Jumat, 26 Juni 2015

Nyunah cap sego

"Ndhuk tangi... Saur...".
"Halah... Nopo to mbah, mbok biasa mawon, kok koyok mboten nate saur ngoten...".
"Wes meh imsak iki lo...".
"La sanjange njengenan ajeng nyunah saure, dahare diakhirke?..".
"Enakmu dewe, yok opo carane nyunah wong segone ae gak enek...".
"Huu... Nyunah cap opo niku, nyunah kok tergantung sego...".
"Semprul...". 

Rabu, 24 Juni 2015

Buko ambek sing manis2

"Halo cak, ndik ndi peyan, ayok bukber...".
"Hadoh bukber, lambene... Paling peyan ngejak golek takjil gratis ndik mejid ngarep...".
"Huu... Gak percoyo... Ayok nang mal...".
"Oalah cak2, poso iku yo prihatin, trus yok opo carane isok ngalap berkah...".
"Halah kelincipen, wong peyan jare kate ajar moco quran isin ambek arek cilik2, poso yo mung pindah mangan, trus melok pengajian mik pindah turu, wiridan gak apal, kapan berkahe?... Mending nang mal, uji nyali, hawane seger, ayem, sawangane yo apik2, panganan jejer2... Nek peyan kuat mesti gedhe ganjarane, trus ngko nek katene buko, kari modal banyu botol, nyidhek ae nang mbak2 spg sing manis2, kan jare buko ambek sing manis2...". 
"Jiaah...dapurane...". 

Minggu, 21 Juni 2015

Qomat ngejak balapan

"Le, mahriban nang endi koen kok gak ketok?".
"Nggeh teng mejid to, mosok teng warung?".
"Biasane koen mari buko trus pleng gak jelas mahribe...".
"Wah ngece...wong malah mahrib kulo niki wau istimewa kok...".
"Kok isok istimewa?".
"Jelas istimewa wong tahiyate mawon peng 4, berarti selawate peng 4, dados pahalane jelas lipet2 to?".
"Onok ae... Mahrib coro opo iku kok tahiyate peng 4?".
"Pripun to, wong kulo makmume kait rekaat ping 2 pas tahiyat kok, dos nggeh tahiyat terus... Bathi tenan niki mahribe...".
"Koen iku sholat kok nggolek bathi... Mulane sesuk meneh nek wes adan ndang nang mejid, koyok aku iku lo...".
"Huu...nggeh mesti mawon wong njengenan seng tukang qomate... Jamaah sek do buko, wetenge dereng nglumpuk, pun cepet2 qomat, ngge do keponthal-ponthal, nggarai males jamaah meleh... Jane pripun to karepe, ajeng ngejak sholat jamaah nopo ngejak balapan mlayu?".
"Wooo arek sempel...".

Sabtu, 20 Juni 2015

Nyathet sek

"Mbak wes iki etungen piro".
"Pun 8 ewu mawon...".
"Dhuwike 50 ewuan ono susuke gak?".
"Huu..esuk uthuk2 ngeten nggeh dereng enten... Njengenan niku nek njajan mbok dhuwike seng pas... jajan sithek wae ngrepoti...".
"Hadoh, katene mbayar malah diseneni.... Yo wes sesuk ae, saiki nyathet sek...".
"La tenan to, pun mbatin kulo, mesti njengenan sengojo ben iso ngebon... Ngeten mawon mriki dhuwite ngge deposit, mbenjing nek saur nopo buko kantun nyathet...".
"La terus aku gak nggowo dhuwek?".
"Ngge nopo njengenan lak poso, mboten katene njajan to, mosok poso tapi niyate pun ajenge buko, percumah posone...".
"Hampfut...".

Kopi balsem

"Mbak njaluk wedang kopi...".
"Ngke riyen, toyane dereng umob, sholat mawon riyen...".
"Huu...wong kepengene saiki gae ngangeti weteng...".
"Wo sholat kok dikalahke ngopi... Kopi balsem mawon nggeh?".
"Opo iku?".
"Niki kopine ngge toya biasa, trus wetenge njenengan gosoki balsem... Ngke lak podho angete...".
"Semprul....". 

Kamis, 18 Juni 2015

Rasa(h) mbayar

"Mbak njaluk ngombe seng seger2, piro regane....".
"Telung ewu mawon... ngersakke rasa nopo, jeruk, jambu...?".
"Ketokke seng paleng enak nek rasa(h) mbayar...".
"Enakke... pun labu mawon cocok ngge njenengan.".  
"Kok labu to?"....
"Nggeh... la bu wapak njenengan nopo seng duwe warung, kok rasah mbayar..."...
"Haseem...".