Jumat, 29 April 2011

Kalah dowo jenggote

"Mbah nang endi wedhus sampeyan kok gak ketok?"

"Wis nang pasar, katene gae modal"

"Lha iko opo suarane, sampeyan mbojok yo"

"Wo arek gak pokro! Ko'en iku luwih percoyo ambek suarane wedhus timbang omongane wong tuwek!"

"Mangkane ta mbah, ce’e dipercoyo, jenggot sampeyan iku dawakno dadi gak kalah dowo timbangane jenggote wedhus sampeyan"

Rabu, 27 April 2011

Insya Alloh

"Yo'opo ko'en wis enak uripmu?"

"Durung mbah, mangkane aku kate usaha sing bener saiki"

"Yo sukur, nek ko'en duwe niat opo ae kanggo panguripanmu, coba nyebuto Insya Alloh, supoyo niatmu iso dicatet dadi amalanmu"

"Ngono yo, dadi Insya Alloh niat usahaku temenen, tapi jenenge nembe usaha yo, Insya Alloh katene njaluk tulung sampeyan"

"Yo wis gampang diatur, katene usaha opo se?"

"Mari ngene, Insya Alloh tak pikirno"

“Nek ngono Insya Alloh tak thu**** gund****!”

Rabu, 20 April 2011

Sebelah endi

"Wah mbah, listrike giliran niki, peteng ndhedhet"

"Hu giliran kok sing gak enak, listrik cap opo iki...wis kono tulung jupukno lilin kae nang laci sebelah tengenmu"

"Bingung kulo, pripun carane ngertos kiwo tengene, wong peteng?"

"Ko'en iku ojo kebacut, oleh peteng mripatmu, ojo peteng pikirmu...saiki ko'en nek sholat tahiyatmu tangan sebelah endi?"

"Sebelah niki"

"Yo iku sebelah tengenmu"

"Lha ning nek sholat lak mboten petengan"

Jumat, 15 April 2011

Ditarik mawon

*nang toko alat kesehatan*
"Mbak, ono gak alat sing supoyo iso krungu luwih jelas?"

"Wonten mbah, niki sing paling sae, dilebetaken teng nglebet kuping, 2 juta"

"Wah kelarangen, ono sing luwih murah?"

"Niki siki sing biasa, 500ewu mawon, tapi ditempele teng njobo kuping"

"Mbok sing murah wae"

"Pun niki tali gratis, kantun ditangsulke teng kuping mawon, mangke kersane sing ngajak omong njenengan ngertos nek kudu banter ngomonge, nek njenengan dereng mireng, nggih ditarik mawon taline"

Selasa, 12 April 2011

Nambah elmu

"Lagi opo ko'en nang kono?"

"Niki nembe ngresiki bupet nyambi ningali buku2ne njenengan, ben nambah ilmune"

"Lha mbok ngono, bukune diwoco, terus di eling2 isine, nek uwis diusahakan ngamalke ilmune, ben tambah pinter tur oleh ganjaran teko Gusti Alloh, ojo hape ae di umeki, koyo anggota de pe er, wis rapat gak nggatekno konangan pisan"

"Nggih meh sedoyo pun kulo woco, trus coba diamalke, tapi buku siji niki lho sing paling kandel, bingung kulo pripun ngamalkene"

"Buku opo iku judule?"

"Buku telpon"

"&#@$^<*:[["

Jumat, 08 April 2011

Ongkose podho

*numpak angkot*
"Aku dhukno setopan kono yo"

"Nggih santai mawon"

*mari tekan setopan*

"Kiri2 stop"

"Ngke riyin nanggung niki, mriko thitik wong ijo ngoten lho, ngajeng mriko sisan"

*wis lewat setopan ate ketemu setopan meneh*
"Wis2 mandheg kene...woo ko'en iku mokong koyo anggota de pe er ae"

"Mbah2 sampeyan niku ongkose podho, tak luwihi kok malah protes"

"Wo dheng***** am****...luweh adoh iki!"

