Minggu, 06 April 2014

Meni pulitik

"Mbah enake nyoblos opo?".

"La koen wingi jare melok kampanye, kok malah takok?".

"Ah kampanye lak wayahe nggolek dhuwek, yo gak onok hubungane ambek coblosan".

"Huu koen iku pancene gak isok adoh2 teko duwek... Ngunu iku jenenge moni pulitik...".

"Sampeyan iku ambek seng gak duwe duwek ngomong moni pulitik... Trus nek gak ngunu opo gunane caleg2 iku gae awak2 iki? Mosok dikon ngleles spanduke digowo nang rombeng ta? Wong mari ngene nek dadi iku sing maleh uripe yo caleg2 iku, awak2 iki paling yo pancet ngene...".

"Yo gak oleh ngunu koen... Iku ngunu gak ngregani perjuangane wong2 iku, wes ngetokna duwek akeh mosok gak dipilih... Mbelingan koen iku...".

"Huu yo luweh mbelingan sampeyan iku... Sampeyan iku meni pulitik... Sampeyan kongkalikong moles wong2 iku supoyo gak ketok elek'e, padahal njerone karaten, akeh tiyenge....".

"Haseem...".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar