Kamis, 11 Oktober 2012

Solusi ojok dodolan

"Mas, tulung isikno pulsaku".
"Piro nomere?".
"Lha iku nomere aku lali".
"Yo wis, gak isok ngisi?".
"Hu mbok sampeyan, sekali2 iku menehi solusi, ojok dodolan thok".
"Hadoh2... Wis ngene ae takok'o sopo sing eruh nomer sampeyan".
"Lha ngunu lak enak... Yo wis tulung telponen anakku".
"Enak'e... Yo sampeyan telpuno dhewe ae".
"Huu mbok sampeyan nek menehi solusi iku sing tuntas, langsung, ojok koyok presiden, ngenteni digrenengi".
"Presiden meneh... Ruwet2... Wis gak katene nyalon dadi presiden nek rakyate koyok ngene... Wis nyoh iki gae en hapeku, telpunen dhewe".
"Sip... Kene... (tut...tut...tut... Ya halo...bla...bla...)... Wis... (nyoh) suwun".
"Yo wis sampeyan saiki kate ngisi piro?".
"Wis gak sido".
"Lho yok opo sampeyan iki, jare kate ngisi pulsa?".
"Gak perlu wong wis mari urusane".
"Kapan mari?".
Iku mau ambek anakku... Kan jektas wis mari tak telpun".
"Hadoh2 ampun pemerentah..."

Rabu, 03 Oktober 2012

Demo iku yo termasuk ikhtiar

"Halo cak, yok opo jare rame demo yo?".
"Yo, iki aku yo wis siap2 katene demo meneh".
"Lho sampeyan melok ta?".
"Yo rek, yok opo meneh wong awak2 iki lak mung buruh nyambut gawe nang bos".
"Lho sampeyan iku nek demo opo gak dipotong bayarane ta?".
"Yo gak rek, demo iki lak bageane teko gaweyanku".
"Berarti sampeyan demo iki dibayar ngunu?".
"Yo iyo rek, mosok demo thok gak athik mangan gak butuh bengsin?".
"Woo... Berarti bener jare wong2 iku nek demo saiki ngunu bayaran... Pantes ae hasile mung rebutan jatah...".
"Hus ngawut ae... Yo gak sampek rebutan jatah ngunu... Kan wis onok jatahe demo dhewe2, tur nglakoni demo iku yo termasuk ikhtiyar, ce'e penghasilane isok nambah, dadi uripe luweh enak...".
"Ngunu yo... Gak kesel ta sampeyan demo nang ndalan panasan ngunu?".
"Olaopo nang ndalan? Nang gedung rek... Nang mol opo nang omah... Gak mungkin nang ndalan, isok semburat kabeh barang2ku".
"Sik... sik... Demo opo sampeyan iki?".
"Demo panci...".
"*($);*&>;@".