Jumat, 06 Januari 2012

Moco kesempatan

"Mbah njenengan mboten pesen mobil esemka sisan?".
"Oalah le2 sepeda sitok ae gak entek2, kon tuku mobil, aneh2 ae".
"Senes mobile sing penting tapi niki hasil karyane lare2 esemka, hebat to".
"Yo iku eruh tapi opo'o nembe saiki katene rame2 ngajeni garapane arek2 iku? Coba kurang hebat opo arek2 ndesomu iko wit ndhisik nggawe kloso, nggawe grabah sampek tuwek?".
"Wo nggeh bedo jamane, kan pun maju, tur niki jare mboten larang".
"Hebat iku gak polahe maju opo larange, mergo kabeh arek iku hebat, asal onok kesempatan digae ngetokno kehebatane... Mulo sing larang iku jane kesempatane...".

"Lha nek kesempatan niku lak mboten jelas wujude, trus kapan angsale?".
"Ngene, Gusti Alloh wis dhawuh nek kesempatan iku onok terus sampek kiyamat, dadi menungso sing kudu usaha moco kesempatan iku, mangkane koen nek ndungo gak usah nyuwun macem2, nyuwuno ae supoyo tetep diparingi kesempatan tur iso moco kesempatan...".
"Wo tambah mboten jelas, trus yok nopo?".
"Lha koen iku yok opo? Coro sing paling gampang yo dawakno silaturahmi, kuatno paseduluranmu, ngko lak ketok dhewe".

"Nek ngoten pun cocok kaleh kulo niku...".
"Apane sing cocok?".
"Sakniki kulo kaleh rencang2 nek jumat pun saged moco kesempatan niku, nek jare lare sakniki,
nopo istilahe...angel jawane...--saling menjaga--... Kulo njogo sendal, sanese njogo sepedah".
"Wo ko'en iku kesempatan dipadhakno dhuwek ae...".

"Lha jane nek dhuwek kulo niku mboten enten masalah, tapi masalah niku nek kulo mboten enten dhuwek...".
"Tapi opo'o sandal isih pancet onok sing ilang?".
"Lha niku berarti enten meleh sing saged moco kesempatan, tapi jane mboten kan mboten ilang wong biasane ditinggali sandal tilas malinge, masiyo luweh elek... Nggeh paling niku Gusti Alloh maringi kesempatan supados tiyang niku mboten ngrasakke sandal apik terus...".
"Semprul...".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar