Jumat, 20 April 2012

Ujiyan

"Mbah ayo nang mejid wis adan iko lo".
"Ndengaren koen ngajak nang mejid, biasane lak ngajak cangkruk?".
"Yo gak ngunu mbah, jenenge wong tuwo iku lak kudu duwe tanggung jawab ndungakno anak'e?".
"Opo'o anakmu?".
"Iki lo katene ujiyan nasiyonal... Hu ruwet, gak ujian ae dongane wis bengung opo meneh ujiyan, nasiyonal pisan?".
"Wo ngunu ta, yo nek ngunu mugo2 ae ujiyan terus2an ce'e koen rajin nang mejid terus".
"Ngawut ae... Seneng ta ndelok sirahku benthet?".
"Gak ngunu, tapi sirahmu iku masiyo gak benthet, tapi peyang, mangkane nek nggae kopyah gak isok jejeg".
"Wo sampeyan iku nyemoni ae... Wis saiki kate ngewangi opo sampeyan?".
"Ngewangi opo, la wong koen sing duwe anak, aku mbok koen melok miker... Ngene kabeh kedadeyan nang ndunyo iku ujyian... Seneng yo ujiyan, susah yo ujian... Ngko nek isok lulus utowo kuwat ngliwati ujiyan iku, isok mundhak derajatmu dadi menungso, isok diakoni kepinteranmu...".

"Yo gak podho sekolah iku... Saiki coba yok opo nek gak lulus? Bayangno nek arek SD gak lulus, dikon kerjo gak isok, sekolah meneh isin... Iki program wajib belajar ta program wajib lulus... Huu, program kok onok'e mung ngrepoti ae...".
"Koen iku mulane sinau, moco bukune, takon gurune, dadi isok ngajari anakmu, ojok sambatan ae..".
"Hu... Sinoa sinau, nek aku sinau terus kapan golek dhuwike? Wong anakku sing sekolah ae gak isok nggarap... Wis saiki coba, sampeyan lak ketoke wis sinau, ayo tak badhe'i... 1 tambah 1 piro?".
"Wo nantang... 1 tambah 1 yo 2".
"Nek gak 2?".
"Mbuh lo etungen dhewe".
"Temenan iki, wis katog?".
"Ayo opo coba?".
"Hu ngunu jare sinau... 1 tambah 1, nek gak 2... Yo salah...".
"Wo benthet temenan...".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar