Jumat, 19 Agustus 2011

Zakat, kapan barokahe

"Mbah wingi sanjange enten rame2 pembagiyan zakat meleh".

"Mesti dho rebutan yo?".

"Nggeh niku kulo kok mboten paham, nopo'o ngoten niku?".

"Yo iku kiro2 nggambarake kondisine masyarakat sing kurang nrimo sampe mungkin kurang yakin nang pandum utowo rejekine".

"Lho mboten yakin yok nopo se, wong niku sing tumut ngantre kadose nggeh wong sing kurang, tapi kadose sih dereng kesrakat banget, mergo ketingale kathah sing klambine lan kudunge apik2 tur enten sing nyangking hape".

"Angel pancen saiki mbedakno endi wong sing butuh endi wong sing gak duwe, sebab nek ditakoni, kabeh mesti njawabe butuh, tur langsung ngroso duwe hak nompo pembageyan zakat".

"Tapi kan pancen zakat niku kangge tiyang sing ngoten niku?".

"Masalahe jane dudu zakatte, tapi coro mbagine, opo gak iso ta mbagine sing enak, misale ojok ngundang wong ngumpul, nek iso malah marani sing butuh utowo dibagi pirang kelompok ngono nang daerah cidhek'e wong2 sing butuh iku mau".

"Ha malah ngrepoti sing ajeng mbagi, mosok terus kudu mbentuk panitiya riyin, rapat riyin, thethek mbengek, ngke malah dhuwite kepangan ngge panitiya niku?".

"Nek karepe wong mbagi zakat manut dhawuhe Gusti Alloh supoyo iso ngresiki bandhane tur supoyo ningkatke ibadahe, mestine mbagi zakat iku yo gak koyo mbagi beras nang pitek, kan intine ibadah iku tujuanne nggo ndandani akhlak. Saiki umpamakno ae nek misale wong dandan, tapi gak malah dadi menarik tapi malah dicelathu liyan yo'opo? Opo yo dandanane dianggep pantes?".

"Tapi nggeh kadose sing ngantre niku mben taun tambah kathah, nopo wong sing susah tambah kathah?".

"Wo nek iku termasuk wilayahe tanggung jawab pemerintah, mulo pemerintah kudune yo ngewangi wong sing arep mbagi zakat mau, mergo iku termasuk ndukung usahane pemerintah mbantu wong sing gak duwe".

"Nek ngoten kapan maleh enten pambageyan kulo tak melok ngantre ah".

"Ko'en iku gak duwe hak melok pembageyan, mergo ko'en isih tanggunganku, lha iki sing penting juga disampekno, bab sopo sing gak berhak, dadi gak cuma cerito sing berhak terus".

"Mboten, biasane niku kulo ngantre sanes ngge kulo tapi ajeng ngewangi ibu2 sing dho ngantri niku, mesakke to kepanasen suk2an".

"Ngewangi temenan opo nyalo ngantre?".

"Temenan wong sing kulo ewangi nggeh mboten siji".

"Tapi ko'en mesti oleh bageyan kan?".

"Ha nek niku lak masalah pengertiyan, mosok nggeh nemen pun diantre'ke suwe2 mboten enten tepo selirone".

"Hayah nyalo kok dipadhakno tepo seliro".

"Lha timbangane njenengan, zakat mung syarat pas riyoyo thok, tur sing nyetor ngge ngongkon kulo, padahal akad'e kudune njenengan dhewe, kapan barokahe?".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar