukber, lambene... Paling peyan ngejak golek takjil gratis ndik mejid ngarep...".

"Huu... Gak percoyo... Ayok nang mal...".

"Oalah cak2, poso iku yo prihatin, trus yok opo carane isok ngalap berkah...".

"Halah kelincipen, wong peyan jare kate ajar moco quran isin ambek arek
cilik2, poso yo mung pindah mangan, trus melok pengajian mik pindah
turu, wiridan gak apal, kapan berkahe?... Mending nang mal, uji nyali,
hawane seger, ayem, sawangane yo apik2,
panganan jejer2... Nek peyan kuat mesti gedhe ganjarane, trus ngko nek
katene buko, kari modal banyu botol, nyidhek ae nang mbak2 spg sing
manis2, kan jare buko ambek sing manis2...".

"Jiaah...dapurane...".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-18075659102191058852015-06-21T20:43:00.002+07:002015-06-21T20:43:25.962+07:00Qomat ngejak balapan"Le, mahriban nang endi koen kok gak ketok?".

"Nggeh teng mejid to, mosok teng warung?".

"Biasane koen mari buko trus pleng gak jelas mahribe...".

"Wah ngece...wong malah mahrib kulo niki wau istimewa kok...".

"Kok isok istimewa?".

"Jelas istimewa wong tahiyate mawon peng 4, berarti selawate peng 4, dados pahalane jelas lipet2 to?".

"Onok ae... Mahrib coro opo iku kok tahiyate peng 4?".

"Pripun to, wong kulo makmume kait rekaat ping 2 pas tahiyat kok, dos nggeh tahiyat terus... Bathi tenan niki mahribe...".

"Koen iku sholat kok nggolek bathi... Mulane sesuk meneh nek wes adan ndang nang mejid, koyok aku iku lo...".

"Huu...nggeh mesti mawon wong njengenan seng tukang qomate... Jamaah sek do buko, wetenge dereng nglumpuk, pun cepet2 qomat, ngge do keponthal-ponthal, nggarai males jamaah meleh... Jane pripun to karepe, ajeng ngejak sholat jamaah nopo ngejak balapan mlayu?".

"Wooo arek sempel...".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-79231191770460923532015-06-20T15:05:00.001+07:002015-06-20T15:05:33.509+07:00Nyathet sek"Mbak wes iki etungen piro".

"Pun 8 ewu mawon...".

"Dhuwike 50 ewuan ono susuke gak?".

"Huu..esuk uthuk2 ngeten nggeh dereng enten... Njengenan niku nek njajan mbok dhuwike seng pas... jajan sithek wae ngrepoti...".

"Hadoh, katene mbayar malah diseneni.... Yo wes sesuk ae, saiki nyathet sek...".

"La tenan to, pun mbatin kulo, mesti njengenan sengojo ben iso ngebon... Ngeten mawon mriki dhuwite ngge deposit, mbenjing nek saur nopo buko kantun nyathet...".

"La terus aku gak nggowo dhuwek?".

"Ngge nopo njengenan lak poso, mboten katene njajan to, mosok poso tapi niyate pun ajenge buko, percumah posone...".

"Hampfut...".
masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-26293924957096656782015-06-20T13:48:00.000+07:002015-06-20T13:48:04.896+07:00Kopi balsem"Mbak njaluk wedang kopi...".

"Ngke riyen, toyane dereng umob, sholat mawon riyen...".

"Huu...wong kepengene saiki gae ngangeti weteng...".

"Wo sholat kok dikalahke ngopi... Kopi balsem mawon nggeh?".

"Opo iku?".

"Niki kopine ngge toya biasa, trus wetenge njenengan gosoki balsem... Ngke lak podho angete...".

"Semprul....".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-13485397089022544342015-06-18T19:08:00.001+07:002015-06-18T19:08:25.969+07:00Rasa(h) mbayar"Mbak njaluk ngombe seng seger2, piro regane....".

"Telung ewu mawon... ngersakke rasa nopo, jeruk, jambu...?".

"Ketokke seng paleng enak nek rasa(h) mbayar...".

"Enakke... pun labu mawon cocok ngge njenengan.".

"Kok labu to?"....

"Nggeh... la bu wapak njenengan nopo seng duwe warung, kok rasah mbayar..."...

"Haseem...".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-51033890837012855342014-08-22T08:49:00.000+07:002014-08-22T08:49:10.377+07:00Prospek"Mbah pripun niki ditolak?".

"Yo mbuh, yo iku resikone nek nang pengadilan".

"La tapi mosok ditolak sedanten ngoten?".

"Nek pancene gak onok sing cocok yok opo?".

"Nggeh mestine sithik2 enten sing ditompo ngoten lho, mosok sak monten akehe dokumen, mboten cocok kabeh? Padahal seng ndamel dokumen tuntutan niku jare kumpulane ahli hukum, trus seng nolak nggeh kumpulane ahli hukum, kok mboten dong kulo kaleh tiyang2 niku, nopo riyen buku sekolahe bedo nopo?".

"Koen iku gak usah bengung, kabeh iku wes onok seng ngurus... Lha saiki upamane gak ditolak kabeh, opo yo trus koen paham, mesti gak paham juga, wong koen iku senenge mung bageyane seng rame2 thok...".

"Huuu mesti ngoten to, ngremehke, kulo niki asline paham, tapi mung dereng nyambung mawon critane...".

"Ah mbuh, wes timbangane udur2 an trus, mending tak nyang pasar sek ndelek barang, be'e oleh prospek...".

"La niku cocok... Sekali2 njenengan ngewangi kulo resik2, mboten mung pengin beres trus...".

"Resik2 apane?...".

"La sanjange ajeng pados prospek? Niku lak seng ngge ngosek jedeng...".

"Ngawut ae, iku prostekkk...!".

"Wooo pun ganti to....?".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-11998530099981137672014-07-21T23:13:00.000+07:002014-07-21T23:13:39.126+07:00Kwik kown ne poso"Le laopo koen menthelengi kalender?".

"Mbah sak niki posone nek corone kwik kown pun 80 persen, sekedap melih pun rampung".

"Koen iku ketularan tipi ae, sithik2 kwik kown... Terus riel kown ne piro?".

"Jane riel kown ne poso niku mboten nate cocok kaleh kwik kown ne?".

"Kok isok?".

"Nggeh jelas, wong kwik kown ne poso niku etungane menungso, riel kown ne poso niku kagungane Gusti Alloh, buktine taun ngajeng poso meleh, berarti lak riel kown ne niku mboten nate enten, ngantos mangke jaman kelanggengan....".

"Wooo dadi karepmu riyoyo iku gak enek ngunu?".

"Nggeh ngoten niku, riyoyo seng mantun poso niku mung Gusti Alloh maringi kelonggaran kaleh menungso ben rumongso menang rumongso diwongke... Cobak nek upamane Gusti Alloh mboten trimo, terus nggugat menungso dikengken poso trus, lak ruwet... Mulo gantine nggugat niku Gusti Alloh mung ngelingke menungsa supados poso mben taun...".

"Kok pinter koen yo... Padahal saurmu mung ndhog ceplok... Yo wis cocok iku, berarti koen gak perlu te ha er to... Kan durung tekan jaman kelanggengan?".

"Huu mbelingan njenengan niku... Nggeh tapi awas ngke kulo laporke pak lurah nek njenengan nate nyileh kas mejid ngge nraktir rondo ngajeng niko...".

"Haseem...".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-35168938763397444352014-06-26T00:40:00.000+07:002014-06-26T00:40:23.286+07:00Podho gak olehe"Mbah nang endi ae sampeyan?".

"Koen iku... Gak nang ndi2, paling nang mejid...".

"Sampeyan iku mejad mejid ae, paling ngko moro2 deklarasi...".

"Yo sak karepku lo, bah deklarasi bah deklamasi... Koen suk nyoblos gak?."

"Woo nyepelekno sampeyan... Nyoblos rek, malah kuabeh arek2 rombengan mbambung wes tak kongkon kudu nyoblos....".

"Weleh2... Mari mangan opo koen, dengaren nyambung lambene... Trus kate nyoblos nomer piro?."

"Gak athik nomer2an, seng penting kertase tak coblos, ce'e gak isok digae meneh...".

"Pinter koen yo, nek gak dicoblos, ngkok kertas jatahe awak dewe sing gak digae lak isok dicoblos wong liyo yo?...".

"Gak ngunu, polahe aku wes nate kate njaluk kertas bekase coblosan gae dirombeng, tibake gak oleh, trus gae opo kertas disimpen2, wong yo gak onok pengaruhe ambek uripe awak2 iki, padahal kertas iku dituku atas namane awake dewe... Mulane saiki mending tak coblosane ae, dadi podho2 gak olehe, kene gak oleh rombeng, kono yo gak oleh suoro...".

"Somplak.....".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-33473901242474074202014-05-18T22:40:00.001+07:002014-05-18T22:40:50.884+07:00Jare mak erotsemua capres dan cawapres harus diingatkan bahwa :

erektabilitas lebih penting dibanding elektabilitas

nomer urut tidak menentukan kemenangan,

tapi kalo sudah diurut pasti membantu kesenangan

kedudukan memang tidak bisa didapatkan dengan gampang,

tapi posisi duduk boleh dicoba

milih posisi cawapres boleh pikir2,

tapi milih posisi ciamik harus spontan

daripada rapimnas, mending rapetmas

keyakinan akan pandangan hidup bisa berubah total,

bila ternyata jika dipandang tidak hidup2

sekian

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-28733777765968759512014-05-12T23:00:00.003+07:002014-05-12T23:00:34.401+07:00Revolusi misuhKapan ya ada listrik berbahan bakar pisuhan, supaya gak sia2 pisuhan para penunggu krl...

Mgk besar arus listriknya mengikuti nilai hurufnya, mis asu=1+19+21=41A, dst shg smua diminta misuh bersama2...

Selain koor pisuhan, bisa jg ditambah ngludah banyak2, pd layar sensor yg bisa mengkonversi tekanan n kepekatan ludah....

Dengan begitu misuh jadi manfaat, shg nantinya muncul fatwa wajib misuh saat ada gangguan listrik...

Selanjutnya akan ada mata pelajaran baru misuh berenergi, yg pasti akan disetujui untuk jadi materi ujian nasional...

Ujian nasional misuh mungkin tidak tertulis, tapi praktek, jadi baca soal trus misuh dan ngidu...

Bahkan pilpres nanti gak perlu nyoblos, cukup liat gambr, trus misuh dan ngidu....

Sekian...masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-91578978550394589542014-04-24T23:14:00.003+07:002014-04-24T23:17:31.702+07:00Koalisi cap wedhus (2)"Mbah yok opo nek upamane aku dadi presiden, sampeyan gelem gak dadi wakile?".

"Koen iku mabok ta nglindur... Kok nyimut, oleh pirang perkoro koen kok isok ndadekno aku wakilmu, seng bener yo koen iku wakilku, kan aku luweh tuwek".

"Peyan iku ncene gak paham... Sik mending sampeyan masiyo wes tuwek tapi isik tak jak koalisi, nek ambek liyane sampeyan paling mung dijaluki dungo thok...".

"Hadeh omonganmu kelincipen, nggae koalisi barang... Koen iku yo, angon wedus ae gak isok kok ngomong koalisi?".

"Laopo angon wedhus, wong aku dudu mak'e wedhus.... Koalisi kok dibandingno karo angon wedhus? Koalisi iku yo koyok maen orkes... Ngumpul maen bareng tapi paham porsi maene dhewe2, dadi gak gampang, kudu ditoto, kudu diroso... Gak cumak bareng2 ngumpul gerudukan, tapi karepe dhewe2 koyok wedhus, iku jenenge koalisi cap wedhus".

"Gak wes gak melok2, ngkok aku mbok anggep wedhus".

"Huu yo gak lah, wong sampeyan ambek wedhus mati ae kalah".

"Ngawut ae... Kok isok?".

"Nek gak percoyo ayok nang warung sate ngarep, ngkok lak sampeyan gak wani mangan, jare kolestrol, jare asam urat...".

"Semprul...".

