Kamis, 24 April 2014

Koalisi cap wedhus (2)

"Mbah yok opo nek upamane aku dadi presiden, sampeyan gelem gak dadi wakile?".
"Koen iku mabok ta nglindur... Kok nyimut, oleh pirang perkoro koen kok isok ndadekno aku wakilmu, seng bener yo koen iku wakilku, kan aku luweh tuwek".
"Peyan iku ncene gak paham... Sik mending sampeyan masiyo wes tuwek tapi isik tak jak koalisi, nek ambek liyane sampeyan paling mung dijaluki dungo thok...".
"Hadeh omonganmu kelincipen, nggae koalisi barang... Koen iku yo, angon wedus ae gak isok kok ngomong koalisi?".
"Laopo angon wedhus, wong aku dudu mak'e wedhus.... Koalisi kok dibandingno karo angon wedhus? Koalisi iku yo koyok maen orkes... Ngumpul maen bareng tapi paham porsi maene dhewe2, dadi gak gampang, kudu ditoto, kudu diroso... Gak cumak bareng2 ngumpul gerudukan, tapi karepe dhewe2 koyok wedhus, iku jenenge koalisi cap wedhus".
"Gak wes gak melok2, ngkok aku mbok anggep wedhus".
"Huu yo gak lah, wong sampeyan ambek wedhus mati ae kalah".
"Ngawut ae... Kok isok?".
"Nek gak percoyo ayok nang warung sate ngarep, ngkok lak sampeyan gak wani mangan, jare kolestrol, jare asam urat...".
"Semprul...".



* Koalisi cap wedhus (1) :
http://komik-simbah.blogspot.com/2011/03/koalisi-cap-wedhus.html


Rabu, 23 April 2014

Demokrasi lotere

"Pak pulisi mau lapor... (uhk..uhk..erk...erk...), maap suara saya ilang... (uhk..uhk..erk...erk...)".
"Ya pak silakan, ilang karena pileg kemaren ya?".
"Betul pak, repot kalo kena pilek (uhk..uhk..erk...erk...)". 
"Tenang pak yg santai aja, jangan tegang, nanti malah setres... Jadi ilangnya di te pe es mana?".
"Lo kok bapak tau... (uhk..uhk..erk...erk...) di tempat pe es dekat rumah...".
"Ya memang biasanya begitu, trus apa saja yg ilang selain suara bapak".
"Wah bapak ini guyon... (uhk..uhk..erk...erk...), ya ilang semua pak, ya motor, ya uang, ya surat2".
"Waduh luar biasa kerugian bapak ini, tapi ya itulah namanya resiko coblosan ala demokrasi lotere, walaupun misalnya bapak sudah banyak bertaruh, tapi kalo bandarnya gak cocok, ya ilang semua".
"Ya memang pak kejadiannya setelah coblosan... (uhk..uhk..erk...erk...), tapi saya gak langsung lapor sini ... (uhk..uhk..erk...erk...), nyoba tanya mbah yai dulu siapa tau bisa mbalek barang2nya".
"Kalo itu sih gak mungkin pak... Karena masyarakat umum yg nyoblos itu gak mikiri soal bandar2an, tapi akhirnya ya tetep kemakan jg sama permainan temen2nya bandar2 itu... Omong2 bapak caleg di dapil mana, kok gambar bapak saya belum pernah liat".
"Lo kok caleg? Bukan pak, saya bukan caleg gagal... (uhk..uhk..erk...erk...), saya kesini mau lapor motor dan tas saya ilang pas parkir di tempat pe es...". 
"Anzit...".





Selasa, 08 April 2014

Puas-puasin deh

"Bang besok nyang bener pemungutan suara ape coblosan?".
"Ya coblosan lah, emang mau, suara lu dipungutin kayak puntung rokok?".
"Ya kagak lah, tapi kenape suara kite dikotakin, emang nasi dikotakin?".
"Ye biar suara lu kagak nyrocos kemane2".
"Ah abang gitu aja marah, awas ye besok kalo gak nyoblos bakalan nyesel...".
"Nyesel apaan, mending nyoblos di rumah?".
"Kagak bisa, lagi disegel seminggu, jadi abang puas2in deh besok nyoblos di te pe es...".
"Ampun pemerentah...". 

Minggu, 06 April 2014

Meni pulitik

"Mbah enake nyoblos opo?".

"La koen wingi jare melok kampanye, kok malah takok?".

"Ah kampanye lak wayahe nggolek dhuwek, yo gak onok hubungane ambek coblosan".

"Huu koen iku pancene gak isok adoh2 teko duwek... Ngunu iku jenenge moni pulitik...".

"Sampeyan iku ambek seng gak duwe duwek ngomong moni pulitik... Trus nek gak ngunu opo gunane caleg2 iku gae awak2 iki? Mosok dikon ngleles spanduke digowo nang rombeng ta? Wong mari ngene nek dadi iku sing maleh uripe yo caleg2 iku, awak2 iki paling yo pancet ngene...".

"Yo gak oleh ngunu koen... Iku ngunu gak ngregani perjuangane wong2 iku, wes ngetokna duwek akeh mosok gak dipilih... Mbelingan koen iku...".

"Huu yo luweh mbelingan sampeyan iku... Sampeyan iku meni pulitik... Sampeyan kongkalikong moles wong2 iku supoyo gak ketok elek'e, padahal njerone karaten, akeh tiyenge....".

"Haseem...".

Selasa, 01 April 2014

Mending totohan balbalan

"Mbah kulo niki lak nembe sepisan ajenge nyoblos... Pripun carane?".
"Koen iku ngunu ae gak ruh.... Yo gampang ae... Bukaken kertase terus coblosen seng mbok pilih, isok gambare, isok jenenge....". 
"Terus nek pun dicoblos?". 
"Yo terus lempiten kertase, ojok digowo moleh, terus lebokno nang kotak surat...". 
"Mantun ngoten pripun?".
"Yo wes moleh ngenteni hasile...".
"Pun ngoten niku thok?".
"Yo iyo, terus yok opo karepmu?".
"Huu, nggeh pantes mawon, njenengan sambatan terus, wong mung senenge ngenteni hasile thok ngoten... Mending totohan balbalan...".
"Lambemu...".