Rabu, 06 April 2011

CUT

Berikut petikan wawancara reporter televisi dengan masyarakat biasa tentang perpakbolaan indonesia
*ACTION*

"Bagaimana pendapat bapak tentang persepakbolaan kita?"

"Saya kira biasa saja pemainnya masih sebelas orang dan bolanya masih bulat"

"Maksud saya prestasinya?"

"Jelas sering kalah dan belum pernah juara lagi"

"Apa yang harus dilakukan supaya jadi juara?"

"Ya mudah saja, setiap pertandingan harus menang, kalau menang terus kan pasti jadi juara"
*CUT*

"Apa pendapat bapak tentang timnas?"

"Masakan baru ya, kalau tim ayam sudah pernah"

"Maksud saya tim nasional sepakbola?"

"O ya, saya perhatikan mereka kalau main sepakbola masih perlu lebih kuat"

"Apa saran bapak untuk tim ini?"

"Saya ada produk suplemen makanan dan minuman berenergi, kalau mau ambil banyak dari
saya, nanti saya kasih harga grosir "
*CUT*

"Apa yang bapak lakukan misalnya jadi ketua PSSI?"

"Pertama saya minta gaji besar, karena aneh to pemain2 saya gajinya besar saya nggak"

"Kedua apa?"

"Kedua saya mau pergi haji, karena lebih aneh lagi kalau pejabat sekelas ketua PSSI belum haji"

"Itu kan untuk pribadi bapak, kapan untuk pembinaan sepakbolanya?"

"Ya nanti kalau saya sudah selesai dengan urusan saya jadi ketua dan pembinaan saya serahkan
ke pelatih, kan saya gak pernah main bola"
*CUT*

"Bapak sering mengikuti pertandingan sepakbola?"

"Sering sekali, bahkan hampir selalu"

"Bagaimana menurut bapak tentang pertandingan yang berlangsung?"

"Wah ramai sekali dan saya senang sekali, karena dagangan saya laris"

"Maksud saya apakah permainannya bagus atau tidak?"

"Itu sih bukan urusan saya, kalau saya asik nonton, kapan jualannya trus ntar kalo dagangan saya ilang, situ yang ganti"
*CUT*

"Bagaimana pendapat bapak kalau misalnya Liga Primer dilebur Liga Super?"

"Ide yang hebat, karena pemain2 Liga Primer kan sudah terkenal dan hebat2"

"Apakah selalu mengikuti pertandingan Liga Primer?"

"Jelas saya selalu ngikuti sampai dibela2in begadang"

"Saya kira liga primer nggak pernah disiarkan tengah malam, maksud bapak liga yang mana?"

"Liga Primer Inggris kan?"
*CUT>*

Selasa, 05 April 2011

Beres

"Le tulung jalukno duwitku nang arek ngarep kono 4ewu, tapi biasa ae njalukke gak usah mentheng kelek, mbesengutkoyo deb kolektor, gak onok wong sing wedi, wong ko'en yo gak memper blas, sing penting hasile"

"Nggih tak mriko riyin, pokoke percoyo mawon kaleh kulo"

*mari ngono*
"Pun beres, minggu ngajeng badhe diwangsulke 5ewu, sip to"

"Lho kok iso 5 ewu, sing sewu teko endi?"

"Niku janjine ngoten, ning wau sewu nyilih kulo riyin"

"Wo iku jenenge ko'en dipolokotho!"

Jumat, 01 April 2011

Laliyan

"Monggo mbah, gerah nopo maleh?"

"Anu dok, kulo niki sakit nopo mboten, kok gampang laliyan"

"Monggo diprikso riyin...mboten usah kuatos nek pun sepuh, mestine sing penting ngeling2 sing sae2 mawon, lajeng mboten usah terlalu ambisi mangke ndak tambah bludrek, langkung sae terus ndukung lare2 supados sukses lan majeng"

*mari diprikso*
"Dok, kulo pamit riyin"

"Sik2 mbah...niki resep kaleh kuitansine"

"Ngge nopo?"

"Lha wau ngendikane sakit"

"Nopo kulo pun diprikso?"

"Halah"