Kamis, 21 November 2013

Dicekal

"Lo cak, kok isik ndek kene, jare sampeyan ate budhal nang arab?".
"Gak sido, kenek cekal pak lurah".
"Olaopo... Sampeyan ngenthit duwek koperasi ta?".
"Ngawut ae, awak2 iki gak oleh lungo polahe ngko jare gak isok mbalek".
"Kelincipen... Ngunu kok dicekal, la wong peyan gae ngurus surat2 ae nyelang duwek nang aku... Iku ngunu polahe peyan gak duwe duwek... Yok opo carane kate budhal?".
"Babahno lo... Mosok awak2 gak oleh nggae isitilah dicekal... Opo seng dicekal cumak seng duwe duwek thok, seng terkenal thok, mbok sekali2 pemerentah iku nyekal wargane seng gak duwe duwek, seng kate ndelek gaweyan nang njobo ce'e gak isok budhal kabeh... Gak adil iku...".
"Nek sampeyan iku cocoke guduk dicekal tapi dicekel...".
"Opo'o kok dicekel?".
"La kapan iko, sampeyan opo'o mbengi2 digepuki arek2?".
"Iku ngunu arek2 ae seng gak genah... Wong awak2 iki atene mbukak warung, malah diriwuk'i...".
"Enake... warunge uwong dibukak, iku ngunu peyan ate ndodosi dagangane...".
"Yok opo meneh, wong awak2 iki butuh duwek".
"Duwek gae opo meneh?".
"La gae nyaur utang nang sampeyan iku mau...".
"Jiah...".

Kamis, 31 Oktober 2013

Sadapen ae

"Le opo'o koen kok saiki arang nelpon?".
"Lo njenengan mboten ngertos nopo, meh kabeh negoro sak ndunyo niki telpone disadap".
"Terus opo hubungane?".
"Nggeh ewuh to, isen to, wong telpon duweke dewe kok disadap?".
"Hu ngunu ae bengung, bahno po'o... Nek jareku mending sadapen ae kabeh, utamane presidene, ngko lak seng nyadap mbrebes mili dewe...".
"La kok saged ngoten?".
"Yo mesti ae wong isine telpun mung rasan2 ambek sambatan kabeh...".
"Halah...".

Rabu, 02 Oktober 2013

Batik opo

"Cak saiki lak hari batik, sampeyan gak batikan ta?".
 "Lo yok opo, iki lak batik".
"Batik apane wong warnane morat-marit ngunu? Batik iku yo onok motipe, opo parang, opo suket...".
"Lo sampeyan gak paham batik tibane... Iki ngunu batik bunglon, cocok ambek kondisi indonesa saiki, jare ijo tapi kok abang, jare biru tapi kok koneng, jare onok tapi kok gak wujud, jare jelas tapi kok gak ketok, jare maju tapi kok gak tekan2...".
"Halah... opo ae, wong jelas klambi sampeyan iku tilas gae ngecet ngunu...".
"Huu... timbangane klambi sampeyan iku ndi batike?".
"Lo iki ngunu batik pemula...".
"Pemula satu opo pemula dua, batik opo iku?".
"Olaopo, pemula satu iku lak balapan... Mulane ta sampeyan sinau, batik pemula iku yo, polahe isik pemula dadi yo nggambare sik gurung isok, dadi yo cumak warnane thithik nang ngisor iki...".
"Huu.. podho ae, wong jelas klambi kelunturan ngunu...".
"Wis gak usah kakeyan cangkem, ayok nang pasar ndelek batik".
"Kate tuku ta?".
"Gak... Ngecek rego...".
"Preeet...".



Senin, 23 September 2013

Senengane

"Halo cak... Ayok ndelok pameran mobel".
"Hadoh... Kurang ta ndelok mobel dipamerno sak dalan2?".
"Sampeyan iku senengane nyegek'i wong, gak nggarai semangat...".
"La wes kate laopo mrono?".
"Lo yok opo sampeyan iki... Gak pengin eruh mobel murah ta?".
"Ah mbojok, ndi isok mobel murah, wong blek jajan ae larang opo meneh plate mobel, tambah ban situk wis piro, tambah peleg, trus cet te piro, gurung mesine?".
"La... kan senengane koyok seng nang tipi... Wes ta lah, sampeyan lak guduk gubenur... Babahno po'o....".
"Huu... Sampeyan mosok gak kepikir ta nek ndhik kene, nek murah berarti iku onderdile opo materiale disubsidi...".
"Tapi lak bagus ce'e pabrik onderdile maju...".
"Yo nek yo? Nek mari ngunu onderdil murah iku digae juga ambek mobel seng larang?'.
"Ah mboh cak... Wes ta lah ayok budal refresing cuci mata...".
"Hmm... Eruh aku senengane sampeyan, mesti ngkok klewas klewes ngewasno es pe ge... Wes ayok melok aku ae tak traktir nang warung penyetan, miliho gorengan dodo seng mlenuk, opo pupu seng sekel, opo brutu seng njenthit..,".
"Byuuh...".

Kamis, 19 September 2013

Gak ngijini

"Mbah nang endi ae sampeyan?".

"Sik sibuk ndelek duwek".

"Minggat nang ndi duwek sampeyan kok di deleki?".

"Opo ae... Nyambut gawe iki...".

"Isih isok ta sampeyan nyambut gawe?".

"Ngawut ae, yo isok, timbangane koen iku gak nyambut gawe malah nyambut duwek".

"Huu... Nyambut gawe terus, ndelek duwek terus, kapan munggah kajine?".

"Suk mben nek duwike wes cukup".

"Hmm... Kaet ndhisik mben terus, sampeyan iku lak ngaji isok, sholat komplet, tapi niyat nggak?".

"Koen iku takok ae koyok pulisi... Munggah kaji gak cumak isok ngaji, opo meneh cumak bondho niyat, tapi yo kudu duwe duwek gae ongkose, yo jajane trus oleh2e, tambah meneh ngkok mbalek isik duwe duwek gak... Tapi seng paling penting wes tekan wektune gurung, nek Gusti Alloh gak ngijini yok gak isok".

"Pantes ae Gusti Alloh gak ngijini sampeyan munggah kaji, wong sampeyan gurung2 wes ngunu... Isok2 ngkok sampeyan nangis nang ngarepe kabah gak polahe takjub, tapi polahe getun yok opo carane mbalekno duwek seng digae ongkos iki".

"Hasemmm...".

Rabu, 04 September 2013

Ketahanan mangan

"Mangan yuk, biyasa, segone tambahi.. Yok opo rego2 mundhak meneh yo...".
"Gak mundhak meneh cak, tapi mundhak terus...".
"La trus yok opo blonjo sampeyan?". 
"Yo yok opo meneh, wong awak2 iki uripe teko warung, yo diatur atur ae...".
"Yok opo karepe wong2 seng ngurus negoro iki? Seneng ta ndelok awak2 iki soro mergo panganan mundhak kabeh? Ndi isok njogo ketahanan pangan wong kabeh impor? Trus nasionalisme cap opo ngunu iki?".
"Wah mbuh cak.... Jare wong2 iku atene ngontrol rego, tapi kok yo nubruk2 ngene... Dadi yo terus ae awak dhewe iki dadi bempere rego2...".
"Wuih, hebat sampeyan, masiyo cumak adol sego, tapi sampeyan isok tahan, cocok dadi nasionalis... Yo wis yuk, wis mari, piro iki?".
"Sepuluh ewu...".
"Ehem2... Ngene yuk, awak2 iki lak sering mangan ndhik kene, trus mene aku lak nembe bayaran, dadi timbangane nanggung saiki nyathet ae yo...".
"Oalah cak2... Nek atene ngutang ngomong ae langsung... Gak usah kelincipen ngomong thethek mbengek nasionalisme, wong sampeyan sembarang yo dipangan, bah impor, bah nyolong.... Iku ngunu jenenge mung njogo ketahanan mangane dhewe... Wis ngene ae, timbangane aku yo nanggung ngorahi piring sampeyan thok, ayok sampeyan ae seng ngorahi piring iku...".
"Ampyun...".

Kamis, 22 Agustus 2013

Dikon ngalor

"Halo tutuk ndi sampeyan?".

"Isik ndik pancoran iki, mouwacet puol...".

"Yo mesti ae macet, wong mobil ambek motore mokong kabeh... Wis jelas wit ndhisik dikon ngalor malah ngedul...".

"Ngawut ae, wong atene moleh malah diarani mokong.. Sopo seng ngongkon ngalor?".

"Lo warga cap opo sampeyan iki, lali ta ambek sejarah? Deloken patung pancoran iku... Puluhan taun lak nudinge ngalor...".

"Somplak...".

Senin, 15 Juli 2013

Nggae sing onok ae

"Ndhuk masak opo koen?". 

"Biasa mawon mbah, wong sakniki rego2 nggeh larang".

"La trus dhuwek blonjoku mbok tukokno opo ae?".

"Halah mosok dhuwek sak monten mawon kulo korupsi... Percuma mboten mlebu tipi, tapi dirasani wong akeh".

"Huu, yok opo ngene iki... Nek jareku iki kaitane urusan te ha er".

"Lo kok ngoten?".

"Yo, la goro2 pegawe kantor karo pabrik oleh, terus sing mracang, buruh pasar, makelar kabeh pengin te ha er... Bayangno oleh teko endi wong2 iku dhuwek gae te ha er? Yo teko ngundhakno rego to? Koyo koen iku coba, malah pengen nambah te ha er, kate meres dhuwek teko endi awak2 iki?".

"Huu mesti ngundhat2 campur ngarang to? Ha wong mung nambah thithik mawon... Kapan saged ganti hape?".

"Hadoh2 duwe dhuwek kok cita2ne mung ganti hape, wit ndhisik aku lak ngomong, mbok nggae sing onok ae... Wes masak opo iku?".

"Niku rawon balungan".

"Hmmm enake.... Sik sik... Lo, wingenane lak wis sop balungan, trus soto balungan, oleh dhuwek teko endi koen?.

"Nggeh dhuwek njenengan".

"Kok isok?".

"Nggeh saged, la kulo lak manut njenengan ndamel sing enten mawon... Njenengan lak mboten mungkin nglethak balung... Mulo wit wingenane mantun masak sop trus balunge kulo entas, lebetke kulkas ngge soto sesukke, mantun ngoten dientas meleh ngge rawon sak niki".

"Jiah...".

Senin, 08 Juli 2013

Sopo seng ngganggu

"Mbah teko ndi sampeyan, kok akeh gawane, mari oleh pembagiyan yo?".

"Ngawut ae, mari blonjo teko toko ngarep".

"Akehe gae opo?".

"Biasa gae persiapan poso".

"Oalah mbah2 sampeyan iku wis pirang2 taun poso kok isih persiapan ae?".

"Yo gak popo lo wong jenenge wulan istimewa... Timbangane koen, jare islam tapi posone gak jelas".

"Sampeyan iku seng gak jelas, opo hubungane poso romadon ambek islam, wong dhawuhe Gusti Alloh ki poso wajibe gae seng beriman... Dadi percuma sampeyan poso nek gak yakin karo imane".

"Huu... yo bener, tapi  koen iku ngriwuki ae... Wes moso bodowo, seng penting ojok ngganggu seng poso...".

"Sopo seng ngganggu? La tambah aneh sampeyan iku, opo hebate wong poso nek gak onok gangguwan...? Tur seng ngganggu yo sampeyan dhewe iku...".

"Enakmu, kok isok?".

"Ah yo sampeyan iku seng ngganggu, wong wara wiri nang toko blonjo terus, tapi gak bagi2, koyok gak duwe duso ae...."

"Haseem...".

Selasa, 02 Juli 2013

Ormas

"Mbah niki ormas ajeng hajatan nopo to, kok undang-undang mawon dibahas?".

"Haduh2... Koen iku yo, koran iku mbok diwoco ojok dikilo ae... Iku ngunu undhang-undhang guduk woro2 gae hajatan... Iku ngunu aturan..".

"Angele... Penting nopo ormas niku kok diatur mbarang? Wong niku lak gampangane angger janjine cocok kaleh tanggapane lak mestine pun beres?".

"Yo tapi kan isok ae onok gak cocokke trus dadi ribut...".

"Lha tapi ngoten niku lak mesti nambah ongkos, soale nambah aturan lak berarti nambah ongkos ngge ngawasi? Padahal kathah sing luweh penting seng kudu diongkosi...".

"Hayo mbuh,,, takokno sing nduwe ormas...".

"Kaleh meleh niku lak mboten adil... Mosok cumak si ormas sing diatur, la sanese pripun, kados, mandra, mang bolod, pak bokir?".

"Sek..sek..ormas opo karepmu?".

"Si ormas pemain lenong niku to?".

"Wo ngawut ae... iku ngunu omasss....".

"Ooo... tapi senes omas kap to?".

"Halah... ".

Kamis, 13 Juni 2013

Seng luweh amanah

"Dik reneo...".
"Opo se wes katene turu umek ae?".
"Iki lo manukku tulung cekelen".
"Adoh2 manukke dewe ae njaluk dicekelno...".
"Halah awakmu mbok ojok koyok pemerentah opo'o, mosok nyenengno bojone sediluk ae gakn gelem?".
"Yo gak ngunu cak... Wes kene kate diapakno iki?".
"Kene awakmu madep mrene, trus iku tak bukake... Saiki lebokno". 
"Kok angel ngene... Sek2 tangan sampeyan gak usah melok dilebokno... Yo wes mlebu".
"Na ngene lak enak".
"Lo cak opo'o manukmu jektas mlebu sediluk kok wis lemes?".
"Lo iyo... Dadi gak enak iki, wis tak tokno sik manuke".
"Mulane ta manukmu iku ojok mlebu metu ae, tepakno nggone seng enak, mangane seng komplet, ce' e krasan".
"Yok opo, wong awak2 iki dodolan manuk?... Nek pengen krasan yo dadekno ae mentri opo anggota de pe er, ngko lak kuthuk gak ngaleh2, masiyo gak enek wong seng seneng".
"Huu... mbok sampeyan ae seng dadi anggota de pe er?".
"La awakmu gak eruh ta? Manuk iki termasuk kewan amanahe Gusti Alloh nang ndunyo, dadi awak2 iki lak luweh amanah timbangane wong2 iku seng gak isok njogo amanah".
"Tapi nek amanah, opo'o kok sampeyan dol manuk iku?".
"Iku ngunu berarti onok seng luweh amanah timbangane aku, dadi ya tak pasrahno".
"Amanah, tapi oleh dhuwek?".
"Gelem ta awakmu gak mangan sego, tapi mangan jwawut karo kroto?".
"Ah, mboh cak sak karepmu, seng penting ojok mbok dol kabeh manukmu, turahno situk ae". 
"Opo'o?".
"Peyan gelem ta nguyuh ndodok?".
"Husss...".

Jumat, 24 Mei 2013

Ditinggal prung

"Cak ayok jumatan, wes adan iku lo".
"Sek gurung mari iki lo garapane".
"Gak katene mari2 nek dituruti terus".
"Yo gak isok ngunu rek, garapan iki tanggung jawabku... Ojok sampeyan padakno awak2 iki ambek pejabat2 iku, nek wis mari jabatane yo wis tinggal prung ngunu thok, gak jelas tanggung jawabe".
"Yo iyo bener, ngko diterusno meneh, mosok duwek ae seng dipikiri.".
"Yo wis, tak tinggal iki yo, tapi sampeyan ojok sambatan yo nek aku gak isok nyaur utang sampeyan, polahe bayaranku dipotong bosku?."
"Sek...sek...sek.... Ojok rek, mosok ditinggal prung ngunu... Yo wis ayok marekno sek garapan sampeyan, tak kancani, gak popo wong isih kotbah ngunu...".
"Jiah...".




Selasa, 21 Mei 2013

Mbok nek mbrantas seng yakin

"Mbak obat nyamuk seng endi seng paleng mandi?".
"Niki mawon?".
"Wangi nggak?".
"Njenengan niku pados obat nyamuk nopo parpum? Obat nyamuk niku seng penting srot-srot terus mati kabeh nyamuke ngoten".
"Hadoh2... Jektas blonjo wes disrengeni seles obat nyamuk...".
"Mboten ngoten, tapi kulo nggeh jengkel mosok obat ngge mbrantas nyamuk, kok racune dikurangi, malah wangine ditambahi...".
"Nek racune ditambahi, ngko seng nyemprot nek katut keracunan yok opo?".
"Nggeh itung2 niku perjuangan mbrantas nyamuk...".
"Enakmu dhewe, trus rumangsamu oleh opo aku nek mati mergo obat nyamuk?".
"Nek mikire kados njenengan ngeten niku, trus pripun carane mbrantas korupsi? Mbok nek mbrantas niku seng yakin... Wong mbrantas korupsi niku lak meh podho kaleh mbrantas nyamuk... Nek pengen tuntas nggeh lingkungane mesti diresiki kabeh, mboten kok mung sing kroso thok disemprot... Nopo meleh nek mbrantase kados obat nyamuk bakar, muter2 sampek mulek, mboten enten hasile".
"Sek...sek... koen iku ketoke ayu, tapi tibake kok sempel? Katene dodolan ta pidato?".
"Huu... Ngeten niki penting, nopo meleh kulo pun macak ninthing, pendak byar pun jogo teng mriki, tapi dereng enten seng payu... trus nggeh dereng enten seng moro ngejak kenalan, njuk ngamplopi sepuluh juta... Malah2 udur2an kaleh njenengan...".
"Jiah... tambah ruwet, wes seng endi iki obate?".
"Seng pundi mawon terserah...".
"Jaremu seng wangi gak mandi?".
"Mboten nopo2... Mangke ndalu kamar njenengan disemprot, trus ditutup dientosi ngantos limang jam, mangke nyamuk lak do mati...".
"Wo berarti obate mandi yo?".
"Mboten...".
"La trus opo'o kok isok mati?".
"Nyamuke keluwen...".
"Halah...".

Selasa, 07 Mei 2013

Gosong wolak walek

"Ndhuk mbok tulung gawekno sego goreng".
"Mbok sanese mawon, kulo kok prehaten nek ningali wajan niku".
"Opo'o? Opo polahe mari onok berita buruhe pabrik wajan seng disiyo-siyo? Yo syukur nek koen kroso prehaten, tapi luweh prehaten meneh, jane pabrik iku isik bageane endonesa opo guduk? Mosok gak enek wong2 pemda ta deprtemen seng krungu? Kupeng ta centhelan wajan? Trus nek mung pabrik wajan karo kuali, opo'o kok sampek dibela2ni mbayar preman sampek buruhe gak oleh metu barang, piro se bathine nggawe wajan? Ojok2 iku gae nutupi bisnis seng luweh gedhe, nek gak ojok2 timah seng dicor iku colongan, opo teko ngecor duwek koin?".
"Nggeh nek niku lak mung kantun diucut mawon salahe nopo trus sinten seng salah, tapi senes niku kulo prihatene".
"La terus opo? Mosok rego bawang, kan wes mudhuk? Mosok daging, awake dhewe iki lak wes biasa gak mangan daging? Prehaten opo meneh?".
"Niki lo, kulo prehaten kaleh njenengan, mosok sembarang kalire endonesa digatekno, dibahas, tapi wajan sitok niki pun gosong wolak walek tur benthet ngeten, kok didamel terus? Nemene njenengan niku...".
"Semprul...".

Kamis, 25 April 2013

Adol d c s

"Halo cak ndek endi sampeyan, kaet mau tak deleki gak ketemu2?".
"Sori sepurane cak mari sibuk ngeterno d c s, yok opo?".
"Gak opo'o opo'o, tapi kok aneh jare sampeyan gak percoyo karo parte, tapi kok ngurusi d c s?".
"Awak2 iki duduk gak percoyo ambek parte, tapi kelakuan wong2e iku lo seng ngg*th*li".
"Wes, ojok nemen2 opo'o nek gak seneng iku, wong sampeyan dhewe saiki nglakoni ngunu?".
"Ngawut ae gak enek hubungane... Awak2 iki lak mung dodolan".
"Iyo tapi sampeyan ngunu iku lak adol kepercayaan, alias mbujuki rakyat sing katene mileh?".
"Wo yo kualik, awak2 iki isok dodolan ngene mergo dipercoyo".
"Wes ta lah cak ngaku ae, sampeyan mesti saiki wes enak uripe gak panasan koyok awak2 ngene".
"Wo lambene... Awak2 iki yo isik panasan kumus2 nyanding rombong".
"Lo, adol d c s, daftar calon sementara gae pemilu lak gedhe hasile?".
"Olaopo, iki ngunu d c s, dawet campur srabi teko pleret mblitar iku lo".
"Halah...". 

