Jumat, 13 Mei 2011

Ayo sholat

[resik gasik]
"Mbah2 enteni aku melok, sampeyan ate sholatkan?"

"Wo ko'en wis eling ta, ayo kene melok sakdurunge tak sholatno"

"Tapi aku gak nggae sarung gak popo2 ta?"

"Gak popo pokoke gak keno najis"

"Tapi aku mau mari nglesed nang buk pinggir dalan kono, yo'opo nek nyilih sarung sampeyan"

"Hayah gak wis, ngko gak mbalek, ayo sholat"

[madhep manteb]
"Mbah sajadah sampeyan iku mujure gak kurang ngulon ta"

"Iki wis tak tepakno karo mujure mesjid ngarep, tur sing jenenge kiblat ki gak cuma sing wujud tapi nang keyakinan batinmu, mangkane nek ko'en pas gak eruh nang endi kiblate, ko'en oleh madhep endi ae"

"Ning mbah, lha nek kengaloren lak gak madhep nang mekah tapi nang beijing"

"Hayah gak usah nuruti sajadah, ayo sholat"

[kareb niyat]
"Sik mbah gae niyat gak?"

"Yo kudu, mergo niyat ki landasan kabeh amalanmu, masiyo gak diucapno gak popo angger niatmu memang cuma lilahi ta'ala"

"Yo wis nek ngono aku usah niyat meneh, kan aku mau wis pas ketemu sampeyan"

"Hayah wis kono ko'en sing eruh niatmu dewe, ayo sholat"

[nyebut sumbut]
"Mbah tapi ngko nek moco surate ojo dowo2 yo, iso kesirep aku"

"Nek jamaah ki yo di tepakno karo makmume, gak kudu moco sing dowo2 angger diusahakan lafale ki sing apik iramane ditoto dadi gayeng"

"Ah tapi jane gak usah ngono wong pancene sampeyan yo gak apal kan, paling yo moco kul2 an terus"

"Hayah ngko rungokna yo tak moco surat liyane, ayo sholat"

[mulur mungsret]
"Wis mbah saiki wis siap"

"Yo ayo ditoto shofe"

"Sik2 mbah lha kok wis krungu adan meneh"

"Adan ki memang tandane nek wis mlebu wektu sholat dadi yo mestine sing krungu kudu siap2...lha iku mau adan opo?"

"Adan isya'"

"Ladalah!...iki mau aku lak arep sholat maghrib, wo goro2 ko'en iku dadi mbleset"

"Ah sampeyan iku sing ngomong terus, wis ayo sholat"

"Gak wis kebacut, sholat dewe2 ae"

"Huuu pengine mlebu surgo dewe"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar