Kamis, 30 Januari 2014

Odal adil

"Mbah yok opo kabare, gak bagi2 angpo ta?".
"Ngawut ae... Mbok kiro aku iki cino ta yok opo?".
"Sampeyan iku nek macak nggae klambi koko ngunu cocok wis koyok nang filem silat, manthuk2 ambek ngelus jenggot...".
"Yok opo... Koyok ketua parte opo? Butong opo kunlun?...".
"Guduk... Koyoke kaipang...".
"Lambemu... Wes kate laopo koen?".
"Mosok sampeyan gak paham2... Gusti Alloh moho adil... Nek onok seng duwe dhuwek mesti onok seng gak duwe dhuwek...".
"Huu kelincipen... Adil iku yok opo se?".
"Wes ta lah... Adil iku, nek onok akeh dibagi akeh, nek onok thithik yo dibagi thithik...".
"Koen iku koyok tuyul ae... Eruh ae nek onok seng nggowo dhuwek... Wes iki aku nggowo 10 ewu, nyoh tak bagei 2 ewu...".
"Lo kok mung 2 ewu? Yo gak adil...".
"Ngene... 10 ewu iku thithik opo akeh?".
"Yo thithik...".
"Yo nek ngunu bener to, koen tak bagei thithik, dadi 2 ewu ae...".
"Huu... 10 ewu iku yo jane akeh...".
"Yo podo ae, nek akeh trus dibagi akeh, kan olehe dadi thithik, nyoh 2 ewu, gelem gak?...".
"Huu odal adil...".



Jumat, 17 Januari 2014

Antisipasi

"Halo ndhik ndi koen?".
"Nganu sekedhap tesih jawah niki".
"Mulane ta antisipasi, wayahe usum udan ngene iki,  budhalo sakdurunge udan...".
"Nggeh pun budhal niki ndamel jas udan...".
"La terus ngenteni opo meneh?".
"Niki dalane do banjir...".
"Koen iku koyok gak nate eruh banjir ae...".
"Sanes nonton niki, dalane macet mboten saged liwat...".
"Yok opo antisipasimu iku, kan wes eruh dalanmu iku banjir, mbok ndelek dalan liyane lak onok...".
"Nggeh mboten saged wong niki pun lengganan banjir..".
"Onok meneh... Lengganan iku koran opo majalah... Mbok protes ambek pemda, ndi antisipasine, gak isin ta dadi pemda, koyok gak nate dadi pemda ae...".
"Percuma wong pemdane do sibuk pados alesan...".
"Trus saiki wes tekan ngendi?".
"Nggeh dereng majeng meleh, wong ngobrol kaleh njenengan niki...".
"Wes gek ndang budhal, ojok sampek gak ngantor...".
"Nggeh, mangke nek pun dugi kantor kulo langsung lapor njenengan...".
"Wes gak usah lapor wong aku nang omah...".
"La njenengan alangan nopo?".
"Gak, aku lak wes ndelek surat dokter wingi, biasa usum udan, antisipasi rek...".
"Hanciiikk...".



Jumat, 03 Januari 2014

Pulitik jama ta'khir

"Le la opo koen manthuk2 ae nang ngarep tipi?".

"Huu... Pertanyane kok pancet, pun gentos taune niki mbah... Dospundi sanjange taun pulitik?".

"Apane taun pulitik? Koen iku dislemur ambek istilah...".

"Nggeh mboten, wong pancen taun niki kathah peristiwa pulitik...".

"Yo akeh, polahe pulitik nang kene iku modele pulitik jama ta'khir... Kabeh diborong pas nek wes meh entek wektune... Mulai partene sampek calone... Padahal pulitik iku proses partisipasi, nek proses tanpo partisipasi, yo koyok pitek ngendhog, tapi gak diangkremi... Seng oleh seng duwe pitek, tapi pitek'e gak oleh opo2... Dadi nek jareku taun iki taun mambu, polahe seng dibahas crito lawas kabeh...".

"Wuik... Cek dowone crito njenengan, sampek kulo mboten mudheng...".

"Koen iku yo, masiyo wes tuwek awak2 iki yo pengamat rek...".

"Ah mboten percoyo, wong kalender anyar mawon mboten kagungan ngoten... Nek kulo, seng penting taun anyar niku kudu usaha ninggal seng elek2, gentos seng apik2...".

"Lambemu... Opo cobak, seng mbok genti?".

"Niku pirsani, sendal njenengan seng growak, sakniki pun sae...".

"Lo iyo, pinter koen... Kapan gentine?".

"Nggeh wau mantun jumatan...".

"Jiaah...!".