Kamis, 26 Juni 2014

Podho gak olehe

"Mbah nang endi ae sampeyan?".
"Koen iku... Gak nang ndi2, paling nang mejid...".
"Sampeyan iku mejad mejid ae, paling ngko moro2 deklarasi...".
"Yo sak karepku lo, bah deklarasi bah deklamasi... Koen suk nyoblos gak?."
"Woo nyepelekno sampeyan... Nyoblos rek, malah kuabeh arek2 rombengan mbambung wes tak kongkon kudu nyoblos....".
"Weleh2... Mari mangan opo koen, dengaren nyambung lambene... Trus kate nyoblos nomer piro?."
"Gak athik nomer2an, seng penting kertase tak coblos, ce'e gak isok digae meneh...".
"Pinter koen yo, nek gak dicoblos, ngkok kertas jatahe awak dewe sing gak digae lak isok dicoblos wong liyo yo?...".
"Gak ngunu, polahe aku wes nate kate njaluk kertas bekase coblosan gae dirombeng, tibake gak oleh, trus gae opo kertas disimpen2, wong yo gak onok pengaruhe ambek uripe awak2 iki, padahal kertas iku dituku atas namane awake dewe... Mulane saiki mending tak coblosane ae, dadi podho2 gak olehe, kene gak oleh rombeng, kono yo gak oleh suoro...".
"Somplak.....".