Rabu, 30 Maret 2011

Dudu omahku

"Laopo ko'en menek2 pager?"

*bisisk2*
"Mbah tulung pencetke bel-e"

"Lha ngono sing bener, nek gak iso yo njaluk tulung, mulai cilik ngene ko'en kudu belajar gak usah mekso nggae coro sing gak bener, biasakno nganggo tatacara lan tatakrama, ojok langsung lumpat pager, masiyo omahmu dhewe"

*mari dipencet*
"Ayo mbah saiki mlayu..."*langsung mlayu sipat kuping*

"He iki wis dibukakno lawange!"

*teko kadohan*
"Iku dudu omahku..."

"&#@$^<*:[["

Senin, 28 Maret 2011

Goro2 telpon

"Kupingmu opo'o kok diperban?"

"Yo iku goro2 sampeyan wingi telpon aku"

"Lha kan jenenge telpon katene silaturahmi kan apik, opo meneh dhawuhe kanjeng nabi, silaturahmi ndawakke umur, nglancarke rejeki, gak oleh ta?"

"Gak polahe ngono, aku iki nek setriko kan mesti nyanding telpon ngrungokno lagu, lha pas sampeyan telpon wingi sing tak angkat dudu telpone..."

Jumat, 25 Maret 2011

Ojok dibiasakno

"Le opo'o ko'en kok gak mangan?"

"Niku wau pun nedho teng mantenan ngajeng mriko"

"Ko'en lak gak diundang?...O eruh aku, mesti ko'en cuma modal klambi batik karo amplop kosong trus gembelengan mangan sak enakmu yo...Ojo dibiasakno ngono le, nek gak diundang opo diwenehi yo iku dudu hakmu masiyo sak ndulit"

"Hu nek pun entek nembe ceramah"

"Kok ngono?"

"Lha wau sak kantong sing pun telas didhahar niku lak seking mriko"

Senin, 21 Maret 2011

Nempil

"Opo'o ko'en wingi kok urusan ambek pulisi? Mari nyolong ta?".

"Sampeyan iku mbah, nek jare wong2 ki tendensius, gak didasari fakta, menghakimi...wong cuma urusan rokok...".

"Lha kan nek wis wong rame kabeh, berarti kan wis dadi berita yo mestine opo onoke, ojo mbujuk ko'en".

"Pancene sampeyan iki seneng nek ndelok wong soro, ngene wingi mbengi iku aku tepak kentekan rokok, trus aku moro nang kios, tapi sing duwe gak ono, mergo wis kebelet nemen, yo tak buka dewe kiose".

"Trus opo'o ditangkep polisi?".

"Jarene pulisi mergo tak buka nggae linggis".

"Wo arek gak pokro!".

...
"Makane ta, wong wis jelas nyolong iku gak oleh, ko'en yo pancet ae, yo wis lumrahe ditangkep"

"Jane aku yo cuma katene nempil sak bungkus ae, menene nek ketemu tak bayar"

"Lha ko'en laopo ae nang kios? nek cuma sak bungkus kan gak suwe, opo'o kok iso ketangkep?"

"Sampeyan pancene gak eruh selerane arek nom, pas aku njupuk rokok, nang kono onok kopi, tak pikir yo enake nek ngrokok karo ngopi, dadi tak jupuk juga kopi, nang sebelahe ketemu mi, wah yo wis sisan durung mangan aku, mari ngono aku nembe eling nek mbengi iku onok balbalan, tapi tipiku rusak, dadi yo tak gowo tipine sisan"

"Wo maling kok optimis!"

Jumat, 18 Maret 2011

Koalisi cap wedhus

"Halo mbah...wah tepak ketemu sampeyan...Enake ndelok sampeyan mbah2, tenang2 ae koyo gak duwe masalah, yo'opo nek awake dewe kualisi mbah?"

"Omonganmu kelincipen, kualimu dewe iku isien, ono opo se?"

"Ngene mbah, awak2 iki lak pengin berkembang, yo'opo nek misale aku duwe wedhus terus dibagi karo sampeyan, aku bagian ngarep makani karo ngraupi, terus sampeyan bagian mburi, ngresiki kandang yo"

"Lho kok enak ko'en"

"Yo iyo mbah, kan aku sing duwe inisiatip"

"Ngono yo, yo wis, mari ngono supoyo berkembang, yo'opo nek dikawinno"

"Yo ayo, terus nek duwe anak yo'opo?"

"Yo duwekku, kan kawine teko mburi, trus anakke lahir teko mburi juga"

"Wa mbelingan sampeyan"
...

"Nek ngono saiki ganti aku sing mburi, sampeyan ngarep"

"Yo wis, nek ngono supoyo hasil, ayo didol ae gae kurban"

"Yo sip, trus aku oleh piro?"

"Yo gak oleh opo2, kan nek gae kurban sing diprikso ngarepe, yo mripate, untune, dudu
mburine"

"Adoh cik nemene sampeyan iki"
...

"Wis aku milih ngarep ae, sampeyan mburi"

"Timbangane bingung2 ayo dibeleh ae"

"Lha iki enak, aku oleh opo"

"Ko'en cuma oleh endhas, rongkong, paru, jantung, sikil sepasang...aku bagian mburi dadi oleh
mulai weteng sak isine, pupu sepasang, torpedo gae aku"

"Lha kok enakan sampeyan meneh"

"Yo iku salahmu dewe wong kualisi kok cap wedhus"
...

Mateni cacing

"Mbah yo'opo iki sirah kok tambah mumet".

"Lha ko'en iku, wong jare wis waras tapi pancet ae gak bener, wis eruh mangane kurang tapi ngombe terus, padahal jelas Gusti Alloh ki nglarang ngombe opo meneh mabuk, supoyo tetep iso eling, nek ko'en wis gak eling yo gak ono bedane karo kewan".

"Ngene mbah, aku wit cilik kan soro, dadi cacingen...makane aku sampe saiki ngombe supoyo cacing nang wetengku mati".

Rabu, 16 Maret 2011

Macakno surat

"Mbah nyilih duwite gae muleh"

"Opo'o katene muleh? Wis gak krasan ta ning kene?"

"Gak, aku minggu wingi kirim surat nang mbokku, tapi sampe saiki gak dibales2"

"Woo tibake masiyo sempel ngono, ko'en isih eling mbokmu, yo bener iku cocok karo dhawuhe kanjeng Nabi nek sing pantes dihurmati jelas mbokmu, mangkane mumpung isih iso ketemu kono muleho sungkem nyang mbokmu"

"Yo mbah, tapi gak polahe ngono, aku mau nembe eling nek mbokku gak iso moco, mangkane aku muleh katene macakno suratku"

Senin, 14 Maret 2011

Kiyamatmu dhewe

"Wah mbah, nggegirisi tenan nggih gempa teng jepang wingi".

"Wong jenenge gempa sakmono gedhene tur nganggo sunami sisan, yo mesti ae akeh sing dadi korban".

"Nek terus2an ngoten niku lak berarti saged telas penduduke".

"Yo kan gak langsung ngono, wong Gusti Alloh wae dhawuh nek awal ki mesti ono akhire, nek ono kematian yo ono kelahiran".

"Kinten2 ngantos kapan nggeh tiyang teng ndonya niki telas pun mboten wonten sing pejah meleh?".

"Pertanyaanmu ki rodo ngetes, mestine yo suk nek wis titi mangsane kiyamat"

"Nek manut kulo ngeten, sing pejah niku lak tujuane mung surgo kaleh neroko, berarti nek karo2ne pun penuh mestine pun mboten wonten sing pejah meleh".

"Rumangsamu wong mati ki numpak bemo tak yo'opo, lha trus kapan eruh penuh gak e?".

"Nggih pancen ngoten niku, gampang mawon, nek pun do mboten saged milih maleh pundi sing surgo pundi sing neroko, niku berarti pun meh"

"Wo tibake ko'en masiyo gaweane mung nyapu latar karo udud ngono pinter juga"

"Lha niku udud dados pirantine mikir tur zikir, timbangane njenengan pun mboten udud zikire kurang"...

