Jumat, 29 Januari 2016

Jumatane gak tepak

"Halo cak, lagi lapo sampeyan?".
"Halo, sek iki moleh mari jumatan, opo'o?".
"Alhamdulilah... isik kober jumatan...". 
"Wooo nyepelekno... Awak2 iki masiyo uripe gak jelas, tapi nek jumatan yo mesti budal".
"Yo ngunu iku seng bener gak koyok arek2 nggonku iku, wes jelas2 jumat malah dolen gak karu2an... Mulane mesti nek jumatan tak kelilingi dhisik kampung iki ngabsen arek2 iku...".
"Yo, tapi sampeyan yo kudu nepakno ambek kondisine arek2 iku...".
"Apane seng ditepakno kan wes jelas jumatan?".
"Huu... sampeyan lak pengurus mejid, mbok nek nggolek khotib iku seng tepak.... Mosok khotbah nggarai jengkel, polahe critane mung nyalah2no thok... Trus mari ngunu nek ndungo seng didungakno seng adoh2, suriyah, irak, afganistan... Wes adoh2 gak kenal pisan.... Mosok tonggone seng cedhak2 gak nate didungakno, mosok arek2 gak didungakno, mosok seng gak duwe blonjo gak didungakno... Mulane sering nek pas khutbah tak tinggal merem ae, trus nek wayahe ndungo gak tak amini... Tak akehi istighfar ae... Lha yok opo wong gak tepak?".
"Huu... Nek ngunu iku batal jumatan sampeyan".
"Apane seng batal?... Yo sampeyan iku seng batal, wong wayahe khotbah malah tolah-toleh ae ambek pringisan ngabsen sopo seng gak jumatan...".
"Haseemm...".

Jumat, 01 Januari 2016

Pengin bersaing

"Halo cak, ndik ndi sampeyan?".
"Halo, sek otewe cak".
"Opo iku otewe?".
"Hadoh payah... otewe iku boso enggris, singkatane teko on the wei... artine nang ndalan...".
"Halah gayane nggae boso enggris... koyok yak yak' o ae...".
"Lha yok opo...  gak eruh ta sampeyan,  pemerentah iki lak wes melok perjanjian  bebas, dadi mari ngene sembarang wong asing oleh usaha nang kene sak karep2e... nek peyan gak duwe persiapan dewe, ate dadi opo peyan... nek njagakno pemerentah, mbok sampek bodo koceng gak atene siyap, wong ngurusi got ae gak nate beres...?.
"Jiah... iku yo wes eruh... trus opo saiki usaha sampeyan?".
"Awak dewe iki saiki sibuk onlen rek...".
"Onlen apane wong hape sampeyan mik isok digae telpon ambek sms thok ngunu...".
"Nyepelekno... onlen iku artine nang len, dadi awak dewe sibuk ngurusi len, yo kadang len S, kadang len O...".
"Hadoh makelar bemo ae nggaya... Nek pengin bersaing ambek wong asing iku gizine yo diowahi... lha sampeyan sarapane mik pecel semanggi ngunu".
"Huu... timbangane peyan wes isoke ngriwuki wong, gayane ae sarapan roti tapi rotine tuku ngenteni diskonan, pantes ae dijak omong gak nyandhak trus, wong pintere didiskon".
"Hasruu...".