Senin, 14 Maret 2011

Kiyamatmu dhewe

"Wah mbah, nggegirisi tenan nggih gempa teng jepang wingi".

"Wong jenenge gempa sakmono gedhene tur nganggo sunami sisan, yo mesti ae akeh sing dadi korban".

"Nek terus2an ngoten niku lak berarti saged telas penduduke".

"Yo kan gak langsung ngono, wong Gusti Alloh wae dhawuh nek awal ki mesti ono akhire, nek ono kematian yo ono kelahiran".

"Kinten2 ngantos kapan nggeh tiyang teng ndonya niki telas pun mboten wonten sing pejah meleh?".

"Pertanyaanmu ki rodo ngetes, mestine yo suk nek wis titi mangsane kiyamat"

"Nek manut kulo ngeten, sing pejah niku lak tujuane mung surgo kaleh neroko, berarti nek karo2ne pun penuh mestine pun mboten wonten sing pejah meleh".

"Rumangsamu wong mati ki numpak bemo tak yo'opo, lha trus kapan eruh penuh gak e?".

"Nggih pancen ngoten niku, gampang mawon, nek pun do mboten saged milih maleh pundi sing surgo pundi sing neroko, niku berarti pun meh"

"Wo tibake ko'en masiyo gaweane mung nyapu latar karo udud ngono pinter juga"

"Lha niku udud dados pirantine mikir tur zikir, timbangane njenengan pun mboten udud zikire kurang"...

"Asem..."
...

"Tapi iku mau lak mung bab tondo2, sing jane gak usah ngenteni gempa wae kabeh wis mesti oleh tondo2 kapan kiyamat, utamane kiyamatmu dewe utowo kiyamat sugro".

"Lha niku mestine benten meleh, tapi nek bab niku kulo dereng sempet mikir".

"Ko'en gak usah mikir, ngko aku mbok jaluki udud, kuwi gampang wae, saiki ayo dirasakno, jangkahmu tambah cepet opo tambah cupet? trus untumu tambah pepak opo soyo pupak? trus rambutmu tambah ireng opo tambah arang?".

"Wah nek niku jelas sanes kangge kulo, niku jelas tondo kangge njenengan dhewe".

"Semprul..."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar