Jumat, 27 Mei 2011

Hadiyah

[manfaat]
"Le ko'en wingi nang mantene koncomu kok ngado kotak cilik, isine nopo?"

"Sendok teh sak setel"

"Lha kok aneh, nek sing umum iku yo ngado dhuwit, opo piring, ngono"

"Njenengan niku dospundi to, nek ngado niku nggih sing paling manfaat"

"Nek ngono yo jelas luwih manfaat dhuwit"

"Halah dhuwit paling banter 20ewu, wong nyuwun njenengan nggih mboten angsal, trus nek piring paling ngge mangan wong saklusin, nek sendhok, masiyo sing ajeng wedangan sak stadion, sendoke cukup setunggal ngge gulo, sing tunggale ngge ngudhe'e"

"Wooo cekak aos"

[hadiyah]
"Jane ngado niku wajib nopo mboten to?"

"Yo nggak, ngado ki istilahe hadiyah, jane masalah roso, nek ko'en pengin nyambung roso nang sopo wae, sing penting niate tulus ikhlas"

"Wo nggih jelas nek kulo mesti menehi niku mesti tulus, ikhlas, wong kantun menehke mawon"

"Sik2 berarti kadomu iku ko'en gak tuku yo?"

"Nggih mboten wong niku kulo nggih angsal hadiyah pas arisan taun riyin"

"Untung ae gak kedaluwarso"

[barokah]
"Njenengan sok maringi hadiyah mboten?"

"Nek aku sing penting ki wujud perhatiane dudu wujud barange, utamane yo dungane supoyo slamet lan barokah, mung nek pas duwe rejeki luweh yo tak tukokno hadiyah"

"Tapi pas kulo ulang taun kok mboten dihadiyahi?"

"Lha ko'en iku lak jatah bulanan yo wis, perhatian yo akeh, trus kurange opo kok isih njaluk hadiyah"

"Kadose sing kurang niku barokahe, soale nek njenengan maringi duwit kulo mesti karo ngroweng tur alise gathuk, mulane duwite cepet telas terus"

"Wooo. yo wis ngko tak wenehi, trus tak dunga'no supoyo gak njalukan"

"Huuu...cethil"

Jumat, 20 Mei 2011

Podho wae

[sego]
"Nyuwun paring2, nyuwun sakkawelasane pun kaleh dinten mboten mangan sego"

"Onok meneh, terus opo'o ko'en gak mangan sego"

"Lha artane dereng ngumpul"

"Nek gak ngumpul2 terus mangan opo ko'en"

"Nggih mangan mi"

"Woo lam****! Iku ngono yo podho ae"

"Neng lak sanes sego"

[target]
"Ko'en" ngene iki opo yo nyucuk olehe?"

"Wo elek2 ngeten kulo nggih gadhah target"

"Lincipe, opo targetmu?"

"Nek enjing kudu ngopi, trus nek awan mangane sego padhang, nek mbengi nyoto"

"Luk...luk...luk..., kalah awak2 iki"

"Nggih kudu ngoten, niku jenenge pikirane maju, wong mosok pun uripe buthek mangane gak enak pisan"

[bebas]
"Ko'en sik seger ngene opo'o gak kerjo opo ta opo ngono?"

"Wa ngece sampeyan niku, kulo niki riyin usume tandur nggih melok macul, usume mbangun nggeh melok nukang, lha sak niki usume demokrasi nggeh kulo bebas nganggur"

"Nek ngono ndaftaro dadi anggota de pe er ae"

"Wo jelas niku cita2, wong kertu anggota kader kulo nggeh pun gadah"

[podho]
"Hu ko'en iku yo wis disediyani peranti lengkap soko Gusti Alloh ngono yo sik gak tanggap"

"Lha makane ngeten niki kulo bersyukur, wong kulo nek jumatan sofe enggih ngarep, pun sakniki pundi paringane"

"Enakmu dewe, aku iki wit mau esuk keliling nyebarno proposal durung mari ngene, malah atene mbok tariki sisan"

"Wo tibake podho ngemise"

"Neng lak nggae map"

Rabu, 18 Mei 2011

O Yes O No

*ono londo ngewasi peta*
"Helo ser ken ai helep yu?"

"Yes please, can you tell me how can I go to this hotel?"

"O dis hotel, a yu naiting der?"

"Night thing? It is still daylight, what do you mean?"

"O No, ai min yu slipeng in de hotel in nait"

"I see, yes I will stay there, it's seem so far from here"

"O No, don go dere, sofar is go bek to vilej"

"So tell me"

"O Yes, yu go hier, den der, den hier der, den der agaen der en der"
*karo tangane menggak menggok nduduhno dalan*

"Hm, its difficult, so many turning"

"O No, onli tzu lef en rait"

"A you are smart"

"O No, aim ge es em"

"A you have cellphone?"

"O Yes, ai hev henpone, nokia dis"

"Is it cheap in here"

"O Yes, wan cip ol operator, aim seling foucer elektrik, yu won to refil?"

"No thanks, by the way, how is the hotel?"

"O No, ai tel yu not go bas wei, yu ken go dis wei"

"Ok, I'll go by taxi" *karo ngawe taksi*

"O No, yu kan wok onli wan smoking"

"Do yo mean I have to smoke?"

"O Yes, yu ken smoking en woking, dis i giv yu wan"

*karo mlebu taksi rokok sakbungkuse digowo*
"O I know, sakrokokan he?"
"Lha yu now jawa spikeng, wai yu toking me in enggris?"

"Yo aku gole roko gratis" *taksine langsung mlaku*

"He...he...rokoke...! Wo londo kere"

"O Yes, I'm Carey...bye"

"#@%@#$@<>["

Jumat, 13 Mei 2011

Ayo sholat

[resik gasik]
"Mbah2 enteni aku melok, sampeyan ate sholatkan?"

"Wo ko'en wis eling ta, ayo kene melok sakdurunge tak sholatno"

"Tapi aku gak nggae sarung gak popo2 ta?"

"Gak popo pokoke gak keno najis"

"Tapi aku mau mari nglesed nang buk pinggir dalan kono, yo'opo nek nyilih sarung sampeyan"

"Hayah gak wis, ngko gak mbalek, ayo sholat"

[madhep manteb]
"Mbah sajadah sampeyan iku mujure gak kurang ngulon ta"

"Iki wis tak tepakno karo mujure mesjid ngarep, tur sing jenenge kiblat ki gak cuma sing wujud tapi nang keyakinan batinmu, mangkane nek ko'en pas gak eruh nang endi kiblate, ko'en oleh madhep endi ae"

"Ning mbah, lha nek kengaloren lak gak madhep nang mekah tapi nang beijing"

"Hayah gak usah nuruti sajadah, ayo sholat"

[kareb niyat]
"Sik mbah gae niyat gak?"

"Yo kudu, mergo niyat ki landasan kabeh amalanmu, masiyo gak diucapno gak popo angger niatmu memang cuma lilahi ta'ala"

"Yo wis nek ngono aku usah niyat meneh, kan aku mau wis pas ketemu sampeyan"

"Hayah wis kono ko'en sing eruh niatmu dewe, ayo sholat"

[nyebut sumbut]
"Mbah tapi ngko nek moco surate ojo dowo2 yo, iso kesirep aku"

"Nek jamaah ki yo di tepakno karo makmume, gak kudu moco sing dowo2 angger diusahakan lafale ki sing apik iramane ditoto dadi gayeng"

"Ah tapi jane gak usah ngono wong pancene sampeyan yo gak apal kan, paling yo moco kul2 an terus"

"Hayah ngko rungokna yo tak moco surat liyane, ayo sholat"

[mulur mungsret]
"Wis mbah saiki wis siap"

"Yo ayo ditoto shofe"

"Sik2 mbah lha kok wis krungu adan meneh"

"Adan ki memang tandane nek wis mlebu wektu sholat dadi yo mestine sing krungu kudu siap2...lha iku mau adan opo?"

"Adan isya'"

"Ladalah!...iki mau aku lak arep sholat maghrib, wo goro2 ko'en iku dadi mbleset"

"Ah sampeyan iku sing ngomong terus, wis ayo sholat"

"Gak wis kebacut, sholat dewe2 ae"

"Huuu pengine mlebu surgo dewe"

Rabu, 11 Mei 2011

Maap masih baru

*nyetop taksi*
"Pak antarken saya ke setasiun"

"Ya mbah, eh ya pak"

*setelah melaju beberapa meter*
"Lho2 kok mundur?"

"Anu pak, maap saya tadi lupa nyalakan argonya, karena intruksinya mulai jalan harus setel argo, jadi supaya gak keliru ya mulai dari awal lagi"

"Sampeyan ini baru apa gimana kok kayak belum apal caranya?"

"Hiya pak, maap masih baru"

*melaju lagi*
"Dari mana sampeyan?"

"Saya dari jawa pak"

"Bukan maksudnya tadi baru datang dari mana"

"Wo tadi datang dari selatan"

"Maksudku, mari teko ndi koe'n mau"

"Nggih, eh ya dari mol tadi"

"Wis suwe nyupir taksi"

"Wah suwe pak, sudah dari subuh pak kliling terus"

"Bukan, mulai kapan ko'en dadi supir taksi"

"Nembe dua hari, maap masih baru, makanya tolong diberi petunjuk jalannya"

"Ya kamu harus bersyukur masih diberi kesempatan dapet rejeki, nglakoni sing bener"

*sambil melaju*
"Mas ati2 itu namanya jalur bus wae, jangan masuk situ nanti kena tilang"

"Wo gitu ya, mangkanya kok yang lewat bis semua, lha terus kalo yg kita pake in jalaur apa pak?"

"Ya jalur bukan bus wae, jalur bebas mobil, motor, angkot"

"Kalo gitu namanya jalur sopo wae, trus nek teng trotoar berarti niku mlaku wae"

"Yo sak karepmu wae lah"

*masih melaju*
"Mas! depan belok kanan!"

"Astagfiruloh, jabang bayi!"
*ciit...berhenti mendadak*

"Semprul, kenapa kaget?"

"Walah, kaget temen saya, seumur2 nyupir selama ini gak pernah ditepok sama penumpang"

"Lah memangnya sampeyan sebelum ini nyopir mobil apa?"

"Mobil jenazah"

"Wo yo wis mlaku meneh"

"Nggih mbah, eh baik pak, maap masih baru"

*sampai di tujuan*
"Sudah sampai depan setasiun situ saja"

"Nggih mbah"

"Wuih larang temen argone?"

"Nuwun sewu, maap masih baru"

"Apane sing baru wong wis lawas ngono lho argone"

"Nganu, argone baru saya setel lagi"

"Gak gelem aku, biasane gak sakmono"

"Lha dospundi to? njenengan kudu bersyukur, taksih untung rego semanten saged dugi, lha kulo pun wit wingi muter2 mboten ngerti dalan mbalik teng pangkalan"

"%^^*&<>?"

Jumat, 06 Mei 2011

Setruk

"Mbah kagem sarapan, kulo masakke sekul goreng nggih?"

"Yo mathuk"

"Ngangge ayam nopo mboten"

"Yo nganggo ben enak"

"Tapi dereng teng pasar, sayur mawon nggeh"

"Yo wis ben sehat"

"Tapi niki onten sawi ning pun do alum"

"Iku jenenge sego garing dudu sego goreng, wis ndhog ae"

"Lha nek jare dokter mboten angsal, mangke ndhak kenging penyakit setruk"

"Ko'en iku yo penyakit situk ae ngombe obate repot opo meneh setruk"

Rabu, 04 Mei 2011

Kelingan duso

"Opo'o koen nek ketemu aku kok ketoke rodo kuatir ngono?"

"Iyo mbah, aku mesti nek ketemu sampeyan langsung kelingan dosa2ku"

"O yo alhamdulillah, nek koen isih eling karo dosa2mu, ning gak usah kuatir, kari njaluk ngapuro wae nang Gusti Alloh, mergo Gusti Alloh ki moho rohman lan rokhim, dadi masiyo ko'en matur karo nggowo dosamu sakgedhene gunung, nek niyatmu tulus lan ikhlas trus siap nompo opo dhawuhe, mesti dingapuro"

"Lha iku mbah mangkane aku kuatir nek moro2 Gusti Alloh duko terus aku didadekno tuwek elek koyo sampeyan"

"Wo dap*****"