Jumat, 01 Januari 2016

Pengin bersaing

"Halo cak, ndik ndi sampeyan?".
"Halo, sek otewe cak".
"Opo iku otewe?".
"Hadoh payah... otewe iku boso enggris, singkatane teko on the wei... artine nang ndalan...".
"Halah gayane nggae boso enggris... koyok yak yak' o ae...".
"Lha yok opo...  gak eruh ta sampeyan,  pemerentah iki lak wes melok perjanjian  bebas, dadi mari ngene sembarang wong asing oleh usaha nang kene sak karep2e... nek peyan gak duwe persiapan dewe, ate dadi opo peyan... nek njagakno pemerentah, mbok sampek bodo koceng gak atene siyap, wong ngurusi got ae gak nate beres...?.
"Jiah... iku yo wes eruh... trus opo saiki usaha sampeyan?".
"Awak dewe iki saiki sibuk onlen rek...".
"Onlen apane wong hape sampeyan mik isok digae telpon ambek sms thok ngunu...".
"Nyepelekno... onlen iku artine nang len, dadi awak dewe sibuk ngurusi len, yo kadang len S, kadang len O...".
"Hadoh makelar bemo ae nggaya... Nek pengin bersaing ambek wong asing iku gizine yo diowahi... lha sampeyan sarapane mik pecel semanggi ngunu".
"Huu... timbangane peyan wes isoke ngriwuki wong, gayane ae sarapan roti tapi rotine tuku ngenteni diskonan, pantes ae dijak omong gak nyandhak trus, wong pintere didiskon".
"Hasruu...".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar