Rabu, 25 Januari 2012

Ngirit sing padhang

"Le bengsin iki kok cepetmen entek'e, mbok gae terus yo sepeda'e?".
"Ah nggeh biasa mawon, wong isine nggeh sithik".
"Koen iku kudu eruh, bengsin iku jare katene mundhak, dadi koen nek gak perlu nemen gak usah numpak sepedah montor, numpak'o sepedah pancal, opo mlaku ngunu".
"Niku sing mundhak lak mung ngge mobil pribadi thok, sepedah mboten sanjange".
"Jane sing penting dudu mundhak'e, tapi koen eruh bengsin nang ndunyo iki nek disedot terus sedhelok ngkas entek".
"La niku lak urusane pemerentah, kersane mikir nopo gantine bengsin".
"Yo iku pancen urusane, tapi koen eruh nek bengsin disedot terus, ndunyo iki gak bakale dadi anteng, tapi malah tambah sering ribut?".
"Wo anyar niki, trus kenging nopo kok ribut".
"Bengsin iku nek jare buku2 iku, asale lak teko fosil... La fosil iku lak balunge kewan... Nek ngendikane Kanjeng Nabi, balunge kewan iku pakanane bongso jin... Dadi nek disedot terus, yo jin ne suwe2 isok moreng nek gak kebagean".
"Ah njenengan niku meden2i mawon, terus yok nopo carane?".
"Yo paleng gampang yo ngirit bengsin, terus nggolek bahan bakar liyane sing gak nyilakani, mergo kapak2no ae nek jenenge wis ngentekno bageane liyan masiyo iku jin, yo tetep ae nglanggar hak... Dadi dunyomu mung padhang tapi gak iso madhangi".
"Wah angel niku... Nek kulo sing gampang mawon... Kersane ngirit, nek tumbas teng kiyos eceran esuk2 pas nembe bukak, nyandhak udud sak ler kaleh bensin sak leter, terus dibayare ngangge seket ewonan, ngke lak piyambak'e mboten gadhah susuk, terus alasan sesuk mbayare... Niku ngirit sing padhang, bengsin angsal udud lancar".
"Semprul".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar