Jumat, 03 Januari 2014

Pulitik jama ta'khir

"Le la opo koen manthuk2 ae nang ngarep tipi?".

"Huu... Pertanyane kok pancet, pun gentos taune niki mbah... Dospundi sanjange taun pulitik?".

"Apane taun pulitik? Koen iku dislemur ambek istilah...".

"Nggeh mboten, wong pancen taun niki kathah peristiwa pulitik...".

"Yo akeh, polahe pulitik nang kene iku modele pulitik jama ta'khir... Kabeh diborong pas nek wes meh entek wektune... Mulai partene sampek calone... Padahal pulitik iku proses partisipasi, nek proses tanpo partisipasi, yo koyok pitek ngendhog, tapi gak diangkremi... Seng oleh seng duwe pitek, tapi pitek'e gak oleh opo2... Dadi nek jareku taun iki taun mambu, polahe seng dibahas crito lawas kabeh...".

"Wuik... Cek dowone crito njenengan, sampek kulo mboten mudheng...".

"Koen iku yo, masiyo wes tuwek awak2 iki yo pengamat rek...".

"Ah mboten percoyo, wong kalender anyar mawon mboten kagungan ngoten... Nek kulo, seng penting taun anyar niku kudu usaha ninggal seng elek2, gentos seng apik2...".

"Lambemu... Opo cobak, seng mbok genti?".

"Niku pirsani, sendal njenengan seng growak, sakniki pun sae...".

"Lo iyo, pinter koen... Kapan gentine?".

"Nggeh wau mantun jumatan...".

"Jiaah...!".



Tidak ada komentar:

Posting Komentar