Minggu, 23 Maret 2014

Rem

"Cak nyelang sepedahe yo?". 
"Yo, tapi ati2 rem e rodo ngeslong".
"La kok isok, sampeyan gak nate ngerem ta, kok gak dibenekno?".
"Yo ngerem rek, cumak gurung sempet ae nang bengkel... Awak2 iki masiyo uripe gurung jelas mlaku nang endi, tapi yo gak pengen koyok wong2 iku, mosok urip sepisan ae pengen nabrak2...".
"Ah eruh aku, sampeyan mesti sengojo rem e dijarno ngeslong, ce'e nek nggoncek kodew ngarep iko isok bolak-balek ngamplok terus...".
"Hanciik...".




Jumat, 21 Maret 2014

Kapan kedaluwarsone

"Ndhuk, duwek turahane blonjo minggu wingi nang ndi?".
"Waa telat njenengan, wong mpun minggu wingi nggeh pun kedaluwarso...".
"Kok kedaluwarso to, koyok jajanan ae?".
"Nggeh, mulane mumpung jajane dereng kedaluwarso, kulo njajan riyen...".
"Huu koen iku dikon ngewangi blonjo thitik ae gak isok dipercoyo...".
"Ah nggeh tesih mending kulo timbangane tiyang2 niku... Pun mboten ngewangi njenengan, ngomong terus, tapi mboten saged dipercoyo, tur ngentekke duwek... Luweh parah meleh, ngoten niku terus2an, kapan kadaluwarsone...".
"Semprul...".



Kamis, 20 Maret 2014

Pun cocok

"Le kate nang endi koen?".
"Niki ajeng ndherek kampanye...".
"Temenan ta koen meleh parte iku?".
"Nggeh temenan, pun cocok niki...".
"Koen iku, karepe parte iku opo ae gak eruh kok isok cocok, apane seng cocok?".
"Niki kaose kaleh amplope...".
"Huu.. lambemu...".