Kamis, 01 November 2012

Demokrasi wak pindhang

"Le moco opo koen kok nggethu nang pojok'an, wes mari ta urusan iwak gae mangan iki?".
"Mpun tenang mawon... Niki penting... Mosok meh separo parte seng ndaptar niku mboten lolos, nopo mboten ndrawasi?".
"Koen iku koyok ya' ya'o ae, padahal seng mbok woco mung koran sak suwek".
"Woo njenengan niku nek ngoten saged diarani nglanggar ham... Masiyo kulo moco sak suwek, tapi pikiran kulo sak lembar".
"Wadoh nyandhak ham barang, wong nyandhak empal ae gurung nate... Iku ngunu gak ndrawasi, tapi iku bukti nek parte2 iku akeh seng gak beres".
"Sanes kulo lho sing matur ngoten... Atos2 lho nek ngendikan... Nek partene kurang lak pilihane kurang, berarti kan menghambat demokrasi, sanjange teng tipi".
"Haiyah menghambat apane? Iku lak polahe wong2 iku gak kebagean? Karepe ngunu mben gang iku onok partene, dadi kiro2 ngko onok 5 ewu ta 10 ewu parte...".
"Wee.. Lha eskrem njenengan niku...".
"Eskrem?... Ekstrem...".
"Pun ganti po? Nggeh pokok'e ngoten".
"Parte iku yo koyok wong mancing, dadi gak penting jumlahe, sing penting ngolah umpane ce'e rakyat iki gelem moro trus katut".
"Lho kok cocok kaleh koran niki?".
"Cocok apane? Ndi ndelok koranmu... Kok mambu wak pindhang ngene?".
"Nggeh niku, kulo wau lak teng pasar, trus cedhak pasar niku lak enten pancingan anyar, lha pikir kulo,  timbangane tumbas angsale mung alit2, mendhing mancing... Dos 5ewu ngge karcis, 3ewu ngge umpan kaleh njajan... Tapi sak uwen2 kok iwak'e mboten enten seng nyanthol? Akhire kulo teng pasar, tapi nggeh mung angsal wak pindhang 2ewu ngge njenengan...".
"Hadoh2 demokrasi wak pindhang...".