Rabu, 11 Januari 2012

Nyambung urip

"Mbah jajan mboten, mumpung tesih pepak niki?".
"Yo wis kene yuk, opo ae iku?".
"Niki enten gethuk, thiwul, cenil, jongkong, cothot... Pokok'e mesti cocok kaleh njenengan wong niki jajanane empuk kabeh".
"Wo ngece sampeyan, masiyo tuwek ngene awak2 iki yo isih duwe untu".
"Tapi kan eman2 nek upamane mantun dhahar trus wojone mrotholi".

"Ah yo gak nemen ngono... Opo'o sampeyan wit ndhisik dodolane ngene ae?".
"Nggeh niki pun pesene mbok kulo, supados neruske usahane".
"Tapi lak gak berkembang, wit mbokmu ndhisik sampek saiki, keleleng ae nggowo tenong, opo isok nyukupi uripmu?".
"Nek mung pados cukupe ngge urip thok, mendhing ngemis, timbangane ngeten... Nggeh niki pesene mbok kulo, nek urip niku mboten mung nyukupi urip, tapi kudu iso nyambung urip".

"Urip kok disambung, kan gak isok? Wong kabeh kan mesti mati?".
"Mati lak mung awak'e, tapi ajarane, elmu2ne, jasa2ne, niku lak trus dieling2 kaleh sing tesih urip... Mulo sakniki kulo ngajari anak kulo wit cilik sedoyo bab jajanan niki, mboten mung diomongi thok, tapi dijak trus diduduhi, mulai ngoncek'i sampek marut, nguleni, nggendhong tenong kleleng.... Nggeh niku jenenge nyambung urip...".

"O ngono... Yo bener iku, nek diistilahke pak kiyai kuwi jenenge amal jariyah".
"Wa nek niku mboten ngertos kulo, wong ngajine riyin mung alipbata, terus mothol ngewangi dagangan niki... Pun dipundhut mawon niki mumpung tesih anget".
"Hm... Pancen enak iki, empuk legi kenyil2, asli kabeh bahanne ki?".
"Lho asli sedoyo, pohonge, gendhise, pokok'e mboten usah kuatir...".

"Yo polahe nek bahan2mu iki gak asli, dicampuri bahan2 sing aneh2, iku podho karo gak nyambung uripmu, mergo mari ngono sampeyan wis gak dipercoyo...".
"Wo ngertos kulo... Anu dhahare mboten usah kesusu mengke ndhak trus kloloden?".
"Yo nek kloloden trus yok opo?".
"Kulo tak nyeluk lare kulo".
"Lha anakmu lak iseh cilek?".
"Nggeh niku ajenge kulo jak mriki, mergo piyambak'e dereng nate ningali tiyang kloloden".
"Asem...".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar