Jumat, 30 Maret 2012

Sof ngarep

"Mbah mampir kene sik gak usah kesusu".
"Gak ah ngko jumatanku kaco meneh".
"Ah sampeyan iku sumbunge, katene jumatan ae gak isok dijak mampir".
"Ngawur ae, iki ngono gak polahe sumbung, tapi pengen isok oleh sof ngarep".
"Opo'o sof ngarep, padhakno nontok ludruk ae".
"Koen iku yok opo, sof ngarep manut dhawuhe kanjeng nabi, tur oleh afdole cidhek imam dadi nambah barokahe". "Ah sampeyan wanine nang ngarep mung nek sholat, mbok cobak nang ngarep nek wayahe nulungi wong, langsung tandang nek onok seng soro uripe".

"Wo koen iku senengane nyemoni ae... La koen dhewe yok opo lo?".
"Ah nek aku saiki wis gak wani nang sof ngarep cidhek imam".
"Opo'o gak wani, wong gak mbayar ae lo?".
"Hu sampeyan iku dhuwik ae... Gak polahe ngunu, ndhisik aku nate sholat jamaah nang sof ngarep dhewe persis mburine imam... Tepak tengah2e sujud ujug2 imame kebelet, trus aku ditarik mengarep... Yo wis aku mengarep nerusno sujud".
"Bagus iku berarti koen dipercoyo dadi imam".
"Wo bagus apane? Bagus iku lak nek eruh? La iki imame langsung nyengkre? Aku bengung iki dikon njogo sujude ta yok opo?".
"Koen iku jare sekolah madrasah kok gak eruh? Koen iku sekolah ta cangkruk'an?".
"Ah sampeyan iku ngenyek ae... Trus aku yo sujud ae terus, sampek makmum iku grenengan bolak balik subhanaloh... Suwe2 tak lirek makmume ketoke gak krasan trus nyengkre kabeh... Mari ngono aku sisan cepet2 nyengkre muleh".

"Sempel koen iku... Nggenteni dadi imam iku berarti yo nerusno mimpin sholat, gak cumak manggoni sejadahe".
"Yo iku lak termasuk tugase imam juga, gak cuma pengen mimpin ae, tapi kudu ngajari makmume juga, nek perlu nyepakno gentine... Mangkane saiki aku mendhing ndelek sof mburi, ce'e gak ngganggu jama'ah tur gak didadekno imam".
"Ah koen iku ngeles ae... Eruh aku, koen nek jumatan mesti ndelek sof mburi iku ce'e isok cepet nyengkre, polahe katene nariki dhuwek parkir".
"La timbangane sampeyan... Suwe gak metu2 sampek mejide kosong latare sepi, polahe ce'e gak ditarik parkir".
"Semprul...".

Rabu, 28 Maret 2012

Melok ae

"Cak ayo mangan sik, ojok kerjo ae... Bakso ta?".
"Gak ah bosen".
"Yo wis soto".
"Ah wis bolak balek".
"La terus opo sing gurung nate?".
"Sing gurung nate iku jajan mbok bayari".
"Wo kenemenen cak, wong sampeyan sing nyambut gawe... Iku jenenge lak nguyahi segoro".
"Yo gak popo, saiki lak jaman wolak walik, koyo pemerentah sing njaluk perhatian rakyate, njaluk maklum salahe, njaluk paham kelakuane".
"As mbuh gak melok2 aku, saiki ngene ae sampeyan pengin njajan opo, aku melok ae".
"Ayok nang warung nang cidhek pasar".

(mari mangan)
"Cak wis mari tak moleh sik yo?".
"La gak mbok bayari ta?".
"Lo aku mau lak wis ngomong nek melok ae".
"Adoh aku yo gak nggowo dhuwek... Trus yok opo iki ninggal ka te pe ta?".
"Ojok ngko jeneng sampeyan kecathet, saiki melok aku ae yo, wis jam sampeyan ae".
"Wah yok opo iki mosok jam ku rek?".
"La yok opo, mosok sampeyan gelem ta diarani pegawe pabrik 'rantang', jare bayaran tibane ngutang?... Karo meneh jam sampeyan lak murahan tur wis lawas pisan".
"Yo wis melok opo jaremu".
"Temenan yo ikhlas?".
"Wis gak popo jam murah ae, nyoh".
"Sip saiki sampeyan ngenteni nang ngarep warung ae".

(mari diurus)
"Wis beres iki gae sampeyan."
"Opo iki?".
"Iku jajanan gae sampeyan, jare njaluk tak bayari?".
"Oleh duwek teko endi koen?".
"Iku mau jam sampeyan tak gowo nang tukang jam, payu 75 ewu, sing 50 digae mbayar warung, sing 15 gae nukokno jajan sampeyan, sing 10 tak gae tuku rokok, beres."
"La iku lak dhuwekku?".
"Jare melok ae?".
";[*)&^<^#>}@*?"

Rabu, 21 Maret 2012

Terancam

"Maap mas, situ turun mana?".
"Stasiun kota, knapa mbak?".
"Masih lama ya?".
"Ya kira2 setengah jam lagilah".
"Penuh bener ya, sampek mpet2an berdiri begini".
"Ya beginilah mbak nasib kereta ekonomi, malah sampek padha duduk diatas gerbong... Mbaknya baru naek ini?".
"Ndak juga sih, cumak ya kok pada kuat gitu?".
"Ya dikuwat2in mbak, karena percuma, wong puluan taun sambatan ya gak pernah ditanggepi, malah presiden yg cuma lima taun aja, tapi fasilitasnya lengkap, sambatan takut terancam, itu kan kalo orang jawa bilang kebo nusu gudel.... Yang mestinya ngasih perlindungan malah minta dilindungi terus?... La gimana to?... Kalo yg terancam itu ya kayak saya ini... Terancam bengsin naek, terancam sangunya kurang, terancam ndak bisa mbayar cicilan, wis macem2 pokoke serba ndak jelas...".
"Wah, tapi kalo saya sekarang ini sudah ndak kuat mas, kayaknya terancam bener, mungkin mau turun aja".
"Emang terancam knapa mbak, sakit?".
"Ndak... Cuma saya terancam pingsan, ndak kuat ini, kalo berdiri mepet ke ketek nya situ
terus..".
"*@!?><^?^;-"

.

Rabu, 14 Maret 2012

Daripada tinimbang

"Monggo bu, mriki didaptar riyen trus ditimbang".
"Kok mboten enten timbangan bayine?".
"Nggeh sepuntene, timbangane nembe risak, ngangge timbangan dewasa mawon".
"Nopo saged?".
"Nggeh saged, kados ibuk2 sanese wau... Mangke ibuk'e kaleh putrane timbang sareng2, trus mantun ngoten putrane dideleh mriki, trus ibuk'e timbang... Nek mpun mangke lak saged kepanggeh bobot putrane".
"Nggeh, tapi nek ngge kulo mboten cocok".
"Wah njenengan mboten percoyo kaleh petugas nggeh? Pun mboten bakale kulo ngowahi
timbangan... Kulo niki lak pun dilatih trus nggeh tesih gadhah tanggung jawab, nanggung resikone njawab gaweyane...".

"Wah mpun tersinggung ngoten, niku bener, nopo meleh urusan timbangan, mboten slamet dunyo akherat... Paribasane daripada tinimbang lebih baik aluwung".
"Wo malah guyon, serius niki... Pun monggo, ibuk kaleh putrane timbang mriki".
"Percuma, masiyo nimbang ping pinten mawon, mesti tetep mboten cocok".
"Haduh2... Bengung kulo, kenging nopo mboten cocok?".
"La jelas mboten cocok, wong niki sanes lare kulo...".
"*&$^%}^?*@<>(*!".

Jumat, 02 Maret 2012

Harmonisasi hak

"Halo cak ndhik ndi sampeyan, kok gak isok dihubungi?".
"Sori cak, sibuk dines luar iki, biasa garapan gak mari2".
"Dines luar ndhik endi?".
"Gak nang endi2, yo kene2 ae".
"Bagean endi sampeyan?".
"Iki lo bagean lobi".
"Hebat sampeyan yo, tapi ati2 sampeyan ojo sampek kenek kasus koyok wong2 sing mlebu tivi iku".
"Ah yo gak lah, awak2 iki lak wis eruh, endi sing dadi hak'e, endi sing gudu".

"Wah repot nek bagean lobi ngomong hak, lak kudu bener terus, iso dadi koyok robot, kapan bathine?".
"Yo nggak lah, sampeyan bayangno ae hak sepatu, yok opo nek hak'e cepot, lak mlakune gloyoran... Hak iku gak cumak urusan benere thok, tapi kudu isok nyonggo mlakune sampeyan cek'e enak... Enak dilakoni, enak disawang... Nek jare arek sekolahan, harmonisasi...".
"Wis cocok, tambah pinter ae sampeyan... Oleh opo ae teko lobi, bagi2 opo'o rek".
"Biasa ae, tapi nek sampeyan gelem, onok iku sek lobi bagean kidul ketok'e kurang tenaga".
"Sek2 lobi opo iki, kok bagean kidul?".
"Yo lobi gedung iki cak".
"La jane sampeyan bagean opo se?".
"Klining serpis".