Senin, 22 April 2013

Opone seng di eman

"Mbah jamu mbah?".
"Opo ae seng mbok gowo?".
"Nggeh jamu to, enten beras kencur, cabe puyang, kuner asem, paitan, trus jamu2 bungkusan nggeh enten".
"Akehe, gak kaboten ta sampeyan nggowo sak mono akehe?".
"Luweh abot meleh nek mboten ngeten, sinten seng ajeng ngongkkosi lare2 kulo?".
"Wes top tenan, berarti sampeyan ki termasuk emansipasi".
"Napane seng di eman? Kulo niki pun mboten eman awak, mboten eman tenogo, wong niki pun kewajiban kulo". 
"Hadoh... Malah aku disrengeni... Ngene lo, emansipasi ki karepe, seng  sampeyan lakoni ki podho karo seng dilakoni wong lanang".
"Woo nggeh bedo... Wong lanangan kulo mung buruh mboten jelas, sek mending kulo".
"Hiyo2 bener ngunu, tapi sampeyan iki wes dadi pejuang emansipasi, nyambung perjuangane ibu kartini".
"Wah mbuh mboten ngerti kulo , wong ibu kartini sanes kadang kulo, kulo mung ngertine nek hari kartini trus do sanggulan sedoyo... Pun sakniki mpun wawancara thok, kulo senes artis, kulo tak ngider meleh".
"Lho he yok opo iki , aku katene njaluk jamu awet nom onok gak?".
"Nek ngge njenengan entene jamu awet tuwek, mergo njenengan kepengine nembe sakniki wayahe pun tuwek... Pun ndungo mawon, mugo njenengan tesih di eman Gusti Alloh".
"Haseem...". 

Jumat, 12 April 2013

Langsung laris

"Le la opo nang ngarep tipi terus?".

"Dalem? Ngge ningali tipi to?".

"Enakmu, mbok ngewang ewangi aku dodolan ta opo...".

"Enten nopo to kok mantun jumatan moreng2, mboten ilok lho, ngke kuwalat...".

"Koen iku ncene gak tanggap blas... Wong wis jelas saiki dodol mracangan ki angel, bathine gak mundhak2, malah blonjone sing mundhak trus...".

"Lha njenengan mundhut dagangan sing bathine sithik...".

"Woo koen iku nek ngomong lambene ditoto sek... Sembarangan... Trus aku mbok kon dodolan narkoba ngunu?".

"Nggeh mboten ngoten... Lha njenengan sambatane kaleh kulo... Mbok ngetwit teng presiden, kan sanjange sak niki pun onlen".

"Huu... Katene pemilu nembe onlen... Nek mung ngunu putu ku yo iso... Iku ngunu gak ngewangi, tapi golek bahan gae kampanye...".

"Pun ngeten mawon, mulai mbenjeng, kulo sanjangane tiyang2 nek njenengan niku janjane termasuk 'eyang', dos nek pengin berkah, blonjone kudu teng kiose njenengan... Mesti ngke langsung laris warunge...".

"Semprul...".

Jumat, 05 April 2013

Ketua harian

"Slamekum mbah... Mampir kene sik opo'o, ojok ndludur ae koyok sepur".
"Koen iku yo, pancet ae gak esuk gak mbengi, cangkruk ae".
"Lo yok opo, awak2 iki lak poskone ndhik kene".
"Hadoh posko opo, koyok parte ae... Mbok kono ndelek gaweyan ta opo ce'e oleh dhuwek gae bojomu".
"Mbah2 sampeyan koyok gak eruh ae, bojoku iku lak kerjo, dadi wis eruh kapan oleh dhuwek, nang endi paran dhuwike... Nek awak2 bagean mikiri sing gedhe2, upamane ngadhepi sing katene nageh utang, nariki jatah
sembako teko toko2...".
"Huu... Ngunu ae dibanggakno, gak isin ta koen iku dadi kepala keluarga?".
"Yo gak mbah, biasa ae, kan onok bojoku sing dadi ketua hariane...".
"Somplak...".

Selasa, 19 Maret 2013

Bodho gak nambah2

"Cak la opo sampeyan kok pringisan sampek siyunge ketok?".
"Iki lo seneng moco berita wong2 bengung rego bawang larang".
"Hu senenge nek ruh menungso susah... Isok moco ta sampeyan?".
"Iso rek masiyo awak2 gak sekolah, sing penting ngapalno kata2 sing sering metu ndhik berita, koyoto : mundhak, larang, sambat, korupsi, nglanggar, parte, pilkada, kere...".
"Kok ketoke gak enak kabeh ngunu?".
"Yo mboh lo, sampeyan iku koyok gak nate dadi menungso ae".
"Yo, tapi nek urusan bawang iki aku setuju nek wong2 gak isok tuku.... Dadi sing nggarai perkoro iki mesti termasuk bolone awake dhewe".
"Wo ngawut ae, mosok enak ta masak gak nggae bawang?".
"Sampeyan gelem ta mari mangan terus gosong awake?".
"La kok isok?".
"Hadoh2 bodho kok gak nambah2... La awake dhewe iki lak vampir...  Jare mbahku bongsone vampir iku gak tahan nek kenek bawang".
"Lo yo, lali aku... Maklum rek, awak2 iki lak vampir anyaran".
"Yo wis ayok budhal ndelek mangan".
"Nang endi sampeyan?".
"Aku kate ndelek sapi impor ae, ketoke getihe luweh enak tur luweh ngetop".
"Yo wis aku tak nang kota ae ngenteni bubaran diskotik... Be'e oleh getihe wong sing mari nyimeng, ketoke sedep".
"Jiah... ".

Kamis, 14 Maret 2013

Tak golekno

"Salamlekum mbah... Ngene, aku oleh gak takok thithik...".
"Yo takon opo koen, anggere guduk lotre...".
"Huu.. sampeyan iku... Ngene lo, aku lak sok njupuk kayu nang alas gak lapor pak mantri...".
"Woo... nyolong yo koen?".
"Huss... gak usah banter2 opo'o.. La kayu iku tak gae pager, trus kandang pitek, yok opo, lak duso, isok gak tobat?".
"Yo isok ae, gampang nek mung ngunu.... Ngko bengi koen moro nang mejid terus sholat kajat, wiritan sewengi...".
"Ngunu yo... Trus nek kayune tak gae kamar, teras ambek plapon yok opo?".
"Byuh... Nek ngunu koen yok gak cukup nek mung sholat, koen yo kudu nyumbang mejid...".
"Tapi mbah jane gak cuman iku, sakdurunge aku yo ndandani omahe morotuwoku, omahe pak lurah, nggae kayu2 iku...".
"Hadoh2... Nek ngunu koen kudu mbangun mejid...".
"Wah mbah aku gak eruh mejid iku yok opo modele... Ngene ae sampeyan ngarango gambar mejide, ngko nek butuh kayu, tak golekno meneh nang alas...".
"Halah.... Semprul...".



Senin, 04 Maret 2013

Tak kiro

"Halo cak, ndhik endi?... Iki arek2 ndeleki, jare sampeyan nompo dhuwek teko cak Nas yo?...".
"Dhuwek opo? Wong aku yo arang ketemu de'e...".
"Iku lo dhuwek proyek...".
"La iku ngunu lak pancen bageyanku, opo'o ditakokno meneh?...".
"Yo iku polahe proyeke kenek perkoro...".
"Hadoh2... Perkoro opo meneh... Sik2 iku cak Nas ngendi?..."
"Iku lho cak Nas sing gaene nyambung2...".
"Nyambung opo?... Nyambung perkoro?...".
"Wo ngawut ae... Nyambung kabel...".
"Alkamdulillah tak kiro cak Nas sing iko...".
"Kok alkamdulilah... Cak Nas sing endi se...? Sing ndhik koran2 iko...?".
"Olaopo.... Guduk.... Iku lo cak Nas tukang kuras..".
"Nguras opo?".
"Nguras sapiteng...".
"Somplak...".


Jumat, 22 Februari 2013

Kakeyan alasan

"Le tangi wis awan... Gek ndang budhal nang sekolah...".
"Ah males mak, sekolahane gak berkembang, gurune gak jelas, muride gak tambah pinter....".
"Woo... Sempel arek iki... Gak usah kakeyan alasan... Koen iku lak kepala sekolahe...!".
(#dzig... #dzig...)
"Ampun mak...".

Kamis, 31 Januari 2013

Bageyane sing pinter2

"Le lagi opo koen? Wis masak sego gurung?".
"Dereng mbah, niki lo teng koran enten sing penting, kadose enten hubungane kaleh sekul, judule nopo niki, angel tuemenan...  Rendeman nasi?".
"Ndi ndeloki... Wo ngawut ae... Iki ngunu redenominasi".
"La bener to enten nasi e? Berarti mesti penting, wong nasi niku sego...".
" Hus... Panganan ae sing dipikirno... Iki ngunu katene ganti dhuwite, dadi ngko bakale sewu dadi s'rupiyah...".
"Wo urusan dhuwek to, penting nopo... Kok adoh men mikire? Nopo mboten luweh penting ngowahi sego sewu dadi s'rupiyah?".
"Koen iku wis gak duwe dhuwek rewel ae... Iku ngunu wis dipikirno ambek sing pinter2, jare ce'e itungane luweh gampang...".
"Ngoten nggeh... (Hmmm...) Kadose mathuk niku kaleh dhuwek kulo...".
"Koen iku manthuk2, koyo yak2 o ae...".
"La nggeh to? Dados mangke utang kulo teng njenengan satus ewu mung dadi satus... Sipil niku...".
 "Wo ngawut ae, yo gak... Utangmu yo pancet satus ewu, enakmu dhewe...".
"Lo pripun to, jare ben itungane gampang? Mpun protes, nopo njenengan bageyane sing pinter2 niku?..".
"Semprul..."


Jumat, 25 Januari 2013

Opo gunane

"Teko ndi koen kok nembe ketok?".
"Yo teko mejid, mari jumatan".
"Woo jumatan juga koen yo?".
"Ngece sampeyan iku, masiyo uripe gak jelas ngene awak2 iki isik eling jumatan".
"Tekan omahe kok dhisik aku?".
"Yok opo sampeyan iki, mari sholat yo ndungo sik, wiridan sik... Mosok sampeyan thok seng oleh ndungo...?".
"Yo gak ngunu, tapi opo'o klambi ambek sarungmu kok lungset? Koen mesti mari nglesed nang mejid yo?".
"Sembarangan... Iki ngunu lungset polahe gak distriko...".
"Melase, opo'o gak distriko? Gak duwe strikan ta?".
"Nyepelekno... Iki ngunu katene ngirit listrik, kan jare mundhak...".
"Koen iku lair taun piro se, kok gak paham2 nek pln iku pabrik listrik sing mangan ongkos... Dadi itungane yo bisnis, untung rugi...".
"La terus opo gunane pemerentah duwe pln nek mbayare mundhak terus".
"Koen iku yo, kate setriko nggae opo nek gak enek pln?".
"Ngunu ta? Yo wis suk jumat ngarep, sampeyan lak pengurus, budhal gasik kan? Aku melok bareng".
"Kate la opo koen teko gasik nang mejid?".
"Katene setriko klambi karo sarungku dhisik nang mejid".
"Gak oleh...".
"Huuu... Opo gunane sampeyan ngurusi mejid, nek koncone gak oleh nggae listrike...".
"Somplak..."  

Senin, 21 Januari 2013

Dalan banyu

"Mbah yok opo iki banjir meneh?".

"La yok opo wong dalane montor luweh akeh timbangane dalane banyu".

"Ngunu yo, pantes omah sampeyan gak kebanjiran, wong akeh dalan banyune".

"Ojok ngarang koen".

"La iku nek udan, banyu tekok ndhukur lak dleweran kabeh nang njero omah sampeyan".

"Asem...".