Jumat, 14 Oktober 2011

Rekoyoso Suwir-suwir

"Mbah nembe enten lindu maleh nggeh?".

"Yo opo'o?".

"Sanjange nek lindu ngeten niku termasuk adzabe Gusti Alloh, mergo teng daerah mriku kathah maksiyat."

"Koen iku gak mikir ta? Nek sing maksiyat oleh lindu, opo'o gak nang daerah sing pancen nggone?".

"Lha trus nopo niku?".

"Ngene, kabeh iku wis diatur, maksudku anane opo ae sing nang ndonya iki gak cuma diglethakno ngono ae...nek menungso duwe akal, nek banyu, watu iku istilahe sunatulloh".

"Wah ruwet".

"Isih mendhing lindune wujud, cuma ngrusak bangunan, tapi coba nek lindune nang sirahmu?".

"Trus akalmu rubuh, jungkir walek, opo gak luweh bahaya? Dadine bengung ngalor ngedul?".

"Nek ngoten niku nggeh resafel mawon."

"Koen iku pulitik meneh..".

"Wong sing nembe rame niku?".

"Resafel saiki ngono koyo soto ayam nang warung pingger dalan iko...jare nggae ayam, tapi cumak pirang suwir, dadi koyok cumak sarat thok".

"Tapi kan nek pun ngoten mawon sing mangan soto wau pun cukup kan beres".

"Beres iku mergo wis kadung pesen, yo yok opo meneh? Ngko nek gak trimo dijawab, tukune nang pingger dalan njaluk macem2".

"Ah tapi teng hotel kadose nggeh sami mawon".

"Kapan koen nang hotel?".

"Mboten, niku kulo nate angsal turahan lawuh, sakeng rencang sing kerjo teng hotel".

"Wo oleh turahan ae wis isok mutusi".

"Sing penting iku duwe akal iku ojok mung mikir sak kenek'e, tapi coba nek dhawuhe Gusti Alloh wujudno dadi sulthon, yo iku olah piker rekoyoso, tapi nganggo roso sing gugah, nek jare arek kuliyahan ki inisiatip, dadi supoyo akalmu iso qiyam".

"Ngomong2 bab soto kulo nggeh masak soto rekoyoso".

"Enak yo? Coba ngicipi".

"Lha kok isine mung cambah ngene?"

"Lho niku pun manut ngendikane njenengan, inisiatip, timbangane cambah kaleh sambel, mending enten duduhe seger?".

"Ah yo wis dienak2no ae".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar