Jumat, 10 Februari 2012

Ngibadah opone sing dijogo

"Mbah pados nopo kok tolah toleh?".
"Gak popo, iki katene jumatan nang mesjid gedhe".
"Wo... Nggehpun numpak bemo kulo mawon".
"Ah gak, suwe ngeteme tur mari ngono mogok".
"Hu ngece, pun diserpis sakniki... Monggo mlebet mawon".
"Sempit iki gak isok meneh".
"Lah tesih saged niku, wong kudune kiwo 7 tengen 5... Geser meleh".
"Gak ah... Iku lak akeh ibuk2... Wis wudhu aku iki, ngko batal nek nyenggol2...".

"Halah mbah2 ngke lak saged wudlu meleh... Wong kesenggol sithik lak mboten nopo2? Wong niku nggeh dho klamben wutuh kabeh... Pun mlebet mawon gek ndang budhal".
"Nek ngko nang njero seseg trus nemplek ae nang ibu2 iku yok opo?".
"Halah anggere njenengan mboten trus nggoser2 awak'e teng ibuk2 niku nggeh mboten nopo2... Mbok sing lumrah mawon... Jane ngibadah niku nopo to sing dijogo?... Nek mung batal, mboten usah sampek nyenggol2, njenengan nglirik trus ser2 greng mawon sejatine nggeh pun batal... Ngibadah niku lak utamane njogo niyate trus didukung ikhtiyare angsal barokahe... Sanes malah ruwet ngoten... Salah2 malah keblondrok dhewe".

"Hu omonganmu kelincipen, wong sholatmu ae gak beres ngono, nyeramahi wong tuwek".
"Lo masiyo bolong2 ngoten tapi kulo mboten nate ngrepoti kados njenengan, tur terus melu njogo sedoyo sing apik2... Nggeh pun njenengan teng ngajeng mawon... (Bu ngapunten lenggah teng wingking nggeh)... Pun mriku, niku pun meh adan".
"Yo wis tak lungguh ngarep... Opo'o jokmu kok dilungguhi anyep ngene?".
"Wo niku wau pun kulo lap, duko bekas toyo nopo...".
"Sik2 la kok pesing?".
"Wo nggeh niku wau lare kulo ngompol".
"Wa...!".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar