Rabu, 29 Februari 2012

Dadi lakon

"Mbah mbok nek maos koran mboten usah sampek nglangut ngoten".
"Yo iki moco berota kok isine marai ambek'an dowo ae... Kapan lereme?".
"Ah, mesti urusan negoro... mBok pun kersane wong paling negoro niki nggeh mboten ngerti nek njenengan tesih ambek'an nopo mboten... Pun maos berita hiburan mawon...".
"Hiburan ae eruhmu, isih kurang ta koen madhep tipi mben dino sampek belek'en?".
"Ah nek niku sanjange pun mboten dados hiburan meleh, tapi kebutuhan...".

"Ah onok ae, nyoh iki wocoen...".
"Niki lo maos sing niki... Wah niki ngawur tenan... Lo niki sanjange Anjelina ajeng maen pilem meleh kaleh bojone? Wo pancene tiyang niki gawene mbujuk nopo pripun, wong jelas bojone pun pejah ngoten lo?".
"Ndi ndelok... Ngawur ae koen iku... wocoen sing temenan... Iki ngono Anjelina Joli, artis amerika iki... Dudu Anjeline iku... Wis moco liyane...".

"Wo... pun ganti to? La niki berita nyemoni nopo pripun... Juarane pilem sak ndunyo kok malah pilem bisu? Wah niki ojo2 malah sanepo seking Gusti Alloh, nek sak niki sing mboten kakeyan omong, kakeyan sesumbar, kakeyan pendapat, sing anteng, tapi terus makaryo saged menang?".
"Nek urusan sing menang ki yo salah sijine pancen kudune sing gak kakeyan petingsing, tapi yo tetep nek dhawuhe Gusti Alloh, nek gak pengin rugi, yo kudu terus dho nglakoni sing bener tur kudu sabar.... Yo koyok pilem... Pertama koen kudu duwe lakon trus dadi lakon sik, ojok sampek koen wis rumangsane nglakoni, tapi tibak'e durung dadi lakon, aliyas keyakinanmu kudu diasah trus dinggo mujudno keputusan2 pilihanmu sing manfaat, gak koyok bathukmu sing diasah nang sajadah thok sampek jamuren ngono....".

"Ah niku lak njenengan dhewe... Pun nggo ningali biskop mawon, niki pileme...".
"Lakone sopo iku?".
"Niki lakone si 'syow'".
"Trus critane opo?".
"Wa critane kadose mboten rame niki, wong judule mawon mung 'matine syow'...".
"Koplak...".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar