Rabu, 23 Mei 2012

Komunikasi gagal

"Halo cak ndik endi ae sampeyan kok wuangel temen golekane?".
"Gak nang ndi2, yo ndik kene2 ae, opo'o?".
"Sampeyan duwe bebe ta?".
"Onok bebe' ndik omah, kate pesen opo?".
"Sip, wis cocok nek ngunu, ngko nek perlu tak pesen nang bebe sampeyan, piro nomer pin bebe ne?".
"Ola opo, bebe' ku gak duwe wong nang omah ae, kate gae opo pin?".
"La nek gak eruh pin ne, yok opo,lak gak isok pesen2? Macet komunikasi sampeyan... Jaman saiki ngunu kuncine nang komunikasi, kuabeh iku komunikasi, mulai ngobrol, pidato, iklan sampek ndungo, termasuk nyanyi, iku yo komunikasi, dadi nek bebe sampeyan gak digae yo ilang komunikasi sampeyan".

"Angele sampeyan iki, mbok nek kate pesen nang bebe' ku, opo'o gak langsung telpun, ngko tak wenehi nomere".
"Sik2 iku bebe ne sopo?".
"Yo bebe' ku".
"Gak nate sampeyan gowo ta?".
"Olaopo digowo2 wong wis tuwek ngunu? Yok opo se karepmu?".
"Bebe...bebe...b-lek-beri...".
"La bebe'iki dulure bapakku, dudu le'e beri...".
"Hadoh2, iki jenenge komunikasi gagal... Sampeyan mesti kakeyan jajan yo?".
"Kok eruh?".
"Mangkane ta, ojok jajan ae, tukuo kurek'an kupeng".
"Asem...".

Kamis, 10 Mei 2012

Elmu pesawat

"Mbah nang endi ae sampeyan suwe gak ketok, moro2 nang kene?".
"Koen iku yo, mbok kiro aku jin ta yok opo? Sibuk ngurusi garapan iki lo".
"Wo yo sukur nek ngunu, tak kiro sampeyan melok pesawat sing nabrak iku".
"Ngawut ae, olaopo melok pesawat iku?".
"Be'e sampeyan lak akeh kenalan, trus dijak ngunu".
"Hu nek aku paling2 dijak cangkruk, gak katene dijak numpak pesawat".
"Yo mesti ae wong sampeyan mabuk'an, durung numpak ae wis mumet".
"La timbangane koen iku numpak pesawat nggak, mben bengi mabuk".

"Ah sampeyan isok ae, tapi yo heran juga, opo'o pesawat nyar gres ngunu isok nabrak gunung? Pilote mabuk kesambet jin ta yok opo?".
"Yo mbuh lo, tapi nek jenenge musibah iku yo mesti wis dadi kersane Gusti Alloh".
"La tapi iku le ngrancang pesawat kan gak sembarangan, mosok Gusti Alloh gak ngregani hasil karyane menungso sing pinter2 iku?".
"Wo mabuk koen iku... Yo gak ngunu, malah kualik... Nek jaremu pesawat iku isok muluk mergo opo?".
"Yo mergo onok swiwine, onok mesine".
"Yo gak, polahe nek gak isok muluk iku jenenge pesawat radio".

"Wo guyon ae sampeyan iki... Ayok seriyus aku iki".
"Nek jare arek sekolahan, pesawat isok muluk iku mergo onok'e gaya resultan teko playune pesawat, ambek tarikan munggah teko miline angin ngliwati swiwine".
"Trus apane sing kwalik?".
"Sing kwalik iku coro mandenge, dadi isok'e muluk iku gak mung teko gaya tarike, tapi mergo kepasrahane pesawat mau nang sunatulloh. Dadi ilmu pesawat iku mau jane sanepo teko Gusti Alloh, nek koen nuruti tarikan ndunyo, koen isok ndlosor nubruk2, tapi nek mung nuruti tarikan akhirat, koen isok nggeblag gak iso tangi".
"Hu angele, tapi ruh aku, dadi gak oleh kan mikiri dhuwik ae?".
"Yo kiro2 ngunu".
"Yo wis nek ngunu aku tak leren mikiri utangku nang sampeyan yo".
"Halah, semprul...."