Kamis, 24 April 2014

Koalisi cap wedhus (2)

"Mbah yok opo nek upamane aku dadi presiden, sampeyan gelem gak dadi wakile?".
"Koen iku mabok ta nglindur... Kok nyimut, oleh pirang perkoro koen kok isok ndadekno aku wakilmu, seng bener yo koen iku wakilku, kan aku luweh tuwek".
"Peyan iku ncene gak paham... Sik mending sampeyan masiyo wes tuwek tapi isik tak jak koalisi, nek ambek liyane sampeyan paling mung dijaluki dungo thok...".
"Hadeh omonganmu kelincipen, nggae koalisi barang... Koen iku yo, angon wedus ae gak isok kok ngomong koalisi?".
"Laopo angon wedhus, wong aku dudu mak'e wedhus.... Koalisi kok dibandingno karo angon wedhus? Koalisi iku yo koyok maen orkes... Ngumpul maen bareng tapi paham porsi maene dhewe2, dadi gak gampang, kudu ditoto, kudu diroso... Gak cumak bareng2 ngumpul gerudukan, tapi karepe dhewe2 koyok wedhus, iku jenenge koalisi cap wedhus".
"Gak wes gak melok2, ngkok aku mbok anggep wedhus".
"Huu yo gak lah, wong sampeyan ambek wedhus mati ae kalah".
"Ngawut ae... Kok isok?".
"Nek gak percoyo ayok nang warung sate ngarep, ngkok lak sampeyan gak wani mangan, jare kolestrol, jare asam urat...".
"Semprul...".



* Koalisi cap wedhus (1) :
http://komik-simbah.blogspot.com/2011/03/koalisi-cap-wedhus.html


Tidak ada komentar:

Posting Komentar