* Koalisi cap wedhus (1) :

http://komik-simbah.blogspot.com/2011/03/koalisi-cap-wedhus.html

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-75182742233150098942014-04-23T08:40:00.000+07:002014-04-23T08:41:47.555+07:00Demokrasi lotere"Pak pulisi mau lapor... (uhk..uhk..erk...erk...), maap suara saya ilang... (uhk..uhk..erk...erk...)".

"Ya pak silakan, ilang karena pileg kemaren ya?".

"Betul pak, repot kalo kena pilek (uhk..uhk..erk...erk...)".

"Tenang pak yg santai aja, jangan tegang, nanti malah setres... Jadi ilangnya di te pe es mana?".

"Lo kok bapak tau... (uhk..uhk..erk...erk...) di tempat pe es dekat rumah...".

"Ya memang biasanya begitu, trus apa saja yg ilang selain suara bapak".

"Wah bapak ini guyon... (uhk..uhk..erk...erk...), ya ilang semua pak, ya motor, ya uang, ya surat2".

"Waduh luar biasa kerugian bapak ini, tapi ya itulah namanya resiko coblosan ala demokrasi lotere, walaupun misalnya bapak sudah banyak bertaruh, tapi kalo bandarnya gak cocok, ya ilang semua".

"Ya memang pak kejadiannya setelah coblosan... (uhk..uhk..erk...erk...), tapi saya gak langsung lapor sini ... (uhk..uhk..erk...erk...), nyoba tanya mbah yai dulu siapa tau bisa mbalek barang2nya".

"Kalo itu sih gak mungkin pak... Karena masyarakat umum yg nyoblos itu gak mikiri soal bandar2an, tapi akhirnya ya tetep kemakan jg sama permainan temen2nya bandar2 itu... Omong2 bapak caleg di dapil mana, kok gambar bapak saya belum pernah liat".

"Lo kok caleg? Bukan pak, saya bukan caleg gagal... (uhk..uhk..erk...erk...), saya kesini mau lapor motor dan tas saya ilang pas parkir di tempat pe es...".

"Anzit...".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-8635415636290079922014-04-08T23:28:00.004+07:002014-04-08T23:28:43.477+07:00Puas-puasin deh"Bang besok nyang bener pemungutan suara ape coblosan?".

"Ya coblosan lah, emang mau, suara lu dipungutin kayak puntung rokok?".

"Ya kagak lah, tapi kenape suara kite dikotakin, emang nasi dikotakin?".

"Ye biar suara lu kagak nyrocos kemane2".

"Ah abang gitu aja marah, awas ye besok kalo gak nyoblos bakalan nyesel...".

"Nyesel apaan, mending nyoblos di rumah?".

"Kagak bisa, lagi disegel seminggu, jadi abang puas2in deh besok nyoblos di te pe es...".

"Ampun pemerentah...".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-1488877959268764007.post-73487757319791595962014-04-06T21:56:00.000+07:002014-04-06T21:56:00.774+07:00Meni pulitik"Mbah enake nyoblos opo?".

"La koen wingi jare melok kampanye, kok malah takok?".

"Ah kampanye lak wayahe nggolek dhuwek, yo gak onok hubungane ambek coblosan".

"Huu koen iku pancene gak isok adoh2 teko duwek... Ngunu iku jenenge moni pulitik...".

"Sampeyan iku ambek seng gak duwe duwek ngomong moni pulitik... Trus nek gak ngunu opo gunane caleg2 iku gae awak2 iki? Mosok dikon ngleles spanduke digowo nang rombeng ta? Wong mari ngene nek dadi iku sing maleh uripe yo caleg2 iku, awak2 iki paling yo pancet ngene...".

"Yo gak oleh ngunu koen... Iku ngunu gak ngregani perjuangane wong2 iku, wes ngetokna duwek akeh mosok gak dipilih... Mbelingan koen iku...".

"Huu yo luweh mbelingan sampeyan iku... Sampeyan iku meni pulitik... Sampeyan kongkalikong moles wong2 iku supoyo gak ketok elek'e, padahal njerone karaten, akeh tiyenge....".

"Haseem...".

masmoehttp://www.blogger.com/profile/16205207818723867801noreply@blogger.com0