Selasa, 14 Juli 2015

Zakat 'mall'

"Le koen saiki lak wes oleh te ha er, ojok lali zakat...".
"Mpun, kulo titipke mejid pitrahe...".
"Mbelingan mung pitrah thok, dhuwitmu lak isik turah, mbayaro zakat mal...".
"Niku nggeh pun kulo niyati, tapi pripun wong dhuwite pun ngge blonjo teng mall...".
"Koen iku yo apike kudu zakat mal, ojok mung niyate zakat, tapi dientekno nang mall...
Piro2 usahakno, polahe iku yo nggo awakmu dhewe supoyo isok ngajeni opok ae seng wes mbok hasilno selawase iki..".
"Kulo nggeh ngertos, tapi mangke njengenan grenengan?...".
"Olaopo, opo hubungane karo aku?".
"Jatah terakhir lo niki, pun njengenan ikhlas?".
"Yo jelas ikhlas, malah kudu...".
"Nggeh pun... Niki wau kulo jange teng mall mundhutke njengenan sarung kaleh kopyah, tapi njengenan ngersakke kulo ken zakat, nggeh pun jatah ngge njengenan mboten sido kulo pundhutke sarung kaleh kopyah enggal ... Mboten nopo2 to, wong sarung kaleh kopyah njengenan pun turah2...".
"Haseemm....".