Jumat, 30 Maret 2012

Sof ngarep

"Mbah mampir kene sik gak usah kesusu".
"Gak ah ngko jumatanku kaco meneh".
"Ah sampeyan iku sumbunge, katene jumatan ae gak isok dijak mampir".
"Ngawur ae, iki ngono gak polahe sumbung, tapi pengen isok oleh sof ngarep".
"Opo'o sof ngarep, padhakno nontok ludruk ae".
"Koen iku yok opo, sof ngarep manut dhawuhe kanjeng nabi, tur oleh afdole cidhek imam dadi nambah barokahe". "Ah sampeyan wanine nang ngarep mung nek sholat, mbok cobak nang ngarep nek wayahe nulungi wong, langsung tandang nek onok seng soro uripe".

"Wo koen iku senengane nyemoni ae... La koen dhewe yok opo lo?".
"Ah nek aku saiki wis gak wani nang sof ngarep cidhek imam".
"Opo'o gak wani, wong gak mbayar ae lo?".
"Hu sampeyan iku dhuwik ae... Gak polahe ngunu, ndhisik aku nate sholat jamaah nang sof ngarep dhewe persis mburine imam... Tepak tengah2e sujud ujug2 imame kebelet, trus aku ditarik mengarep... Yo wis aku mengarep nerusno sujud".
"Bagus iku berarti koen dipercoyo dadi imam".
"Wo bagus apane? Bagus iku lak nek eruh? La iki imame langsung nyengkre? Aku bengung iki dikon njogo sujude ta yok opo?".
"Koen iku jare sekolah madrasah kok gak eruh? Koen iku sekolah ta cangkruk'an?".
"Ah sampeyan iku ngenyek ae... Trus aku yo sujud ae terus, sampek makmum iku grenengan bolak balik subhanaloh... Suwe2 tak lirek makmume ketoke gak krasan trus nyengkre kabeh... Mari ngono aku sisan cepet2 nyengkre muleh".

"Sempel koen iku... Nggenteni dadi imam iku berarti yo nerusno mimpin sholat, gak cumak manggoni sejadahe".
"Yo iku lak termasuk tugase imam juga, gak cuma pengen mimpin ae, tapi kudu ngajari makmume juga, nek perlu nyepakno gentine... Mangkane saiki aku mendhing ndelek sof mburi, ce'e gak ngganggu jama'ah tur gak didadekno imam".
"Ah koen iku ngeles ae... Eruh aku, koen nek jumatan mesti ndelek sof mburi iku ce'e isok cepet nyengkre, polahe katene nariki dhuwek parkir".
"La timbangane sampeyan... Suwe gak metu2 sampek mejide kosong latare sepi, polahe ce'e gak ditarik parkir".
"Semprul...".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar