Rabu, 08 Februari 2012

Amalan sing dibuang-buang

"He... la opo iku grsek2 nang kono?".
"Biasa mbah aktivis lingkungan hidup".
"Wo... Lingkungan hidup apane... wong golek rosok ngono".
"Lho gak eruh sampeyan ta? Iki kerjaan sing paling propesional, gak perlu kakean ngomong sing penting gresek terus".

"Koen isok ngomong ngunu polahe hasile akeh".
"Hasil iku lak cumak efek, tapi sampeyan kudu ndelok prosese... Sampeyan gelem ta ngganteni kene golek rosok'an?".
"Enak ae.. Yo nggak lah... Trus golek opo koen iku?".
"Iki pipo2 digae gak?".
"Hus... Isik digae iku".
"Ah mbojok wong kaet kapan iko nang kene terus".
"Wo katene mbok colong yo?".
"Hu... Ngawur, ojok nuduh sembarangan...".

"Lha koen iku yo ngono, nek wes kepengen ambek iku, terus ae diincer... Nek ilang tenan trus tak laporno yok opo?".
"Hu... Nek sampeyan lapor pulisi aku tak ndungo lapor nang Gusti Alloh, polahe sampeyan sentimen karo wong sing wis usaha sampek soro ngene".
"Sak karepmu gak bakale diijabahi, rumongsomu Gusti Alloh iku dinas gangguan ta yok opo? Wong njalukmu mekso tur koen soro polahe usahane kurang istiqomah".

"La... Yok opo sampeyan iki? Gak eruh ta sampeyan nek kabeh wong iku bakale ngko suwe2 dadi tukang rosok kabeh."
"Ngarang ae koen iku... Kok iso?".
"Sampeyan gak kroso ta, nek wong tambah tuwek iku kan mulai wedi mati... Mulo mulai nggolek'i amalan opo sing gurung dilakoni, opo amalan opo sing ndhisik dibuang-buang gak dilakoni, upamane sing gampang, koyok nek ketemu salaman, ndungo mari adan, mesem nek ketemu, ngewangi nduduhne dalan, wis macem2, pokok'e sampeyan ngko suwe2 koyok tukang rosok... Gedhe cilik, sithik akeh terus ae digolek'i sampek angel turu".

"Wo... Dengaren koen omonge nggenah... Tapi awas yo nek potku sampek onok sing ilang".
"Ah percuma njaluk nang sampeyan, opo meneh mung pot bekas, nek sandal sik mendhing".
"Wo... Koen yo sing kapan iko nyolong sandalku sing tak peme nang pager?".
"Ngawur ae sampeyan... Sendal iku pas aku gresek nang larahan, wis nang kono sitok... Terus tak delok nang pager onok sitok... Yo wis tak jupuk sisan, lha mosok sendal mung seseh... Sampeyan lali be'e mbuang karo2ne".
"Wo... Lali gundhulmu".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar