Jumat, 22 Agustus 2014

Prospek

"Mbah pripun niki ditolak?".
"Yo mbuh, yo iku resikone nek nang pengadilan".
"La tapi mosok ditolak sedanten ngoten?".
"Nek pancene gak onok sing cocok yok opo?".
"Nggeh mestine sithik2 enten sing ditompo ngoten lho, mosok sak monten akehe dokumen, mboten cocok kabeh? Padahal seng ndamel dokumen tuntutan niku jare kumpulane ahli hukum, trus seng nolak nggeh kumpulane ahli hukum, kok mboten dong kulo kaleh tiyang2 niku, nopo riyen buku sekolahe bedo nopo?".
"Koen iku gak usah bengung, kabeh iku wes onok seng ngurus... Lha saiki upamane gak ditolak kabeh, opo yo trus koen paham, mesti gak paham juga, wong koen iku senenge mung bageyane seng rame2 thok...".
"Huuu mesti ngoten to, ngremehke, kulo niki asline paham, tapi mung dereng nyambung mawon critane...".
"Ah mbuh, wes timbangane udur2 an trus, mending tak nyang pasar sek ndelek barang, be'e oleh prospek...".
"La niku cocok... Sekali2 njenengan ngewangi kulo resik2, mboten mung pengin beres trus...".
"Resik2 apane?...".
"La sanjange ajeng pados prospek? Niku lak seng ngge ngosek jedeng...".
"Ngawut ae, iku prostekkk...!".
"Wooo pun ganti to....?".