Kamis, 20 September 2012

Njaluk dhewe bengung dhewe

"Nang endi ae tak telp kok gak isok?".
"Lho iyo sepurane, nomere genti".
"Woo opo'o genti? Koyok buron ae".
"Hapeku ilang".
"Ilang ta digadhekno?".
"Ilang temenan rek...". "Mari diselang anakku digae dolen terus ilang".
"Ngunu yo... Endi nomere?".
"Catheten yo".
"Waa angele, miskol ae mrene".
"Kosong iki pulsaku".
"Wo yo'opo hape anyar pulsane kosong... Yo wis kene tak cathete".
"Lha jare angel, opo'o gak sampeyan ae sing miskol?".
"Awak2 iki lak pulsa dijatah, dadi yo wis entek jatahe".
"Lha podho ae, wis hapene lawas, pulsane entek pisan... Wis iki catheten...".
"Yo wis iki nomere hape sampeyan yo?".
"Lho guduk, iki hapene anakku".
"Waa mbulet, dadi hape sampeyan sing endi?".
"Yo gak onok..".
"Hadoh lha trus laopo aku nyathet nomer iki mau?".
"Mbuh lo? Lha wong sampeyan iku njaluk dhewe... Bengung dhewe... Untung gak dadi gubenur".
";->;-(...".

Minggu, 16 September 2012

Mbok sing rodo pinter


 "Ndhuk opoo koen kok cangkruk ae? Gak korah2 opo umbah2 ta yok opo?".
"Mboten saged wong pam e pejah".
"La, yok opo, wong kene tagihane mili terus, kono banyune gak mili blas? Trus opo jare alasane?".
"Biyasa, jare sak niki ketigo, sumbere kurang, nggeh kados abene niku lah".
"Hu alasan mben taun kok podho... Trus laopo ae selawase iki? Nek jenenge banyu iku lak sumbere gak cumak kali opo mbelik? Wong kari madhep ngalor iku lak laut sak mono ombone, lak banyu thok? Kan kari tuku alate... Mbok sing rodo pinter ngunu lo...".
"Alate awis sanjange".
"Hu alasan meneh... Wis kono masak ta nggawe wedang ta yok opo...".
"Nggeh mboten saged wong toyane mboten enten".
"La trus dadi gak mangan iki?".
"Wo aneh... Mosok sumbere panganan mung kulo thok, njenengan niku mbok sing rodo nganu ngoten... La ngajeng sebelah lor niku lak warung jejer2...".
"Asssyeemm...".