"Asem..."
...

"Tapi iku mau lak mung bab tondo2, sing jane gak usah ngenteni gempa wae kabeh wis mesti oleh tondo2 kapan kiyamat, utamane kiyamatmu dewe utowo kiyamat sugro".

"Lha niku mestine benten meleh, tapi nek bab niku kulo dereng sempet mikir".

"Ko'en gak usah mikir, ngko aku mbok jaluki udud, kuwi gampang wae, saiki ayo dirasakno, jangkahmu tambah cepet opo tambah cupet? trus untumu tambah pepak opo soyo pupak? trus rambutmu tambah ireng opo tambah arang?".

"Wah nek niku jelas sanes kangge kulo, niku jelas tondo kangge njenengan dhewe".

"Semprul..."

Jumat, 11 Maret 2011

Diganggu jin

"Yo'opo ko'en, waras kan? Lumayanlah ono kegiatan masiyo cuma jogo sandal nang emper mesjid"

"Pancet mumet mbah, iki mau lho aku ngitung sandal, nek tak itung teko teras njero mesjid sandale onok 10 setel, trus nek tak itung teko latar njobo, kok cuma onok 9 setel, tapi nek aku mlebu mesjid meneh kok dadi 10 setel meneh? Bolak-balik sampek aku gak wani metu teko mesjid, trus ndonga ae be'e ono jinne"

"Saiki coba yo'opo caramu ngitung teko njobo...lha iku sing sak setel mbok gae ngono lho?"

"Alhamdulillah mbah, dungaku kabul, jinne gak ngganggu meneh"

Kamis, 10 Maret 2011

Ngejes

"Mbah winginane jare wonten tontonan jes, karcise luarange pol, tapi kok nggih penuh niku, kulo dadi bingung jare sambatan sembako larang"

"Yo ko'en iku sing gak eruh, jare sing duwe duwit yo gak podho, karo jare sing gak duwe duwit, nek gak percoyo coba bukaen koran sewuan, mesti urusan sing gak duwe dhuwit ki bangsane kurang gizi, sumbangan, ngendhat, minggat"

"Tapi nggih mboten usah ngoten, lha wong jane nek ben ndalu pas tipine rampung niku lak mesti ngejes..."

"&#@$^<*:[["

Sabtu, 05 Maret 2011

Tambah bingung

"Yo'opo acaramu nonton karo konco2mu"

"Nggih wingi teluan, karcise 10ewu, tapi didiskon 5ewu, trus pun kulo bagi sewu3 sing 2ewu ngge jajan"

"Sik2, duwite mbok balekno sewu2, berarti karcise 9ewuan,nek ping 3 dadine 27ewu tambah jajanmu 2ewu, ditotal cumak 29ewu...ayo kurang sewu nang endi? Ojo mbujuk ko'en "

"Walah mbah2...pun nek bingung lapor KPK mawon ben tambah bingung"

Jumat, 04 Maret 2011

Salahe pabrik motor

"Le opo'o motore kok rusak?"

"Anu wingi kulo nyoba, tapi terus mblusuk teng got"

"Lha ko'en iku iso numpak ta gak?

"Nggih jelas saged"

"Nek ngono opo'o kok sampe mblusuk? Jelas mesti iku salahmu"

"Wo sanes kulo... niku salahe pabrik motor...wong jare otomatis, tapi kok mboten saged ngerem dhewe"

"&#@$^<*:[["

Rabu, 02 Maret 2011

Ujug2 kaku

"Dos pundi mbah, gerah nopo?"

"Niki lo dok, awak niki kok nggreges"

*mari diprikso*
"Nggih pun mbah, priksone pun mantun, niki resepe, nopo melih sing diraosaken?"

"Anu dok, tangan kulo niki lho...kok mesti rasane ujug2 kaku nek pun wayahe narik dompet"