Jumat, 30 Desember 2011

Ngolah pikir

"Mbah yok opo iki taun baruan gak mangan2 ta opo ngono?".
"Koen iku taun baruan opo, wong cumak ganti kalender?".
"Yo untung ae onok kalender, nek gak cobak ae itungan wis pirang dino sampeyan urip?".
"Onok ae... Taun baruan iku sing penting kudu iso mawas diri, yok opo uripmu, sing luweh penting meneh yok opo sekolahe anakmu...".
"Anakku yo sekolah mbah, cek'e luweh pinter...".
"Yo sukur nek ngono, tapi nek iso gak cumak pinter sekolahe, tapi iso ngolah pikirane...".
"La nek pinter iku yo mestine isok olah pikir?".
"Yo gak mesti, buktine akeh arek sekolah, tapi mari ngono gak kabeh sukses uripe... Ngolah pikir iku gunane supoyo ngko anakmu iku isok ngrasakno dadi menungso temenan, gak dadi mesin etung... Mulo nek ngandhani anakmu ojok ngoyak2 dikon sekolah thok, tapi oyak'en supoyo sinau terus, yok opo carane, kudu diusahakno...".

"Yo nek anakku mestine pinter, wong wingi rapote ae gak enek sing abang".
"Tapi nek jare putuku anakmu jare nyontoan nek ulangan?".
"Ngarang ae iku putu sampeyan ae sing nyonto anakku, wong lungguhe jejeran".
"Kok eruh koen?".
"Nek jare anakku, kapan iko pas anakku ulangan, kan onok soal seng gak eruh jawabanne, terus timbangane gak diisi, yo ditules ae nang kertas ulangane --gak tau--... E mari diprikso tibak'e putu sampeyan pas soal seng iku, ngisi opo cobak?. Arek iku nules --gak tau juga--...".
"Tapi nek aku takon putuku jare anakmu seng konangan gurune tepak kate nyonto?".
"Ah gak mungkin, wong anakku yo isok ngolah pikirane... Nek jare anakku, iku gak katene nyonto, tapi arek iku katene mrikso garapane putu sampeyan, podho po gak...".
"Hu..."

Rabu, 28 Desember 2011

Isok nglindungi tur wasis

"Le klambi sing biasane tak gae nang endi?".
"Klambi sing bathik niko? Kok mboten bosen to ngagem niku terus".
"Yo modele cocok ae...".
"Ah nopo se klambi niku, nek cocok lak jane nggeh enten sanese seng cocok?".
"Klambi iku lak digae supoyo awak iki gak cumak ketutup, tapi kudu isok nglindungi tur disawang wasis...".

"Wah nek ngoten pemerentah niki kadose mboten cocok nek dadi klambi, wong nglindungi wargane dhewe mawon mboten saged, ndaniyo wasis, wong nutupi omongane dhewe mawon mboten jegos...".
"Hus koen iku, macem2 ae...".
"Wo ngerti kulo, klambine njenengan niku mesti angsal seking pembagean pas coblosan riyin to?".
"Yo gak ngono, kabeh iku onok riwayate, tapi yo ketoke pemerentah saiki koyok klambi rombeng, dho suwek kabeh...".

"Sip... Berarti cocok nek klambine suwek".
"Sip apane? Koen gelem ta klambi iku?".
"Mboten ah, wong pun suwek".
"Heh... Opo'o suwek?".
"Lha wingi pas enak2 setriko, diutus njenengan ngeterke surat teng pak lurah jare penting urusan pemerentah...".
"Hadoh2... Ampun pemerentah...".

Jumat, 23 Desember 2011

Sing sabar

"Koen laopo bolak balik mbukak'i buku telpon? Kate mbok apalno ta?".
"Wo nggeh mboten, tapi kulo niki mung mbayangke repote Gusti Alloh ngadhepi catetane wong sak ndonya? Padahal nek buku telpon niku lak sing abonemen thok, la nek sing ngge hape lak mboten kecathet?".
"Yo gak ngono, bukune Gusti Alloh ki gak koyok buku telpon, tapi isine amalane menungso, opo ae amalanmu sithik akeh mesti kecathet, upamane itung2an, apik iku nambahi, nek elek iku ngurangi".

"Wah tambah ruwet banget bukune, nek amalan sing sithik mawon kecathet, nopo termasuk uthik2 upel, ngentut, glegek'en?".
"Ngawut ae, yo mungkin kecathet, tapi gak kabeh mlebu buku utama amalan, kecuali nek polahmu iku dadi jalaran metune napsu... Dadi upamane koen ngentut, nggarahi wong liyo mureng gak? Nek gak yo gak dianggep amalan opo2, dianggep polah lumrahe menungso".

"Wa angel tenan niki, ketokke nek njenengan dadi khotib jumatan, langsung dho ndomblong kabeh...".
"Opo'o kok ndomblong kabeh?".
"Nggeh jelas to, dho nggumun, ki wong oleh teko endi elmune, kuliyah nggak, nyantri nggak...".
"Ngenyek ae koen iku...".

"Tapi enten amalan sing mboten jelas nambah nopo ngurangi".
"Opo iku?".
"Niku lo sabar... La sabare tukang becak lak benten kaleh sabare maling...".
"Bedane opo?".
"Nek tukang becak, turu ngenteni penumpange, nek maling, ngenteni penumpange turu...".

"Pinter koen yo, pancen sabar iku iso nambah bobote amalanmu... Wis ayo jumatan...".
"Nggeh tapi njenengan sing sabar nggeh?"
"Kate jumatan kok nggae sabar barang, opo'o?".
"Niki lampune lak teseh mati, dados niku wau adane mboten ngge speker...".
"Hadoh... Wis budhal aku".
"Wah moreng... Kecathet niki".
"As mboh...".

Rabu, 21 Desember 2011

Ekonomi kreatip

"Opo'o sepedah sampeyan kok dituntun?'.
"Kempes ngono lo...".
"Sampeyan iku yok opo, nek pengen numpak sepedah yo banne ojok sampek kempes."
"Koen iku yo, wis iki delok'en opo'o?".
"Yo wis tak priksone sik".
"Lo opo'o dibukak? Opo'o gak langsung dikumpo ae?".
"La nang ndokter ae sampeyan sakdurunge ditambani yo diprikso dhisik".
"Nambah ongkos lak'an nek dibukak sek?".
"Sampeyan iku ngewangi ekonomine wong ae gak gelem... Yok opo diterusno gak?".
"Wo urusan ekonomi kok mutungan."
"Lo... Ekonomi iki penting."

"Koen wis suwe ta nambal ban ngene?".
"Wis suwe mbah, kaet ndhisik, yok opo meneh jenenge kebutuhan ekonomi".
"Ekonomi iku lak macem2, gak cumak ngene, kan isok usaha liyane, koyo arek2 iku, nggarap opo ta opo, sing jare ekonomi kreatip".
"Ah awak2 iki yo eruh, tapi corone kan gak kudu podho... Sampeyan kate nang endi se?".
"Kate nang kecamatan ngurusi ekonomine warga."
"Wis bener ta ekonomi sampeyan kok isok ngurusi ekonomine wong liyo?".
"Ekonomi iku gak enek bener opo salah, onok'e hasil opo nggak?".
"Wo nek ngono mesti sampeyan oleh hasil teko ngurus iki yo?".
"Yo, tapi kan kudu kreatip..."

"Wis iki mari".
"Piro ongkose?".
"Prikso 2 ewu, nembel 5 ewu, dadi 7 ewu".
"Cik akehe... Opo'o gak 5 ewu?".
"Sampeyan eruh, dokter gigi ae, ongkos prikso bedo karo nembel".
"Hu... Senengane dipadhak2no".

"Ngko ojok lewat kono yo, akeh pakune".
"Wo... koen yo sing nyebar paku?".
"Ngawur ae sampeyan... Nek sebelah kono duduk aku".
"Mbelingan koen yo... Berarti sing sebelah kene sing jektas tak liwati, koen yo sing nyebar?".
"Yok opo sampeyan iki? Jare ekonomi kreatip".
"Semprul..."

Jumat, 16 Desember 2011

Sing mbejaji

"Le iki krupukmu tak pangane yo?".
"Sing puteh nopo sing kuneng?".
"Sing kuneng".
"Ampun sing kuneng, jare ngangge wenter".
"Yo wis sing puteh ae".
"Ampun sing puteh, niku pun mlempem".
"Trus aku mbok wenehi krupuk sing endi?".
"Nggeh mboten enten".

"La trus gae opo koen majang krupuk nang kene?".
"Mboten ngge njenengan, tapi ngge sanese".
"Koen iku jenenge gak jujur".
"Lha niku wau kulo lak pun jujur kaleh njenengan?".
"Iku jenenge koen jujur tapi peleh2, nek jenenge jujur yo gak oleh ngono, Kanjeng Nabi wae ngendiko nek kuncine keslametan iku yo jujur, opo meneh nek jujure isok temoto, supoyo dadi dalane uripmu".

"Ngeten ngke nek njenengan trus gerah mergo wenter, kan mboten mbejaji?".
"Onok ae, endi onok loro sing mbejaji?".
"Lo enten, la niku sing jare korupsi, nek kecepeng niku lak trus loro jantung, infeksi, sampek pikun".
"Ah iku lak akal2ane wong ae supoyo gak dibui".
"Tapi pulisi niku lak pinter2, wong bolak balik nyekel teroris mawon mboten nate loro, mosok
niki sing dicekel pasien sedoyo?".
"Yo iku tantangane, podho karo koen oyak2an nang jero dremolen, nek sing ngoyak ambek sing dioyak podho numpak'e, yo kenak'en, gak kenek2, carane kudu metu teko dremolen trus di ndhegno".

"Wo niku lak kados njenengan nek wayahe kerja bakti, bolak-balek mesti mboten melok, sambatan loro boyok".
"La nek loro temenan yok opo?".
"Ah mboten percoyo, wong loro kok enten jadwale, sing ketok niku njenengan loro boyok, tapi senes urate, tapi panuen".
"Ah mbuh... krupuk'e tak pangane, selak jumatan." *krauk2*
"Lo2 kok didahar to? Niku ngge sanese".
"Sanese sopo?".
"Kuceng... Niku wau lak pun dho ceblok dirayah kuceng, trus kulo singkirke riyen ngge pakan mengke... Wo gak mbejaji..."
"Semprul.. kenek meneh...".

Selasa, 13 Desember 2011

Bener tur pener

"Mbah mboten dahar, pun dicepakke niku...".
"Yo sek, lawuhe opo?".
"Niki enten jaer".
"Dengaren koen biasane nukokno tahu?".
"Njenengan pengin sing murah nopo sing enak? Nek murah nggeh tahu, nek enak nggeh iwak niki".
"Lha aku mbok seneni? Yo gak ngono, mangan iku yo gak oleh asal mangan, mergo Gusti Alloh kan dhawuh nek mangan iku onok aturane".
"Nek niku kulo eruh pokoke mboten mangan babi, bathang, dideh to?".
"Kok pinter koen? Ngene Gusti Alloh ki nek jareku, dhawuh bab iku, tujuane gak cumak mung ngatur mangan opo, asal panganane, sampek coro oleh mangane thok, termasuk gak oleh nyiyo2 panganan utowo mubadzir... Nek jare arek sekolahan, jenenge parameter... Tujuan utamane tetep akhlak, dadi gak cumak bener tapi juga pener, gak oglag agleg, tapi iso ajeg benere...".

"Wo dadi angel banget critane, pun sambi didahar mawon".
"Yo wis tak pangane... Enak iki... *nyam2*... Oleh teko ndi koen?".
"Niku wau dalu kulo lak jalan2 teng alun2, trus wangsule lewat sawah... La pas niku weteng kulo mules, timbangane mrojol teng ndalan, nggeh pun langsung mawon ndhodhok teng sawah... Kebeneran pas kulo enak2 ngoten, enten mujaer moro, nggeh langsung mawon kulo cepeng...".
"Wis2...huek2...".
"Lo kok malah diutahke? Nyiyo2 panganan... Wo kapan penere?".
"Asem...".

Jumat, 09 Desember 2011

Mbulet

"Mbah mampir kene sik, kate nang endi?"
"Nang mejid kate jumatan."
"Yok opo kabare? Waras?"
"Yo waras rek, nek gak waras yo gak isok jumatan, malah gak wajib jumatan..."

"Lungguh2 kene dhisik wong durung adan."
"Koen la opo cangkruk'an ae nang gerdu? Gak kerjo ta?".
"Gak, gae opo kerjo?".
"La yok opo, yo cek'e oleh duwek".
"Terus opo'o?".
"Duwek iku iso mbok klumpukno, dadi koen mari ngono ngko gak usah kerjo".
"Walah mbulet sampeyan... Nek cumak katene gak kerjo ae, saiki aku wis gak kerjo...".

"Wo sempel arek iki... Wis tak nang warung ngarep sik".
"Melok aku, mumpung luwe".
"Laopo luwe kok nang warung?".
"Katene mangan".
"Percuma mangan wong mari ngono koen luwe meneh".
"Sampeyan iki mbulet opo peret".

"Ayok aku melok jumatan sisan."
"Lha iku lak sarungku sing mbok selang kapan iko, tapi durung mbok balekno to?".
"Laopo dibalekno kan mben minggu jumatan meneh? Sampeyan ngongkon aku gak jumatan ta?"
"Hadoh... wis sempel mbulet pisan".

Selasa, 06 Desember 2011

Nyekel buntute ulo

"Mbah njenengan nembe nopo to, kok asik dolenan banyu?".
"Ngawur ae, lagi mbenekno kran iki lo... Laopo takon2?".
"Waduh mbok mpun galak2 ngoten, mengke tambah cepet ketingal top...".
"Top apane?".
"Tuwek ompong peyot...".

"Wo koen iku yo senengane ngganggu ae, kate njaluk opo se?".
"Mbok kulo ditulungi...".
"Kenek opo koen?".
"Mboten, niki lho mbok kulo ditulungi ngisi te te es...".
"Hadoh2 ngisi te te es ae njaluk tulung? Athuk nulungi aku ae kene...".
"Lha njenengan niki lak pinter, tapi kan dereng meyakinkan....".

"Opo'o koen kok moro2 rajin ngisi te te es?".
"Nek kulo pikir2, jane macem2 perkoro teng negoro niki kok kados ngisi te te es...
Kothak'e pun enten, arahe pun jelas, tapi kok mboten iso ngisi?".
"Masalahe sering kedadeyan sing ngerti gak ngisi, sing gak ngerti wani ngisi,.."

"Yok nopo saged ngisi wong mboten ngerti?".
"Yo koyok koen iku, modale mung tokan takon thok, mari ngono rampung, terus ingah-ingih rumangsane sing ngerti dhewe".
"Niku lak salahe sing ngerti, tapi mboten ngisi".
"Koen isok ngomong ngono, tapi ati2 ae nek gak diterusno ambek sinau, opo meneh coro takok'e kurang unggah ungguh, podho karo nyekel buntute ulo, salah2 isok kepathok dhewe".

"Wo ngenyek kulo niku, nggehpun tak ngaku, niki ngisi te te es ngke hadiyahe ha pe, tapi jane seng ingah ingih nggaya niku njenengan."
"Ojok ngawur koen, kapan aku ngono?".
"Wingenane niko pas njenengan takon bolak balik carane ngangge kamera ha pe, kan trus mantun saged langsung nggaya fota foto teng arisan er te?".
"Ah koen iku ngaku aku ae senenge, ben dianggep...".
"Ngge biasa to, tapi ati2 nek kepathok".
"Kok iso?
"Teng ha pe ngriku enten fotone rondo ngajeng ngriko to? Tapi njenengan dereng ngerti coro mbusek'e to, wong dereng kulo ajari...".
"Asem...."

Jumat, 02 Desember 2011

Ngisor ndhuwur kenek kabeh

"Mbah ajeng teng pundi? Monggo numpak bemo kulo?".

"Kate nang mesjid agung, koen mrono ta?".

"Nggeh monggo, mumpung tesih kosong, pun lenggah mawon sing sekeco".

"Yo wis, tak lungguh ngarep... Ojok kesuwen budhale, kate jumatan iki".

"Nggeh mbah, tenang mawon kulo lak nggeh jumatan, tesik dangu niki, kulo tak ndelek penumpang riyin".
*greng2*

"Ayo kapan budhale, wis seprapat jam iki?".

"Sekedhap 5 menit meleh, wong tesih kosong ngeten lo..".

"Hadah kesuwen, ayo wis budhal, ngko tak imbuhi ongkose".

"Hu... Nggeh pun... Ate jumatan ae ngrepoti..".

"Koen iku yo, wong jumatan malah dipaido?".

"Mbok jumatan teng cidhek2 ngriki mawon, kan ngramekke sing luweh cidhek mestine lak luweh sae to?".

"Yo iki jenenge ikhtiar... Jumatan iku kan gak cumak semata2 sholat thok, jenenge sholat jamaah iku onok ibadah mahdohe onok muamalahe... Trus yo onok bageane nambah elmu, pas khotbahe, mulo Kanjeng Nabi dhawuh supoyo nyemak khotbahe... Trus iso dadi ajange silaturahmi, nambah sesrawungan, jane yo komplit jumatan ki... Sayang neng gak dimanpaatno, polahe ngisor ndhuwur kenek kabeh...

"Tapi yok nopo nek khotbahe marai ngantuk?".

"Ah yo gak onok khotbah marai ngantuk, pancen niyate ae pindah turu... Tapi yo apike khotib iku, kudu ngisi elmu dhisik sakdurunge khotbah, gak usah sing gedhe2, dadi omongane ki dirungokke, gak perlu berok2 nang mimbar...
Wis ayo gage ngebut, mosok amben gang diinguk, kapan tekane? Wis adan iku lo...".

"Nggeh sik to, niki digas kok mbrebet..". *bret2*

"Wa mogok tenan..".

"Wadah cotho tenan... Wis tak mudhun golek mesjid...".

"Mbok kulo ditulungi riyen... Njenengan nyetir, ngke kulo surunge, trus dioper nggeh? Muamalah niki...".

"Halah... Wis ayo surungen...".

"Pun gek ndang dioper trus digas...".
*greng2*
*bruk*

"Wadoh malah nubruk bok... Mboten direm nopo?".

"Lha koen iku mau nyurunge kebanteren, dadi gupuh gak sempet mancal rem..."

"Wah... lampune benthet... Njenengan kudu nempuhi niki".

"Kok enak? Bemo iki lak tanggungjawabmu?".

"Sing nyetir lak njenengan?".

"Gak wis tak golek mesjid...".

"Percuma pun niko abane pun meh salam?".

"Wo goro2 koen iku dadi gak jumatan...".

"Pun mboten nopo2 mangke sholat biasa mawon, sing penting wau lak pun muamalah, ngewangi nyetir, neng pengin komplit meleh nggeh niki mahdohe... Nempuhi lampune bemo...".

"Sontoloyo...".

Rabu, 30 November 2011

Biaya siluman

"Koen ono gaweyan gak?".

"Gaweyan akeh, dhuwike sing gak enek, opo'o?"

"Nggarap omahku, gelem gak?".

"Yok opo, omahe sampeyan kate dibrukno ta?".

"Ngawur ae koen iku, omahku masiyo tuwek tapi isih apik".

"Yo omah sampeyan jane apik, tapi saking apike sampek gak eruh sebelah endi apike".

"Wo ngenyak koe'n yo, omah mek sitok gak tambah gedhe ngene..".

"Ojok nggedhekno omahe dhewe ae, gak ilok iku nek jare wong2 ndhisik, ndadekno ati sampeyan koyo gunung, kaku, gak nganggep tanggane, gak isok diowahi..".

"Hadoh2... Wis ngene ae koen gelem gak nggarap iki?".

"Gelem ae, kate borongan opo harian?".

"Ah nek borongan koen ngko ngenthit material, nek harian koen ngko nggarape lon2..".

"Nek katene mbangun iku lak kudu onok bestekke, yo gambare yo biaya material, tukang, termasuk biaya laen2 sing gak jelas, biaya siluman jare."

"Halah iki lak cumak nembok nggae kamar sitok ae, gak athik digambar, biayane yo gak akeh kudune."

"Sampeyan iku ambek awak2 sing jelas2 jungker walek ngene gak percoyo, tapi percoyo ambek sing gedhe2, sing ketoke bonapid, padahal nyolonge juga gedhe..".

"Ojok ngarang, kok isok koen ngomong ngono?".

"Wo sampeyan iku, duwe koran ojok cepet2 dikilo, coba diwoco temenan... Kabeh proyek sing rubuh pemboronge gedhe2 kabeh, tapi gak jelas tanggung jawabe, padahal awak2 iki masiyo dudu insinyur ae ruh, nek iku mesti garapane gak manut bestek".

"Wadah esuk2 diceramahi tukang batu..".

"Wis ngene ae mene tak garape tapi tulung bayarno utangku nang warung ngarep".

"Lha durung kerja kok wis njaluk dhuwek?".

"Wis anggepen ae biaya laen2."

"Wo ncene koen iku tunggale siluman"

"Yo sampeyan iku bose siluman."

Jumat, 25 November 2011

Gak oleh itung2an

"Sugeng enjang mbah, salamlekum".

"Walekumsalam, koen ta, teko ndi esuk uthuk2 nang kene?".

"Nggeh seking langgar mriku... Ajeng matur kulo pun mantun subuhan lo..".

"Oalah ngono ae lapor? Yo wis sukur nek koen isok subuhan, tapi opo'o kok ndengaren rajin?".

"Halah mesti ngece... Kulo niku lapor njenengan, polahe njenengan niku lak kados asistene malekat, senengane ngopyak2 ken sholat...
Wau dalu mantun nontok bal, kulo lak kancilen, trus langsung mawon teng langgar, mboten pindah turu thok niku, tapi nggeh sholat barang, itung2 sholat lael, trus glethak'an sampe subuh".

"Koen iku yo kualat ngkok, gak usah nggowo2 malekat...
Sholat ko polahe kancilen? Sholat opo ae iku yo teko keyakinanmu, trus yo ojok sampek mung nggo ngisi wektu opo timbangane nganggur, dadi gak oleh itung2an, cek'e uripmu isok kajen....
Tapi opo'o gak sholat nang mejid ngarep?".

"Ah teng mriko mboten iso glangsaran, primpen banget, sithik2 digembok, dos mboten krasan".

"Yo iku ngono lak supoyo tertib tur gak enek sing ilang".

"Lha tenan to mulo njenengan mboten nate sholat teng langgar mriku, polahe kuatir sandale ilang to? Sandal ngoten mawon kok itung2an, wong padahal kelangen sandal niku nek kulo nggeh biasa mawon".

"Wo gundhulmu... Yo mesti ae wong sing bolak-balik mbok ilangno iku sandalku..".

Rabu, 23 November 2011

Uripe diremot

"Le opo'o koen kaet mau ngumeki remot ae?".

"Niki lho ngrasakke remot kok hebat tenan, angger dipencet langsung maleh... Ndaniyo urip isok ngoten?".

"Koen iku yo onok ae seng dibayangno... Gelem ta uripmu diremot molah maleh gak karu2an?".

"Nggeh mboten, nek karep kulo, nek pas wayahe mboten seneng mawon trus dipencet ganti".

"Lha temenan kan? Aku wis ngiro koen paleng pengine seng enak terus...
Padahal Gusti Alloh ki nek upamane kerso, kari mencet langsung kun fayakun, langsung maleh, tapi kan nggak, mergo Gusti Alloh ngajari nek menungso kudu usaha.
Mulo koen iku usahakno nyidheki Gusti Alloh, supoyo nek wayahe koen ngrasakno wis enak, uripmu gak keremot dadi gak enak, terus nek wayahe gak enak yo nyuwuno supoyo maleh dadi enak...".

"Jane sanes masalah kulo, tapi niki lho masalah negoro kok gonta ganti mawon, sinten seng nyekel remot niki? Nopo'o mboten dipencet acara seng seneng2 mawon?".

"Yo iku, koen nate nang pasar malem, dadi koyo numpak ombak banyu, munggah mudhun, mumet, sing gak kuat yo muntah2".

"Tapi nek niku masiyo muntah tapi lak seneng, lha niki, senenge mboten, senepe terus".

"Wis ta lah, koen kudu ajar isok ngrasakno enak wayahe gak enak, koyok koen ngrokok iku... Trus ae disedhot masiyo gak jelas enake sebelah endi..".

"Ah nek ngrokok niku nggone kulo nggeh enak terus."

"Wis tuku sarapane?".

"Lha niku jane sing pengin kulo remot, soale dereng tumbas".

"Yo'opo, kan wingi wis tak wenehi dhuwek?".

"Nggeh niku ngge nebus remot".

"Onok ae, opo hubungane remot karo sarapan?".

"Wingi lak kulo jogo griyo dhewekan, nyekel remot, pencat pencet, tapi acarane tipi mboseni, padahal pas mboten nggowo dhuwek, trus kelingan remot, nggeh kulo teng warung titip remot, ijol rokok".

"Halah... cek nemeni koen iku remot ae digadhekno?".

"Lha timbangane kulo wingi ngge dhuwike njenengan? Pun sakniki nek ajenge sarapan kulo titipke meleh remote?".

"Hu koen iku pancene njaluk disawat remot..".

Jumat, 18 November 2011

Ngemis perlu promosi

"Nyuwun paring2, nyuwun sak kawelasane..".

"Ah koen meneh, kapan iko kan wis nate tak wenehi?".

"Nggeh, tapi niki mumpung promosi, menehi pindo gratis sepisan... Njenengan lak pun nate maringi kulo sepisan, nek njenengan maringi kulo meleh sakniki, mene kulo mboten mriki".

"Halah... Ngemis ae nggae promosi".

"Lho sakniki pancen kudu ngoten, nek mboten? Wo kalah saingan. Macem2 niki promosine".

"Luk2... Opo ae promosine?".

"Macem2... Menehi pisan dongane pindo... Tambah menehi tambah rejeki... Menehi saiki langsung barokah... Menehi sepisan mesti kelingan... Sip to? Pengin nopo meleh? Mangke kulo damelke".

"Wis2 gak usah diterusno, tambah sempel koen iku ngko".

"Nggeh mboten, serius niki, mosok selawase mung dadi alat promosi?".

"Onok ae koen iku... Kok iso?".

"Lha niku biasane nek pemerentah pas butuh bantuan nopo utangan, teng negoro2 liyane... Niku lak kulo dicatet, dipoto2, trus sampek rodsow, konggres, konperensi, trus pidato2 thethek mbengek... ketoke mentereng jas2an, manthuk2, mesam-mesem, tapi nek wayahe acara, kulo digaruki ken nyengkre.. padahal jane podho ngemise".

"Koen ngono iku yo jane cuma dadi obyekane wong2 iku".

"Lha nggeh niku mulo mending kulo tak promosi dewe, cek'e duwike langsung mriki".

"Potonganmu gak jelas ngono yo gak mungkin isok... Sing jenenge promosi iku gak cuma bondo yakin thok, tapi kudu onok promotore sing ngatur".

"Nek ngoten njenengan mawon mromotori kulo? Ketokke njenengan lak istiqomah, tur mboten mbujuk'an?".

"Hadah... Gak wis mromotori kok wong ngemis...".

"Nek ngoten nggeh mboten usah protes nek kulo ngemis... Pundi paring2e?".

"Nyoh iki... Mene ojok njaluk meneh yo, kan jaremu saiki isih promosi?".

"Ah nggeh mboten janji, wong mene promosine bedo meleh..".

"Wo... watu".

Rabu, 16 November 2011

Elmu oplosan

"Mampir mbah..".
"La opo mampir?"
"Kene lo... Sampeyan gak tuku ember ta? Saiki lak usum udan?".
"Opo hubungane?".
"Wa gak pinter2 sampeyan iki, omah sampeyan lak mestine bocor, makane tukuwo ember gae tadah udan".
"Wo ngece koen yo, masiyo omahku lawas, tapi gak nemen ngono..".
"Wis ta lah saiki gak jamane ngeles2 ngono, wong aku yo nate ruh sampeyan ngresiki mester nek mari udan".
"Wo gak sopan, urusane wong digae dagangan".

"Saiki ngono mbah, jamane wujud, kuabeh gak enek sing disingetno...
Delokken ae, gak de pe er gak pejabat gak bos, podho ae, blong kabeh...
Sing sugeh nek esuk nggae sedan, mbengi nggae jip...
Sing ayu nek esuk ngeler kelek'e, mbengi ngeler pupune...
Sing pinter nek esuk ngumbar kupinge, mbengi ngumbar cangkeme...
Sing korupsi nek esuk mbagi dhuwike, mbengi mbagi perkarane...
Makane nek omah sampeyan bocor gak usah isin2...".

"Koen iku yo ncen gak isok ndelok wong meneng gak tuku barangmu...
Ngono iku dudu elmu wujud, tapi elmu oplosan teko ujub ambek takabur. Nek elmu wujud iku ngenani ananing awakmu sing wujud teko kersane Gusti Alloh, bener gak oleh singetan kudu bloko, tapi opo ae sing mbok lakoni lan sing mbok hasilno teko wujudmu, tetep kudu mathuk karo kersane Gusti Alloh mau...".

"Wis ta lah, ayo meleh sing endi?".
"Yo wis sing iko ae sing ijo".
"Iki ta?".
"Dudu, etane..".
"Ndi? Iki yo?".
"Yo iku ijo".
"La iki nek jare mbokku iki biru...biru deun".

"Wo aneh... Piro iku?".
"Nek gae sampeyan 10 ewu ae".
"Larange? 5 ewu ae".
"Gak oleh mbah, kulak'e ae gak oleh sakmono, wes 8 ewu, gowoen".
"Gak wis dhuwiku mek 5 ewu".
"Ojok ngono ta, iku jenenge gak sumbut ambek elmune".
"Ngarang ae koen iku, nyoh ki delok'en aku cumak nggowo 15 ewu, sing 10 kate tak gae tuku mangan".
"Mangan lak wis biasa tur gak tahan suwe, dadi 7 ewu ae, sing 8 ewu gae ember iki awet tahan suwe".
"Yo embermu tahan suwe, tapi wetengku gak tahan luwe".
"Gak popo anggep ae sampeyan ngamalno elmu".
"Hu... lambemu...".

Jumat, 11 November 2011

Gak isin karo kuceng

"Le laopo koen ngewasno kuceng ae?".

"Ningali kuceng niki lho kok elok tenan nggeh, sanjange kewan tapi kok uripe anteng ngoten, padahal pados mangane nggeh angel?".

"Yo iku Gusti Alloh wis ngatur kabeh, malah ngono iku sisan dadi conto nggo menungso".

"Lha tapi menungso niku lak gadah akal, mosok malah biyayak'an, mboten iso anteng olehe golek mangan?".

"Jane nek mung mangan yo be'e gak sampek biyayak'an jungkir walek gak karu2an, tapi polahe kepenginane menungso iku gak cumak mangan, mulo dadine yo ngono".

"Kepengin nopo to wong paleng seng utama nek sanese pangan nggeh mung sandang?".

"Lha saiki koen iku duwe penginan liyane gak?".

"Nggeh kathah tapi wong mboten gadhah duwek yok nopo?".

"Yo iku bedane, isok nahan opo gak... Iku sing diarani napsu.
Mulo kamulyane menungso duwe akal iku gak polahe mung iso gae mikir itung2an, tapi iso gak digae ngatur lan ngolah napsune?
Napsu iku dowone sak dowone ambeg'anmu, gedhene sak gedhene angen2mu".

"Nek ngoten upamane sinten sing kalah kaleh napsune niku meh podho kaleh kewan ngoten?".

"Yo kiro2 ngono, malah be'e iso2 luweh endhek timbangane kewan, mergo kewan lak gak duwe angen2 lan penginan opo2".

"Ah serius niki, pun ah tak teng wingkeng riyen".

"Yo wis kono., Sisan aku gawekno mi".

"Lha lak nembe dhahar wau?".

"Ah wong sik luwe ki?".

"Nganu... mboten isin kaleh kucenge ta?".

"Kok iso?".

"Lha kucenge mawon dereng dipakani".

"Asem..".

Rabu, 09 November 2011

Diangkremi opo nggae bolam

"Mbah kate tuku ndhog ta?".

"Iki ndhogmu dhewe ta?".

"Yo'opo sampeyan iku, yo ndhog'e petek".

"Tak pilihane sek yo?".

"Opo'o kok dipilihi?".

"Be'e onok sing elek".

"Halah mbah2, ndhog iku wit ndhisik yo ngono, masiyo sampeyan nyeluk pak bupati yo pancet gak eruh endi sing elek".

"Koen iku dodolan katene payu ta nggak? Lak sak karepku meleh, nek gak oleh gak sido lo iki?".

"Hu... ngunu ae mutung, yo wis gek ndang dipilihi, iki kanthonge".

"Sek ya tak troponge situk2".

"Hadah...sampeyan iki meleh ndhog ta kate meleh presiden?".

"Meleh opo ae iku kudu ati2, opo meneh presiden, ojok sampek kedluduk".

'Yo tapi nek presiden lak wes onok bageane sing nyeleksi".

"Lha terus koen iku manut ae karo hasil seleksi iku? Yo'opo nek seng kepeleh maleng?".

"Yo mbuh lo? Tapi nek kanggoku yo upamakno ae calon presiden iku koyo endhog... Supoyo netes kan kudu diangkremi... Yo deloken ae sopo sing ngangkremi, mbok'e dhewe opo nggae bolam? Nek mbok'e dhewe, upamane gak seneng karo ndhog'e opo mbok'e, gak iso sembarangan ngganti, kudu eker2an dhisik, tapi nek nggae bolam yo berarti kodiyan, mergo nek katene ngganti gampang ae gak enek sing rebut".

"Kok pinter koen, mangan ndhog terus yo?".

"Yo nggak, nek dipangan dhewe kapan oleh dhuwike? Wis sampeyan kate tuku pirang kilo?".

"Gak, cumak 3 iji ae".

"Wo sampeyan iku yo mek tuku sakmono ae ngrepoti wong... Wis tak pelehno iki ae, ojok dibongkari kabeh...".

"Nek mbok pelehno berarti mbok jamin mesthi kudu apek yo?".

"Sampeyan iku enak'e dhewe, tuku 3 njaluk jaminan... Aku kulak'an sakkranjang iki gak enek seng njamin".

"Hu... bakul ndhog kedonyan".

"Sampeyan iku sing payah... wis tuwek meleh ndhog ae gak iso, opo meneh meleh presiden."

"Sont*****"

Jumat, 04 November 2011

Kurban ki akhlak

"Lagi opo koen kok milang-mileng neng kono karo ngewasno lapangan?".

"Niku lho ningali wedhus... Njenengan badhe kurban mboten?".

"Pengine kurban, tapi mbuh dhuwike sik kurang, opo'o se?".

"Lho nggeh ngelengke mawon, wong ngelengke perkoro ibadah lak sae ta?".

"Yo bener, tapi mari ngono koen mesti ngongkon aku tuku liwat awakmu?".

"Ah nggeh mboten terus njuk ngoten, nek kulo nawani njenengan niku nggeh sakdermo ngewangi njenengan kersane mboten repot".

"Ah gak wes nek lewat koen regane larang".

"Lho nek kulo niku ono rego ono rupo... Tur nek luweh larang luweh apek niku mestine angsal ganjarane lak saged luweh gampang luweh gedhe?".

"Ngarang ae, rumangsamu kurban iku padhakno karo nyogok proyek ta yo' opo? Kurban iku gak cuma mergo duwe dhuwek, tapi iku pancen Gusti Alloh dhawuhe ngono tur yo napak tilasi kedadeyane jaman kanjeng nabi Ibrohim".

"Napak tilas pripun to? Nek riyen niku lak jane putrane, trus nabi pun kadung pasrah tur nekat malah diganti wedhus, niku Gusti Alloh guyon nopo?".

"Hus... Gusti Alloh ki yo memang nyenengke, tapi gak guyon koyok koen ngunu. Nek aku ngarani yo iku dadi pelajarane menungso, nek masiyo pikirane wis cupet tur gak ruh opo sing kate dilakoni, ojok sampek ngurbanke menungso".

"Wah elok tenan crito njenengan niki, ngurbanke niku termasuk mboten nyukani panganan sampe keluwen ngoten?".

"Yo jelas, nek keluwen lak suwe2 bongko. Mulo ono dhawuhe Gusti Alloh sing nyambungke kurban karo sholat... Dadi kiro2 kurban ki nyambung bab akhlak".

"Sek2 nek ngoten kadose akhlak njenengan mestine kurang komplit nek mboten kurban? Nggeh pun kulo pesenke wedhus, nggeh?".

"Koen iku cepete nek urusan kate oleh dhuwek... Gak wis, gak usah ngko tak golek dhewe..".

"Wah kurang akhlake ki..".

"Asem..".

Selasa, 01 November 2011

Ngamal sik sakdurunge dagangan

"Halo nang endi?".

"Halo bos, nembe medal sakeng kastemer".

"Bas bos bas bus, koyo entut... Yok opo beres pesenane? Oleh piro?".

"Beres bos, cumak nggeh biasa dereng saged mastekne ajeng pesen pinten".

"Ngunu ta? Nek ngono tulung diusahakno sing liyane yo...ojok kesusu moleh".

"Siap bos...awak2 niki pekerja keras rek...mboten gampang molehan".

"Yo bagus... Yo nek pegel ngopi2 sik nambah meneh yo oleh, ketanne njupuk'o meneh yo".

"Lha teng pundi njenengan?".

"Aku nang warung sebrang dalan dul! Kaet mau tak wasno sak jam rong jam, kok gak budhal2, la opo ae?".

"Sori bos, siap... Kalem bos mantun ngeten budhal, nembe nglobi niki..".

"Koen iku yo adol ote2 kleleng ae athek lobi?".

"Lha njenengan niku yok nopo? Niki lak carane nyonto tiyang2 niku, jare bisnise ce'e lancar".

"Halah koen iku pesenan gae arisan ae jare order kastemer..."

"Lho niku jenenge optimis, mulai seking nyebute..".

"Nyebut iku yo nang Gusti Alloh nek ndungo..".

"Wis kono budhal ojok ngecewes ae, wis modalku durung mbalek, ngko nek ntek pulsane aku nempuhi sisan..".

"Pun tenang mawon, sanjange pak kyai nek dhuwek saged seking pundi mawon, tapi nek rejeki seking Gusti Alloh... Mulo nek dagang niku kudu ngejak Gusti Alloh..".

"Wo dikandani malah genti nyeramahi..".

"Lho niki hiburan kulo, elek2 taseh usaha terus, timbangane pemerentah niku isone mung adol mawon, mulai lemahe, alase, iwak'e, pun kabeh mawon, tapi ndandani got mawon mboten iso beres2".

"Hus...wis awan iki selak gareng daganganmu".

"Nggeh, niki tulung bayarke sisan nggeh? Ngamal riyen kersane Gusti Alloh kerso mangestuni dagangan njenengan".

"Semprul..".

Jumat, 28 Oktober 2011

Seng penting selahe

"Mbah wau enten tubruk'an teng ngajeng, sepedah udug2 sing kados we'e njenengan, seking ler trus dadakan seking wingkeng disruduk kaleh metik...grobyak seng ndlosor malah metikke, aneh niku..".

"Koen iku yo nek sepedah seng elek2 mesti dipadhakno karo we'ku... tur opone sing aneh? Wong jenenge dalan searah ki, nek nabrak yo mesti teko mburi..".

"Wo malah guyon, tapi pancen sepedah njenengan niku kudune pun diapkir...mbok gek ndang tumbas sing anyar ngoten?".

"Yo, tapi wong aku sek seneng sepedah iku... Opo'o koen kepengen sepedah metik ta?".

"Nggeh enak niku, kari ngegas mawon langsung tleser2..."

"Mari ngono langsung nubruk..".

'La niku pancen salah pabrik'e, wong otomatis kok mung ngegase, ngereme mboten..".

"Onok ae koen iku... Tubruk'an iku mau salah sijine conto masiyo luweh nom luweh anyar pancet ae gak iso ngliwati sing lawas, utamane gae arek2 sing saiki wis dadi pejabat utowo wong penting nang pemerentahan sering gak iso mrantasi gawe mergo nek nglakoni opo ae mergo isih nom tur kroso pinter langsung digetno gase, gak ngertiyo nubruk sing lawas2 nang ngarepe... Iso aturan lawas iso wong lawas."

"Ah nik jane mergo sing lawas2 niku mawon senengi ngalangi dalan."

"Mulo ojok cuma isok ndhisik'i mlakune sing lawas2, tapi yok opo nggolek selahe supoyo sing diselip iku gak mangkel... Upamane nek nglakson ojok terus2an, njur nek wes cedhak ojok kemepeten, yo koyo ngendikane kanjeng Nabi nek ngadhepi wong lawas2 utowo wong tuwek2 iku kudu ono adabe trus ojok sampek marai musuhan".

"Wah njenengan niki riyin seneng balapan nopo?".

"Yo biasa rek... awak2 iki yo nate dadi arek nom, delok'en iki tanganku".

"Hebat... niku tanganne tilas balapan nggeh?".

"Dudu iki ngono tilas ceblok wayahe menek pelem".

"Wo mesthi nyolong nggeh njenengan?".

"Yo... Sing penting meneh ojok grusa grusu, gradakan pengin cepet oleh".

"Hu... nek kulo pun nglakoni niku sedoyo... Pun niteni yok nopo selahe njenengan, dos pun mboten gradakan meleh nek ajeng ndamel sarung njenengan".

"La koen iku nggae sarungku meneh? Pantes tak rasak2no ambune kok bedo? Awas koen yo".

"Hu wong lawas nggae sarung lawas.... gak gairah".

"Timbangane koen iku arek nyar tapi nggae sarung lawas... sepo".

"Masiyo sepo nek selahe ngertos lak suwe2 enak".

"Ah.. wis kono jumatan".

"Jumatan meleh... sarunge pundi?".

"Hu lamb***... wis ki nggonen... ndungo sing akeh yo".

"Ah... ndungo meneh..."

Selasa, 25 Oktober 2011

Ngroweng bermutu

"Mbah niki koran2 kaleh kerdus bekas niki ajeng dibucal nopo mboten?".

"Opo'o koen kok dadak'an rajin ngono?".

"Wo ngenyek, kulo rajin niku pun kaet riyen, njenengan mawon sing mboten ngakoni'.

"La ngono ae purek... Ngene koen iku tak delok2 jane pancen rajin, tapi kumat2an".

"Gendheng nopo kok kumat2an?".

"Koen iku ketok rajine nemen nek katene bayaran".

"Nggeh biasa to...malah njenengan niku sing aneh, ketok'e sugeh tapi kok itungane
nrithil?".

"Ojok ngarang koen... Teko ndi kok iso ngarani sugeh?".

"Gampang, tingali mawon larahane, nek kathah berarti lak kathah blonjone".

"Sik2...larahanku kan gak akeh?".

"La niku wau koran2 kerdus bekas, nek tiyang sanese dibucal nek njenengan lak disade
meleh berarti lak nambah penghasilane?".

"Wo koen iku yo itung2an dhuwek ae, ngko sampek aku nang jedheng ping piro be'e mbok
itung juga?".

"Mboten ngoten, nembe niki lak enten kabar nek cacahe tiyang sugeh teng mriki niku
termasuk sing cepet nambahe..".

"Ah yo iku lak jare surve, tapi gak jelas pengaruhe nang kemajuane ne".

"Nek ngoten survene digentos mawon dados surve sing ngetung negoro pundi sing cacahe tiyang ngroweng paleng akeh..".

"Kok ngono?".

"Sak niki coba milih negoro sing maju upamane londo, bayangke mawon, mosok enten londo sing ngroweng teng ndalan teng nggriyo teng pundi2?".

"Yo pancen ketokke gak umum".

"Mulo nggeh leres ngendikane kanjeng nabi nek kakean ngroweng niku bakale mboten saged mulyo, nopo meleh niki sak negoro ngroweng kabeh, kapan mulyane?".

"Tapi nek nang kene jelas koen sing ngroweng ae".

"Nek kulo ngroweng wong pancen sek kurang..".

"Podho ae gak kurang gak luweh yo pancet ae ngroweng..".

"Timbangane njenengan, pun duwe dhuwek tapi pancet ngroweng...mboten mutu..".

"Ah.. bah mutu ngarep bah mutu mburi..".

Kamis, 20 Oktober 2011

Semangate kudu jelas

"Kate nang endi esuk2 mruput wis budhal?".

"Katene budhal kerjo".

"Hebat...wis gak ngojek meneh?".

"Gak wis, kesel ngojek saiki, kabeh wis numpak sepedae dhewe2, dadi hasile tambah gak jelas, tapi sambatane tambah banter".

"Yo sukur, dadi opo koen?".

"Jare dadi kepala bagean".

"Luk2...cik hebate, kepala bagean opo?".

"Kepala bagean penitipan sepedah..".

"Lha...iku ngono kepala bagean sing paleng ngisor dhewe...Duwe anak buah akeh yo?".

"Yo gak...anggotane mik 2, termasuk awak2 iki kepala ngrangkep anggota, ngrangkep nggae kopi...Dadi yo itungane tri in wan..".

"Nek upamane koen gak mlebu, lak kojur anggotamu sitok'e?".

"Yo babahno iku, anggep ae resiko gaweyan".

"Koen mestine duwe wakil koyo mentri saiki, dadi koen isok jalan2 ngontrol rono rene, trus isok tudang tuding, gak soro nemen..".

"Enak'e...yo soro wakile nek ngono, mendhing njaluk mundhak bayaran, opo ngursusno anggotane ce'e tambah pinter, opo ngganti alat2 sing wis lawas".

"Wis cocok koen dadi mentri, semangate jelas, gak kuatir soro...mene2 tak usulno nang presiden dadi menko, gelem ta?".

"Onok ae sampeyan iku, mengko opo?".

"Opo ae isok mengko sore opo mengko bengi..".

"La guyon ae sampeyan iki, wis tak budhal sik".

"Kaet kapan kerjomu?".

"Yo kaet dino iki...wis jam pitu iki, nek telat dipotong bayaranku..".

"Koen ketoke kudu nggae sirene saiki".

"Nggak perlu lah wong sing liyane nang ndalan iku yo gak kepengen telat mergo kalangan dalane ambek sing nggae sirine".

"Gak ngono, polahe saiki wis jam wolu..".

"Mak jan! Lho iyo...jamput... Matek temenan jamme... Hu iki lak jam tekok sampeyan?".

"Makane ta nggae jam iku diambu dhisek... Nek mambu berarti wis matek..".

"Ah sompl**..".

Selasa, 18 Oktober 2011

Mbrusut dadi bubrah

"Le tulung iki dipotokopi, sing iki kurange ae...dadi sing iki anggepen wis dadi."

"Nggeh, sing niki berarti asline? Sing niku nyonto sing niki ngoten?"

"Dudu...asline yo gak tak gowo...ngene ae sing iki kopien, mari ngono sing iki delok'en kurange opo, susunen manut sing iki terus kopikno, trus sing iki ojo dijilid, sing kopiyan karo sing iki ae dijilid".

"Hu...kok ruwet banget to niki, kados nyusun undang2 mawon?"

"Koen iku nyambung ae? Nggae undang2 ki ramene pas nek sidang thok, mari ngono yo koyo koen iku bingung dhewe nyusune".

"Terus ngoten niku dadose bener nopo mboten?"

"Yo mbuh, tapi ketoke anggere wis mari disusun, diteken yo wis, mari ngono pas katene digae ruwet meneh, jare sing ngene jare sing ngono, mbuang dhuwek ae...Wis iku saiki coba totonen sik, ati2 ojo sampek bubrah".

"Nggeh niki ditoto riyin, kok kandelmen to niki...Ee., inalilahi...hadah mbrusut..".*ceblok udar kabeh*

"Lha...yok opo koen iku? Angel2 notone malah diceblokno!"

"Pun niki kulo totone meleh, tapi niki urutane yok nopo?"

"Yo iku masalahe aku gak apal urutane".

"Nggeh kiro2 mawon, sambi diwaos alon2, wong nyusun undang2 mawon angsal kliru, mosok niki mboten?"

"Ngawur ae...Dokumen penting kok dikiro2. Yo nek nyusun undang2...masiyo kliru tapi sik pancet oleh bayaran, gak enek sing nuntut. Lha nek iki, wo awak2 iso gak oleh bayaran... Wis kene tak balekno ae nang sing nggarap iki..".

"Trus niki mboten siyos ngopine?"

"Gak wis, ngko ae, tapi gak njaluk tulung koen meneh, nggarai kesruh".

"Hu...wis gak nggarap dhewe, nyusun ae bengung, mutung sisan...untung gak ngurusi undang2..".

"Ah lam****..".

Jumat, 14 Oktober 2011

Rekoyoso Suwir-suwir

"Mbah nembe enten lindu maleh nggeh?".

"Yo opo'o?".

"Sanjange nek lindu ngeten niku termasuk adzabe Gusti Alloh, mergo teng daerah mriku kathah maksiyat."

"Koen iku gak mikir ta? Nek sing maksiyat oleh lindu, opo'o gak nang daerah sing pancen nggone?".

"Lha trus nopo niku?".

"Ngene, kabeh iku wis diatur, maksudku anane opo ae sing nang ndonya iki gak cuma diglethakno ngono ae...nek menungso duwe akal, nek banyu, watu iku istilahe sunatulloh".

"Wah ruwet".

"Isih mendhing lindune wujud, cuma ngrusak bangunan, tapi coba nek lindune nang sirahmu?".

"Trus akalmu rubuh, jungkir walek, opo gak luweh bahaya? Dadine bengung ngalor ngedul?".

"Nek ngoten niku nggeh resafel mawon."

"Koen iku pulitik meneh..".

"Wong sing nembe rame niku?".

"Resafel saiki ngono koyo soto ayam nang warung pingger dalan iko...jare nggae ayam, tapi cumak pirang suwir, dadi koyok cumak sarat thok".

"Tapi kan nek pun ngoten mawon sing mangan soto wau pun cukup kan beres".

"Beres iku mergo wis kadung pesen, yo yok opo meneh? Ngko nek gak trimo dijawab, tukune nang pingger dalan njaluk macem2".

"Ah tapi teng hotel kadose nggeh sami mawon".

"Kapan koen nang hotel?".

"Mboten, niku kulo nate angsal turahan lawuh, sakeng rencang sing kerjo teng hotel".

"Wo oleh turahan ae wis isok mutusi".

"Sing penting iku duwe akal iku ojok mung mikir sak kenek'e, tapi coba nek dhawuhe Gusti Alloh wujudno dadi sulthon, yo iku olah piker rekoyoso, tapi nganggo roso sing gugah, nek jare arek kuliyahan ki inisiatip, dadi supoyo akalmu iso qiyam".

"Ngomong2 bab soto kulo nggeh masak soto rekoyoso".

"Enak yo? Coba ngicipi".

"Lha kok isine mung cambah ngene?"

"Lho niku pun manut ngendikane njenengan, inisiatip, timbangane cambah kaleh sambel, mending enten duduhe seger?".

"Ah yo wis dienak2no ae".

Kamis, 13 Oktober 2011

Yo sariah yo sarimin

"Koen wingi sms aku ta?"

"Gak...Ngarang ae sampeyan iki".

"Lha iki onok sms njaluk kiriman dhuwek, iki lak koyok kebiasanmu?"

"Yok opo sampeyan iki, wong jenenge ae dudu jenengku, mbujuk iku...Pancen aku nate njaluk, tapi gak lewat sms, langsung ae, wong jare gak dhuwek malah mbuang dhuwek gae sms? Tur aku kan gak duwe rekening bank, duwene rekening lestrek".

"Koen iku sampek tuwek ngene iki gak duwe rekening?"

"Yo trus opo'o?"

"Nek upamane onok sing katene ngirimi dhuwek yok opo?"

"Hu...ngarang meneh...wong tuwoku wis gak enek, dulur2ku repot kabeh...Sampeyan opo meneh...ruhe mung nageh setoran".

"Kan nggae rekening iku kan gampang?"

"Aku nate kate nggae tapi malah dikon setor 500ewu...yok opo wong kene nggae ce'e diisi?"

"Iku lak cumak setoran awal, mari ngono langsung isok dijupuk meneh, turahono paleng gak 50ewu".

"Aneh iki, opo'o gak langsung ae pas nggae rekening setorane 50ewu?"

"Mbuh, tapi aturane ngono iku."

"Sing jelas bank iku asline gak onok niyat mbantu wong koyo awak2 ngene".

"Koen ojok mitnah".

"Nek gak percoyo sampeyan takok arek2 liyane sing uripe koyo awak2 ngene, onok gak sing iso oleh selangan dhuwek teko bank? Sik mendhing bank thithil alias menggreng, kapan ae iso disambati".

"Koen iku gak eruh ta, menggreng iku lak nganakno dhuwek?"

"Lha rumangsane bank iku opo gak podho ae?"

"Nek ngono cobaen bank syariah".

"Hadah...sampeyan iku yo, sing jenenge bank iku lak bagean teko dagang? Masiyo jenenge sariah opo sarimin tetep ae kudu oleh bathi. Mangkane sing kudu digedhekno iku dudu bank tapi baitul mal..".

"Tak kandhani yo, sing bener iku ojok gawene nyileh dhuwek..".

"Enak'e, gelem ta sampeyan tak potong setorane gae nambah blonjoku?"

"Yo gak gelem..".

"Hu podho ae karo menggreng".

"Semprul!"

Jumat, 07 Oktober 2011

Onlen sing rohman lan rohim

"Mbah sanjange sing gadhah pabrik apel teng amerika pejah?".

"Trus opo'o? Wong nang kene sing duwe, sing ngurus apel, pelem, duren sampek pari...matek bolak balek gak popo, isih iso impor jare..".

"Sanes niku...Niki hape sing gambare apel, trus sing layare saged didudul..".

"Ah mbuh wong hapeku isih sing pencetan biasa, sing penting lancar, nek kate dihubungi gampang".

"Hu... ketinggalan jaman, lho niki kulo mawon nggeh gadhah masiyo mek gawean cino".

"Ndi ndelok'i...huh hape kok mambu trasi ngene..".

"Wo niki wau kulo mari mangan kaleh sambel trasi".

"Mangkane to nggae opo ae iku ojok polahe iso tuku thok tapi kudu mathuk".

"Niki pun mathuk, teng pundi mawon saged onlen, dados ngertos nembe nopo nembe teng pundi, nyambung pun karepe".

"Onlen iku yo nek arek sekolah karo pelajarane, tani karo tandurane, pegawe karo garapane, de pe er karo undang2e, presiden karo negorone. Nek ko'en ngono iku, pancen iso nyidhekno sing adoh, tapi ngadohno sing cidhek".

"Njenengan niku mesti maido terus, niki lak bagiane silaturohmi?".

"Yo tapi ko'en nek asik dhewe uthak uthik ngono, endi rohmine endi rohime?".

"Ah njenengan nggeh podho mawon, pun mboten onlen, kaleh tonggo sebelah mawon arang2 srawung".

"Wis kono ojok ngroweng ae, tak mberesi garapanku sik, ko'en aduso. Ngko awan katene onlen nang mesjid".

"Sip, tapi kok teng mesjid?".

"Iki lak jumat, ngko sholat jumat onlen ambek Sing Moho onlen".

Rabu, 05 Oktober 2011

Cungkup opo Krukub

"Kate nang endi sampeyan kok stelan alim ngono?".

"Wo ko'en ta, tak kiro setan ngendi sing nyeluk. Iki katene moro nang walimahan hajine sing duwe toko ngarep iko, melok ta?".

"Gak wis...pantes nek iso cepet budhal haji, wong dodolane larang, bathine kakeyan be'e".

"Ojok ngono ko'en, wong budhal haji gak cuma mergo duwe dhuwek, tapi sing utama iku niyat sing kuwat. Dadi upamane ko'en saiki gak duwe dhuwek, tapi kepingin banget, tur usaha, ngko moro2 mboh teko endi, mesti iso budhal".

"Lha sampeyan wis tuwek opo'o gak budhal2? Kurang ta niyate?".

"Ko'en iku eruh ae, yo pancen niyatku kurang manteb, mergo nek nyekel dhuwek gak iso tumaninah, ono ae terus perlune".

"Tapi opo'o kate budhal haji ae dirayakno?".

"Yo iku be'e mergo seneng iso kelakon niyate, trus iso juga digae nambah silaturahmi, tur iso nambah syiar supoyo dho kepingin budhal haji".

"Tapi jane haji iku lak gak jaminan opo2?".

"Mangkane haji iku urutan syare'ate sing kari dhewe, supoyo dadi cungkup, koyo bangunan, tapi gak iso ngadeg dhewe, butuh cagak, blandar, reng...yo iku syahdat, sholat, poso, zakat, lan sak piturute..".

"Tapi yok opo nek sing dilakoni hajine dhisik, opo gak muspro?".

"Yo mbuh, tapi yo gak iso ngadeg cungkupe mau...Mangkane akeh sing wis haji, tapi kelakuwane gak pokro. Mergo yo iku mau cungkupe paling yo di deleh, tapi gak diopeni, trus ditelek'i petek..".

"Tapi opo'o se kok kudu mrono kabeh, kan jare sing mampu thok?".

"Lha yok opo koen iku, haji iku lak kewajibanne termasuk ibadah mahdhoh...Tur nek ngendikane pak kyai, nek ndunga nang kono luweh cepet diijabahi".

"Ah nek bab ndungo iku gak jelas, mergo aku kapan iko pas gak duwe dhuwek, trus subuh2 ndungo ndhik mesjid ngarep sing gedhe..pancet gak oleh, tapi mari ngono magribe aku ndungo ndhik mushola cidhek kene...Ee langsung oleh. Dadi nek cuma ndungo gak usah adoh2, wong Gusti Alloh ki wis pirso".

"Ko'en iku bandhingane karo dhuwek ae, wis saiki usaha yok opo carane supoyo iso budhal haji".

"Wis iku...nang omah, aku wis nglumpukno bungkus jajan, karo kopi, wuakeh..".

"Lha digae opo?".

"Mari ngono dikirim, wulan ngarep diundi, hadiyahe jare budhal haji".

"Halah! Iku jenenge gak nyungkupi, tapi malah ngrukubpi".

Jumat, 30 September 2011

Tanpo roso lan krenteg

[sing mathuk]
"Mas tulung rambutku ditoto sing apik yo".

"Nggeh, pun dangu mboten tindak mriki".

"Biasa ae jenenge wong onok perlune".

"Niki kulo sisir nggeh?"

"Yo wis sak enakmu".

"Pun mantun, niki pun temoto".

"Lho gak dipotong?"

"Lha ngendikane ditoto mawon?"

"Yok opo sampeyan iki ditoto iku yo diatur, nek perlu dipotong yo dipotong, mbok coba ditafsir sing mathuk".

[usul terus]
"Wis saiki tulung dipotong tapi ojo kakehan".

"Niki jane sekecone dikramas riyin".

"Yo wis kramasono".

"Tapi teng mriki mboten enten ngge kramase, potong langsung mawon nggeh?"

"Halah...yo wis langsung ae, ojok usul terus tapi gak digarap".

[gak mbejaji]
"Niki kersane dos pundi?"

"Sing pinggir ditipisi, sing ndhukur ojok akeh2, sing mburi kurangi ae".

"Mangke njenengan potongane kados intele angkatan?"

"Intel kok potongan? Intel iku yo keahlian gak mung cuma jenenge thok medeni tapi garapane gak mbejaji".

[roso lan krenteg]
"Mpun rampung niki, monggo dipirsani riyin".

"Wada...kok malah pinggire dientekno, ndhuwure gak diapak2no?"

"Kulo niki pun puluan taun motong, kok protes?"

"Sampeyan iku masiyo wis suwe tur ahli nek hasile gak cucuk yok opo?"

"Nggeh mboten2 nopo2 pokok'e kulo pun nglakoni manut keahlian kulo".

"Hu ahli tapi kok tanpo roso lan krenteg...untung ae gak dadi intel".

Rabu, 28 September 2011

Khotbahe gak payu

"Koen gak jumatan ta? Kok isih nang kene, iku khotbahe wis mulai".

"Ngko ae, mendhing nang kene ae iso ngrungokno khotbah nyambi markiri motor, timbangane nang njero mung pindah turu...lha sampeyan dhewe opo'o gak ndang menjero?"

"Yo sik mari ngene tak nang rombong ngarep iku mangan sik, kan jare gak apek nek sholat tapi wetenge kruyukan, tur kan isih iso ngrungokno khotbah juga".

"Lha sampeyan iku melok ae...Nek ngono suwe2 jama'ahe rame nek katene sholat thok, khotbahe gak payu?"

"Trus yok opo jaremu?"

"Sampeyan mlebuwo kan ngko yo iso mangan, nek aku gak markir ngene ngko gak iso mangan".

"Ah ngeles ae koen iku, ayo saiki bareng2 mlebu ngrungokno, ngko mangan tak bayari".

"Yo wis ayo, tapi ojok mbojok yo?"

"Gak katene, tapi gak saiki mangane".

"Kok ngono?"

"Khotbahe wis mari".

"Hu pancen senengane ngriwuk'i thok".

Selasa, 27 September 2011

Bom Anggaran

"Opo'o koen kok kaet mau krugat kruget nang ngarep?"

"Niki lho ajenge kesah teng undangan kok gojag gajeg".

"Koen iku yo'opo, wis kono budhal, sunahe sing oleh undangan iku yo moro".

"Nggeh jane pancen ngoten, tapi niki undangane saking pak er te".

"Apik to, kapan meneh koen sing potonganmu gak jelas ngono iso diundang?"

"Niki urusane masalah anggaran, kulo pun peng kaleh diundang mboten dateng, ngke dikiro mutung trus mogok".

"Koyo de pe er ae ngurusi anggaran?"

"Nggeh niku anggarane konsumsi halal bihalal er te wingenane, kan pun dirundingke terus pun diputuske menune lonthong opor, pun kulo ewangi blonjo trus sing masak nggeh ibu2, acarane nggeh pun mantun, la kok kulo diarani mainke anggaran".

"Hm urusan anggaran ki pancen podho karo bom, mergo karo2ne iso nyilakani wong akeh".

"Lho nek urusan ngebom niku lak urusane keyakinan?"

"Saiki tak takon, keyakinan iku dhasare teko ngabekti nang Gusti Alloh opo teko sengit lan gething marang wong liyo sing gak cocok?"

"Nggeh mestine keyakinan teng Gusti Alloh".

"Nek karepe ngabekti opo yo kudu nganggo korban? Iku lak podho ae nganggep nek Gusti Alloh ki butuh tumbal".

"Nek ngoten tiyang2 sing ajenge ngebom niku ken ngurusi anggaran kaleh urusan2 sing nyangkut tiyang kathah mawon, kan piyambak'e ngertos kapan mbledhose".

"Yo cocok iku, tapi yok opo critomu anggaran mau?"

"Jane kulo pengine ngajak njenengan".

"Oleh pirang perkoro kok ngajak aku?"

"Kulo blonjone lak teng langganan kulo, kersane angsal sing sae tur enten luwihe ngge masakke njenengan".

"Sik2, nek ngono aku iki podhokaro mbok tempeli bom, kapan koen butuh kari mencet langsung bongko".

"Nggeh sanes nempeli, tapi pun dhahar bom, wong njenengan ketok'e menikmati".

"Wo menikmati dhengkulmu!"

Rabu, 21 September 2011

Ngewangi Sing Butuh

"Mbah wau kepanggeh tiyang kecamatan, sanjange diken ndamel katepe nopo niku, e, katepe?"

"Wo iku jare jenenge e katepe, jane yo katepe biasa, cuma jenenge ae".

"Tapi terus ngge nopo wong sing sak niki mawon dereng telas?"

"Yo mbuh, wong nang kene iku opo ae iso, koyo dalan jektas mari, dikedhuk gae pipo...pipo mari kedhuk meneh gae kabel".

"Nek ngoten e katepe niku termasuk proyek bongkar pasang ngoten? Trus nopo bedane kaleh katepe biasane?"

"Yo mung masalah nyimpen datane ae, jare saiki nang komputer kabeh".

"Halah...komputer nopo, wong lampu kecamatan mawon dho mati, mejone mawon mbote nate diresiki, kejobo enten inpeksi".

"Jane yo wong katepe biasa ae gak jelas, opo meneh e katepe, gaeku gak enek manpaate, saiki upamane koen sobomu cuma nang omah karo nang pasar, opo ono gunane katepemu, kejobo koen oleh pembagian beras utowo mlebu rumah sakit mergo ketabrak angkot?"

"Njenengan niku mesti sing aeng2 mawon...Nggih jelas manpaate ngge tondho pengenal".

"Saiki nek misale pengenalmu nggae dluwang sak lembar, iso nggak?"

"Nggeh saged angger jelas tur bener".

"Yo iku karepku, jenenge ae tondo pengenal, saiki pas nggae katepe iku wong kecamatan kenal koen nggak? Eruh nggak nek jane koen duwe juga katepe teko ndeso?"

"Nggeh kenal, wong sok jagongan, tapi mpun sanjang, sanjange kersane mawon, sing penting pun kecathet".

"Dadi nek pancet katepe cuma gae catetan tur sing butuh sing nyathet yo wis koen tenang2 ae ngko lak beres karepe dhewe. Wis kono mendhing nang pasar golekno lawuh".

"Nyuwun ongkose bengsin".

"Lha wingi lak wis tak wenehi?"

"Winginane niku...pun sak niki ngeten mawon sing butuh sinten? Nek kulo mboten butuh, wong kulo pun mangan".

"Oleh mangan teko ndi koen?"

"Niku wau kaleh dibayari tiyang kecamatan".

"Ono urusan opo koen, kok iso dibayari?"

"Nggeh niku wau ngewangi ngurusi sing butuh".

"Wo dasar makelar..."

Jumat, 16 September 2011

Tetenger

"Mbah nek ningali tipi, sanjange sak niki kathah dusun sing ketelasan toya, mergi kaline dho sat, yok nopo niku nggih, padahal ketigone tasih pinten wulan melih?"

"Yo iku, aku dhewe yo melok prihaten, tapi yo yok opo, kedadeyan kentek'an banyu iku lak wit ndhisik yo wis nate, opo'o sampe saiki pancet ae?"

"Nggeh kedadeyane sami tapi nopo riyin mlebet tipi?"

"Opo urusane karo tipi?"

"Lha nek mlebet tipi terus2an, mangke lak njur enten perhatiyan trus enten proyek trus enten dhuwit"

"Ko'en iku yo kakeyan nonton toksow...Tapi ngene nek misale pancen wong ndhukur2 sing dititipi amanahe rakyat iku mikire koyo ngono, yo ati2 ae negoro iki ndrawasi lantaran kentek'an banyu gak cuma mergo ketigo, tapi wis langsung tetenger utowo tondho teko Gusti Alloh"

"Ah njenengan niki meden2ni mawon, tondho nopo to?"

"Ko'en ruh kabeh sing urip lak butuh banyu, dadi nek gak enek banyu utowo gak ngaler berarti panguripanmu nang kene wis gak iso diarepno kejobo onok sing isok ngedhuk utowo mbongkar opo ae sing ngalangi sumbere panguripane mau"

"Wa hebat njenengan nek ngoten ketingale pancen kados tiyang sepuh sing mumpuni elmune"

"Koen iku ngece ta nglulu?"

"Lho temenan niki, ketingale pancen ngoten, tapi..."

"Tapi opo?"

"Tapi kok mboten memper..."

"Asem..."

Rabu, 14 September 2011

Kariban njaluk dispensasi

"Hoi tangi2, wis padhang iki, klewat iki subuhe"

"Jam pinten niki kok sik peteng?"

"Yo mesti ae peteng trus wong koen turu krukuban sarung tur gordenge mbok tutup"

"Nopo sik angsal sholat, kan pun padhang?"

"Wes kono langsung selak gak kecatet sholatmu"

"Wo ngarang, padhakke absen mawon"

"Yo lku hikmahe, koen bersyukur isih urip mari turu, terus sekaliyan nyuwun palilahe Gusti Alloh supoyo usahamu lancar tur barokah"

"Wo nek ngoten kadose pejabat2 niku kathah sing tangine dho kariban, soale kok teng mriki niku kathah usahane pemerintah sing mboten lancar tur malah dadi perkoro termasuk pejabate"

"Yo iku mesthi ono pengaruhe...Yo wis kono gek ndang"

"Nggeh sek sekedhap niki kulo kebelet teng wingking riyin...Nganu titip pesen riyin teng malekate nek tulung dicatet riyin, sholate mangke nyusul..."?

"Wo trembelane wis kariban njaluk dispensasi"

Jumat, 09 September 2011

timbangane tok sow mending mbak sow

"Teko endi ko'en kok gaya nggae kocomoto ireng ngono?"

"Mboten seking pundi2, seking ngajeng mawon kaleh konco2 niku"

"Opo'o kok nggae kocomoto?"

"Lha dho bele'en"

"Ko'en bele'en pisan ta?"

"Mboten, niki pencegahan, timbangane ketularan"

"Nek ngono sisan ae, ngko nek metu meneh, nggae'o helem be'e kebenthuk, trus ojo lali sepatu boot be'e ngidek paku"

"Huu..nek ngoten mangke nek mirsani tivi kupinge disumpel, timbangane nggatek'ke tok sow, mendhing mbaksow"

Rabu, 07 September 2011

Jariyah Lungset

"Koen gak nang mesjid ta?".

"Gak, lha tarawehe kan wes gak onok kan?".

"Yo'opo ko'en iku, nang mesjid iku yo gak mung posoan thok, lha trus gae opo mesjid gedhene sakmono neng mung cumak gae teraweh thok?".

"Yo mbuh gak eruh gae opo? Ce'e ketok hebat be'e?".

"Ngawur ae! Mesjid iku yo digae nggon sholat pasti, digae ngumpulno jamaah jelas, terus iso dadi pusate dakwah. Trus iku kan dibangun teko dhuwit kumpulane jamaah sing pengin ngamal jariyah".

"Yo iku lak karepe dhewe, mari nyumbang terus gak nate nggae, opo gak tambah mubasir?
Terus yok opo carane dadi pusate dakwah nek gak onok wong sing pengin nang mesjid kecuali mung sholat?
Mesjid pancen penting, tapi kan gak kudu kase dientekno gae mbangun mesjid thok? Padahal isih akeh sing iso dadi amal jariyah, iku dhawuhe kanjeng Nabi, dudu karepku dhewe".

"Wuik...ko'en mari mangan kupat nang endi, kok omongane madhet ngono?".

"Sampeyan iku mesthi ngono...Amal jariyah iku, kan amalan sing ganjarane isih keitung masiyo wonge wis mati, tapi iku nek manfaate nyambung terus. Koyo to sumur, wit2an, sekolahan, rumah sakit. Dadi upamane iso ngene, tetep mbangun mesjid, trus dilengkapi karo bak umum, supoyo penduduk sekitare nek butuh banyu isok mrono, trus misale pas dino jumat mbuka warung sego murah, dadi nek onok wong sing butuh mangan tapi duwite cuma thithik, iso mangan moro rono juga, sing penting juga pager mesjid iku ojo cepet2 digembok...
Sing luweh jelas meneh mestine sing ngurusi wong mudik bareng2, iku opo'o gak mesjid? Kan jelas sing mudik iku wong sing ngakune islam kabeh?".

"Ko'en iku pengurus ta? Kok macem2 ae, wis urun piro?".

"Nek aku lak jelas dhuwite thithik, dadi masiyo gak urun dhuwit tapi kan iso urun rembug...
Timbangane sampeyan duwe dhuwit tapi urune mung nek jumatan thok, iku ae mesthi sewuan sing lungset. Jariyah cap opo iku?"

"Ngenyek ko'en ya? Aku yo nate rek pas jumatan nyumbang gedhe".

"Eruh aku, sampeyan mesti pas njupuk dhuwit jane pengine puluhan tapi kliru atusan ewon".

"Aseeem!"

Kamis, 01 September 2011

Peningkatan

"Halo mbah, ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun ngapunten sdoyo kalepatan".

"Yo'opo ko'en melok riyoyo sing endi?"

"Jane nggeh ajeng tumut sing pertama, tp opore drg siap, dos nggeh sing sesuk'e".

"Ko'en iku pancet, opo ae mesti sing dipentingno panganan dhisik".

"Nggeh yoknopo maleh wong sing ngatur pangan kulo nggeh kulo dhewe, pemerentah lak cm ndamel aturan tp hasile benten maleh".

"Ngunu ta? Jektas mari poso wis ngroweng meneh".

"Tp jane nek saged poso romadone setaun peng kaleh ngoten".

"Wah bgus, ketok'e wis ono peningkatan ibdahmu".

"Sanes ngoten, tp kersane te ha er'e peng kaleh".

"Halah dapuranmu".

Jumat, 26 Agustus 2011

Slamet kok nggo jaminan

"Mbah nyuwun pamit nggeh, kulo ajeng wangsul riyen, nyuwun ngapunten sedoyo kalepatan"

"Yo le ati2, nyangoni slamet, jo lali mbalek meneh"

"Nggeh, tp nek mung slamet thok nggeh wangsule mboten janji"

"Ko'en iku yo wis, nggo balik'e, tp iku sarung kr sandalku tinggalen, gae jaminan"

"Halah jare slamet kok nggo jaminan"

Rabu, 24 Agustus 2011

Riyoyo Sendal Jepit

"Mbah yo'opo iki sido riyoyo gak?".

"Ko'en iku onok ae, yo sido mosok riyoyo padhakno bal-balan ae".

"Lha iyo kan jare riyoyo iku hari kemenangan, berarti kan pancen koyo pertandingan".

"Yo gak ngono, menang iku mergo iso nglakoni poso nahan hawa napsu, tapi jane yo koyo sing nate tak critakno nek tujuanne poso iku yo mung nggo ngukur tingkat ketakwaane menungso nang Gusti Alloh. Nek misale onok sing rumongso menang iku yo jenenge mbelingan, wong poso iku lak tanding karo awak'e dhewe yo mesti ae mari ngono krosone yo menang terus".

"Tapi yo'opo riyoyo iki?".

"Yo'opo apane? Wong riyoyo iku yo mesti marine wulan romadhon...yo kari ko'en milih melok riyoyo sing endi? Ono sing nggae itungan ono sing kudu ndelok wujud'e mbulan".

"Enak'e yo melok sing ndhisik, dadi gek ndang riyoyo".

"Ko'en iku mikire enak'e ae, nek di othak-athik dalile, logikane riyoyo mendhing melok sing ndhisik, mergo nek misale kurang posone kan iso diganti, tapi nek wis riyoyo tapi isih poso kan harom".

"Cocok mbah, tapi yo'opo iki nek riyoyo?".

"Yo wis jelas kudu sholat id, tapi yo kudu ngetokno zakat fitrah, mergo nang dhawuhe Gusti Alloh ki angger2 tembung sholat mesti dibarengi karo tembung zakat".

"Yo iku lak pancen ngono, tapi yo'opo riyoyone?".

"Opo seh karepmu, riyoyo yo wis, pancen kudu riyoyo?".

"Lha yo'opo sampeyan iki, mosok riyoyo gak nyekel dhuwit blas...endi mosok sampeyan thok sing riyoyo?".

"Wo iku to karepmu, yo wis ngko tak tukokno barang sing wujud tur jelas manfaat, sendal jepit anyar yo?".

"Opo'o kok sendal jepit".

"Sendal jepit iku tuku siji oleh loro, terus kuat masiyo mbok jepit sak kayangmu, hakekate ko'en cukup nyekel keyakinanmu siji ae ngko kabeh katut, kanggo ngalasi lakumu supoyo gak soro teko panase urip, trus manfaate jelas nek digae nang mesjid gak kuatir dicolong".

"Yo bener sendal jepit, yo enak gae nyawat...utamane gae nyawat sampeyan...wong sambatan malah diceramahi".

Jumat, 19 Agustus 2011

Zakat, kapan barokahe

"Mbah wingi sanjange enten rame2 pembagiyan zakat meleh".

"Mesti dho rebutan yo?".

"Nggeh niku kulo kok mboten paham, nopo'o ngoten niku?".

"Yo iku kiro2 nggambarake kondisine masyarakat sing kurang nrimo sampe mungkin kurang yakin nang pandum utowo rejekine".

"Lho mboten yakin yok nopo se, wong niku sing tumut ngantre kadose nggeh wong sing kurang, tapi kadose sih dereng kesrakat banget, mergo ketingale kathah sing klambine lan kudunge apik2 tur enten sing nyangking hape".

"Angel pancen saiki mbedakno endi wong sing butuh endi wong sing gak duwe, sebab nek ditakoni, kabeh mesti njawabe butuh, tur langsung ngroso duwe hak nompo pembageyan zakat".

"Tapi kan pancen zakat niku kangge tiyang sing ngoten niku?".

"Masalahe jane dudu zakatte, tapi coro mbagine, opo gak iso ta mbagine sing enak, misale ojok ngundang wong ngumpul, nek iso malah marani sing butuh utowo dibagi pirang kelompok ngono nang daerah cidhek'e wong2 sing butuh iku mau".

"Ha malah ngrepoti sing ajeng mbagi, mosok terus kudu mbentuk panitiya riyin, rapat riyin, thethek mbengek, ngke malah dhuwite kepangan ngge panitiya niku?".

"Nek karepe wong mbagi zakat manut dhawuhe Gusti Alloh supoyo iso ngresiki bandhane tur supoyo ningkatke ibadahe, mestine mbagi zakat iku yo gak koyo mbagi beras nang pitek, kan intine ibadah iku tujuanne nggo ndandani akhlak. Saiki umpamakno ae nek misale wong dandan, tapi gak malah dadi menarik tapi malah dicelathu liyan yo'opo? Opo yo dandanane dianggep pantes?".

"Tapi nggeh kadose sing ngantre niku mben taun tambah kathah, nopo wong sing susah tambah kathah?".

"Wo nek iku termasuk wilayahe tanggung jawab pemerintah, mulo pemerintah kudune yo ngewangi wong sing arep mbagi zakat mau, mergo iku termasuk ndukung usahane pemerintah mbantu wong sing gak duwe".

"Nek ngoten kapan maleh enten pambageyan kulo tak melok ngantre ah".

"Ko'en iku gak duwe hak melok pembageyan, mergo ko'en isih tanggunganku, lha iki sing penting juga disampekno, bab sopo sing gak berhak, dadi gak cuma cerito sing berhak terus".

"Mboten, biasane niku kulo ngantre sanes ngge kulo tapi ajeng ngewangi ibu2 sing dho ngantri niku, mesakke to kepanasen suk2an".

"Ngewangi temenan opo nyalo ngantre?".

"Temenan wong sing kulo ewangi nggeh mboten siji".

"Tapi ko'en mesti oleh bageyan kan?".

"Ha nek niku lak masalah pengertiyan, mosok nggeh nemen pun diantre'ke suwe2 mboten enten tepo selirone".

"Hayah nyalo kok dipadhakno tepo seliro".

"Lha timbangane njenengan, zakat mung syarat pas riyoyo thok, tur sing nyetor ngge ngongkon kulo, padahal akad'e kudune njenengan dhewe, kapan barokahe?".

Selasa, 16 Agustus 2011

Gendero

"Koe'n gak masang gendero ta?"

"Gae opo?"

"Lha sesuk iku lak tujubelasan?"

"Yo terus opo'o?"

"Wis gak usah pura2 ngono, yo nggo ngrayakno hari kemerdakaan to?"

"Iku lak nek pengin ngrayakno nek nggak yo'opo?"

"Woo ko'en iku yo mokong, gak ngajeni usahane sing dho berjuang ndhisik"

"Ah mbelingan, nek wayahe wargane gak nuruti thitik ae diarani mokong, padahal nek pas negoro iki gak nuruti wargane gak gelem diarani mokong"

"Jenenge perayaan iki lak wis umume nang endi2 dadi ko'en iku mokong"

"Sampeyan coba wocoen sejarah, sing merdeka iku bangsane opo negarane?"

"Wah ngetes ki, nek manut buku yo bangsane"

"Terus opo hak'e negoro iki ngongkon aku ngrayakno kemerdekaan?"

"Hadhah ruwet tenan!"

"Sampeyan gak percoyo? coba delok'en tulisan nang spanduk iko, mesthi kata2ne--Marilah kita isi kemerdekaan..., yo'opo coba, terus opo ae sing dilakoni negoro iki? Padahal wargane wis kerjo setengah bongko golek dhuwek"

"Yo wis akeh sing dilakoni"

"Saiki aku takok ndhisik piro krupuk siji regane?"

"Limang repes"

"Saiki piro?"

"Limang atus"

"Krupuk'e podho gak?"

"Podho seh, trus opo'o?"

"Iku lak jenenge dhuwite tambah gak ono ajine, ngono kok kate dirayakno?"

"Wo ngono ta karepmu, sik saiki ko'en dhuwe gendero gak?"

"Gak duwe"

"Ngomong opo'o nek gak duwe gendero, tukuo kono"

"Yo'opo sampeyan iki, wong taplak mejo ae gak tuku, opo meneh gendero"

Jumat, 12 Agustus 2011

Si Udin

"Mbah si Udin pun kepanggeh".

"Syukur alkamdulilah, mugo2 gek ndang beres perkarane".

"Perkoro nopo to?".

"Lha ko'en iku yo'opo, wong kabeh wis eruh, nek dhe'e iku duwe masalah dhuwek proyek, jare nyogok, terus nang endi2 cerito macem2, koncone di elek2, rame temenan iki".

"Wo niku to...Nek urusan dhuwek niku lak jane biasa mawon wong jenenge garapan dereng rampung, nek nyogok ngge proyek niku nggeh mboten wong sing nyukani garapan niku nggeh konco2ne dhewe, mulo dhewe'e nggeh mboten purun disalahke dhewe wong konco2ne niku nggeh mboten beres".

"Terus tas ireng sing digowo nang endi2 isih utuh?"

"Nggeh tesih wong niku isine cathetan penting urusan dhuwek, mulo teng pundi2 digembol terus".

"Terus bojone neng endi saiki?".

"Lha niku benten meleh critane, pancen pas kesah kapan niko sareng2 tapi terus bojone porek, nggeh minggat teng
dulure".

"Nek ngono opo'o dhe'e kudu dijemput, gak moleh dhewe?".

"Dijemput nopo wong niku dhe'e mung kepanggeh kaleh tiyang2 niku teng terminal terus mriki bareng2".

"Tapi sewo pesawate larang banget, jane yo sayang dhuwek sakmono cuma gae njemput wong siji, padhahal kan iso digae mbangun dalan".

"Pesawat nopo to wong dhewe'e wangsul numpak bes".

"Lho sik2 iki Udin seng endi?".

"Niku lho si Udin rombeng, sing kadhang nyambi nukang, terus sing biasa ngolek kupon buntutan, mulo tase niku isine sinten mawon sing pesen kupon termasuk pak Lurah, mulo rame."

"Halah!!!"

Rabu, 10 Agustus 2011

Temenan

"Ko'en gak taraweh ta?".

"Gak mbah, isih onok sing kudu tak lakoni, tur iku kan gak wajib".

"Lha tapi nek ko'en gelem nglakoni temenan kan isok ngilangno dusomu".

"Yo nek temenan pancen iyo, tapi nek nggak yok opo? Opo gak malah dadi makruh?".

"Subhanalloh, mari lewat endi ko'en, kok dadi pinter ngene omonganmu?".

"Sampeyan iku onok ae, wong ngomong temenan dipadhakno kesambet".

"Ngene, pancen nek gak temenan utowo istilahe mujahadah, ibadah sing dilakoni iku yo pancen iso gak tepak, tapi yo nek gak dilakoni trus yok opo jaremu? Mumpung romadhon ki nek dipadhakno toko, nembe ono diskon duso gedhe2an".

"Yo gak jareku mbah, mestine yo manut kersane Gusti Alloh, nek jare arek2 madrosah sholat tarawih iku nek arti basane, sholat sing santae utowo gak grusa-grusu, mulo Kanjeng Nabi dhawuhe sing sopo sanggup qiyamul lail, coro bodhone, koyok wong melek'an ngenteni bojone kate nglaerno iku lho, dadi yo gak cumak sholat thok, tapi yo wiridan, yo tafakur, lha awak2 iki gak sanggup polahe setoran ojekku sek kurang yok opo?".

"Yo urusanmu, ko'en kudu temenan golek setorane".

"Lha temenan kan, dadi nek kanggo sampeyan luweh penting golek setoran kan?".

"Ah mbulet ko'en, wis tak budhal ae".

"Yo wes nyangoni slamet, seng tuma'ninah le sholat, gak usah sumelang, duso2 sampeyan mesti bakal dingapuro, mergo wis tak sepurani".

"As..mbelll!".

Rabu, 03 Agustus 2011

Saur

"Mbah2 badhe saur nopo mboten".

"Hoahem...Saure wis dicepakke opo durung?".

"Pun wit wau".

"Jam piro iki?".

"Niki limang menit melih pun subuh".

"Ladalah ko'en kok gak nggugah aku wit mau?".

"Lha ngendikane njenengan nek sahur apik'e diakhirke".

"Woo..lha ko'en wis saur?".

"Nggeh mpun, lha lumrahe poso niku lak nggeh kudu saur, tapi nggeh mboten usah ndaki'2
kados njenengan niku, wong Gusti Alloh dhawuh poso niku lak kersane tambah takwa sanes tambah nyikso".

"Yo wis tak nyruput teh sek".

"Nganu tapi niku kadose pun adan".

"Lha ko'en iku jare limang menit ngkas?".

"Ngapunten niku lak jare jadwal".

"Semprul...".

Jumat, 29 Juli 2011

Kebacut

"Mbah sekedhap melih lak pun poso, nek sanjange lare2 sak dereneg poso, dalile kudu nyuwun ngapuro teng tiyang2 sepuh, dherek2 terus bojo supadhos amalan posone mangke ditampi"

"Ngono yo, yo wis tak sepurani, tapi jane aku gak yakin karo dalile njaluk sepuro sakdurunge poso, nek njaluk sepuro mari nggae salah iku dalile sak tumpuk, tapi masiyo gak nggae dalil angger ko'en isih kroso dadi menungso, yo gak usah ngenteni katene poso opo riyoyo, ojok sampe kebacut, wong ditompo opo nggak'e amalan posomu yo gak ono sing eruh, paleng yo nek ko'en nekat mangan awan2...iku ae nek konangan, nek nggak yo pancet gak eruh"

"Nggeh matur nuwun pun dingapunten, tapi sing ikhlas nggeh, soale mangke nek njenengan mboten ikhlas, nambah duso"

"Yo wis tak ikhlasno salah2mu, tapi sik2 laopo ko'en kok mlakumu mundhuk2 ngono? Lho iku lak sarungku sing mbok gae?"

"Nggeh niki sarunge njenengan, wingi kulo kliru, tapi pun kebacut yok nopo"

"Woo kliru kok dibacutno, ayo balekno"

"Halah jare pun ikhlas...nambah duso lho, njenengan lak pun sepuh"

"Ko'en iku yo, tuwek iku gak polahe akeh dusone, nek ko'en katene ndhisiki aku yo tak ikhlasno"

"Huuu..pun sarunge ngge persekot te ha er mawon"

"Pancene kebacut ko'en iku, poso ae durung mulai wis ngomong te ha er"

Jumat, 22 Juli 2011

Ngono kok dipercoyo

"Nang endi ko'en? mau onok sing nggolek'i"

"Yo iku repote nek dipercoyo perusahaan"

"Ko'en iku kerjo gak jelas ngono kok iso dipercoyo?"

"Sampeyan tenang ae, elek2 ngene aku iki akeh digolek'i perusahaan2 gedhe"

"Perusahaan opo iku?"

"Wingi PLN, kapan iko liseng, jek tas mau esuk BTN"

"Teru katene laopo nggolek'i?"

"Katene nageh utang..."

"&^$*^*:{["

Selasa, 19 Juli 2011

Ra madhang

[wis eruh]
"Mbah, kulo nuwun, salamlekum..."(jreeng)

"Sik2 kate laopo ko'en"

"Ndherek mbarang sekedap nggeh?" (jreeng)

"Wis gak usah, nggon liyane ae"

"Hu kulo niki pun keliling saking nggen liyane tekan mriki malah dikon ngaleh meleh?"

"Lha ko'en lak wis eruh tempelan nang ngarep iku, ngamen gratis"

"Pun kulo tak nunut leren sedhelo nggeh"

"Yo gak popo nglesed'o nang kono, tapi awas ojok nyolong sendal!"

"Wo nek kulo mboten, tapi duko nek konco kulo"

[prihatin]
"Mbah sanjange teng kampung sebelah mriko, enten lare sing kurang gisi"

"Ko'en iki mbarang opo intel, eruh ae...Jenenge nasibe wonge iku macem2 onok sing iso mangan
onok sing gak isok mangan, yo mung melu prihatin"

"Hu nek mung prihaten mboten usah cerito"

"Lha terus karepmu opo?"

"Masalahe lare niku omahe cidhek'e omahe pak bupati!"

"Hladalah mugo2 gak ae gak ciloko bupati iku"

[ngurus]
"Jane ngoten niku tanggung jawabe sinten to?"

"Apane? Mangane opo kurang gisine?"

"Nggeh karo2ne"

"Hu kebiasaan, wis jajane boros, takonne yo boros...Ngene nek nggolek pangan iku yo hak yo kewajibane masing2, dadi hak mergo wong iku mahluk sing kudu mangan, nek kewajiban mergo wong iku gak oleh nelatarno awak'e sampe mati keluwen"

"Nek ngoten mboten enten hubungane kaleh pak bupati...kok enak?"

"Yo jelas onok, wong dadi bupati iku lak digae ngurus wargane, nek gak iso yo laopo milih bupati"

[sambatan]
"Tapi kulo tesih dereng paham kenging nopo kok saged kurang gisi, nopo tonggone mboten ngerti?"

"Yo kebacut nek sampek tonggone gak ngerti, tapi iku ngono jelas sebab utamane mergo gak iso tuku panganan sing bergisi"

"Saged tumbas yoknopo, wong malah sakniki rego2 dho balapan mundhak"

"Iku ngono pancen kebiasan nek katene posoan"

"Mulo kulo niki sok kepikiran, berkah nopo mboten poso kulo mangke, wong isine mung sambatan urusan mangan"

[ra madhang]
"Wis ngene ae ko'en timbangane ruwet2 nyanyi ae"

"Nggeh pun kulo tak nyanyi lagu religi nggeh, nyambut romadhon" (jreeng)

"Terserah arep religi opo rel sepur, gek ndang nyanyi ngko tak isi kenclengmu, tapi gak akeh2 ya ngko ndhak watuk..."

(jreeng)(jreeng)
"Ra madhang sebentar lagi...harga2 sudah naek lagi...Mau sedhikit mau banyak...Tetep aja gak kebeli....Ra madhang sebentar lagi..."
(jreeng)(jreeng)

"@%#$^{?*:["

Jumat, 15 Juli 2011

Pulitik opo seduluran

[elmu]
"Nang endi ae ko'en kok suwe gak ketok"

"Mari mraktekno elmu"

"Elmu opo?"

"Elmu ngilang"

"Wo hebat...untung isih iso mbalek, tapi laopo ko'en ngilang?"

"Yo polahe pak camat kapan iko moreng2, mergo kesandung tutup got nang kelurahan nganti sepatune dhedhel"

"Iku ngono sepatune sing elek ae be'e, trus opo'o?"

"Sing mborong got iku koncoku"

[ngewangi]
"Opo hubungane?"

"Koncoku oleh garapan iku teko aku"

"Lho kok iso teko ko'en? Kan iku proyeke kelurahan?"

"Aku lak nate ngewangi pak lurah pas pilihan ndhisik"

"Cik hebate ko'en isok ngewangi pak lurah"

"Lha yo'opo sampeyan iku, elek2 ngene awak2 iki masiyo cuma ngewangi pulsa tapi iku jelas nyata"

[percoyo]
"Akehe dhuwitmu, isok modali pulsa gae kampanye"

"Yo nggak, iku mono aku kari moro nang agen pulsa kenalanku, tak omongi ae nek gelem ngewangi pak lurah, ngko tokone gak usah mbayar iuran kelurahan"

"Kok iso wong2 percoyo karo omonganmu?"

"Yo iso wong kabeh ruh nek bapakke pak lurah iku ndhisik melok bapakku"

"Tapi opo'o pak camat gak moreng langsung nang ko'en?"

"Nek kepengin kisinan dhewe yo gak popo, wong ndhisik pas ngawinno anak'e, sing nekakno orgen tunggal karo sonsistem lak aku, tak warah nek gelem ngewangi saiki ngko nek pilkada isok oleh borongan"

[pulitik]
"Nek ngono ko'en iku termasuk makelar pulitik"

"Ah yo nggak, iku lak aku cuma ngembangno silaturahmi nambah seduluran"

"Saiki misale nek ndhisik pak lurah kalah, opo ko'en gelem pulsamu ilang?"

"Yo mbuh meneh nek ngono"

"Lha kan, mangkane ta, ko'en eruh bedane pulitik opo seduluran? Nek seduluran iku kalah cacak menang cacak, dadi gak onok bedane, tapi nek pulitik biasane kalah ngrusak menang nglunjak"

"Tapi nek aku nang sampeyan iki seduluran temenan"

"Ah gak percoyo, mesti pulitik, buktine ko'en biasane setorane seminggu pisan saiki mulai mundur dadi rong minggu"

"Onok ae sampeyan iki, iku ngono lak sementara ae"

"Iyo saiki sementara, suwe2 sementerus"

Sing menentukan

"Mbah niki wau kulo tumbas obat teng pojok'an pasar"

"Obat opo iku?"

"Segala macem, sanjange nek panuen, panune ilang, nek pegel, pegelle ilang, nek mumet, mumete ilang"

"Nek gak loro?"

"Nggih dhuwite sing ilang"

"Makane ta gak usah tuku obat macem2 wong lorone ae gak paham, sing penting iku yakin ndhisik nek gak ono wong loro kecuali teko ijine Gusti Alloh"

"Niku penting tapi sing menentukan tetep mawon pak Lurah"

"Kok iso?"

"Lha kulo nek loro lak kudu njaluk surat mboten mampu teng kelurahan, nek pak pak Lurah mboten purun teken yok nopo?"

"Nek ngono pak lurahe sing kudu diobati"

Jumat, 08 Juli 2011

Adil

[gayane]
"Yuk onok jangan opo ae dino iki?"

"Macem2 cak, onok esop, lodeh, oseng2, wis pokoke enak, sampeyan kate mangan ta?"

"Iyo, nek sego ambek jangan ae piro?"

"4 ewu ae"

"Nek jangan thok piro?"

"2 ewu ae, nek gelem ngkok duduhe tak akehi"

"Nek ngono tulung yuk, iki sego nang rantangku grujugen duduh ae"

"Wo sampeyan sangu sego dhewe ta, trus iwak'e opo iki?"

"Wis gak usah, aku sangu ndhog godhog, njaluk kecape ae"

"Ado...mangkane mendung gak udan, yo sampeyan iku marung gak njajan...yok opo rek2, gayane ae nggowo tas laptop, tibak'e isine sego bontotan"

"Wis talah tak mangan dhisik, ngko tak bayar"

[adil]
"Piro yuk?"

"5 ewu!"

"He? cik larange? Jare nek sayur ae 2 ewu, aku lak cuma njaluk duduh karo kecap thok?"

"Iku ngono wis murah...Saiki sampeyan cobak'o moro nang wece pojok'an terminal iko, nang kono iku, ndhodhog ambek ambune uleng2an ae dikon mbayar 2 ewu, lha iki sampeyan nang kene iso lungguh enak mangan wareg kok gak gelem mbayar sakmono"

"Yo gak ngono yuk, iki lak jenenge sampeyan gak adil, mosok thithik malah luweh larang"

"Yo sampeyan iku seng gak paham, adil nggak'e iku ojok ndelok regane teko ongkone, tapi teko yok opo carane ngregani usahane trus yok opo carane ngregani keadaane...Mangkane ta sampeyan iku nek katene njaluk gak usah isin2 sing penting enak ngomonge, wong jelas setorane ojek yo gurung oleh"

[dipenyet]
"Luk...luk...luk...ci' lincipe omongan sampeyan yuk, wis tak dungakno sampeyan suk dadi ketua parte"

"Wis gak usah, tambah jugrug aku ngko, mangani arek2 gae kampanye nggedabus"

"Nek ngono tak dongakno dowo umure"

"Adoh...umur biasa ae, wong tambah suwe awak2 iki gak tambah yakin negoro iki luweh nggenah...sing penting usahane lancar barokahe nambah"

"Trus kate didongakno opo?"

"Ngene ae, mugo2 gak enek sing ndongakno aku dadi tempe"

"Lha opo'o tempe?"

"Yo polahe nek tempe biasane enak'e dipenyet!"

Rabu, 06 Juli 2011

Padhakno pejabat

"Le laopo ko'en pringisan"

"Niku lho lare2 kontrakan sami rasan2, sanjange kamare dho trocoh trus nek udan suwe yak nopo"

"Yo gak ngerti aku lak dudu ramalan cuaca"

"Mboten ngoten, mbok niku didandosi"

"Katene dadi manten ta kok didandani"

"Halah... niku lho ditembel eternite sing bocor"

"Aku kan gak duwe komputer dadi gak eruh carane nggae eternit"

"Huu...pokoke niku lak griyo kontrak'ane njenengan dhewe mbok sambatane dimirengke"

"Yo percuma nek mung tak rungokno mari ngono tak jarno, koyo pejabat2 iko"

"Haa kulo ngerti, mesti njenengan sengojo, mantun ngoten diundhakke sewane"

"Wo ngono yo, aku mbok padhakno meneh karo pejabat2 iku sing isone ngundhakke rego, tapi gak iso ngopeni"

"Ning lak nggih pancen enak wong pejabat niku lak kados direktur to, manthuk2 trus dho setor"

"Iku ngono dudu pejabat tapi korak"

"Niku lho direktur perusahaan"

"Pejabat iku jane yo pancen direktur, tapi gak koyo karepmu, direktur iku direken batur utowo dianggep jongos"

"Ah njenengan niku sentimen kaleh pejabat"

"Yo nggak lha pejabat2 iku dibayari sopo coba? dibayari negoro kan, lha negoromu dhuwite teko endi? Teko majeki rakyate termasuk dodolan hasil bumi negoromu to"

"Tapi sanjange dhuwite negoro niku pajeke kathahe saking pabrik2 termasuk saking utang luar negeri"

"Nek ngono yo tambah repot, mergo pejabat2 iso direken bature pabrik tur luar negeri dudu baturmu"

"Lha terus kulo rakyat biasa niki dianggep nopo?"

"Yo iso dianggep cuma hiasan utowo penonton"

"Ha lak enak cuma nontok trus surak2"

"Tapi gelem ko'en gak disediyani mangan, ono tapi kudu tuku tur barange yo sak karepku, terus nek kepengin disorot tivi kudu tawur utowo ditabrak sepur dhisik, gelem ko'en?"

"Nek ngoten njenengan nggeh pancen kados pejabat, kapan niko pas njenengan teng luar kota piknik, kulo cuma ditinggali mi thok, trus njenengan enak2 telpun kulo mung takon, yo'opo le kabarmu, wis mangan durung, aku jek tas rame2 mbakar sate"

"Ko'en ae sing kurang kreatip, kan kari njawab nek mangan mi kan luweh enak tur gak kolestrol"

"Enak napane lha mung 2 bungkus mine"

"Lha sing 4 bungkus nang endi?"

"Kulo niki lak anggota MU, ngggeh kulo ijolke teng warung"

"MU balbalan? Opo iku MU"

"bar Mangan kudu Udud"

Jumat, 01 Juli 2011

Mbok nek nulungi mboten usah nanggung

"Kenging nopo maleh niki?"

"Sirah kulo mumet wit wingi"

"Monggo diprikso riyin...Kadose mboten nopo2 niku, kulo aturi obat mawon nggeh?"

"Mboten usah dok"

"Lha terus kenging nopo kok mumet"

"Anu sepeda kulo ilang"

"Woo nek ngoten nggeh lapor pulisi"

"Mulai hansip, pak carek sampek pak lurah, kabeh nggeh ngomong ngoten ning teng mriki mboten onten kantor pulisi! Kudu teng kabupaten, lha sepeda e pun mboten enten"

"Nggeh nitih angdes"

"Nek niku ongkose mboten enten"

"Mbok nyuwun tulung tonggo2 ngeterke mriko"

"Ha niku tambah maleh wong biasane malah dho nyileh sepeda kulo, tur mesti nukokke rokok"

"Lha terus teng mriki kersane nopo?"

"Timbangane dokter nyukani obat, mbok kulo disukani ongkos mawon"

"Hu, nggeh pun niki cukup to"

"Nganu, kabupaten niku lak tebeh, dos nek budhal sakniki tekane mesti pun awan, mbok ditambahi ngge njajan"

"Lha niki ajenge lapor pulisi nopo jalan2"

"Njengenan lak dokter mbok nek nulungi mboten usah nanggung"

")&*#^$(!@”:{["

Kamis, 23 Juni 2011

Laporan Pandangan mata


"Pendengar sekarang kita buka kesempatan untuk anda turut berpartisipasi melaporkan pandangan mata semua kejadian di sekitar anda. Ya...halo! Silakan pak?"

"Ee..anu pak, saya mau melaporkan"

"Maaf namanya pak?"

"******"

"Baik pak, bapak mau melaporkan apa?"

"Ini pak, ada kebakaran"

"Di daerah mana pak?"

"Di kota pak"

"Yang kebakaran rumah atau pertokoan?"

"Rumah pak, banyak yang terbakar"

"Kapan kejadiannya pak?"

"Satu jam yang lalu pak"

"Apakah sudah ada mobil pemadam kebakaran pak?"

"Kayaknya sudah ada, karena sirenenya kedengaran dan keliatan nyemprot"

"Ada berapa mobil?"

"Wah yang keliatan cuma dua"

"Apa pihak kepolisian juga sudah ada?"

"Sudah pak, itu keliatan satu dua orang wara-wiri"

"Kami baru saja juga sudah menghubungi pihak pemadam kebakaran dan membenarkan
informasi bapak. Bagaimana lalu lintas disana pak?"

"Sepertinys macet pak"

"Cuaca bagaimana pak"

"Terang pak"

"Sekarang apakah kebakarannya masih besar?"

"Wah gak keliatan lagi, kena iklan pak"

"Kenapa pak? Apakah bapak dekat dengan lokasinya?"

"Nggak, saya kan cuma liat"

"Bapak sekarang ada dimana?"

"Di rumah"

"Ooo yang kebakar maksudnya di daerah sekitar rumah bapak?"

"Bukan pak"

"Lha kok bisa bapak melaporkan kebakaran ini?"

"Ya bisa wong saya lagi liat tipi terus ada berita kebakaran"

"Lha pak mestinya kan laporan pandangan mata, bapak bohong ya?"

"Gimana sih, kan situ sendiri tadi juga sudah telpon pemadam, dan ini kan saya lagi memandang tipi"

"Bapak jangan mempermainkan kami ya"

"Situ yang mempermainkan pendengar, wong acara radio kok ngandelin dari kabar orang lain...kenal aja gak, kok beraninya nyebarin, langsung lagi..."


Ikhlas

"Nang endi sepedamu le?"

"Niko nembe diseleh lare ngajeng"

"Dengaren ko'en nyilehno sepeda, iku lak banne kenek paku wingi, wis mbok tembel ta?"

"Nggih dereng, ning niku wau pun kulo kumpo riyin"

"Wis mbok omongi arek iku nek banne kenek paku?"

"Mboten, paleng mengke nek kempes nggeh kersane ditembel"

"Woo eruh aku, ko'en iku sengojo yo nyilehno sepedamu ce'e ditembelno"

"Ah nggih mboten nopo2 wong mengke pahalane kan ngge lare niku dhewe"

"Ngono iku yo jenenge ko'en manpaatke kelemahane wong liyo"

"Yok nopo se sampeyan? Wong apik kok diarani lemah, nek larene ikhlas nembelke terus
pripun?"

"Yo arek iku lemah mergo ono perlune, nek nggak yo mosok nyileh sepedamu?"

"Niku ngoten dietung rejeki kulo mawon nek pun ditembelke, lha sampeyan dhewe nggeh sok manpaatke niat apike wong liyo"

"Ojo ngawur ko'en iku, kapan aku ngono?"

"Kapan niko omah sebelah wit peleme lak kathah sing mangklung teng genteng mriki, ning pas ajeng dipotong kaleh tiyange malah mboten angsal, mesti sampeyan karepe ben wohe ceblok teng omah mriki to?"

"Iku ngono ce'e gak ngrepoti wong sebelah"

"Lha ning nek pas peleme ceblok teng mriki kok mboten dibalekke"

"Iku kan ceblok dhewe, tur wong gak dijaluk yo mestine wis ikhlas"

"Hu mboten ngoten nek jare tiyang sebelah, nek dijaluk mengke sampeyan malah ngroweng, aneh to, sing njupuk luweh galak timbangane sing nduwe"

"Sing paling nemen yo ko'en iku, eling pas kapan iko numpak bis ac?"

"Niku lak kedadeyan biasa mawon, wong jenenge kepepet"

"Yo ko'en ngentut sak enakmu, lha wong sak bis iku, uleng2an mambu entutmu gak iso popo"

"Nggeh tahan napas ben ikhlas"

"Ikhlas gund*****!"

Selasa, 21 Juni 2011

Gak Oleh

"Mbah kulo tak ndaftar niki nggih?"
"Gak oleh!"

"Lha timbangane kulo teng mriki mboten jelas, macul mboten gadhah sawah, sekolah mboten iso, ngojek gak kuwat nyicile, dagangan nggih modale telas ngge mangan, kerjo nyeles panci mung krasan telung sasi"
"Gak oleh!"

"Niki lak agene resmi, trus kulo nggih mesti jujur mboten katene malsu umur, niki pirsani ka te pe kulo, niki cepet lho ndamele, titip teng pak carik"
"Gak oleh!"

"Niki mumpung dereng ditutup lho, padahal riyin sanjange ajeng ditutup, sing jare ngoten jare ngeten, kakean petengseng"
"Gak oleh!"

"Kulo mengke nggeh katene mbeto hape dhewe, mboten njanggakke pembagian pemerentah sing mboten jelas kapan dibagine"
"Gak oleh!"

"Pokoke kulo nggeh mboten katene ngrepoti kedutaan, ngke kulo lapor dhewe, ce'e mboten kakean alasan nek jare wargane seng kerjo teng mriko kathah mboten dho lapor, kathah garapan sanese, ngrepoti"
"Gak oleh!"

"Pun mboten usah kuatir, nek misale kulo diukum, kulo nggeh sanjang nek kerjo niki mergo diijinke pemerentahe sing mboten jegos ngurusi wargane, mulo pemerentah nggeh kudu diukum sisan, mulai lurahe, camate, walikota, gubenur sampe menterine nek perlu presidene, minimal ken tilem kelonan kaleh bathange tekus, ce'e ngertos rasane nek mati mboten enten sing mbelani kados tekus"
"Gak oleh!"

"Lha yak nopo to sampeyen niku? Wayahe kulo katene majokke masa depane, malah mboten angsal?"
"Wis pokoke gak oleh...ko'en iku iso moco gak? Iku ngono lowongan gae Te Ka We!... We... Wedok! Ko'en iki isih lanang kan? Yo'opo ko'en iku wis gak jelas uripe, mokong sisan"

Jumat, 17 Juni 2011

Wijen


"Ajeng teng pundi mbah? Mampir teng warung mriki riyin"

"Yo wis tak mampir sedhelok"

"Monggo mriki wedangan ben nambah seduluran"

"Kok iso?"

"Lha wedang niku lak jare ngawe kadang ning jane saged nggawe kadang"

"Yo2 terus kate mbok gawekno wedang opo?"

"Ngersa'ke jae nopo kopi?"

"Nek jae yo'opo?"

"Jae niku jembar atine enteng awake"

"Nek kopi?"

"Koncone akeh puyenge ilang"

"Ning jane gak enak iki moro mrene karo sarungan"

"Wo mboten nopo2 wong sarung niku sah nek dinggo teng warung"


"Oo pintere, wong jowo temenan saiki, iku ngono jenenge keroto boso, utowo boso singkatan,
bagiyan teko elmune wong jowo sing utama, kanggo nylimur nek ngadhepi masalah, uthak athik gathuk"

"Nek kulo masiyo usaha niki mung udel, usaha dagang ekonomi lemah tur kathah masalah, ning sanes bolu, bathine okeh lali utange"

"Yo wis bener iku, ojo koyo motor, modale utuh ning gak tau nyetor"

"Wah nek kulo penginne nggih kados lupis, lunas utang pikirane seneng"

"Hmm ko'en iku koyo dhongkrak, nek dhong ono karepe nyedhak2"

"Ah nggih mboten ngoten, ning pancen nek saged nggih mbok diundur setore, mergo sakniki nek dho jajan senenge mung mbako, mbayare ngko"

"Lha lak tenan to koyo bal bekel, bolak balek angel dicekel"

"Mbok mpun rewel ngoten, mangke kados ceret lho"

"Opo iku"

"Tambah cedhak tambah cerewet "

"Woo wis ah, pokok'e tulung usahakno, suk minggu ngarep yo ojo lali"

"Huu nasib kok koyo wijen, wis usahane cilik gak diajeni pisan, masiyo ketok ngumpul sakmono akehe pancet ae diregani ondhe2ne, dudu wijenne"


Rabu, 15 Juni 2011

Keris

"Mbah kulo gadhah keris njenengan kerso mboten?"

"Gae opo? percuma duwe keris wong iku singkatane mlungker gak iso gae ngiris"

"Lha njenengan niki pripun to, niki saking mbah2 kulo, umure pun 102 taun 5 wulan"

"Cik hebate ko'en, iso eruh umur kerismu sampek njlimet ngono?"

"Nggih gampang, wong pas nompo keris niki riyin ngendikane bapak kulo pun 100 taun, lha kulo pun nyepeng niki 2 taun 5 wulan, klop to"

"{^#*^:["

Jumat, 10 Juni 2011

Sing paleng akeh

"Pak teng mriki wonten kamar kontrak'an mboten?"

"Ono nek sing ngisor 500, neng wis penuh, nek gelem sing tingkat telu paling ndhukur 800"

"Lha kok sing nginggil paling larang?"

"Yo polahe nek nang ndhukur iku ko'en nggae undhak2an sing paling akeh"

Rabu, 08 Juni 2011

Repote medayoh


"Assalamualaikum"

"Walaikumsalam, o sampeyan mbah, dengaren panas2 tekan kene, ayo mlebu kene"

"Yo'opo ko'en waras ta?"

"Alhamdulillah waras mbah, nek gak waras, yo sampeyan gak tak ko'en mlebu...Sampeyan waras ta?"

"Yo waras, nek gak yo ko'en gak tak salami"


"Ayo, lungguh kene, sepurane iki kursine wis bedah"

"Gak popo wis, tenang ae aku yo wis ngiro nek kursimu mesti ngono, kursi ojok didelok bedah ta
enggak'e, masiyo kursine apik regane jutaan, neng gak iso jenak lungguhe, mergo olehe kursi nggae coro sing gak halal, yo percuma"

"Nek kursiku masiyo bedah, neng termasuk barang antik tur mesti halal, neng nek sampeyan gak jenak lungguhe, ketoke ambeyen be'e"

"Ko'en iku sing aneh, nduwe barang antik ki guci ta lukisan, iki kursi bedah diingoni"


"Sik yo tak menjero dhisik"

"Wis gak usah repot2, kene ngobrol2 ae, sing jenenge adabe nompo dayoh ki utamane disalami sing apik trus ngobrol sing enak"

"Gak ngrepoti wong pancene wis tak niati wit mau"

"Opo se sing katene ditokno?"

"Iki katene mepe kasur"

"Hu tak kiro nggawekno ngombe"

"Lha kan jare sampeyan dhewe nek nyuguhi dayoh ki gak utama"


"Sampeyan katene ngombe ta?"

"Iyo rek, ngelak temenan iki"

"Ono banyu tapi durung digodhog, sampeyan gelem ta?"

"Yo'opo ko'en iku, padhakno iwak ta aku iki, yo godhogen sik banyune"

"Neng nggodhoge sik suwe, sampeyan gelem ngenteni?"

"Wis gak popo godhogen ae...eh ngenteni opo seh?"

"Ngenteni rejeki, polahe gase entek, aku sedino durung oleh duwit"

"Wis gak sido ngombe"


"Tak tukokno ngombe ta"

"Yo tukokno es teh yo"

"Sip nek ngono aku tak njaluk es setrup, endi kene duwite"

"Cik repote medayoh nang nggonmu, dayohe nukokno ngombe gae dhewe karo sing didayohi"

"Lha kan mosok dayohe ngombe dhewe, dayoh cap opo iku"

"Wis tak moleh ae, gak sido medayoh"

"Mangkane ta sesuk meneh nek katene medayoh nggowo oleh2 ta opo ngono"

Jumat, 03 Juni 2011

Diajari mbok'e

"Opo'o kucingmu kok mbok sabeti nggae sodo?"

"Niku wau anake lak nyolong iwak kulo"

"Lha sing nyolong lak anak'e opo'o kok mbok'e sing mbok sabet"

"Nggih ngoten, wong anak'e nyolong niku lak mergo diajari mbok'e"

Rabu, 01 Juni 2011

Khusyuk kok syarat


"Kok ndengaren ko'en nggae kopyah kate nang endi?"

"Lha yo'opo sampeyan iki, yo nang mesjid"

"Ngono yo, sukurlah saiki wis memper, mulai kapan ko'en nggae kopyah"

"Yo durung suwe mbah, wong iki kari nggae"

"Kok iso?"

"Yo iso wong aku saiki dodolan kopyah"

"Wo pantes, promosi tiba'e"

"Lha mosok dodolan kopyah gak nggae kopyah, yo'opo katene payu"

"Untung ae ko'en gak dodolan beha"


"Jane ngono aku nggae kopyah supoyo tambah khusyuk le sholat, ning mestine kudu nggae kopyah gak se?"

"Yo nggak, wong sirah iku dudu aurat, paling yo mung meloki kebiasaan sing dianggep apik. Ono
sing ngarani nggae kopyah ki sunnah, mergo dicocokno karo kebiasaane kanjeng Nabi lan poro shohabate, sing mesti ngagem surban kae nek sholat"

"Mung nek koyo sampeyan nggae kopyah ki ketoke gak nyonto kanjeng Nabi, ning supoyo ketok apik wong rambut sampeyan kan wis arang"


"Trus yo'opo caramu dodolan?"

"Biasane nek katene jumatan wis siap buka dhasar mulai esuk nang latar mesjid, nek wayahe sholat tutup, marine sholat buka meneh"

"Yo bener, nek manut dhawuhe kanjeng Nabi, dagangan pancen gak oleh nang njero mesjid, masiyo barange gak wujud, opo meneh sampe nyang-nyangan...tujuane jelas supoyo gak ngganggu konsentrasine sing do sholat utowo wiridan, yo etikane ki ojo sampe ngadhep Gusti Aloh podho karo ngadhep dagangan"

"Jelas mbah, aku nek wayahe sholat yo konsentrasi tur khusyuk temenan, ning mari salam langsung mbandhang"

"Sik2 nek ngono iku salammu ping piro"

"Yo kadhang pisan kadhang pindo, kan jare sing wajib syarate mung sepisan"

"Lha khusyuk kok mung syarat"


"Nek khusyuk gak dadi syarat terus opo'o kok kudu khusyuk?"

"Khusyuk iku nek istilah gampange podho karo nggethu, dadi misale tentara khusyuk barise, trus arek sekolah khusyuk sinau, dadi khusyuk ki kondisi sing dasare soko keyakinan nang opo sing mbok lakoni"

"Berarti wis jelas aku ki ahli khusyuk, wong sering aku sampe lali gak mangan mergo nggethu dagangan"

"Huu nek ko'en iku gak polahe khusyuk, tapi pancen kudu ngono, nek gak yo'opo caramu mbayar cicilan motor"


"Ning khusyuke yo isih menang aku timbang sampeyan"

"Lha kok iso"

"Kapan iko sampeyan pas sholat jumat kok rogoh2 kantong?"

"Wo iku ngono putuku telpun, dadi hapeku geter, lha iku laK podho karo nek dicokot nyamuk, kan isih oleh anggere gak usreg nemen...ko'en nang endi kok eruh?"

"Kan aku sholat nang mburine sampeyan"

"Nek ngono yo ko'en batal wong sholat kok ngewasno tanganku"

"Yo nggak, sampeyan sing batal, wong sholat kok tangane iso milih tombole hape"

Jumat, 27 Mei 2011

Hadiyah

[manfaat]
"Le ko'en wingi nang mantene koncomu kok ngado kotak cilik, isine nopo?"

"Sendok teh sak setel"

"Lha kok aneh, nek sing umum iku yo ngado dhuwit, opo piring, ngono"

"Njenengan niku dospundi to, nek ngado niku nggih sing paling manfaat"

"Nek ngono yo jelas luwih manfaat dhuwit"

"Halah dhuwit paling banter 20ewu, wong nyuwun njenengan nggih mboten angsal, trus nek piring paling ngge mangan wong saklusin, nek sendhok, masiyo sing ajeng wedangan sak stadion, sendoke cukup setunggal ngge gulo, sing tunggale ngge ngudhe'e"

"Wooo cekak aos"

[hadiyah]
"Jane ngado niku wajib nopo mboten to?"

"Yo nggak, ngado ki istilahe hadiyah, jane masalah roso, nek ko'en pengin nyambung roso nang sopo wae, sing penting niate tulus ikhlas"

"Wo nggih jelas nek kulo mesti menehi niku mesti tulus, ikhlas, wong kantun menehke mawon"

"Sik2 berarti kadomu iku ko'en gak tuku yo?"

"Nggih mboten wong niku kulo nggih angsal hadiyah pas arisan taun riyin"

"Untung ae gak kedaluwarso"

[barokah]
"Njenengan sok maringi hadiyah mboten?"

"Nek aku sing penting ki wujud perhatiane dudu wujud barange, utamane yo dungane supoyo slamet lan barokah, mung nek pas duwe rejeki luweh yo tak tukokno hadiyah"

"Tapi pas kulo ulang taun kok mboten dihadiyahi?"

"Lha ko'en iku lak jatah bulanan yo wis, perhatian yo akeh, trus kurange opo kok isih njaluk hadiyah"

"Kadose sing kurang niku barokahe, soale nek njenengan maringi duwit kulo mesti karo ngroweng tur alise gathuk, mulane duwite cepet telas terus"

"Wooo. yo wis ngko tak wenehi, trus tak dunga'no supoyo gak njalukan"

"Huuu...cethil"